PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Nahum 1:1-3:19
  • Nahum

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nahum
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Nahum

NAHUM

1 Berita kanggo Niniwé:+ Buku sing isiné wahyu sing ditampa Nahum* wong Élkos:

 2 Gusti Allah Yéhuwah njaluk bèn mung Dhèwèké sing disembah.+

Yéhuwah bakal ngukum mungsuh-mungsuhé.+

Yéhuwah ora bakal lali karo kejahatané wong-wong kuwi, lan Dhèwèké bakal nesu karo wong-wong kuwi.

Dhèwèké bakal mbales mungsuh-mungsuhé.

 3 Yéhuwah sabar+ lan nduwé kuwasa sing gedhé.+

Ning, Yéhuwah mesthi ngukum wong-wong sing nindakké dosa.+

Dhèwèké nggunakké angin lan badai sing ngrusak,

Lan méga-méga kaya debu ing ngisor sikilé.+

 4 Dhèwèké nggetak laut,+ lan laut dadi garing.

Dhèwèké ya nggawé kabèh kali dadi garing.+

Basyan lan Karmèl dadi gersang,+

Lan kembang-kembang ing Lébanon dadi layu.

 5 Gunung-gunung goncang merga Dhèwèké,

Bukit-bukit padha hancur.+

Bumi gemeter ing ngarepé.

Donya lan kabèh sing manggon ing njeroné ya mèlu gemeter.+

 6 Sapa sing sanggup ngadhepi wektu Dhèwèké nesu?+

Sapa sing tahan wektu Dhèwèké nesu banget?+

Nesuné bakal ngobong kaya geni.

Watu karang waé bakal hancur merga Dhèwèké.

 7 Yéhuwah kuwi apikan.+ Dhèwèké kaya bèntèng pas wong ngalami kesusahan.+

Dhèwèké njaga* wong sing berlindung marang Dhèwèké.+

 8 Nganggo banjir gedhé sing ngrusak, Dhèwèké nyingkirké Niniwé.*

Mungsuh-mungsuhé bakal ana ing petengan.

 9 Apa sing bakal mbok rencanakké kanggo nglawan Yéhuwah?

Dhèwèké bakal nyingkirké kowé nganti entèk,

Lan kowé ora bakal disingkirké manèh.+

10 Senajan wong Niniwé kaya tanduran eri sing thukulé rapet

Lan kaya wong sing mabuk merga bir,

Wong-wong kuwi bakal musnah kaya jerami garing sing kobong.

11 Saka antaramu, bakal ana wong sing nggawé rencana jahat kanggo nglawan Yéhuwah.

Wong kuwi mènèhi naséhat sing ora mutu.

12 Yéhuwah ngomong ngéné:

”Senajan wong Asiria* kuwat banget lan jumlahé akèh,

Wong-wong kuwi bakal disingkirké lan mati.*

Yéhuda, Aku wis ngukum kowé, ning Aku ora bakal ngukum kowé manèh.

13 Saiki Aku bakal mbébaské kowé saka kuwasané mungsuhmu.*+

Aku bakal medhot belenggu sing ngranté kowé.

14 Yéhuwah mènèhi préntah soal kowé, Niniwé,*

’Ora bakal ana keturunan sing nganggo jenengmu.

Aku bakal nyingkirké patung pahatan lan patung logam* saka kuilé déwa-déwamu.

Kuburan wis Tak siapké kanggo kowé merga kowé ora ana gunané.’

15 Wong sing nggawa kabar apik, sing nyritakké kabar sing nggawé ayem,+ teka saka gunung-gunung.

Oh Yéhuda, rayakna perayaan-perayaanmu,+ lan tepati janjimu.

Wong-wong sing jahat ora bakal nyerang kowé manèh.

Wong-wong kuwi bener-bener bakal disingkirké.”

2 Wong sing arep ngocar-ngacirké kowé* wis teka nglawan kowé.+

Jaganen bèntèng-bèntèngmu.

Kowé kudu ngawasi dalan-dalan.

Kowé kudu siap-siap lan nglumpukké kekuwatanmu.

 2 Kemuliaané Yakub lan kemuliaané Israèl

bakal dipulihké manèh karo Yéhuwah.

Mungsuh-mungsuh wis ngalahké wong-wong kuwi*+

Lan ngrusak tunas-tunasé.

 3 Tamèngé mungsuhé Niniwé dicèt abang.

Wong-wong kuwi nganggo klambi abang.

Wektu wong-wong kuwi siap-siap perang,

Perlengkapan wesi ing kréta perangé murub kaya geni

Lan tombak-tombaké* diacungké.

 4 Ing dalan-dalan, kréta-kréta perangé cepet banget.

Kréta kuwi bolak-balik ing lapangan-lapangan

Lan bersinar kaya obor sing murub lan nyamber kaya kilat.

 5 Dhèwèké* ngundang para pejabaté.

Pas mangkat, wong-wong kuwi bakal kesandhung.

Wong-wong kuwi cepet-cepet marani témboké.

Wong-wong kuwi mbangun pertahanan.

 6 Pintu-pintu air ing kali bakal kebukak,

Lan istana kuwi bakal hancur.

 7 Iki sing wis ditetepké: Kutha iki kaya ratu sing digawé isin.

Dhèwèké digawa lunga, lan budhak-budhaké wédok padha nangis.*

Tangisané kaya swarané manuk dara.

 8 Sakjegé uripé, Niniwé+ kaya kolam banyu,

Ning saiki penduduké padha mlayu.

Ana sing mbengok, ”Balia. Aja lunga.”

Ning ora ana sing bali.+

 9 Jarahen pérak, jarahen emas.

Hartané ora ana entèké.

Ing kana ana akèh banget barang-barang berharga.

10 Kutha kuwi kosong, telantar, lan hancur.+

Atiné wong-wong kuwi dadi wedi, dhengkulé dadi lemes, awaké lara kabèh,

Lan wajahé dadi pucet.

11 Apa sing dialami kutha sing kaya guwa singa*+ kuwi, panggonané anak singa mangan,

Panggonané singa mlaku-mlaku karo anaké

Tanpa ana sing nggawé wedi?

12 Singa kuwi nangkep mangsa kanggo anak-anaké

Lan matèni mangsa kanggo singa-singa wédok.

Guwané dikebaki hasil buruané

Lan kebak kéwan sing ditangkep.

13 Yéhuwah pemimpiné pasukan+ kandha, ”Aku bakal nglawan kowé.

Aku bakal ngobong kréta-kréta perangmu nganti entèk.+

Singa-singamu sing enom bakal dipatèni nganggo pedhang.

Kowé ora bakal mburu mangsa manèh ing bumi.*

Swarané para utusanmu ora bakal ana manèh.”+

3 Cilaka kutha sing penduduké matèni wong liya,

Sing akèh penipuan lan perampokan,

Sing terus-terusan nggolèk mangsa.

 2 Aku krungu swarané pecut lan rodha sing mubeng.

Aku ndelok jaran sing gagah lan kréta perang sing cepet banget.

 3 Ana wong sing numpak jaran, ana pedhang sing murub, lan ana tombak sing mengkilap.

Ana akèh banget sing dipatèni, lan mayaté tumpuk-tumpuk.

Mayat ana ing endi-endi.

Wong-wong nganti padha kesandhung merga mayat-mayat kuwi.

 4 Kuwi kabèh merga dhèwèké terus-terusan dadi pelacur.

Dhèwèké ayu lan menarik. Dhèwèké ya ahli ilmu gaib.

Bangsa-bangsa padha dijebak merga pelacuran lan ilmu gaibé.

 5 Yéhuwah pemimpiné pasukan+ kandha, ”Aku bakal nglawan kowé.*

Aku bakal mbukak ujung jubahmu nganti tekan wajahmu,

Bèn bangsa-bangsa padha ndelok pas kowé wuda,

Lan kerajaan-kerajaan ndelok keadaanmu sing ngisin-isini.

 6 Aku bakal mbandhemi* kowé nganggo regedan.

Aku bakal ngrèmèhké kowé.

Aku bakal nggawé kowé dadi tontonan.+

 7 Saben wong sing ndelok kowé bakal mlayu ninggalké kowé+ lan kandha,

’Niniwé wis dihancurké.

Sapa sing bakal mesakké dhèwèké?’

Sapa sing isa nggawé kowé ora sedhih manèh?

 8 Apa kowé luwih apik timbang kutha No-amon,*+ sing ana ing pinggiré saluran banyuné Kali Nil?+

Kutha kuwi diubengi banyu.

Laut dadi sumber kekayaané lan témbok perlindungané.

 9 Étiopia lan Mesir dadi sumber kekuwatan sing ora ana batasé.

Wong Put+ lan Libia mbantu dhèwèké.+

10 Senajan ngono, dhèwèké dadi tawanan.

Dhèwèké ditawan.+

Anak-anaké digebugi nganti mati ing dalan-dalan.

Wong-wongé sing dihormati padha diundhi kanggo didadèkké budhak,

Lan para pejabaté padha diranté.

11 Kowé ya bakal mabuk.+

Kowé bakal ndhelik.

Kowé bakal mlayu saka mungsuhmu.

12 Kabèh bèntèngmu kaya wit ara sing ngasilké buah ara sing pertama.

Nèk digoncang-goncang, buahé bakal tiba ing cangkemé wong sing péngin mangan kuwi.

13 Kekuwatané pasukanmu kaya kekuwatané wong wédok.

Gerbang-gerbang negaramu bakal dibukak amba kanggo mungsuhmu.

Palang-palangé gerbangmu bakal diobong nganti entèk.

14 Siapna banyu kanggo persediaan pas kowé dikepung.+

Kuwatna bèntèng-bèntèngmu.

Golèka panggonan sing berlumpur,

Idak-idaken tanah liaté, terus gawéa bata.

15 Senajan ngono, kowé bakal tetep diobong.

Kowé bakal dipatèni nganggo pedhang.+

Kowé bakal dientèkké kaya tanduran sing dipangan walang enom.+

Dadèkna jumlah pendudukmu padha akèhé kaya jumlahé walang enom.

Dadèkna jumlahé akèh kaya walang.

16 Pedagangmu dadi saya akèh lan jumlahé luwih akèh timbang bintang ing langit.

Walang enom akhiré nduwé sayap* lan mabur nganti adoh.

17 Pengawalmu kaya walang,

Lan pejabatmu kaya grombolan walang.

Pas hawané adhem, padha ndhelik ing celah témbok watu.

Ning pas matahari bersinar, padha mabur kabèh.

Ora ana sing ngerti padha lunga menyang endi.

18 Raja Asiria, para gembalamu padha ngantuk.

Para bangsawanmu tetep manggon ing omahé.

Rakyatmu padha kesebar ing gunung-gunung,

Ora ana sing nglumpukké.+

19 Kowé mesthi bakal terus kena bencana.

Lukamu ora bakal isa mari.

Kabèh sing krungu laporan soal kowé bakal keplok-keplok.+

Sapa sing durung tau sengsara merga tumindakmu sing kejem?”+

Artiné ”Wong sing Mènèhi Penghiburan”.

Utawa ”mikirké”. Lit.: ”kenal”.

Lit.: ”panggonané”.

Lit.: ”wong-wong kuwi”. Asiria kuwi negara sing ibu kotané Niniwé.

Utawa mungkin ”lan dhèwèké bakal liwat”.

Utawa ”Aku bakal nugel kayu sing ana ing gulumu”.

Utawa ”Asiria”.

Utawa ”lan patung saka logam sing dilebur”.

Sing dimaksud ”kowé” yaiku Niniwé.

Maksudé, Israèl.

Utawa ”tombak sing digawé saka kayu juniper”.

Mungkin maksudé raja Asiria.

Lit.: ”padha nggebugi dhadhané”.

Singa kuwi salah siji lambang nasional Niniwé.

Lit.: ”Aku bakal ngeculké mangsamu saka bumi”.

Maksudé, Niniwé.

Utawa ”mbalangi”.

Maksudé, Tèbès.

Lit.: ”akhiré ganti kulit”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim