RUT
1 Ing jamané para hakim+ ngadili,* ana kelaparan ing Bètlehèm+ ing Yéhuda. Ana wong lanang sing pindhah saka kono bareng karo bojoné lan anaké lanang loro lan manggon dadi wong asing ing dhaérah* Moab.+ 2 Wong lanang kuwi jenengé Èlimèlèkh,* bojoné jenengé Naomi,* lan anaké lanang loro jenengé Mahlon* lan Khilion.* Wong-wong kuwi wong Éfrata saka Bètlehèm ing Yéhuda lan teka ing dhaérah Moab, terus manggon ing kono.
3 Sakwisé kuwi, Èlimèlèkh, bojoné Naomi, mati. Dadi, tinggal Naomi lan anaké lanang loro. 4 Anaké lanang loro kuwi nikah karo wong wédok Moab, sing jenengé Orpa lan Rut.+ Kabèh wong kuwi manggon ing kono kira-kira sepuluh taun. 5 Terus, anaké lanang loro kuwi, yaiku Mahlon lan Khilion, ya mati. Mula, saiki Naomi ora nduwé bojo lan ora nduwé anak. 6 Ing Moab, Naomi krungu nèk Yéhuwah nggatèkké manèh umaté lan mènèhi mangan umaté.* Mula, Naomi lan mantuné loro siap-siap lunga saka dhaérah Moab.
7 Naomi lan mantu-mantuné lunga ninggalké omahé. Wektu ing perjalanan menyang Yéhuda, 8 Naomi kandha marang mantu-mantuné, ”Lungaa, balia menyang omahé ibumu dhéwé. Muga-muga Yéhuwah terus nresnani* kowé,+ kaya kowé terus nresnani bojomu sing wis mati lan nresnani aku. 9 Muga-muga Yéhuwah mènèhi kowé bojo* supaya uripmu kepénak.”+ Terus Naomi ngambung mantu-mantuné, lan wong telu kuwi padha nangis sesenggukan. 10 Mantu-mantuné kuwi bola-bali kandha, ”Ora, Bu. Aku péngin mèlu njenengan bali menyang bangsané njenengan.” 11 Ning Naomi kandha, ”Muliha waé, Ndhuk. Ngapa kowé kok ndadak mèlu aku? Aku wis ora isa nglairké anak lanang manèh sing isa dadi bojomu.+ 12 Muliha, Ndhuk. Aku wis terlalu tuwa nèk arep nduwé bojo manèh. Nèk misalé bengi iki aku isa éntuk bojo, terus aku isa nglairké anak lanang, 13 apa kowé gelem ngentèni nganti anak kuwi gedhé? Apa kowé ora bakal nikah manèh bèn isa ngentèni anak kuwi? Aja ngono, Ndhuk. Yéhuwah* wis ngukum aku.+ Aku sedhih banget merga kowé ya mèlu nanggung akibaté.”
14 Wong telu kuwi padha tangis-tangisan. Sakwisé kuwi, Orpa ngambung ibu maratuwané, terus lunga. Ning, Rut tetep karo Naomi. 15 Terus Naomi kandha, ”Kaé lho, deloken, iparmu wis bali menyang bangsané lan allah-allahé. Kowé ya balia kana karo dhèwèké.”
16 Ning Rut kandha, ”Bu, aja ngongkon aku ninggalké njenengan utawa ngongkon aku ora ngancani njenengan. Merga menyang endi njenengan lunga, aku bakal mèlu. Ing endi njenengan nginep, aku ya bakal nginep ing kono. Bangsané Ibu bakal dadi bangsaku, lan Gusti Allahé Ibu ya dadi Gusti Allahku.+ 17 Ing endi njenengan mati, aku bakal mati, lan ing kono aku bakal dikubur. Bèn waé Yéhuwah mènèhi aku hukuman sing abot nèk nganti ana sing misahké aku karo Ibu, kecuali kematian.”
18 Wektu ngerti nèk Rut meksa mèlu dhèwèké, Naomi ora ngongkon Rut mulih manèh. 19 Wong loro kuwi neruské perjalanané nganti tekan Bètlehèm.+ Pas wis tekan Bètlehèm, wong-wong sak kutha dadi gègèr. Wong-wong wédok padha kandha, ”Kuwi kan Naomi, ta?” 20 Naomi njawab, ”Aja ngundang* aku Naomi.* Undangen aku Mara,* merga Sing Mahakuwasa wis nggawé uripku sengsara banget.*+ 21 Wektu aku lunga, aku ora kekurangan apa-apa, ning Yéhuwah nggawé aku bali tanpa nggawa apa-apa. Ngapa kowé ngundang* aku Naomi, padahal Yéhuwah wis nglawan aku, lan Sing Mahakuwasa wis nggawé aku cilaka?”+
22 Kuwi kisahé Naomi sing bali saka dhaérah Moab+ karo mantuné, sing jenengé Rut, wong Moab. Wong loro kuwi tekan Bètlehèm pas panèn barli mulai.+
2 Naomi nduwé sedulur saka keluargané Èlimèlèkh bojoné. Wong kuwi jenengé Boaz.+ Boaz kuwi sugih banget.
2 Rut wong wédok Moab kuwi kandha marang Naomi, ”Bu, aku tak lunga ya menyang ladhang lan njupuki+ sisa panèn barli ing mburiné sapa waé sing apikan karo aku.” Naomi njawab, ”Ya, Ndhuk.” 3 Terus, Rut mangkat lan njupuki sisa panèn ing ladhang ing mburiné wong-wong sing manèn. Dhèwèké ora sengaja mlebu ing ladhangé Boaz,+ sing isih seduluran karo Èlimèlèkh.+ 4 Ora let suwé, Boaz teka saka Bètlehèm lan kandha marang wong-wong sing manèn, ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi kowé.” Wong-wong kuwi njawab, ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi njenengan.”
5 Terus, Boaz takon marang wong lanang sing ngawasi wong-wong sing manèn, ”Wong wédok enom kuwi saka keluargané sapa?” 6 Wong lanang kuwi njawab, ”Dhèwèké kuwi wong wédok Moab+ sing bali bareng Naomi saka dhaérah Moab.+ 7 Dhèwèké mau takon, ’Apa aku olèh njupuki+ lan nglumpukké sisa panèn barli sing kecècèr?’ Wis kèt mau ésuk dhèwèké nyambut gawé lan lagi waé ngéyub kanggo istirahat sedhéla.”
8 Terus, Boaz kandha marang Rut, ”Ndhuk, rungokna aku. Kowé aja njupuki sisa panèn ing ladhang liya. Aja menyang endi-endi. Kowé kudu tetep cedhak karo wong-wong wédok sing kerja kanggo aku.+ 9 Gatèkna ladhang sing lagi dipanèn wong-wong wédok kuwi. Terus, kowé kudu ngetutké wong-wong wédok kuwi. Aku wis nglarang wong-wong lanang bèn aja ngganggu* kowé. Nèk kowé ngelak, kowé isa mara ing panggonan wadhah-wadhah banyu, lan mengko bakal ana wong lanang sing njupukké banyu bèn mbok ombé.”
10 Wektu krungu kuwi, Rut langsung sujud lan kandha, ”Apa sebabé kok njenengan apikan karo aku lan nggatèkké aku, padahal aku iki wong asing?”+ 11 Boaz njawab, ”Aku wis krungu soal kabèh tumindakmu sing apik marang ibu maratuwamu sakwisé bojomu mati. Kowé gelem ninggalké wong tuwamu lan dhaérah asalmu bèn isa lunga menyang bangsa sing ora mbok kenal sakdurungé.+ 12 Muga-muga Yéhuwah mbales kabèh tumindakmu.+ Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl mènèhi kowé upah sing gedhé merga kowé wis nggolèk perlindungan ing ngisor sayapé.”+ 13 Rut kandha, ”Pak, njenengan wis apikan banget karo aku. Njenengan wis menghibur lan nentremké aku, padahal aku ora kerja kanggo njenengan.”
14 Pas wektuné mangan, Boaz kandha marang Rut, ”Ayo mréné. Mangana roti, lan celupna rotimu ing cuka.” Mula, Rut lungguh ing cedhaké wong-wong sing manèn. Boaz mènèhi Rut barli panggang. Terus Rut mangan nganti wareg, ning ana sing disisihké. 15 Wektu Rut ngadeg arep njupuki sisa panèn,+ Boaz kandha karo wong-wong sing kerja, ”Bèn waé dhèwèké njupuki sisa panèn barli sing wis dikethok,* lan aja ngganggu dhèwèké.+ 16 Cabuten gagang-gagang barli saka barli-barli sing wis ditalèni. Bar kuwi, tinggalen bèn dijupuk dhèwèké. Aja nglarang dhèwèké njupuki kuwi.”
17 Rut terus njupuki sisa panèn ing ladhang nganti soré.+ Bar kuwi, dhèwèké nggebug-nggebugké apa sing wis dijupuki mau. Akèhé kira-kira sak éfa* barli. 18 Hasilé mau terus digawa mulih menyang kutha lan diduduhké marang ibu maratuwané. Rut ya ngetokké lan mènèhké barli panggang+ sing wis disisihké mau.
19 Ibu maratuwané takon, ”Dina iki, kowé njupuki sisa panèn ing endi? Kowé kerja ing ladhangé sapa? Muga-muga Gusti Allah mberkahi+ wong sing nggatèkké kowé.” Terus Rut njawab, ”Dina iki aku kerja ing ladhangé wong lanang sing jenengé Boaz.” 20 Naomi kandha marang mantuné, ”Muga-muga wong kuwi diberkahi Yéhuwah, sing terus nresnani* wong sing isih urip lan sing wis mati.”+ Naomi kandha manèh, ”Wong lanang iki isih seduluré awaké dhéwé.+ Dhèwèké kuwi salah siji wong sing nduwé hak nebus awaké dhéwé.”+ 21 Terus Rut wong wédok Moab kuwi kandha, ”Dhèwèké ya ngandhani aku, ’Kowé kudu tetep cedhak karo wong-wong sing kerja kanggo aku nganti padha rampung manèn ing ladhangku.’”+ 22 Naomi kandha marang Rut mantuné, ”Ndhuk, mendhing kowé tetep kerja bareng karo wong-wong wédok sing kerja kanggo Boaz. Merga nèk kowé kerja ing ladhang liya, kowé isa diganggu.”
23 Mula, Rut tetep cedhak karo wong-wong wédok sing kerja kanggo Boaz lan njupuki sisa panèn nganti musim panèn barli+ lan gandum rampung. Rut tetep manggon karo ibu maratuwané.+
3 Naomi, ibu maratuwané, kandha marang Rut, ”Ndhuk, aku kudu nggolèkké kowé bojo*+ supaya uripmu kepénak. 2 Boaz kuwi kan seduluré awaké dhéwé, ta?+ Dhèwèké kuwi ya wong sing ngijinké kowé kerja bareng karo para pegawéné wédok. Bengi iki, Boaz bakal napèni barli ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.* 3 Mula adusa, nganggoa minyak wangi, lan nganggoa klambimu sing paling apik, terus lungaa menyang panggonan kanggo nggiles biji-bijian.* Entènana ing kono nganti Boaz rampung mangan lan ngombé, ning aja nganti Boaz ngerti kowé ing kono. 4 Gatèkna ing endi dhèwèké mapan turu, terus paranana lan bukaken kemul ing sikilé lan mapana ing kono. Dhèwèké bakal ngandhani kowé apa sing kudu mbok lakoni.”
5 Rut njawab, ”Kabèh sing Ibu omongké bakal tak tindakké.” 6 Terus, Rut lunga menyang panggonan kanggo nggiles biji-bijian* lan nindakké kabèh sing dipréntahké ibu maratuwané. 7 Wektu kuwi, Boaz mangan lan ngombé. Dhèwèké ya lagi ngrasa seneng. Terus, dhèwèké turu ing jèjèré tumpukan biji barli. Rut meneng-meneng nyedhaki Boaz lan mbukak kemul ing sikilé Boaz, terus mapan ing kono. 8 Pas tengah wengi, Boaz kadhemen. Wektu arep tangi, dhèwèké ndelok ana wong wédok turu ing cedhak sikilé. 9 Boaz takon, ”Kowé sapa?” Rut njawab, ”Aku Rut abdiné njenengan. Tulung lindhungi aku* merga njenengan sing nduwé hak nebus aku.”+ 10 Boaz kandha, ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi kowé, Ndhuk. Kowé wis nduduhké katresnan* sing luwih gedhé timbang sakdurungé.+ Kowé ora nggolèk bojo wong lanang enom, embuh sing mlarat utawa sing sugih. 11 Saiki, kowé aja kuwatir, Ndhuk. Aku bakal nglakoni apa waé sing mbok jaluk+ mau, merga kabèh wong sak kutha ngerti nèk kowé kuwi wong wédok sing réputasiné apik. 12 Aku pancèn nduwé hak nebus+ kowé lan ibu maratuwamu, ning ana manèh sing nduwé hak kanggo nebus kowé, yaiku sedulurmu sing luwih cedhak timbang aku.+ 13 Wis, bengi iki kowé ing kéné waé. Sésuk, nèk wong kuwi gelem nebus, ya wis bèn dhèwèké sing nebus.+ Ning nèk dhèwèké ora gelem, aku sing bakal nebus kowé lan maratuwamu. Aku sumpah demi Yéhuwah sing urip. Saiki, turua ing kéné nganti ésuk.”
14 Terus, Rut mapan turu ing cedhak sikilé Boaz nganti ésuk. Rut tangi pas isih peteng bèn ora ana wong sing weruh. Boaz kandha, ”Aja nganti ana wong sing ngerti nèk ana wong wédok sing teka ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian.”* 15 Boaz ya kandha, ”Klambi njaba sing mbok enggo kuwi gunakna kanggo tadhah.” Terus Rut nadhahké klambi njabané, lan Boaz ngesokké enem taker* barli ing klambi njabané Rut mau. Sakwisé kuwi, Boaz lunga menyang kutha.
16 Pas Rut mulih, maratuwané takon, ”Piyé,* Ndhuk?” Terus, Rut nyritakké kabèh sing wis ditindakké Boaz marang dhèwèké. 17 Rut kandha manèh, ”Dhèwèké ya mènèhi aku enem taker barli lan kandha, ’Aja mulih marang ibu maratuwamu tanpa nggawa apa-apa.’” 18 Terus Naomi kandha, ”Wis entènana waé ing kéné, Ndhuk. Deloken waé apa sing bakal kelakon. Dhèwèké ora bakal tenang sakdurungé masalah kuwi rampung dina iki.”
4 Terus, Boaz lunga menyang gerbang kutha+ lan lungguh ing kono. Bar kuwi, wong sing nduwé hak nebus, sing diomongké Boaz+ mau, liwat kono. Mula Boaz kandha karo wong kuwi, ”Mrénéa lan lungguha.” Terus, wong kuwi mara lan lungguh. 2 Bar kuwi, Boaz ngundang* sepuluh pemimpin*+ kutha lan kandha, ”Lungguha ing kéné.” Terus, wong-wong kuwi lungguh.
3 Boaz kandha karo wong sing nduwé hak nebus kuwi,+ ”Naomi sing wis bali saka dhaérah Moab+ kepeksa kudu ngedol tanahé Èlimèlèkh,+ seduluré awaké dhéwé. 4 Mula aku rumangsa kudu ngandhani kowé soal iki, ’Tukunen tanah kuwi ing ngarepé para penduduk lan pemimpiné bangsa iki.+ Nèk kowé gelem nebus, ya tebusen. Nèk ora, ngomonga karo aku bèn aku ngerti, merga sing nduwé hak nebus kuwi kowé dhisik, bar kuwi lagi aku.’” Wong kuwi njawab, ”Aku gelem nebus tanah kuwi.”+ 5 Terus Boaz kandha, ”Kowé kudu ngerti nèk tanah kuwi ora mung duwèké Naomi, ning ya duwèké Rut wong Moab, yaiku randha kuwi. Dadi kuwi kudu mbok tuku saka wong loro mau, bèn tanah warisané tetep dadi duwèké keturunané wong sing wis mati kuwi.”+ 6 Wong sing nduwé hak nebus kuwi kandha, ”Nèk ngono, aku ora isa nebus kuwi merga aku bakal rugi.* Tebusen waé. Hakku kanggo nebus tak wènèhké kowé merga aku ora isa nebus.”
7 Iki kebiasaan ing Israèl jaman mbiyèn soal hak kanggo nebus lan soal ngijoli apa waé: Wong kudu nyopot sandhalé+ lan mènèhké kuwi marang wong liyané. Kuwi kebiasaan ing Israèl kanggo ngesahké perjanjian. 8 Mula, wektu wong sing nduwé hak nebus kuwi kandha karo Boaz, ”Kowé waé sing nebus,” wong kuwi nyopot sandhalé. 9 Terus, Boaz kandha karo para pemimpin kutha lan kabèh wong, ”Dina iki, kowé seksiné+ nèk kabèh duwèké Èlimèlèkh lan kabèh duwèké Khilion lan Mahlon tak tuku saka Naomi. 10 Rut, wong Moab kuwi, yaiku randhané Mahlon, ya bakal tak dadèkké bojoku bèn tanah warisané wong sing wis mati kuwi tetep dadi duwèké keturunané.+ Jenengé ya ora bakal ilang saka antarané seduluré lan penduduk kutha iki.* Dina iki, kowé dadi seksiné.”+
11 Terus, kabèh wong sing ana ing gerbang kutha lan para pemimpin kandha, ”Aku seksiné. Muga-muga Yéhuwah mberkahi wong wédok sing dadi bojomu bèn dhèwèké dadi kaya Rakhèl lan Léa. Saka wong loro kuwi asalé bangsa Israèl.+ Muga-muga uripmu makmur ing Éfrata,+ lan kowé nduwé jeneng sing apik ing Bètlehèm.+ 12 Muga-muga Yéhuwah mènèhi kowé anak sing akèh saka wong wédok enom+ kuwi, lan keluargamu dadi kaya keluargané Pèrèz,+ anaké Tamar lan Yéhuda.”
13 Terus, Boaz ndadèkké Rut bojoné. Dhèwèké turu* karo Rut, lan Yéhuwah mberkahi Rut. Dadi, Rut meteng lan nglairké anak lanang. 14 Wong-wong wédok padha kandha marang Naomi, ”Muga-muga Yéhuwah diluhurké. Dhèwèké kuwi sing mènèhi wong sing isa nebus kowé. Muga-muga jenengé bocah iki terus dicritakké ing Israèl. 15 Bocah kuwi bakal nggawé kowé semangat manèh lan bakal ngopèni kowé wektu kowé wis tuwa, merga bocah kuwi wis dilairké mantumu, sing nresnani kowé+ lan sing luwih apik timbang anak lanang pitu.” 16 Naomi nggéndhong lan ngopèni* bocah kuwi. 17 Wong-wong wédok tanggané Naomi kandha, ”Naomi nduwé anak lanang.” Wong-wong wédok kuwi njenengi bocah kuwi Obèd.+ Obèd kuwi bapaké Isai,+ lan Isai kuwi bapaké Daud.
18 Iki silsilahé Daud dimulai saka Pèrèz:+ Pèrèz kuwi bapaké Hézron,+ 19 Hézron kuwi bapaké Ram, Ram kuwi bapaké Aminadab,+ 20 Aminadab+ kuwi bapaké Nahsyon, Nahsyon kuwi bapaké Salmon, 21 Salmon kuwi bapaké Boaz, Boaz kuwi bapaké Obèd, 22 Obèd kuwi bapaké Isai,+ lan Isai kuwi bapaké Daud.+
Utawa ”para hakim mastèkké keadilan ditindakké”.
Utawa ”padhang”.
Artiné ”Gusti Allahku Kuwi Raja”.
Artiné ”Wong sing Tak Sayangi”.
Mungkin saka kata Ibrani sing artiné ”saya ringkih; lara”.
Artiné ”Wong sing Saya Ringkih; Wong sing Mèh Mati”.
Lit.: ”roti”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”panggonan istirahat”.
Lit.: ”Tangané Yéhuwah”.
Utawa ”nyeluk”.
Artiné ”Wong sing Tak Sayangi”.
Artiné ”Pait”.
Utawa ”pait banget”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”ndemèk”.
Utawa mungkin ”tumpukan biji barli”.
1 éfa = 22 L. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”terus nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”panggonan istirahat”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Tulung egarna pucuk klambi njabamu”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Mungkin enem takeran séa, utawa kira-kira 44 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”Kowé sapa”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”sesepuh”.
Lit.: ”bakal ngrusak tanah warisanku dhéwé”.
Lit.: ”lan saka gerbang kuthané”.
Maksudé, nindakké hubungan sèks.
Utawa ”momong”.