SURAT PERTAMA SAKA PÉTRUS
1 Surat saka Pétrus, rasulé+ Yésus Kristus. Surat iki kanggo para penduduk sementara sing kesebar ing Pontus, Galatia, Kapadokia,+ Asia, lan Bitinia. Kowé kuwi wong-wong pilihané Gusti Allah. 2 Gusti Allah kuwi Bapak ing swarga.+ Dhèwèké milih kowé menurut rencanané. Dhèwèké mènèhi kowé roh suci kanggo nggawé kowé suci,+ supaya kowé dadi manut marang Dhèwèké lan dadi resik nganggo getihé Yésus Kristus.+
Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.
3 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, dipuji. Merga Gusti Allah wis apikan banget, Dhèwèké nggawé awaké dhéwé dilairké manèh+ supaya awaké dhéwé nduwé harapan sing kuwat.+ Awaké dhéwé nduwé harapan iki merga Yésus Kristus wis diuripké manèh saka antarané wong mati.+ 4 Gusti Allah mènèhi kowé warisan sing ora isa ilang, sing ora najis lan ora bakal rusak.+ Warisan kuwi disimpen ing swarga kanggo kowé.+ 5 Kowé dilindhungi kuwasané Gusti Allah merga kowé nduwé iman. Gusti Allah nglindhungi kowé supaya kowé dislametké. Kuwi bakal kelakon ing akhir jaman. 6 Kuwi sebabé kowé bahagia banget, senajan kowé kudu ngrasakké sengsara sedhéla merga ngalami akèh cobaan.+ 7 Kuwi kelakon bèn imanmu sing wis diuji+ isa nggawé kowé éntuk pujian, kemuliaan, lan kehormatan wektu Yésus Kristus nduduhké kuwasané. Iman kaya ngono kuwi luwih berharga timbang emas sing isa hancur senajan emas kuwi wis diuji nganggo geni.+ 8 Kowé pancèn durung tau ndelok dhèwèké, ning kowé nresnani dhèwèké. Saiki kowé ya ora ndelok dhèwèké, ning kowé nduwé iman marang dhèwèké lan ngrasa bahagia banget. 9 Kuwi merga kowé yakin nèk imanmu bakal nggawé kowé dislametké.+
10 Para nabi sing martakké sifaté Gusti Allah sing apikan banget sing diduduhké marang kowé nliti lan nyelidiki soal Gusti Allah sing bakal nylametké kowé.+ 11 Sakdurungé, Gusti Allah nggunakké roh suciné kanggo ngandhani para nabi nèk Kristus bakal sengsara+ lan sakwisé kuwi bakal diluhurké. Kuwi sebabé, para nabi kuwi terus ngupaya bèn isa ngerti apa sing bakal dialami Kristus+ lan kapan kuwi bakal kelakon. 12 Gusti Allah nduduhké marang nabi-nabi kuwi nèk nabi-nabi kuwi ora nglayani nabi-nabi kuwi dhéwé, ning nglayani kowé. Nabi-nabi kuwi nulis apa sing wis diwartakké marang kowé, sing mbok rungokké saka wong-wong sing martakké kabar apik nganggo bantuané roh suci sing dikirim saka swarga.+ Para malaékat péngin banget ngerti soal iki.
13 Mula, kowé kudu nyiapké pikiranmu bèn kowé siap kerja keras.+ Kowé kudu nduwé pertimbangan sing apik+ wektu nindakké apa waé. Kowé kudu berharap marang sifaté Gusti Yésus Kristus sing apikan banget sing bakal mbok rasakké wektu Yésus Kristus nduduhké kuwasané. 14 Kowé saiki dadi anak-anak sing manut karo Gusti Allah. Dadi, aja tumindak* menurut kepénginanmu sing salah kaya pas kowé ora nduwé pengetahuan soal Dhèwèké. 15 Ning, kabèh tumindakmu kudu suci kaya Gusti Allah sing Suci sing milih kowé.+ 16 Ana ayat sing kandha, ”Kowé kudu suci merga Aku suci.”+
17 Nèk kowé ndonga marang Bapak, sing ora pilih kasih wektu ngadili+ menurut tumindaké saben wong, tumindakmu kudu nduduhké nèk kowé wedi+ marang Dhèwèké saksuwéné kowé dadi penduduk sementara ing donya iki. 18 Kowé ngerti nèk apa waé sing isa hancur, contoné pérak utawa emas, ora isa mbébaské*+ kowé saka kebiasaan* sing ora ana gunané saka nènèk moyangmu. 19 Ning, kowé dibébaské nganggo getihé Kristus+ sing berharga,+ sing kaya getihé domba sing séhat lan ora ana cacadé.+ 20 Pancèn, Gusti Allah wis milih Kristus sakdurungé permulaané donya iki.*+ Ning, dhèwèké nduduhké kemuliaané ing akhir jaman demi kepentinganmu.+ 21 Merga sing ditindakké Kristus, kowé dadi percaya marang Gusti Allah+ sing nguripké manèh Kristus saka antarané wong mati+ lan sing mènèhi dhèwèké kemuliaan.+ Mula, kowé nduwé iman lan harapan marang Gusti Allah.
22 Saiki kowé wis nggawé badanmu suci merga kowé manut karo apa sing bener, mula kowé isa tulus sayang karo sedulurmu.+ Dadi, kowé kudu tenanan sayang karo liyané saka ati.+ 23 Liwat omongané Gusti Allah sing urip lan sing ana saklawasé,+ kowé wis dilairké manèh+ saka benih* sing mènèhi urip lan sing ora isa mati,+ dudu saka benih sing isa mati. 24 Ana ayat sing kandha, ”Kabèh manungsa kuwi kaya suket, lan kemuliaané kuwi kaya kembang ing padhang. Suket isa layu lan kembang isa rontok, 25 ning omongané Yéhuwah* tetep ana nganti saklawasé.”+ ”Omongan” iki maksudé yaiku kabar apik sing diwartakké marang kowé.+
2 Kowé kudu nyingkirké kabèh tumindak sing jahat.+ Aja ngapusi, aja munafik, aja iri, lan aja ngèlèk-èlèk wong. 2 Kaya bayi sing lagi waé lair,+ kowé kudu péngin ngombé susu sing murni, yaiku omongané Gusti Allah, bèn kowé isa dadi saya déwasa lan dislametké,+ 3 merga kowé wis ngrasakké* nèk Gusti kuwi apikan.
4 Gustiné awaké dhéwé kuwi watu sing urip sing ditolak manungsa,+ ning dipilih lan dianggep berharga karo Gusti Allah.+ Wektu kowé nduduhké iman marang dhèwèké, 5 kowé, yaiku watu-watu sing urip, dadi omah sing dibangun liwat roh suciné Gusti Allah,+ supaya kowé dadi kelompok imam sing suci. Mula, kowé mènèhké korban nganggo tuntunané roh suciné Gusti Allah+ lan liwat Yésus Kristus,+ sing bakal ditampa Gusti Allah. 6 Merga Kitab Suci kandha, ”Ing Zion, Aku ndèlèhké watu sing dipilih, watu pondhasi sing berharga. Wong sing nduwé iman marang dhèwèké ora bakal kecéwa.”+
7 Mula, watu kuwi berharga kanggo kowé merga kowé percaya karo dhèwèké. Ning, kanggo wong sing ora percaya karo dhèwèké, ”watu sing ditolak tukang bangunan+ wis dadi watu sing utama”,*+ 8 lan dadi ”watu sing bakal nggawé wong kesandhung lan watu sing bakal nggawé wong tiba.”+ Wong-wong kuwi kesandhung merga ora manut karo omongané Gusti Allah. Kuwi akhir sing bakal dialami wong-wong kuwi. 9 Ning, kowé kuwi ”suku sing dipilih, imam sing dadi raja, bangsa sing suci,+ umat sing istiméwa duwèké Gusti Allah+ bèn kowé martakké kemuliaané”*+ Gusti Allah sing wis nggawa kowé metu saka panggonan sing peteng menyang panggonané sing padhang banget.+ 10 Mbiyèn kowé dudu umaté Gusti Allah, ning saiki kowé dadi umaté Gusti Allah.+ Mbiyèn kowé ora dimesakké, ning saiki kowé wis dimesakké.+
11 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, aku njaluk marang kowé sing dadi wong asing lan penduduk sementara+ bèn kowé terus nolak kepénginan sing salah+ sing perang nglawan awakmu dhéwé.+ 12 Kowé kudu njaga tumindakmu tetep apik ing antarané bangsa-bangsa.+ Dadi, nèk ana sing nudhuh kowé nindakké sing jahat, wong-wong kuwi isa ndelok dhéwé nèk tumindakmu apik.+ Hasilé, wong-wong kuwi bakal ngluhurké Gusti Allah pas Gusti Allah teka kanggo mriksa manungsa.
13 Demi Gustiné awaké dhéwé, kowé kudu manut karo kabèh pamréntahané manungsa,+ termasuk marang raja+ sing kuwasané luwih gedhé timbang kowé 14 utawa marang gubernur, sing diutus Gusti Allah kanggo ngukum wong-wong sing nindakké apa sing jahat lan kanggo muji wong-wong sing nindakké apa sing apik.+ 15 Gusti Allah péngin supaya kowé nindakké apa sing apik bèn kowé isa mbungkem cangkemé wong-wong bodho sing nudhuh kowé merga wong-wong kuwi ora nduwé pengetahuan.+ 16 Kowé kudu dadi wong sing bébas,+ lan gunakna kebébasanmu kanggo nglayani dadi abdiné Gusti Allah,+ dudu kanggo nindakké apa sing salah.+ 17 Kowé kudu ngajèni kabèh wong,+ nresnani kabèh sedulur seiman,+ wedi marang Gusti Allah,+ lan ngajèni raja.+
18 Para pelayan kudu manut lan ngajèni majikané,+ ora mung marang majikan sing apik lan alus,* ning ya marang majikan sing angèl disenengké. 19 Gusti Allah seneng karo wong-wong sing sabar ngadhepi keadaan sing angèl lan ngadhepi tumindak sing ora adil merga péngin nduwé hati nurani sing resik ing ngarepé Gusti Allah.+ 20 Apa gunané kowé sabar wektu digebugi merga nindakké dosa?+ Gusti Allah seneng karo kowé nèk kowé sabar wektu ngalami kesusahan merga nindakké apa sing apik.+
21 Sakjané, Gusti Allah milih kowé bèn kowé ngadhepi kesusahan kaya ngono, merga Kristus waé ngalami kesusahan demi kowé.+ Dhèwèké dadi conto bèn isa bener-bener mbok tiru.*+ 22 Dhèwèké ora nindakké dosa+ lan ora tau ngapusi.+ 23 Wektu diécé,*+ dhèwèké ora mbales ngécé.*+ Wektu sengsara,+ dhèwèké ora ngancam. Ning, dhèwèké masrahké kabèh marang Hakim sing adil.+ 24 Dhèwèké nanggung dosané awaké dhéwé+ nganggo badané wektu dhèwèké dipaku ing cagak,*+ bèn awaké dhéwé dibébaské saka dosa lan isa urip kanggo nindakké apa sing bener. Sakliyané kuwi, ”luka-lukané nggawé kowé mari”.+ 25 Mbiyèn kowé kaya wedhus sing kesasar.+ Saiki, kowé wis bali marang gembalamu+ lan sing njaga uripmu.
3 Hé wong-wong wédok, kowé kudu manut karo bojomu,+ bèn nèk dhèwèké ora manut karo omongané Gusti Allah, dhèwèké dadi gelem manut merga tumindakmu.+ Kowé ora perlu ngomong apa-apa, 2 merga dhèwèké wis ndelok dhéwé tumindakmu sing apik*+ lan ngajèni. 3 Aja mung ngutamakké penampilanmu waé. Aja nggunakké gaya rambut sing anèh-anèh, perhiasan emas,+ utawa klambi sing larang. 4 Ning, kowé isa dadi wong sing ayu atiné nèk kowé nganggo perhiasan sing ora isa rusak, yaiku sikap sing tenang lan watak sing alus,+ sing berharga banget ing ngarepé Gusti Allah. 5 Ya kaya ngono kuwi carané wong wédok sing suci ing jaman mbiyèn dandan. Wong-wong kuwi berharap marang Gusti Allah. Wong-wong wédok kuwi manut karo bojoné, 6 kaya Sara sing manut karo Abraham lan ngundang* Abraham bapak.+ Kowé dadi anak-anaké Sara nèk kowé terus nindakké apa sing apik lan ora nyerah merga wedi.+
7 Wong-wong lanang, kowé kudu pangertèn karo bojomu. Kowé kudu ngajèni bojomu,+ merga wong wédok luwih lemah kaya barang sing gampang pecah lan merga wong wédok ya bakal éntuk warisan urip bareng karo kowé,+ sing asalé saka Gusti Allah sing apikan banget. Nèk kowé ora ngajèni bojomu, donga-dongamu ora bakal dirungokké.
8 Ana manèh sing arep tak omongké karo kowé. Kowé kudu nduwé pikiran sing padha,+ isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya, sayang karo sedulur liya, nduwé rasa mesakké,+ lan rendah hati.+ 9 Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan.+ Nèk diécé aja mbales ngécé.+ Ning, kowé kudu mbales nganggo tumindak sing apik,*+ merga Gusti Allah wis milih kowé kanggo nindakké kuwi bèn kowé isa nampa warisan berkah.
10 Ana ayat sing kandha, ”Sapa waé sing péngin urip lan dawa umuré aja nganti ngomongké sing èlèk,+ lan kudu ati-ati bèn aja nganti ngapusi. 11 Dhèwèké kudu nindakké sing apik,+ aja nganti nindakké sing jahat.+ Dhèwèké kudu ngupaya rukun karo kabèh wong lan tetep rukun.+ 12 Yéhuwah* nggatèkké wong sing bener, lan Dhèwèké ngrungokké wektu wong kuwi njaluk marang Dhèwèké.+ Ning, Yéhuwah* nolak wong sing tumindaké jahat.”+
13 Sapa sing bakal nggawé kowé cilaka nèk kowé semangat nindakké apa sing apik?+ 14 Ning senajan kowé kudu sengsara merga kowé kuwi wong sing bener, kowé bakal bahagia.+ Aja wedi karo apa sing nggawé wong-wong wedi lan aja kuwatir.+ 15 Kowé kudu ngakoni ing atimu nèk Kristus kuwi Gusti lan dhèwèké kuwi suci. Kowé kudu siap mènèhi jawaban marang wong-wong sing takon karo kowé soal harapanmu. Ning, kowé kudu alus+ lan ngajèni wektu njawab.+
16 Kowé kudu njaga hati nuranimu tetep apik.+ Dadi, nèk ana sing ngèlèk-èlèk lan ngrèmèhké kowé, wong-wong kuwi bakal isin+ merga kowé muridé Kristus sing tumindaké apik.+ 17 Nèk iki pancèn karepé Gusti Allah, mendhing kowé ngalami kesengsaraan merga nindakké apa sing apik+ timbang merga nindakké apa sing jahat.+ 18 Malah, Kristus dhéwé, yaiku wong sing bener, mati ping pisan kanggo saklawasé+ demi wong-wong sing ora bener+ lan mbébaské wong-wong kuwi saka dosa. Dhèwèké nindakké kuwi bèn isa nuntun kowé marang Gusti Allah.+ Dhèwèké kuwi manungsa pas wong-wong matèni dhèwèké,+ ning dhèwèké kuwi makhluk roh pas Gusti Allah nguripké manèh dhèwèké.+ 19 Wektu dhèwèké dadi makhluk roh, dhèwèké nyampèkké berita penghukuman marang para malaékat sing dipenjara,+ 20 sing mbiyèn ora manut marang Gusti Allah ing jamané Nabi Nuh.+ Wektu kuwi, Gusti Allah sabar ngentèni kapal dibangun.+ Ing njero kapal kuwi mung ana wong sithik, yaiku wong wolu, sing dislametké ngliwati banyu.+
21 Sing kelakon kuwi nglambangké baptisan sing saiki nylametké kowé liwat Yésus Kristus sing wis diuripké manèh. Baptisan iki ora ngresiki regedan saka badan. Ning, nèk kowé dibaptis nganggo baptisan kuwi, kowé njaluk marang Gusti Allah bèn nduwé hati nurani sing apik.+ 22 Kristus lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah+ merga dhèwèké munggah ing swarga. Para malaékat, pamréntah, lan penguasa manut karo dhèwèké.+
4 Kristus wis ngalami sengsara dadi manungsa,+ mula kowé ya kudu nyiapké awakmu bèn isa nduwé pikiran* kaya Kristus, merga wong sing wis ngalami sengsara dadi manungsa wis ora nindakké dosa manèh.+ 2 Mula, saksuwéné isih dadi manungsa, wong kuwi urip ora kanggo nuruti kepénginané manungsa manèh,+ ning kanggo nindakké karepé Gusti Allah.+ 3 Mbiyèn, kowé nuruti kepénginané wong-wong ing donya iki,+ yaiku tumindak kurang ajar,* nuruti hawa nafsu, ngombé minuman keras nganti akèh banget, pésta bébas, pésta minuman keras, lan nyembah brahala sing njijiki.+ 4 Wong-wong kuwi nggumun merga kowé ora mèlu-mèlu manèh nindakké apa sing bejat kaya wong-wong kuwi, mula wong-wong kuwi ngèlèk-èlèk kowé.+ 5 Ning, wong-wong kuwi bakal tanggung jawab marang Kristus sing bakal ngadili wong sing urip lan sing mati.+ 6 Sakjané, kuwi sebabé kabar apik diwartakké marang wong mati,+ supaya senajan wong-wong kuwi diadili kaya kabèh manungsa, wong-wong kuwi isa urip sesuai karo tuntunané roh suciné Gusti Allah.
7 Kabèh wis arep diakhiri. Mula, kowé kudu nduwé pertimbangan sing apik+ lan terus siap ndonga.+ 8 Sing paling penting, kowé kudu sayang banget karo wong liya,+ merga wong sing sayang karo wong liya mesthi gelem ngapura.*+ 9 Kowé kudu ramah lan apikan karo liyané. Aja sambat wektu nindakké kuwi.+ 10 Kowé kuwi pelayan sing apik sing wis ngrasakké sifaté Gusti Allah sing apikan banget sing diduduhké nganggo akèh cara.+ Saben wong ing antaramu ya wis nampa anugrah, mula kowé kudu nggunakké kuwi kanggo nglayani liyané. 11 Nèk kowé ngomong, kowé kudu ngomongké berita saka Gusti Allah. Nèk kowé mbantu wong liya, kowé kudu ngendelké kekuwatan saka Gusti Allah.+ Dadi, Gusti Allah isa bener-bener diluhurké+ liwat Yésus Kristus. Muga-muga kemuliaan lan kuwasané Gusti Allah ana kanggo saklawasé. Amin.
12 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, aja kagèt nèk kowé ngalami cobaan sing abot.*+ 13 Ning, kowé kudu bahagia+ merga kowé sengsara kaya Kristus+ bèn kowé bener-bener bahagia wektu Kristus nduduhké kemuliaané.+ 14 Nèk kowé diécé merga jenengé Kristus, kowé bahagia,+ merga kuwi nduduhké nèk kowé nduwé roh sing mulya, yaiku roh suciné Gusti Allah.
15 Tapi, ing antaramu aja nganti ana sing sengsara merga matèni wong liya, nyolong, nindakké apa sing jahat, utawa mèlu-mèlu ngurusi urusané wong liya.+ 16 Nèk ana sing sengsara merga dadi wong Kristen, aja isin.+ Ning, wong kuwi kudu terus urip dadi wong Kristen bèn isa terus ngluhurké Gusti Allah. 17 Saiki wektu sing ditentokké kanggo ngadili wis dimulai, lan kuwi dimulai saka umaté Gusti Allah.+ Nèk kuwi dimulai saka awaké dhéwé,+ apa sing bakal dialami wong-wong sing ora manut karo kabar apik saka Gusti Allah?+ 18 ”Nèk wong sing bener waé kudu ngupaya tenanan bèn dislametké, apa sing bakal dialami wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah lan sing nindakké dosa?”+ 19 Mula, nèk kowé sengsara merga nindakké karepé Gusti Allah, kowé kudu terus nindakké apa sing apik lan masrahké uripmu marang Sing Nggawé Urip. Awaké dhéwé isa percaya marang Dhèwèké.+
5 Aku iki ya pinituwa. Aku ndelok kesusahané Kristus. Aku ya bakal dimulyakké wektu wong-wong sing dipilih dimulyakké.+ Mula, aku njaluk* bèn para pinituwa sing ana ing antaramu nindakké iki: 2 Kowé kudu dadi gembala sing ngopèni domba-dombané Gusti Allah+ sing wis dipercayakké marang kowé. Kowé kudu nindakké tugasmu dadi pengawas dudu merga kepeksa, ning merga kowé réla dadi pelayané Gusti Allah.+ Kowé ya kudu semangat wektu nindakké kuwi, ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur,+ 3 ora dadi majikané wong-wong sing dadi duwèké Gusti Allah,+ ning dadi conto kanggo domba-dombané Gusti Allah.+ 4 Wektu gembala sing utama+ nduduhké kemuliaané, kowé bakal nampa hadiah* sing mulya sing ora bakal rusak.+
5 Wong lanang sing luwih enom, kowé kudu manut karo wong lanang sing luwih tuwa.*+ Ning, kowé kabèh kudu rendah hati wektu urusan karo liyané, merga Gusti Allah ora seneng karo wong sing sombong, tapi Dhèwèké bakal apikan banget marang wong sing rendah hati.+
6 Mula, kowé kudu ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allah* sing kuwat, bèn Dhèwèké ngunggulké kowé ing wektu sing ditentokké.+ 7 Kowé kudu masrahké* kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah+ merga Dhèwèké perduli karo kowé.+ 8 Kowé kudu waspada+ lan wicaksana. Iblis mungsuhmu, mlaku mrana-mréné kaya singa sing nggero-nggero, ngupaya bèn isa mangan manungsa.+ 9 Ning, kowé kudu nglawan dhèwèké nganggo iman sing kuwat.+ Kowé wis ngerti nèk kabèh sedulur seimanmu ing donya iki ya ngalami kesengsaraan sing padha.+ 10 Tapi, sakwisé kowé ngalami kesengsaraan sedhéla, Gusti Allah sing apikan banget, sing milih kowé bèn bersatu karo Kristus lan nampa kemuliaan sing ana saklawasé,+ bakal nglatih kowé nganti rampung. Dhèwèké bakal nggawé kowé kuwat.+ Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn tetep setya.+ Dhèwèké bakal ndhukung kowé. 11 Muga-muga Dhèwèké nduwé kuwasa nganti saklawasé. Amin.
12 Liwat Silvanus,*+ sing tak anggep dadi sedulur sing setya, aku nulis surat sing singkat iki kanggo nguwatké kowé lan nggawé kowé yakin nèk Gusti Allah wis apikan banget karo kowé. Kowé kudu ngupaya bèn Gusti Allah tetep apikan banget karo kowé. 13 Sedulur wédok* sing ana ing Babilon, sing dipilih Gusti Allah kaya kowé, ngirim salam kanggo kowé. Markus,+ sing wis kaya anakku dhéwé, ya ngirim salam kanggo kowé. 14 Kowé kudu ramah lan apikan karo wong liya.*
Muga-muga kowé kabèh sing dadi muridé Kristus ngrasa ayem.
Utawa ”dibentuk”.
Lit.: ”ora isa nebus”.
Utawa ”tradhisi”.
Deloken ctn. ing Mat 25:34.
Maksudé, benih sing isa ngasilké buah.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”wis ngalami”.
Deloken ”Watu Pojokan” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”sifat apikané”. Maksudé, sifat lan tumindaké sing pantes dipuji.
Utawa ”sing ora kaku”.
Lit.: ”bèn kowé isa ngetutké langkahé”.
Utawa ”diunèk-unèkké”.
Utawa ”ngunèk-unèkké”.
Utawa ”wit”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”resik”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”nganggo berkah”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”tékad”.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”merga katresnan nutupi akèh banget dosa”.
Utawa ”cobaan sing ngobong kaya geni”.
Utawa ”aku mènèhi naséhat”.
Lit.: ”mahkota”.
Utawa ”karo para pinituwa”.
Lit.: ”ing ngisoré tangané Gusti Allah”.
Lit.: ”nguncalké”.
Maksudé, Silas.
”Sedulur wédok” ing ayat iki mungkin maksudé jemaat ing Babilon.
Lit.: ”lan mènèhi ciuman katresnan”.