Mazmur
Kanggo pemimpin musik: Nganggo alat musik bersenar. Lagu.
67 Gusti Allah bakal seneng karo awaké dhéwé lan mberkahi awaké dhéwé.
Dhèwèké bakal apikan karo awaké dhéwé,+ (Sela)
2 Bèn kabèh wong ing bumi ngerti tumindak-Mu+
Lan bangsa-bangsa ngerti nèk Njenengan sing nylametké.+
3 Oh Gusti Allah, muga-muga bangsa-bangsa muji Njenengan.
Muga-muga kabèh bangsa muji Njenengan.
4 Muga-muga bangsa-bangsa padha sorak-sorak,+
Merga Njenengan bakal adil wektu ngadili wong-wong kuwi.+
Njenengan bakal nuntun bangsa-bangsa ing bumi. (Sela)
5 Oh Gusti Allah, muga-muga bangsa-bangsa muji Njenengan.
Muga-muga kabèh bangsa muji Njenengan.
6 Bumi bakal ngetokké hasilé.+
Gusti Allahé awaké dhéwé bakal mberkahi awaké dhéwé.+