SURAT KELORO KANGGO TIMOTIUS
1 Surat saka Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus sesuai karo karepé Gusti Allah kanggo martakké janji soal urip sing diwènèhké liwat Kristus Yésus.+ 2 Surat iki kanggo Timotius, anak sing tak sayangi:+
Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé apikan banget lan mesakké karo kowé lan nggawé kowé ayem.
3 Aku ngucap syukur marang Gusti Allah. Aku nduwé hati nurani sing resik wektu nindakké tugas suci kanggo Gusti Allah kaya sing ditindakké nènèk moyangku. Aku terus ngéling-éling kowé awan lan bengi wektu aku ndonga marang Gusti Allah. 4 Wektu aku kèlingan kowé nangis, aku péngin banget ketemu karo kowé. Nèk aku ketemu karo kowé, aku mesthi bakal ngrasa seneng banget. 5 Aku isih éling soal imanmu sing ora munafik.+ Awalé, simbahmu Lois lan ibumu Éunike sing nduduhké iman kaya ngono, lan aku yakin kowé ya nduwé iman sing padha.
6 Kuwi sebabé aku ngélingké kowé kanggo terus semangat nggunakké kemampuan saka Gusti Allah, sing mbok tampa wektu aku nglantik kowé.*+ 7 Roh suci sing diwènèhké Gusti Allah marang awaké dhéwé ora nggawé awaké dhéwé wedi,+ ning kuwi mènèhi awaké dhéwé kuwasa,+ katresnan, lan pertimbangan sing apik. 8 Mula, aja isin martakké soal Gustiné awaké dhéwé utawa soal aku sing dipenjara demi Gusti.+ Kowé kudu siap ngalami kesusahan+ demi kabar apik, lan kowé kudu ngendelké kuwasané Gusti Allah+ wektu ngalami kesusahan kuwi. 9 Gusti Allah nylametké awaké dhéwé lan milih awaké dhéwé dadi wong-wong suci.+ Kuwi dudu merga tumindaké awaké dhéwé, ning kuwi merga karepé Gusti Allah lan merga Gusti Allah apikan banget.+ Sifaté sing apikan banget kuwi diduduhké marang awaké dhéwé liwat Kristus Yésus kèt jaman mbiyèn. 10 Ning, sifaté sing apikan banget kuwi saiki wis kétok jelas wektu Kristus Yésus+ sing nylametké awaké dhéwé nduduhké kemuliaané. Kristus wis nyingkirké kematian.+ Liwat kabar apik,+ dhèwèké wis nduduhké marang awaké dhéwé carané isa éntuk urip+ lan badan sing ora isa rusak.+ 11 Aku dilantik dadi penginjil, rasul, lan guru+ kanggo martakké kabar apik kuwi.
12 Kuwi sebabé aku sengsara kaya ngéné iki.+ Ning, aku ora isin+ merga aku kenal karo Gusti Allah sing tak percaya. Aku yakin nèk Dhèwèké bakal terus njaga kabèh sing wis tak pasrahké marang Dhèwèké nganti dina kuwi.+ 13 Kowé kudu terus manut karo pathokané ajaran sing bener+ sing mbok rungokké saka aku, lan kowé kudu terus nduduhké iman lan katresnan sing mbok duwèni merga bersatu karo Kristus Yésus. 14 Kowé kudu njaga kabèh sing berharga kuwi, sing mbok tampa nganggo bantuané roh suci sing ana ing awaké dhéwé.+
15 Kowé ngerti nèk kabèh wong ing Asia+ wis ninggalké aku, termasuk Figélus lan Hérmogènès. 16 Muga-muga Gusti apikan banget karo kabèh wong sing ana ing omahé Onésiforus+ merga dhèwèké kerep nguwatké aku lan dhèwèké ora isin senajan aku dipenjara. 17 Malah, wektu ana ing Roma, dhèwèké tenanan nggolèki aku lan ketemu karo aku. 18 Muga-muga Gusti Yéhuwah* mesakké karo dhèwèké ing dina sing wis ditentokké. Kowé ngerti tenan soal kabèh sing wis ditindakké dhèwèké kanggo aku ing Éfésus.
2 Mula, anakku,+ kowé kudu terus ngupaya bèn isa éntuk kekuwatan merga Kristus Yésus apikan banget. 2 Kabèh sing wis mbok rungokké saka aku, sing diteguhké karo akèh seksi,+ kudu mbok wulangké marang wong-wong sing isa dipercaya, sing bakal sanggup mulang wong liyané. 3 Merga dadi prajurité+ Kristus Yésus sing apik, kowé kudu siap ngalami kesusahan.+ 4 Wong sing dadi prajurit ora sibuk nggolèk dhuwit* merga dhèwèké péngin nyenengké wong sing ndaftarké dhèwèké dadi prajurit. 5 Sakliyané kuwi, ing pertandingan, wong sing mèlu tandhing ora bakal nampa hadiah* nèk ora manut karo aturan+ pertandingan. 6 Petani sing nyambut gawé tenanan bakal dadi sing pertama ngrasakké hasil panènané. 7 Terus pikirna omonganku iki, lan Gusti bakal mènèhi kowé pemahaman soal kabèh iki.
8 Kowé kudu éling nèk Yésus Kristus wis diuripké manèh saka antarané wong mati+ lan dhèwèké kuwi keturunané* Daud,+ sesuai karo kabar apik sing tak wartakké.+ 9 Kuwi sing nggawé aku sengsara lan dipenjara kaya penjahat.+ Ning, omongané Gusti Allah ora isa diranté.+ 10 Kuwi sebabé, aku sabar ngadhepi kabèh kesusahan demi wong-wong sing dipilih Gusti Allah+ bèn wong-wong kuwi ya isa dislametké liwat Kristus Yésus lan dimulyakké kanggo saklawasé. 11 Sing tak omongké iki isa dipercaya: Nèk awaké dhéwé mati bareng dhèwèké, awaké dhéwé ya bakal urip bareng karo dhèwèké.+ 12 Nèk awaké dhéwé tetep sabar, awaké dhéwé ya bakal mréntah dadi raja bareng karo dhèwèké.+ Nèk awaké dhéwé nolak dhèwèké, dhèwèké ya bakal nolak awaké dhéwé.+ 13 Senajan awaké dhéwé ora setya, Gusti Allah tetep setya, merga Dhèwèké ora isa nindakké apa waé sing ora cocog karo kepribadiané.
14 Kowé kudu terus ngélingké wong-wong kuwi soal iki lan mènèhi naséhat wong-wong kuwi ing ngarepé Gusti Allah, bèn wong-wong kuwi ora padu soal kata-kata. Kuwi blas ora ana gunané merga isa nggawé rugi wong-wong sing ngrungokké. 15 Kowé kudu ngupaya sak isa-isané bèn dadi wong sing nyenengké Gusti Allah lan dadi wong sing nyambut gawé sing hasil gawéané ora isa dièlèk-èlèk. Wektu mulang lan njelaské apa sing bener, kowé kudu ngupaya tenanan nèk sing mbok omongké kuwi bener.+ 16 Ning, aja ngrungokké omongan sing ora ana gunané lan sing ngrèmèhké Gusti Allah,+ merga kuwi isa nggawé wong saya adoh saka Gusti Allah. 17 Omongan kuwi bakal nyebar kaya korèng. Himénéus lan Filétus termasuk wong-wong sing nyebarké omongan kuwi.+ 18 Wong-wong kuwi wis ninggalké ajaran sing bener lan kandha nèk wong mati wis diuripké manèh.+ Wong-wong kuwi wis ngrusak imané wong liya. 19 Ning, pondhasi sing kuwat saka Gusti Allah tetep kokoh. Ing kono ana tulisan, ”Yéhuwah* ngerti wong-wong sing dadi duwèké,”+ lan, ”Saben wong sing nyebut jenengé Yéhuwah*+ kudu nolak apa waé sing ora apik.”
20 Ing omah sing gedhé, ana alat-alat saka emas lan pérak, ning ya ana sing saka kayu lan tanah liat. Ana sing penting* lan ana sing kurang penting.* 21 Nèk wong ngedohi alat sing kurang penting,* dhèwèké bakal dadi alat sing penting.* Alat-alat sing penting kuwi digawé suci, bermanfaat kanggo sing nduwé, lan siap digunakké kanggo nindakké apa sing apik. 22 Mula, kowé kudu ngedohi kepénginané cah enom. Ning, kowé kudu ngupaya nindakké apa sing bener, nduduhké iman lan katresnan, lan ngupaya bèn isa ayem.* Kowé kudu nindakké kuwi bareng karo wong-wong sing nyebut jenengé Gusti merga nduwé ati sing murni.
23 Sakliyané kuwi, aja debat soal apa sing ora ana gunané,+ merga kuwi isa marahi padu. 24 Budhaké Gusti ora perlu padu, ning kudu alus marang kabèh wong,+ trampil wektu mulang, ora balas dendam wektu ana sing tumindak ora apik marang dhèwèké,+ 25 lan alus wektu mulang wong-wong sing seneng mbrontak,+ merga mungkin Gusti Allah bakal ngéntukké wong-wong kuwi mertobat lan akhiré nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener.+ 26 Terus, wong-wong kuwi dadi sadhar lan bébas saka jeraté Iblis sing wis nangkep wong-wong kuwi bèn nuruti kepénginané Iblis.+
3 Kowé kudu ngerti nèk ing akhir jaman,+ keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya. 2 Wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké harta, nyombongké dhiri, rumangsa hébat, seneng ngrèmèhké, ora manut karo wong tuwa, ora nduwé rasa maturnuwun, ora setya, 3 ora sayang karo keluargané, ora gelem setuju* karo wong liya, seneng mitnah, ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, sengit karo apa sing apik, 4 seneng ngianati, ngèyèl, sombong, mung nggolèk senengé dhéwé lan ora nresnani Gusti Allah, 5 lan ing ngarepé wong liya kétoké ngibadah marang Gusti Allah ning tumindaké ora sesuai karo ibadahé.+ Kowé kudu ngedohi wong-wong sing kaya ngono kuwi. 6 Ing antarané wong-wong kuwi, ana wong-wong lanang sing licik lan ndhelik-ndhelik mlebu ing omahé wong-wong wédok sing lemah lan akèh dosané bèn isa nguwasani wong-wong wédok kuwi. Wong-wong wédok kuwi dikuwasani karo akèh kepénginan. 7 Wong-wong wédok kuwi terus sinau, ning ora tau isa nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener.
8 Kaya Yanès lan Yambrès sing nentang Musa, wong-wong lanang kuwi terus nentang apa sing bener. Pikirané wong-wong kuwi bener-bener rusak, lan wong-wong kuwi ditolak Gusti Allah merga tumindaké ora sesuai karo iman. 9 Ning, wong-wong kuwi ora bakal isa nindakké apa-apa manèh, merga kabèh wong wis ngerti nèk wong-wong kuwi bodho banget. Kuwi kaya sing dialami karo Yanès lan Yambrès.+ 10 Ning, kowé wis tenanan ngrungokké ajaranku, niru tumindakku lan niru tujuanku.+ Kowé ngerti soal imanku, kesabaranku, katresnanku, lan kesetiaanku. 11 Kowé ya ngerti nèk aku dianiaya lan ngalami kesusahan ing Antiokhia,+ Ikonium,+ lan Listra.+ Aku sabar wektu dianiaya, lan Gusti nylametké aku saka kuwi kabèh.+ 12 Sakjané, kabèh wong sing dadi muridé Kristus Yésus lan ngabdi marang Gusti Allah ya bakal dianiaya.+ 13 Ning, wong-wong sing jahat lan tukang ngapusi bakal dadi saya jahat. Wong-wong kuwi bakal ngapusi wong-wong lan diapusi karo wong liya.+
14 Ning, kowé kudu terus percaya karo kabèh sing wis diwulangké marang kowé. Kowé wis sinau lan diyakinké bèn percaya karo ajaran sing bener kuwi.+ Kowé ya ngerti sapa sing mulang kowé. 15 Kèt bayi,+ kowé wis diwulang soal Kitab Suci+ sing isa nggawé kowé dadi wicaksana lan dislametké nèk kowé nduwé iman marang Kristus Yésus.+ 16 Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah.+ Kuwi gunané kanggo mulang,+ ngandhani nèk awaké dhéwé salah, nggawé sing salah dadi bener manèh, lan nglatih awaké dhéwé kanggo nindakké apa sing bener.+ 17 Dadi, abdiné Gusti Allah isa bener-bener sanggup lan siap nindakké apa waé sing apik.
4 Ing ngarepé Gusti Allah lan Kristus Yésus, sing bakal ngadili+ wong urip lan wong mati+ wektu dhèwèké nduduhké kemuliaané+ lan mréntah ing kerajaané,+ aku mènèhi kowé préntah iki: 2 Kowé kudu semangat martakké+ omongané Gusti Allah, wektu keadaané apik utawa èlèk. Kowé kudu ngandhani,+ ngélikké, lan sabar wektu mènèhi naséhat lan trampil wektu mulang.+ 3 Bakal tekan wektuné wong-wong ora ngrungokké ajaran sing bener,+ ning nuruti kepénginané dhéwé. Wong-wong kuwi bakal ngumpulké guru-guru sing mung ngomongké apa sing péngin dirungokké wong-wong kuwi.+ 4 Wong-wong kuwi ora bakal ngrungokké apa sing bener lan bakal ngrungokké crita-crita palsu. 5 Ning, kowé kudu tetep sadhar ing keadaan apa waé, tetep sabar pas ngadhepi keadaan sing angèl,+ nindakké tugas dadi penginjil,* lan tenanan nindakké tugas pelayananmu.+
6 Aku wis kaya persembahan minuman sing diesokké,+ lan aku bakal dibébaské+ sedhéla manèh. 7 Aku wis berjuang tenanan,+ aku wis mlayu nganti akhir,+ lan aku wis nduduhké iman. 8 Saiki, Gusti sing adil wektu ngadili+ wis siap mènèhi aku mahkota. Mahkota kuwi kanggo wong sing bener, lan sukmbèn kuwi bakal diwènèhké dadi hadiah+ kanggo aku.+ Ora mung aku sing diwènèhi, ning ya kabèh wong sing ngentèni Gusti nduduhké kemuliaané.
9 Kowé kudu ngupaya tenanan bèn isa ndang nemoni aku. 10 Démas+ wis ninggalké aku merga nresnani donya* iki. Démas lunga menyang Tésalonika, Kreskes menyang Galatia, lan Titus menyang Dalmatia. 11 Mung Lukas sing ana bareng karo aku. Tulung Markus dijak mréné, merga dhèwèké bakal mbantu aku wektu aku nindakké tugasku. 12 Aku wis ngongkon Tikhikus+ menyang Éfésus. 13 Wektu kowé teka mréné, gawakna jubah sing tak tinggalké ing Troas ing omahé Karpus, lan gawakna gulungan-gulungan kitab, khususé perkamèn.*
14 Alèksander tukang tembaga kuwi nggawé aku sengsara banget. Yéhuwah* bakal mbales dhèwèké sesuai karo tumindaké.+ 15 Kowé ya kudu ngati-ati karo dhèwèké, merga dhèwèké bener-bener nentang berita sing awaké dhéwé wartakké.
16 Ing pembélaanku sing pertama, ora ana sing mbéla aku. Kabèh ninggalké aku. Ning, muga-muga Gusti Allah ora nganggep wong-wong kuwi salah. 17 Gusti mbantu aku lan mènèhi aku kekuwatan, bèn liwat aku gawéan martakké kuwi isa bener-bener dirampungké lan kabèh bangsa isa krungu kuwi.+ Terus, aku isa dibébaské saka cangkemé singa.+ 18 Gusti bakal mbébaské aku saka kabèh kejahatan lan bakal nylametké aku bèn aku isa ana ing Kerajaané ing swarga.+ Muga-muga Gusti dimulyakké nganti saklawasé. Amin.
19 Tulung sampèkké salamku kanggo Priska* lan Akuila,+ lan kanggo kabèh wong sing ana ing omahé Onésiforus.+
20 Érastus+ tetep manggon ing Korintus, ning aku ninggalké Trofimus+ ing Milétus merga dhèwèké lara. 21 Kowé kudu ngupaya teka sakdurungé musim dingin.
Éubulus ngirim salam kanggo kowé. Pudens, Linus, Klaudia, lan kabèh sedulur liyané ya ngirim salam.
22 Muga-muga Gusti mberkahi kowé merga kowé terus nduwé semangat. Muga-muga Gusti apikan banget karo kowé.
Lit.: ”wektu aku ndèlèhké tanganku ing sirahmu”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa mungkin ”sibuk ngurusi urusan saben dinané”.
Lit.: ”mahkota”.
Lit.: ”benihé”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”sing berharga”.
Utawa ”sing kurang berharga”.
Utawa ”sing kurang berharga”.
Utawa ”sing berharga”.
Utawa ”rukun”.
Utawa ”ora gelem rukun”.
Utawa ”terus martakké kabar apik”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, gulungan sing digawé saka kulit kéwan.
Deloken Lamp. A5.
Jeneng liyané yaiku Priskila.