PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Yunus 1:1-4:11
  • Yunus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yunus
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yunus

YUNUS

1 Yéhuwah kandha marang Yunus*+ anaké Amitai, 2 ”Lungaa menyang Niniwé,+ kutha sing gedhé kuwi. Umumna nèk kutha kuwi bakal dihancurké, merga Aku wis ndelok nèk wong-wong ing kono jahat banget.”

3 Ning, Yunus ora manut marang Yéhuwah lan mlayu menyang Tarsyis. Dhèwèké lunga menyang Yopa, lan ing kana ana kapal sing arep mangkat menyang Tarsyis. Mula dhèwèké mbayar ongkosé lan lunga menyang Tarsyis. Dhèwèké ora manut Yéhuwah.

4 Terus, Yéhuwah nyebabké angin banter ing laut. Mula, ana badai sing gedhé banget nganti kapal kuwi arep kleleb. 5 Para pelaut dadi wedi banget lan mulai padha mbengok njaluk tulung marang allahé dhéwé-dhéwé. Wong-wong kuwi padha mbuwang barang-barang ing kapal menyang laut bèn kapalé isa luwih ènthèng.+ Ning, Yunus wis mudhun ing bagéan njero kapal. Dhèwèké turu angler banget ing kono. 6 Kaptèn kapal marani Yunus, terus kandha, ”Kowé ki piyé ta, kok malah turu? Tangia lan njaluka tulung marang Gusti Allahmu. Sapa ngerti Gusti Allah sing bener bakal nulungi bèn awaké dhéwé ora mati.”+

7 Wong-wong kuwi padha ngomong, ”Ayo awaké dhéwé nguncalké undhi+ bèn ngerti sapa sakjané sing marahi awaké dhéwé ngalami bencana iki.” Mula, wong-wong kuwi nguncalké undhi. Nurut undhi kuwi, Yunus penyebabé.+ 8 Wong-wong kuwi takon marang Yunus, ”Ngomonga, apa bener kowé penyebabé bencana iki? Gawéanmu apa, lan saka ngendi asalmu? Kowé saka bangsa ngendi lan saka suku apa?”

9 Yunus njawab, ”Aku wong Ibrani. Aku nyembah* Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani swarga, sing nggawé laut lan daratan.”

10 Wong-wong kuwi dadi saya wedi merga Yunus ngandhani wong-wong kuwi nèk dhèwèké ora manut marang Yéhuwah. Terus wong-wong kuwi takon, ”Ngapa kok kowé ora manut?” 11 Merga badai ing laut kuwi saya medèni, wong-wong kuwi takon marang Yunus, ”Saiki kudu piyé bèn badainé isa mandheg?” 12 Yunus njawab, ”Buwangen aku ing laut. Lauté bakal tenang manèh, merga aku ngerti badai iki ana gara-gara aku.” 13 Ning, para pelaut kuwi isih ngupaya ndhayung kapalé menyang daratan, tapi tetep ora isa merga badainé saya medèni.

14 Terus, wong-wong kuwi ndonga marang Yéhuwah lan kandha, ”Oh Yéhuwah, aja nganti aku mati merga wong iki. Aja nganggep aku salah merga aku matèni wong sing ora salah iki. Iki kabèh sesuai karo karep-Mu, oh Yéhuwah.” 15 Terus, wong-wong kuwi ngangkat lan mbuwang Yunus ing laut. Bar kuwi, lauté dadi tenang. 16 Para pelaut dadi wedi marang* Yéhuwah.+ Terus, wong-wong kuwi mènèhké korban marang Yéhuwah lan janji arep nglayani Dhèwèké.

17 Bar kuwi, Yéhuwah nyebabké ana iwak sing gedhé banget nyaplok Yunus. Yunus ana ing wetengé iwak telung dina telung bengi.+

2 Ing njero wetengé iwak,+ Yunus ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé. 2 Yunus kandha,

”Wektu susah, aku ndonga marang Yéhuwah, terus Dhèwèké njawab aku.+

Pas arep mati,* aku njaluk tulung.+

Njenengan ngrungokké swaraku.

 3 Pas Njenengan nguncalké aku ing panggonan sing jero, ing njero laut,

Aku langsung kleleb.+

Aku digulung ombak sing gedhé.+

 4 Aku kandha, ’Aku wis diusir saka ngarep-Mu.

Piyé aku isa ndelok manèh bait-Mu sing suci?’

 5 Aku kleleb lan arep mati.+

Aku kleleb ing laut sing jero.

Sirahku kegubed rumput laut.

 6 Aku kleleb ing dhasar laut.*

Bumi wis nutup gerbang-gerbangé lan ndadèkké aku tawanané nganti saklawasé.

Ning, njenengan ngetokké aku saka panggonan sing jero kuwi, oh Yéhuwah Gusti Allahku.+

 7 Wektu arep mati, sing tak éling-éling kuwi Yéhuwah.+

Terus, Njenengan ngrungokké aku saka bait-Mu sing suci.+

 8 Wong-wong sing nyembah brahala sing ora ana gunané ninggalké Gusti Allah sing nduduhké katresnan sing langgeng.*

 9 Ning, aku bakal mènèhi korban karo ngucap syukur marang Njenengan.

Kabèh janjiku bakal tak tepati.+

Mung Yéhuwah sing isa nylametké.”+

10 Akhiré, Yéhuwah mréntahké iwak kuwi bèn muntahké Yunus ing daratan, lan kuwi kelakon.

3 Terus, Yéhuwah kandha manèh marang Yunus,+ 2 ”Mangkata menyang Niniwé,+ kutha sing gedhé kuwi, lan umumna berita sing Tak sampèkké marang kowé.”

3 Yunus manut marang Yéhuwah+ lan mangkat menyang Niniwé.+ Niniwé kuwi kutha sing gedhé banget.* Butuh wektu telung dina kanggo mlaku ngubengi kutha kuwi. 4 Yunus mlebu ing kutha kuwi, terus mlaku sedina muput karo ngumumké,* ”Patang puluh dina manèh, Niniwé bakal dihancurké.”

5 Bar krungu kuwi, wong Niniwé dadi nduwé iman marang Gusti Allah.+ Wong-wong kuwi padha mutuské nèk arep pasa lan nganggo kain goni. Kabèh wong padha nindakké kuwi, saka rakyat biasa nganti pejabat. 6 Wektu krungu berita sing disampèkké Yunus, raja Niniwé ngadeg saka takhtané lan nyopot jubah kerajaané. Terus, dhèwèké nganggo kain goni lan lungguh ing awu. 7 Sakliyané kuwi, Raja mréntahké bèn pengumuman disampèkké marang kabèh penduduk Niniwé, yaiku:

”Iki keputusané Raja lan pejabaté: Manungsa utawa kéwan, embuh kuwi sapi, kambing, utawa domba, ora ana sing éntuk mangan. Kabèh ora éntuk mangan lan ngombé apa-apa. 8 Manungsa lan kéwan kudu nganggo kain goni. Kabèh wong kudu tenanan ndonga marang Gusti Allah lan ora nindakké manèh apa sing jahat lan sing kejem. 9 Sapa ngerti Gusti Allah sing bener bakal ngubah keputusané* lan ora nesu manèh, bèn awaké dhéwé ora mati.”

10 Pas ngerti nèk wong-wong kuwi wis ora nindakké sing jahat lan sing kejem manèh,+ Gusti Allah sing bener ngubah keputusané lan ora sida ngukum wong-wong kuwi.+

4 Ning, kuwi nggawé Yunus dadi ora seneng lan nesu banget. 2 Mula, Yunus ndonga marang Yéhuwah, ”Yéhuwah, iki sing tak pikirké mbiyèn sakdurungé aku mangkat. Mula mbiyèn aku mlayu menyang Tarsyis+ merga aku ngerti nèk Njenengan kuwi Gusti Allah sing apikan, gampang mesakké, sabar, lan nduwé katresnan* sing gedhé banget.+ Njenengan ya ora seneng ngukum. 3 Oh Yéhuwah, patènana aku waé. Mendhing aku mati timbang urip.”+

4 Yéhuwah takon, ”Apa pantes kowé nesu kaya ngono?”

5 Terus, Yunus metu saka kutha kuwi lan lungguh ing sisih wétané kutha kuwi. Dhèwèké nggawé gubug, terus lungguh lan ngéyub ing kono karo ndelok kutha kuwi sida dihukum apa ora.+ 6 Bar kuwi, Gusti Allah Yéhuwah nukulké tanduran labu air* ing ndhuwuré Yunus, bèn Yunus isa ngéyub lan ngrasa nyaman. Yunus seneng banget merga tanduran kuwi.

7 Ning ésuké, pas isih ésuk banget, Gusti Allah sing bener nggunakké uler kanggo ngrusak tanduran labu air kuwi nganti layu. 8 Pas matahari mulai bersinar, Gusti Allah nyebabké ana angin panas saka wétan. Sirahé Yunus kepanasen merga kena sinar matahari nganti dhèwèké mèh semaput. Yunus terus-terusan njaluk bèn mati waé. Dhèwèké bola-bali kandha, ”Mendhing aku mati waé timbang urip.”+

9 Gusti Allah nakoni Yunus, ”Apa pantes kowé nesu merga tanduran labu air kuwi?”+

Yunus njawab, ”Ya, aku nesu banget nganti péngin mati rasané.” 10 Ning Yéhuwah kandha, ”Kowé mesakké tanduran labu air kuwi, padahal dudu kowé sing nandur lan nukulké. Tanduran kuwi mung thukul sewengi, terus mati. 11 Kuduné kan aku ya mesakké karo Niniwé kutha sing gedhé kuwi, ta?+ Ing kono ana luwih saka wong 120.000 sing ora ngerti endi sing bener lan sing salah,* durung termasuk kéwan-kéwané sing jumlahé akèh banget.”+

Artiné ”Manuk Dara”.

Lit.: ”wedi marang”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Saka njero Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”dhasar gunung”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”gedhé nurut Gusti Allah”.

Utawa mungkin ”bar kuwi dhèwèké ngumumké”.

Utawa ”bakal gela”.

Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”wit jarak”.

Lit.: ”ora isa mbédakké tangan kiwa lan tangan tengen”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim