PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Danièl 9:24-27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 ”Wektu sing ditetepké Gusti Allah kanggo bangsamu lan kutha sucimu+ ana 70 minggu,* yaiku kanggo nyingkirké pembrontakan, nyingkirké dosa,+ ngapura kesalahan,+ nggawé keadilan ana saklawasé,+ ngukuhké sumpah lan ramalan,+ lan kanggo nyucèkké Ruang Mahasuci.* 25 Kowé kudu ngerti lan paham nèk kèt ana préntah kanggo mbangun manèh Yérusalèm+ bèn dadi kaya sakdurungé nganti tekané Mésias*+ Sang Pemimpin+ bakal ana 7 minggu lan 62 minggu.+ Kutha kuwi bakal dibangun manèh bèn dadi kaya sakdurungé, termasuk lapangan lan kalèné.* Ning, kuwi bakal kelakon pas keadaané susah.

      26 ”Sakwisé 62 minggu kuwi, Mésias bakal dipatèni.+ Dhèwèké bakal mati tanpa nduwé apa-apa.+

      ”Ana pemimpin lan tentarané sing bakal teka, terus ngancurké kutha lan panggonan suci kuwi+ kaya banjir sing ngancurké. Nganti akhir, bakal ana perang terus. Bakal ana kehancuran sesuai karo keputusané Gusti Allah.+

      27 ”Mésias* bakal nggawé perjanjian kuwi berlaku seminggu suwéné bèn isa mènèhi manfaat kanggo akèh wong. Ing pertengahan minggu kuwi, dhèwèké bakal ngendhegké korban lan persembahan.+

      ”Wong sing nyebabké kehancuran bakal teka bareng karo* perkara-perkara sing njijiki.+ Apa sing wis diputuské Gusti Allah bakal dialami kutha sing ditelantarké* kuwi nganti kabèh bener-bener hancur.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim