PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt 1 Timotius 1:1-6:21
  • 1 Timotius

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 Timotius
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
1 Timotius

SURAT PERTAMA KANGGO TIMOTIUS

1 Surat saka Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus sesuai karo préntahé Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé lan Kristus Yésus sing dadi harapané awaké dhéwé.+ 2 Surat iki kanggo Timotius,*+ sedulur seiman sing kaya anakku dhéwé.+

Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.

3 Mbiyèn, wektu aku arep mangkat menyang Makédonia, aku tau njaluk supaya kowé tetep manggon ing Éfésus. Saiki aku ya njaluk marang kowé kanggo nindakké sing padha, supaya kowé isa ngélikké wong-wong bèn ora nyebarké ajaran palsu, 4 ora nggatèkké crita-crita palsu+ lan daftar jenengé nènèk moyang. Kabèh kuwi ora ana gunané.+ Kuwi mung omongan sing ora isa dibuktèkké. Kuwi dudu saka Gusti Allah lan ora isa nguwatké iman. 5 Sakjané, petunjuk* iki diwènèhké bèn awaké dhéwé nduwé katresnan+ sing asalé saka ati sing resik, saka hati nurani sing apik, lan saka iman+ sing tulus.* 6 Ana wong-wong sing nolak kuwi. Mula, wong-wong kuwi malah ngomongké apa waé sing ora ana gunané.+ 7 Wong-wong kuwi péngin dadi guru+ hukum. Wong-wong kuwi yakin banget wektu ngomong lan mulang, ning sakjané wong-wong kuwi dhéwé ora ngerti apa sing diomongké.

8 Awaké dhéwé ngerti nèk Hukum Musa kuwi apik nèk ditindakké nganggo cara sing bener. 9 Hukum digawé ora kanggo wong sing bener, ning kanggo wong sing seneng nglanggar hukum,+ sing seneng nglawan, sing ora ngajèni Gusti Allah, sing nindakké dosa, sing ora setya,* sing ngrèmèhké apa waé sing suci, sing matèni bapak ibuné lan wong liya, 10 sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* sing nindakké homosèks,* sing seneng nyulik, sing seneng ngapusi, sing nglanggar sumpah,* lan sing tumindaké ora cocog karo ajaran sing bener.+ 11 Ajaran iki asalé saka Gusti Allah sing bahagia, sesuai karo kabar apik sing mulya sing wis diwènèhké marang aku.+

12 Aku ngucap syukur marang Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé sing mènèhi aku kuwasa, merga dhèwèké nganggep aku setya lan mènèhi aku tugas kanggo nglayani.+ 13 Aku diwènèhi tugas kuwi senajan aku mbiyèn wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan wong sing sombong banget.+ Wektu kuwi aku ora ngerti apa sing tak tindakké lan aku ora nduwé iman. Ning senajan ngono, Kristus apikan banget karo aku. 14 Gustiné awaké dhéwé wis apikan banget karo aku. Gusti mbantu aku percaya marang dhèwèké lan mbantu aku nduwé katresnan sing asalé saka Kristus Yésus. 15 Kristus Yésus teka menyang donya iki kanggo nylametké wong-wong sing dosa.+ Ing antarané wong-wong kuwi, aku sing paling dosa.+ Sing tak omongké iki bener lan pantes dipercaya. 16 Ning, Gusti wis mesakké karo aku. Mula liwat aku, yaiku wong sing paling dosa iki, Kristus Yésus isa nduduhké kesabarané. Aku didadèkké conto kanggo wong-wong sing bakal nduwé iman marang dhèwèké bèn isa éntuk urip saklawasé.+

17 Gusti Allah kuwi mung siji.+ Dhèwèké kuwi Raja sing langgeng,+ sing urip saklawasé,+ lan sing ora kétok.+ Muga-muga Dhèwèké dihormati lan diluhurké saklawasé. Amin.

18 Petunjuk* iki tak percayakké marang kowé, Timotius anakku, sesuai karo ramalan-ramalan soal kowé. Ramalan-ramalan kuwi bakal nyemangati kowé bèn kowé terus berjuang demi tujuan sing apik.+ 19 Kuwi ya bakal mbantu kowé bèn kowé nduwé iman sing kuwat lan hati nurani sing apik.+ Ana wong-wong sing ora nggatèkké soal kuwi nganti imané kaya kapal sing karam. 20 Himénéus+ lan Alèksander termasuk ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi wis tak serahké marang Sétan+ bèn hukuman kuwi nggawé wong-wong kuwi ora ngrèmèhké Gusti Allah manèh.

2 Sing pertama, aku njaluk bèn kowé ndongakké kabèh wong, njaluk bantuané Gusti Allah, lan ngucap syukur marang Gusti Allah. 2 Aku ya njaluk bèn kowé ndongakké raja-raja lan para pemimpin+ bèn awaké dhéwé isa urip tenang lan tentrem wektu ngabdi marang Gusti Allah saktulusé ati lan isa tenanan+ nindakké apa waé.* 3 Gusti Allah+ sing nylametké awaké dhéwé nganggep nèk iki apik lan nyenengké Dhèwèké. 4 Dhèwèké péngin bèn kabèh wong dislametké+ lan nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener. 5 Ana Gusti Allah siji,+ lan perantara siji+ ing antarané Gusti Allah lan manungsa,+ yaiku Kristus Yésus.+ Dhèwèké kuwi manungsa 6 sing ngorbanké uripé dadi tebusan* kanggo kabèh wong.+ Wong-wong bakal ngomongké soal kuwi ing wektu sing ditentokké. 7 Aku dipilih dadi penginjil+ lan rasul+ bèn isa ngomongké soal kuwi. Dadi, aku isa mulang bangsa-bangsa+ liya soal iman lan apa sing bener. Apa sing tak omongké iki bener, aku ora ngapusi.

8 Mula, aku péngin bèn ing saben panggonan, wong lanang sing setya terus ndonga,*+ ora karo nesu+ utawa padu.+ 9 Wong wédok kudu dandan nganggo klambi sing pantes* lan sederhana. Wektu dandan, wong wédok ya kudu nduwé pertimbangan sing apik. Gaya rambuté aja sing anèh-anèh. Aja nganggo emas, mutiara, utawa klambi sing larang banget.+ 10 Ning, bèn kétok ayu, wong wédok kudu nindakké apa sing apik, kaya sing kuduné ditindakké wong wédok sing ngabdi marang Gusti Allah.+

11 Wektu diwulang,* wong wédok kudu tetep meneng* lan bener-bener tundhuk karo wong lanang.+ 12 Aku ora ngéntukké wong wédok mulang utawa nguwasani wong lanang. Wong wédok kudu tetep meneng.*+ 13 Adam digawé luwih dhisik, bar kuwi lagi Hawa.+ 14 Sakliyané kuwi, Adam ora kapusan, ning wong wédok kuwi sing bener-bener kapusan+ lan nglanggar préntahé Gusti Allah. 15 Tapi, nèk nduwé anak,+ wong wédok bakal éntuk manfaat merga kuwi nggawé dhèwèké ora nindakké sing èlèk. Ning, wong wédok kuwi* kudu tetep nduwé iman, nduwé katresnan, tetep suci, lan nduwé pertimbangan sing apik.+

3 Sing arep tak omongké iki isa dipercaya: Nèk wong lanang ngupaya dadi pengawas,+ kuwi berarti dhèwèké péngin nindakké gawéan sing apik. 2 Pengawas kudu njaga tumindaké tetep apik bèn ora ana sing nyalahké dhèwèké, bojoné mung siji, isa ngendhalèni kebiasaané, nduwé pertimbangan sing apik,+ tertib, murah hati,+ trampil wektu mulang,+ 3 seneng ngalah,*+ ora seneng mabuk,+ ora kasar, ora seneng padu,+ ora ngutamakké harta,+ 4 isa mimpin* keluargané, nduwé anak-anak sing manut lan tumindaké apik.*+ 5 (Nèk wong lanang ora isa mimpin* keluargané dhéwé, apa dhèwèké isa ngurus jemaaté Gusti Allah?) 6 Wong sing arep dadi pengawas ya dudu wong sing lagi waé dadi wong Kristen,+ bèn dhèwèké ora dadi sombong lan ora nampa hukuman kaya hukuman sing ditampa Iblis. 7 Sakliyané kuwi, dhèwèké ya kudu nduwé réputasi sing apik ing antarané wong-wong sing dudu anggotané jemaat+ bèn dhèwèké ora dirèmèhké* lan ora kena jeraté Iblis.

8 Abdiné jemaat kudu wong sing serius,* ora munafik,* isa ngendhalèni dhiri pas ngombé anggur, ora srakah, ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur,+ 9 nduwé hati nurani sing resik,+ lan tetep nduwé iman,* yaiku rahasia suciné Gusti Allah.

10 Wong-wong kuwi ya kudu diuji dhisik pantes apa ora nampa tugas kuwi. Nèk wong-wong kuwi bébas saka tudhuhan, wong-wong kuwi lagi isa dadi abdiné jemaat.+

11 Wong-wong wédok ya kudu serius, ora seneng mitnah,+ isa ngendhalèni kebiasaané, lan setya marang Gusti Allah wektu nindakké apa waé.+

12 Wong sing arep dadi abdiné jemaat kudu wong sing bojoné mung siji lan isa mimpin keluarga lan anak-anaké. 13 Wong lanang sing isa nindakké tugasé bakal nduwé réputasi sing apik lan isa percaya diri* wektu ngomongké soal imané marang Kristus Yésus.

14 Aku péngin ndang ketemu kowé, ning saiki aku durung isa ketemu karo kowé, dadi aku nulis surat iki 15 bèn kowé ngerti carané njaga tumindakmu ing keluargané Gusti Allah,+ yaiku jemaaté Gusti Allah sing urip, sing ndhukung lan mbéla apa sing bener. 16 Rahasia suci soal ngabdi marang Gusti Allah kuwi bener-bener penting: ’Dhèwèké dadi manungsa,+ dianggep bener wektu dadi makhluk roh,+ lan nemoni para malaékat.+ Dhèwèké diwartakké ing antarané bangsa-bangsa,+ dipercaya karo wong-wong ing donya,+ lan ditampa ing swarga lan dimulyakké.’

4 Ning, omongané Gusti Allah jelas ngandhani nèk sukmbèn ana wong-wong sing bakal ora nduwé iman manèh, ngrungokké omongan sing ora bener sing kétoké saka Gusti Allah,+ lan ngrungokké ajarané roh-roh jahat. 2 Sing nyampèkké ajaran kuwi yaiku wong-wong munafik sing seneng ngapusi,+ sing hati nuraniné wis mati rasa.* 3 Wong-wong kuwi nglarang wong liya nikah.+ Wong-wong kuwi ya ngomong nèk ana panganan sing ora éntuk dipangan,+ padahal Gusti Allah wis nyiptakké panganan kuwi bèn wong-wong sing nduwé iman+ lan sing nduwé pengetahuan soal apa sing bener isa mangan kuwi+ lan ngucap syukur marang Gusti Allah. 4 Kabèh ciptaané Gusti Allah kuwi apik,+ lan ora ana sing perlu ditolak+ nèk kuwi dipangan karo ngucap syukur. 5 Panganan kuwi digawé suci liwat omongané Gusti Allah lan donga.

6 Aku mènèhi naséhat iki kanggo para sedulur bèn kowé isa dadi pelayané Kristus Yésus sing apik. Kowé wis diwulang soal apa sing bener* lan soal ajaran sing apik. Saksuwéné iki, kowé wis manut karo ajaran kuwi.+ 7 Kowé kudu nolak crita-crita palsu+ sing ngrèmèhké Gusti Allah kaya sing biasa dicritakké wong-wong.* Ning, kowé kudu ngupaya tenanan* bèn isa ngabdi marang Gusti Allah. 8 Olahraga kuwi manfaaté mung sithik. Ning, ngabdi marang Gusti Allah kuwi manfaaté akèh, merga kuwi nggawé wong éntuk berkah kanggo urip saiki lan kanggo urip sukmbèn.+ 9 Sing tak omongké iki bener lan pantes dipercaya. 10 Mula, awaké dhéwé kerja keras lan berjuang+ merga berharap marang Gusti Allah sing urip, sing nylametké+ kabèh wong,+ khususé wong-wong sing setya.

11 Kowé kudu terus mènèhi préntah iki lan mulangké iki. 12 Aja nganti ana sing ngrèmèhké kowé merga kowé isih enom. Ning, kowé kudu dadi conto kanggo wong-wong sing setya liwat omonganmu, tumindakmu, katresnanmu, imanmu, lan tumindakmu sing resik.* 13 Kowé kudu terus ngupaya nindakké sing paling apik wektu maca ing ngarepé wong akèh,+ mènèhi naséhat,* lan mulang. 14 Aja nglalèkké kemampuan* sing mbok tampa wektu badan pinituwa nglantik kowé.* Kuwi sesuai karo ramalané para pinituwa kuwi soal kowé.+ 15 Kowé kudu mikirké tenanan soal kuwi lan ngupaya tenanan nindakké kuwi bèn kabèh wong isa ndelok nèk kowé kuwi wong Kristen sing déwasa. 16 Kowé kudu terus ngupaya tenanan bèn isa dadi conto sing apik lan dadi guru sing apik.+ Kowé kudu terus ngupaya tenanan nindakké kuwi bèn kowé isa nylametké awakmu dhéwé lan wong liya sing ngrungokké kowé.+

5 Aja kasar wektu ngélikké wong lanang sing luwih tuwa.+ Ning, kowé kudu apikan wektu ngomong karo wong lanang sing luwih tuwa kaya nèk kowé ngomong karo bapakmu. Kowé ya kudu apikan wektu ngomong karo wong lanang sing luwih enom kaya nèk kowé ngomong karo adhimu. 2 Wektu ngomong karo wong wédok sing luwih tuwa, kowé kudu apikan kaya nèk kowé ngomong karo ibumu. Wektu ngomong karo wong wédok sing luwih enom, kowé ya kudu apikan kaya nèk kowé ngomong karo adhimu, lan niatmu kudu murni.

3 Kowé kudu nggatèkké kebutuhané* para randha sing bener-bener mbutuhké bantuan.*+ 4 Ning, nèk dhèwèké nduwé anak putu, anak putuné kuwi kudu ngurus kebutuhané keluargané+ lan mbales kabèh sing wis ditindakké wong tuwané lan simbahé.+ Kuwi bukti nèk wong-wong kuwi ngabdi marang Gusti Allah, lan kuwi sing dikarepké Gusti Allah.+ 5 Randha sing bener-bener mbutuhké bantuan lan ora nduwé apa-apa berharap tenanan marang Gusti Allah+ lan awan bengi terus ndonga.+ 6 Ning, randha sing uripé mung nuruti hawa nafsuné, sakjané wis mati senajan isih urip. 7 Mula, kowé kudu terus mènèhi petunjuk-petunjuk* iki bèn ora ana sing isa nyalahké wong-wong kuwi. 8 Nèk ana wong sing ora nyedhiakké kebutuhané wong-wong sing dadi tanggung jawabé, khususé anggota keluargané, berarti wong kuwi wis ora percaya manèh karo ajaran sing awaké dhéwé percaya, lan wong kuwi luwih parah timbang wong sing ora nduwé iman.+

9 Randha sing isa dilebokké ing daftar kuwi yaiku sing umuré 60 taun munggah, sing mbiyèn setya karo bojoné.* 10 Randha kuwi ya kudu dikenal seneng nindakké apa sing apik,+ ndhidhik anak-anaké,+ murah hati,+ ngwijiki sikilé wong-wong suci,+ mbantu wong sing kesusahan,+ lan réla ngabdi kanggo nindakké kabèh gawéan sing apik.

11 Ning, randha-randha sing isih enom aja mbok lebokké daftar. Nèk wong-wong kuwi nduwé nafsu sèks, terus milih nikah timbang nglayani Kristus, 12 wong-wong kuwi bakal salah merga nglanggar janji sing wis digawé sakdurungé. 13 Wong-wong kuwi ya bakal nganggur lan kluyuran ing omah-omah. Malah, wong-wong kuwi isa dadi seneng nggosip, mèlu-mèlu ngurusi urusané wong liya,+ lan ngomongké sing ora pantes diomongké. 14 Kuwi sebabé, aku péngin supaya randha-randha sing isih enom nikah,+ nglairké anak,+ lan ngurus keluarga bèn wong-wong sing nentang ora isa ngèlèk-èlèk wong-wong kuwi. 15 Sakjané, ana randha-randha sing ninggalké apa sing bener lan nuruti Sétan. 16 Nèk ana sedulur wédok sing nduwé sedulur sing dadi randha, dhèwèké kudu mbantu randha kuwi bèn jemaat ora dibebani lan isa mbantu randha-randha sing bener-bener mbutuhké bantuan.+

17 Para pinituwa sing ngupaya tenanan+ mimpin jemaat kudu diajèni banget,+ khususé sing kerja keras kanggo ngomongké lan mulangké omongané Gusti Allah.+ 18 Kitab Suci kandha, ”Aja nutupi cangkemé sapi sing lagi ngidak-idak biji-bijian,”+ lan, ”Wong sing nyambut gawé pantes nampa upahé.”+ 19 Nèk ana sing nudhuh pinituwa, aja mbok rungokké, kecuali nèk ana seksi loro utawa telu.+ 20 Wong sing terus nindakké dosa+ kudu diélikké+ ing ngarepé wong-wong bèn sing liyané wedi nindakké dosa. 21 Aku mènèhi kowé préntah ing ngarepé Gusti Allah, Kristus Yésus, lan para malaékat sing dipilih, bèn kowé nindakké petunjuk-petunjuk iki ora karo mbédak-mbédakké wong utawa pilih kasih.+

22 Aja nganti kowé kesusu nglantik wong kanggo diwènèhi tanggung jawab,*+ lan aja nganti kowé mèlu nanggung dosané wong liya. Kowé kudu njaga tumindakmu tetep murni.

23 Aja mung ngombé banyu, ning kowé kudu ngombé anggur sithik merga kowé kerep lara. Kuwi ya isa mbantu bèn wetengmu pénak.

24 Ana wong-wong sing dosané dingertèni akèh wong, mula wong-wong kuwi langsung dihukum. Ning, ana sing dosané lagi dingertèni sukmbèn.+ 25 Ana tumindak apik sing dingertèni akèh wong+ lan ana sing ora dingertèni, ning kuwi ora isa terus didhelikké.+

6 Budhak-budhak kudu terus nganggep majikané pantes diajèni saktulusé ati+ bèn jenengé Gusti Allah lan ajarané ora dièlèk-èlèk.+ 2 Senajan majikané kuwi sedulur seiman, budhak kuwi kudu tetep ngajèni dhèwèké. Malah, kuduné dhèwèké ngupaya tenanan nglayani majikané merga sing dilayani kuwi sedulur seimané sing ditresnani.

Kowé kudu terus mulang soal iki lan mènèhi naséhat-naséhat iki. 3 Nèk ana wong sing mulang soal ajaran liya lan ora setuju karo petunjuk sing bener,*+ sing asalé saka Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, utawa nèk sing diwulangké kuwi ora nggawé wong-wong nduwé iman marang Gusti Allah,+ 4 wong kuwi sombong lan ora ngerti apa-apa.+ Dhèwèké seneng banget nggolèk masalah lan padu soal kata-kata.+ Kuwi nggawé wong-wong dadi iri, debat, mitnah, lan ora percaya karo liyané. 5 Kuwi ya nggawé wong-wong padu soal masalah sing sepélé nganti ora ana entèké. Kuwi ditindakké karo wong-wong sing ninggalké apa sing bener lan pikirané jahat,+ sing ngabdi marang Gusti Allah merga péngin nggolèk untung.+ 6 Pancèn, wong sing ngabdi marang Gusti Allah+ lan puas karo apa sing diduwèni bakal éntuk akèh manfaat. 7 Awaké dhéwé ora nggawa apa-apa wektu lair ing donya, lan awaké dhéwé ya ora nggawa apa-apa wektu mati.+ 8 Dadi, awaké dhéwé bakal puas nèk wis nduwé panganan lan klambi.*+

9 Ning, wong sing péngin banget dadi sugih bakal kegodha, kena jerat, lan kejebak+ karo akèh kepénginan sing ora ana gunané lan nggawé rugi. Kuwi nggawé wong-wong kuwi sengsara lan mati.+ 10 Merga nresnani dhuwit, akèh wong nindakké kejahatan, ora percaya manèh karo Gusti Allah, lan ngalami akèh kesusahan.+

11 Ning kowé, abdiné Gusti Allah, kowé kudu ngedohi kabèh kuwi. Kowé kudu ngupaya tenanan kanggo ngabdi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener. Kowé ya kudu ngupaya tenanan bèn nduwé iman, katresnan, kesabaran, lan watak sing alus.+ 12 Kowé kudu bener-bener berjuang demi iman. Kowé kudu ngupaya nduwé harapan sing kuwat kanggo urip saklawasé. Gusti Allah wis milih kowé bèn kowé isa urip saklawasé lan kowé wis martakké soal urip kuwi ing ngarepé wong akèh.

13 Ing ngarepé Gusti Allah sing mènèhi urip marang kabèh lan ing ngarepé Kristus Yésus sing mènèhi kesaksian sing apik marang Pontius Pilatus ing ngarepé wong akèh,+ aku mènèhi petunjuk marang kowé 14 bèn kowé nindakké préntah iki. Kowé kudu tetep murni lan ora salah nganti wektuné Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé nduduhké kemuliaané.+ 15 Ing wektu sing ditentokké, Gusti sing kuwat lan bahagia kuwi bakal nduduhké kemuliaané. Dhèwèké kuwi Rajané kabèh sing mréntah dadi raja lan Gustiné kabèh sing mréntah dadi gusti.+ 16 Ing antarané kabèh raja lan gusti, mung dhèwèké sing ora isa mati.+ Dhèwèké ana ing panggonan sing padhang banget sing ora isa dicedhaki karo sapa waé,+ sing durung tau didelok lan ora isa didelok manungsa.+ Muga-muga dhèwèké dihormati lan muga-muga kuwasané tetep ana saklawasé. Amin.

17 Kowé kudu mènèhi petunjuk* marang wong-wong sing sugih ing jaman* saiki bèn ora sombong lan bèn ora ngendelké hartané sing isa ilang.+ Ning, wong-wong kuwi kudu ngendelké Gusti Allah sing nyedhiakké akèh banget sing awaké dhéwé nikmati.+ 18 Wong-wong kuwi kudu mbok kandhani bèn nindakké akèh tumindak sing apik, murah hati, seneng mènèhi,+ 19 lan nglumpukké harta saka Gusti Allah sing bakal mènèhi jaminan kanggo urip sukmbèn,+ supaya wong-wong kuwi isa terus nduwé harapan sing kuwat kanggo urip sing saktenané.+

20 Timotius, kowé kudu njaga apa sing wis dipercayakké marang kowé.+ Aja ngrungokké omongan sing ora ana gunané lan sing ngrèmèhké Gusti Allah. Aja ngrungokké pengetahuan palsu sing ora sesuai karo apa sing bener.+ 21 Ana wong-wong sing ninggalké ajaran sing bener merga manut karo pengetahuan sing kaya ngono.

Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé.

Artiné ”Wong sing Ngajèni Gusti Allah”.

Utawa ”préntah”.

Utawa ”sing ora munafik”.

Utawa ”sing ora nduwé katresnan sing langgeng”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”wong lanang sing turu karo wong lanang”.

Utawa ”sing nggawé sumpah palsu”.

Utawa ”Préntah”.

Utawa ”lan serius nindakké apa waé”.

Maksudé, rega sing padha karo apa sing ilang.

Utawa ”wong lanang sing ngangkat tangan sing setya”.

Utawa ”sing terhormat”.

Maksudé, diwulang ing jemaat.

Utawa ”tenang”.

Utawa ”tenang”.

Lit.: ”wong-wong kuwi”.

Utawa ”masuk akal”.

Utawa ”ngatur”.

Utawa ”lan serius”.

Utawa ”ngatur”.

Utawa ”digawé isin”.

Utawa ”bertanggung jawab”.

Utawa ”ora seneng ngapusi”.

Iman kuwi maksudé kabèh ajaran Kristen.

Utawa ”isa bébas”.

Utawa ”wis dicap nganggo wesi panas”.

Lit.: ”diwulang berita soal iman”.

Lit.: ”wong-wong wédok sing wis tuwa”.

Lit.: ”kudu nglatih awakmu”.

Utawa ”murni”.

Utawa ”nguwatké”.

Utawa ”anugrah”.

Lit.: ”ndèlèhké tangané ing sirahmu”.

Lit.: ”Kowé kudu ngajèni”.

Maksudé, ora nduwé sapa-sapa manèh sing isa mbantu.

Utawa ”préntah-préntah”.

Lit.: ”mbiyèn bojoné wong lanang siji”.

Utawa ”kesusu ndèlèhké tanganmu ing ndhuwuré sapa waé”.

Utawa ”sing nguwatké; ana gunané”.

Utawa mungkin ”panggonan”.

Utawa ”préntah”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim