PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 13
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Abiya raja Yéhuda (1-22)

        • Abiya ngalahké Yéroboam (3-20)

2 Babad 13:1

Réferènsi Silang

  • +1Raj 15:1, 2

2 Babad 13:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Jeneng liyané yaiku Maaka ing bab 11:20-22 lan 1Raj 15:2.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 11:20, 21
  • +Yos 18:28; 1Sam 10:26
  • +1Raj 15:6

2 Babad 13:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”pilihan”.

  • *

    Lit.: ”pilihan”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 11:1

2 Babad 13:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, perjanjian sing permanèn lan ora berubah.

Réferènsi Silang

  • +PD 49:10; 2Sam 7:8; Mzm 78:70, 71
  • +2Sam 7:12, 13; 1Bb 17:11, 14; Luk 1:32
  • +Mzm 89:28, 29

2 Babad 13:6

Réferènsi Silang

  • +2Bb 10:2
  • +1Raj 11:26, 27; 12:20

2 Babad 13:8

Réferènsi Silang

  • +1Raj 12:26, 28; 2Bb 11:15

2 Babad 13:9

Réferènsi Silang

  • +2Bb 11:14
  • +1Raj 12:31, 33; 13:33

2 Babad 13:10

Réferènsi Silang

  • +2Bb 11:16

2 Babad 13:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”roti susun”.

Réferènsi Silang

  • +Pa 29:39
  • +Pa 30:1
  • +Pa 25:30
  • +Pa 25:31
  • +Pa 27:20

2 Babad 13:12

Réferènsi Silang

  • +Wi 10:9

2 Babad 13:14

Réferènsi Silang

  • +2Bb 14:11; 18:31

2 Babad 13:18

Réferènsi Silang

  • +2Raj 18:1, 5; 1Bb 5:20; 2Bb 16:8; Mzm 22:5; 37:5; Nah 1:7

2 Babad 13:19

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nguber”.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 12:28, 29
  • +Yoh 11:54

2 Babad 13:20

Réferènsi Silang

  • +1Sam 25:38; 1Raj 14:20; Kis 12:21-23

2 Babad 13:21

Réferènsi Silang

  • +PT 17:17

2 Babad 13:22

Réferènsi Silang

  • +2Bb 9:29; 12:15

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 13:11Raj 15:1, 2
2 Bb. 13:22Bb 11:20, 21
2 Bb. 13:2Yos 18:28; 1Sam 10:26
2 Bb. 13:21Raj 15:6
2 Bb. 13:32Bb 11:1
2 Bb. 13:5PD 49:10; 2Sam 7:8; Mzm 78:70, 71
2 Bb. 13:52Sam 7:12, 13; 1Bb 17:11, 14; Luk 1:32
2 Bb. 13:5Mzm 89:28, 29
2 Bb. 13:62Bb 10:2
2 Bb. 13:61Raj 11:26, 27; 12:20
2 Bb. 13:81Raj 12:26, 28; 2Bb 11:15
2 Bb. 13:92Bb 11:14
2 Bb. 13:91Raj 12:31, 33; 13:33
2 Bb. 13:102Bb 11:16
2 Bb. 13:11Pa 29:39
2 Bb. 13:11Pa 30:1
2 Bb. 13:11Pa 25:30
2 Bb. 13:11Pa 25:31
2 Bb. 13:11Pa 27:20
2 Bb. 13:12Wi 10:9
2 Bb. 13:142Bb 14:11; 18:31
2 Bb. 13:182Raj 18:1, 5; 1Bb 5:20; 2Bb 16:8; Mzm 22:5; 37:5; Nah 1:7
2 Bb. 13:191Raj 12:28, 29
2 Bb. 13:19Yoh 11:54
2 Bb. 13:201Sam 25:38; 1Raj 14:20; Kis 12:21-23
2 Bb. 13:21PT 17:17
2 Bb. 13:222Bb 9:29; 12:15
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 13:1-22

2 Babad

13 Ing taun ke-18 pamréntahané Raja Yéroboam, Abiya dadi raja Yéhuda.+ 2 Dhèwèké mréntah suwéné telung taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Mikaya*+ anaké Urièl saka Gibéah.+ Wektu kuwi, ana perang antarané Abiya lan Yéroboam.+

3 Abiya nduwé prajurit terlatih* sing hébat 400.000.+ Yéroboam nglawan dhèwèké nganggo prajurit terlatih* sing hébat 800.000. 4 Abiya ngadeg ing Gunung Zémaraim, sing ana ing dhaérah pegunungan Éfraim, terus kandha, ”Yéroboam lan kabèh wong Israèl, rungokna aku. 5 Apa kowé ora ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahé Israèl wis mènèhké kerajaan Israèl marang Daud kanggo saklawasé,+ marang Daud lan anak-anaké lanang+ nganggo perjanjian garam?*+ 6 Ning Yéroboam+ anaké Nébat, abdiné Salomo anaké Daud, mbrontak nglawan rajané.+ 7 Para pengangguran lan wong-wong jahat padha marani dhèwèké. Wong-wong kuwi padha berhasil mbrontak nglawan Réhoboam anaké Salomo. Wektu kuwi, Réhoboam isih enom lan dhèwèké wedi, mula dhèwèké ora isa ngadhepi wong-wong kuwi.

8 ”Saiki kowé rumangsa kuwat ngadhepi kerajaané Yéhuwah sing ana ing tangané anak-anaké lanang Daud merga kowé nduwé pasukan sing akèh lan nduwé anak-anak sapi saka emas sing digawé Yéroboam dadi allahmu.+ 9 Imam-imamé Yéhuwah,+ keturunané Harun, lan wong-wong Lèwi padha mbok usir, terus kowé nglantik imam-imammu dhéwé kaya bangsa-bangsa negara liya.+ Malah, sapa waé sing teka karo nggawa sapi lanang enom lan domba lanang pitu isa mbok dadèkké imam kanggo brahala-brahala sing sakjané dudu allah. 10 Ning kanggoku, Yéhuwah kuwi Gusti Allahku,+ lan aku ora ninggalké Dhèwèké. Imam-imamku, yaiku keturunané Harun, nglayani Yéhuwah, lan wong-wong Lèwi mbantu gawéané para imam kuwi. 11 Wong-wong kuwi nggawé asap persembahan bakaran kanggo Yéhuwah saben ésuk lan soré.+ Wong-wong kuwi ya mbakar dupa wangi,+ ndèlèhké roti persembahan*+ ing méja saka emas murni, lan ngurubké lampu ing wadhah lampu saka emas+ saben soré.+ Aku nindakké tanggung jawabku marang Yéhuwah Gusti Allahku, ning kowé malah ninggalké Dhèwèké. 12 Gatèkna, Gusti Allah sing bener ndhukung lan mimpin aku. Imam-imamé nyebul trompèt kanggo tandha perang nglawan kowé. Wong Israèl, aja nglawan Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu, merga kowé ora bakal berhasil.”+

13 Ning, Yéroboam ngatur bèn sebagéan pasukané nyerang saka mburiné wong Yéhuda lan sebagéan liyané nyerang saka ngarep. Dadi, ana pasukané Yéroboam sing nyerang saka ngarep lan ana sing siap nyerang saka mburi. 14 Wektu mbalik, wong Yéhuda ndelok nèk diserang saka ngarep lan mburi. Mula, wong-wong kuwi mulai njaluk tulung marang Yéhuwah+ lan para imam padha nyebul trompèt banter banget. 15 Wong Yéhuda padha mbengok kanggo maju perang, lan wektu wong-wong kuwi mbengok, Gusti Allah sing bener ngalahké Yéroboam lan kabèh wong Israèl ing ngarepé Abiya lan Yéhuda. 16 Wong Israèl padha mlayu saka ngarepé Yéhuda, lan Gusti Allah nyerahké wong-wong kuwi ing tangané Yéhuda. 17 Abiya lan pasukané matèni akèh banget wong Israèl. Akhiré, 500.000 prajurit Israèl sing terlatih padha mati. 18 Ya ngono kuwi wong Israèl direndhahké. Ning, wong Yéhuda dadi luwih unggul merga ngendelké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé wong-wong kuwi.+ 19 Abiya terus ngoyak* Yéroboam lan ngrebut kutha-kutha saka dhèwèké, yaiku Bètel+ lan kutha-kutha ing sekitaré, Yésyana lan kutha-kutha ing sekitaré, karo Éfrain+ lan kutha-kutha ing sekitaré. 20 Ing jamané Abiya, kekuasaané Yéroboam ora tau kaya sakdurungé manèh. Akhiré, Yéhuwah nggawé Yéroboam mati.+

21 Ning, Abiya dadi saya kuwat. Dhèwèké nduwé bojo 14,+ anak lanang 22, lan anak wédok 16. 22 Sejarah liyané soal Abiya, termasuk soal tumindak lan omongané, dicathet ing tulisané Nabi Ido.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim