Mikha
3 Aku kandha, ”Hé para pemimpin keturunané Yakub
Lan para penguasané wong Israèl,+ padha rungokna.
Kowé kuduné ngerti sing adil kuwi piyé.
2 Ning, kowé malah sengit karo apa sing apik+ lan seneng karo apa sing jahat.+
Kowé nguliti bangsaku, lan dagingé mbok pisahké saka balung-balungé.+
3 Kowé ya mangan dagingé bangsaku+
Lan nguliti wong-wong kuwi.
Balungé mbok hancurké lan mbok remuk,+
Kaya daging lan balung sing dimasak ing panci.
4 Wektu kuwi, kowé bakal njaluk tulung marang Yéhuwah,
Ning Dhèwèké ora bakal njawab.
5 Para nabi nyesatké bangsaku.+
Wong-wong kuwi bakal ngomong damai+ nèk ana sing dikunyah,*+
Ning bakal ngumumké perang marang wong sing ora ngekèki apa-apa ing cangkemé.
Kuwi sebabé Yéhuwah kandha marang wong-wong kuwi,
6 ’Kowé bakal ana ing petengan kaya pas bengi,+ lan kowé ora bakal éntuk wahyu.+
Kanggo kowé, sing ana mung peteng. Kowé ora bakal ngramal manèh.
Kanggo para nabi, matahari bakal terbenam,
Lan pas awan bakal dadi peteng.+
7 Wong-wong sing nyampèkké wahyu bakal digawé isin,+
Lan tukang ngramal bakal kecéwa.
Kabèh wong kuwi bakal nutupi cangkemé* merga isin,
Sebab ora ana jawaban saka Gusti Allah.’”
8 Ning, aku nduwé kekuwatan sing gedhé merga roh suciné Yéhuwah
Bèn aku isa tumindak adil lan kendel
Wektu ngandhani Yakub soal kejahatané lan ngandhani Israèl soal dosané.
9 Hé para pemimpin keturunané Yakub
Lan para penguasané wong Israèl,+ padha rungokna.
Kowé ora nindakké keadilan, lan sing sakjané bener malah mbok anggep salah.+
10 Kowé mbangun Zion nganggo getih lan mbangun Yérusalèm nganggo kejahatan.+
Ning, wong-wong kuwi rumangsa ngendelké Yéhuwah lan kandha,
”Yéhuwah kan ndhukung awaké dhéwé, ta?+
Awaké dhéwé ora bakal kena bencana.”+
12 Gara-gara kowé