PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt 1 Yohanes 1:1-5:21
  • 1 Yohanes

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 1 Yohanes
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
1 Yohanes

SURAT PERTAMA SAKA YOHANES

1 Aku nulis surat marang kowé soal dhèwèké sing wis ana kèt mbiyèn, yaiku sing mènèhi omongan sing marahi urip.+ Aku wis ngrungokké, ndelok, ngamati, lan ndemèk dhèwèké. 2 (Urip saklawasé wis diduduhké marang aku. Aku wis ndelok, martakké,+ lan ngandhani kowé soal urip saklawasé+ sing asalé saka Bapak, sing wis diduduhké marang aku.) 3 Apa sing wis tak delok lan tak rungokké kuwi tak critakké marang kowé+ bèn kowé bersatu karo aku, kaya aku bersatu karo Bapak lan Anaké, yaiku Yésus Kristus.+ 4 Aku nulis soal iki bèn awaké dhéwé isa bener-bener bahagia.

5 Iki berita sing tak rungokké saka Yésus, lan saiki tak critakké marang kowé: Gusti Allah kuwi sumberé cahaya+ lan ora ana petengé babar blas. 6 Nèk awaké dhéwé kandha, ”Aku bersatu karo Gusti Allah,” ning tetep mlaku ing petengan,* kuwi artiné awaké dhéwé ngapusi lan ora nindakké apa sing bener.+ 7 Ning, nèk awaké dhéwé mlaku ing cahaya,* kaya Gusti Allah ya ana ing cahaya, awaké dhéwé bakal bersatu. Getihé Anaké, yaiku Yésus, ngresiki awaké dhéwé saka kabèh dosa.+

8 Nèk awaké dhéwé kandha, ”Aku ora nduwé dosa,” kuwi artiné awaké dhéwé ngapusi*+ lan ora percaya karo ajaran sing bener. 9 Gusti Allah kuwi setya lan adil. Mula, nèk awaké dhéwé ngakoni dosa, Dhèwèké bakal ngapura dosané awaké dhéwé lan ngresiki awaké dhéwé saka kabèh tumindak sing jahat.+ 10 Nèk awaké dhéwé kandha, ”Aku ora tau nindakké dosa,” kuwi artiné awaké dhéwé nganggep nèk Gusti Allah kuwi tukang ngapusi, lan omongané ora ana ing atiné awaké dhéwé.

2 Anak-anakku sing tak tresnani, aku nulis iki marang kowé bèn kowé ora nindakké dosa. Ning nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulungi* awaké dhéwé, yaiku Yésus Kristus+ sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener.+ 2 Dhèwèké kuwi korban+ kanggo dosané awaké dhéwé,+ sing nggawé awaké dhéwé rukun manèh karo Gusti Allah. Malah, korbané kuwi ora mung kanggo dosané awaké dhéwé waé, ning kanggo dosané wong sak donya.+ 3 Nèk awaké dhéwé terus nindakké préntah-préntahé, kuwi mbuktèkké nèk awaké dhéwé kenal dhèwèké. 4 Wong sing kandha, ”Aku kenal dhèwèké,” ning ora nindakké préntah-préntahé, wong kuwi ngapusi lan ora ngomongké apa sing bener. 5 Ning, sapa waé sing manut karo omongané, wong kuwi mbuktèkké nèk dhèwèké bener-bener nresnani Gusti Allah.+ Nèk awaké dhéwé ya manut karo omongané, berarti awaké dhéwé bersatu karo dhèwèké.+ 6 Wong sing ngaku bersatu karo Yésus kudu nindakké sing padha kaya sing ditindakké Yésus.+

7 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, sing tak tulis marang kowé iki dudu préntah anyar, ning préntah lawas sing wis mbok tampa kèt mbiyèn.+ Kowé wis tau krungu préntah lawas iki. 8 Ning, préntah sing tak tulis iki anyar. Yésus lan kowé wis nindakké préntah iki. Saiki peteng wis mèh ilang, lan cahaya sing sejati wis bersinar.+

9 Nèk ana wong sing ngaku ana ing cahaya, ning sengit+ marang seduluré, berarti wong kuwi isih ana ing petengan.+ 10 Wong sing nresnani seduluré tetep ana ing cahaya,+ lan ora ana sing nyebabké dhèwèké nindakké dosa.* 11 Ning, wong sing sengit karo seduluré ana ing petengan lan mlaku ing petengan.+ Dhèwèké ora ngerti arep lunga ing endi.+ Merga peteng, dhèwèké ora isa ndelok dalan.

12 Anak-anakku, aku nulis surat kanggo kowé sebab dosa-dosamu wis diapura merga jenengé.*+ 13 Bapak-bapak, aku nulis surat kanggo kowé merga kowé wis kenal dhèwèké,* sing ana kèt jaman mbiyèn. Cah-cah enom, aku nulis surat kanggo kowé merga kowé wis ngalahké Sétan.*+ Bocah-bocah, aku nulis surat kanggo kowé merga kowé wis kenal Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé.+ 14 Bapak-bapak, aku nulis surat kanggo kowé merga kowé wis kenal dhèwèké,* sing ana kèt jaman mbiyèn. Cah-cah enom, aku nulis surat kanggo kowé merga kowé kuwat,+ percaya karo omongané Gusti Allah,+ lan wis ngalahké Sétan.*+

15 Aja nresnani donya iki lan kabèh sing ana ing donya iki.+ Nèk wong nresnani donya iki, dhèwèké ora nresnani Bapak.+ 16 Kabèh sing ana ing donya iki, yaiku kepénginan sing salah,+ kepénginané mripat,+ lan kepénginan kanggo pamèr* harta, asalé dudu saka Bapak, ning saka donya. 17 Donya iki lan kepénginané wis arep disingkirké,+ ning wong sing nindakké karepé Gusti Allah bakal urip saklawasé.+

18 Anak-anak, saiki wektuné mung tinggal sithik.* Kowé wis krungu nèk sing nglawan Kristus* bakal teka,+ lan saiki wis ana akèh sing nglawan Kristus.*+ Kuwi sebabé awaké dhéwé ngerti nèk saiki wektuné mung tinggal sithik.* 19 Wong-wong kuwi mauné karo awaké dhéwé, ning wong-wong kuwi metu merga béda karo awaké dhéwé.+ Nèk wong-wong kuwi padha kaya awaké dhéwé, wong-wong kuwi mesthi isih ana karo awaké dhéwé. Ning, wong-wong kuwi metu bèn kétok jelas nèk ora kabèh wong padha kaya awaké dhéwé.+ 20 Kowé wis dilantik Gusti Allah sing Suci,+ lan kowé wis ngerti sing bener. 21 Aku nulis surat kanggo kowé, dudu merga kowé ora ngerti apa sing bener,+ ning merga kowé ngerti kuwi, lan merga ora ana omongan sing ngapusi sing asalé saka apa sing bener.+

22 Sapa tukang ngapusi kuwi? Kuwi kan wong sing ora ngakoni nèk Yésus kuwi Kristus, ta?+ Dhèwèké kuwi sing nglawan Kristus,*+ yaiku sing ora ngakoni Bapak lan Anak. 23 Sapa waé sing ora ngakoni Anak ora bakal ditampa Bapak.+ Ning, sapa waé sing ngakoni Anak+ bakal ditampa Bapak.+ 24 Sing wis mbok rungokké kèt mbiyèn kudu tetep ana ing njero atimu.+ Nèk sing wis mbok rungokké kèt mbiyèn tetep ana ing atimu, kowé bakal tetep bersatu karo Anak lan Bapak. 25 Sakliyané kuwi, dhèwèké wis njanjèkké urip saklawasé marang awaké dhéwé.+

26 Aku nulis kabèh iki marang kowé merga ana sing ngupaya kanggo ngapusi kowé. 27 Gusti Allah wis nglantik kowé nganggo roh suciné,+ lan roh suci kuwi tetep mbok duwèni. Mula, ora perlu ana wong sing mulang kowé. Ning, roh suci saka Dhèwèké kuwi bener, ora ngapusi, lan mulang kowé soal apa waé.+ Sesuai karo sing wis diwulangké marang kowé, kowé kudu tetep bersatu karo dhèwèké.+ 28 Mula, anak-anakku, kowé kudu tetep bersatu karo dhèwèké, supaya wektu dhèwèké nduduhké kemuliaané, awaké dhéwé isa kendel wektu ngomong,+ lan wektu dhèwèké bali,* awaké dhéwé ora ngedoh saka dhèwèké merga isin. 29 Kowé ngerti nèk dhèwèké kuwi bener, mula kowé ya ngerti nèk saben wong sing nindakké apa sing bener kuwi anaké Gusti Allah.+

3 Bapak tresna banget karo awaké dhéwé,+ nganti awaké dhéwé disebut anak-anaké Gusti Allah.+ Awaké dhéwé pancèn anak-anaké Gusti Allah. Ning, donya ora kenal karo awaké dhéwé,+ merga donya ora kenal karo Gusti Allah.+ 2 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, saiki awaké dhéwé dadi anak-anaké Gusti Allah,+ ning awaké dhéwé durung ngerti sukmbèn awaké dhéwé dadi kaya apa.+ Sing awaké dhéwé ngerti yaiku awaké dhéwé bakal dadi kaya Dhèwèké wektu Dhèwèké nduduhké kemuliaané, merga awaké dhéwé bakal bener-bener ndelok Dhèwèké. 3 Sapa waé sing berharap marang Dhèwèké kudu nggawé badané suci,+ merga Dhèwèké suci.

4 Sapa waé sing terus nindakké dosa berarti nglanggar hukum, merga dosa kuwi artiné nglanggar hukum. 5 Kowé ngerti nèk Yésus teka kanggo nyingkirké dosané awaké dhéwé,+ lan dhèwèké ora nduwé dosa. 6 Sapa waé sing tetep bersatu karo dhèwèké ora bakal nindakké dosa.+ Wong sing terus nindakké dosa ora tau ndelok dhèwèké lan ora kenal dhèwèké. 7 Anak-anakku, aja nganti ana sing ngapusi kowé. Yésus kuwi wong sing bener, lan wong sing terus nindakké apa sing bener kuwi ya wong sing bener. 8 Wong sing terus nindakké dosa asalé saka Iblis, merga kèt awal Iblis wis nindakké dosa.+ Anaké Gusti Allah teka kanggo nyingkirké kabèh tumindaké Iblis.*+

9 Anak-anaké Gusti Allah ora nindakké dosa,+ merga wong-wong kuwi nduwé roh suciné* Gusti Allah. Wong-wong kuwi ora isa nindakké dosa, merga wong-wong kuwi anak-anaké Gusti Allah.+ 10 Iki bédané anak-anaké Gusti Allah lan anak-anaké Iblis: Sapa waé sing ora nindakké apa sing bener lan ora nresnani seduluré, dudu anaké Gusti Allah.+ 11 Iki berita sing wis mbok rungokké kèt awal, yaiku awaké dhéwé kudu nresnani liyané,+ 12 ora kaya Kain, sing dadi anaké Iblis* lan matèni adhiné.+ Ngapa kok dhèwèké matèni adhiné? Merga tumindaké jahat,+ ning tumindaké adhiné bener.+

13 Sedulur-sedulur, aja kagèt nèk donya sengit karo kowé.+ 14 Awaké dhéwé ngerti nèk mbiyèn awaké dhéwé kaya wis mati, ning saiki awaké dhéwé urip,+ merga awaké dhéwé nresnani sedulur-sedulur.+ Wong sing ora nresnani seduluré kaya wis mati.+ 15 Sapa waé sing sengit karo seduluré kuwi pembunuh,+ lan kowé ngerti nèk pembunuh ora bakal nampa urip saklawasé.+ 16 Awaké dhéwé ngerti soal katresnan merga Yésus wis ngorbanké uripé kanggo awaké dhéwé,+ lan awaké dhéwé ya kudu réla ngorbanké uripé awaké dhéwé kanggo seduluré awaké dhéwé.+ 17 Nèk ana wong sing uripé kecukupan, terus ngerti nèk seduluré butuh bantuan ning ora mesakké karo seduluré kuwi, apa isa dhèwèké ngomong nèk dhèwèké nresnani Gusti Allah?+ 18 Anak-anakku, aja mung ngomong nèk kowé nresnani wong liya,+ ning kowé kudu nduduhké kuwi liwat tumindakmu+ sing tulus.+

19 Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé bakal ngerti nèk awaké dhéwé asalé saka apa sing bener, lan awaké dhéwé bakal ngyakinké atiné awaké dhéwé nèk Gusti Allah nresnani awaké dhéwé. 20 Senajan atiné awaké dhéwé nyalahké awaké dhéwé, ning awaké dhéwé ngerti nèk Gusti Allah luwih unggul timbang atiné awaké dhéwé, lan Dhèwèké ngerti kabèh.+ 21 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, nèk atiné awaké dhéwé ora nyalahké awaké dhéwé, awaké dhéwé ora bakal wedi nyedhak marang Gusti Allah.+ 22 Sakliyané kuwi, nèk awaké dhéwé manut karo préntahé lan nindakké apa sing nyenengké Dhèwèké, Dhèwèké bakal mènèhi apa waé sing dijaluk awaké dhéwé.+ 23 Iki préntahé Gusti Allah: Awaké dhéwé kudu nduwé iman marang Yésus Kristus,* Anaké Gusti Allah.+ Awaké dhéwé ya kudu nresnani liyané,+ kaya sing wis dipréntahké sakdurungé. 24 Sakliyané kuwi, wong sing nindakké préntahé tetep bersatu karo Dhèwèké, lan Dhèwèké bersatu karo wong kuwi.+ Liwat roh suci sing diwènèhké marang awaké dhéwé, awaké dhéwé ngerti nèk Dhèwèké tetep bersatu karo awaké dhéwé.+

4 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, aja percaya karo saben ajaran sing kétoké saka Gusti Allah,+ ning kowé kudu mastèkké sik ajaran kuwi pancèn saka Gusti Allah apa ora,+ merga ing donya iki ana akèh nabi palsu.+

2 Iki carané mastèkké ajaran kuwi saka Gusti Allah apa ora: Nèk ajaran kuwi ngakoni Yésus Kristus wis teka ing bumi dadi manungsa, ajaran kuwi asalé saka Gusti Allah.+ 3 Ning, nèk ajaran kuwi ora ngakoni Yésus, ajaran kuwi dudu saka Gusti Allah.+ Ajaran kuwi saka sing nglawan Kristus.* Kowé wis krungu nèk dhèwèké bakal ngomongké ajaran kuwi,+ lan saiki kuwi wis diajarké ing donya.+

4 Anak-anakku, kowé kuwi asalé saka Gusti Allah, lan kowé wis ngalahké nabi-nabi palsu,+ merga Gusti Allah ndhukung kowé,+ lan Dhèwèké luwih kuwat timbang Iblis sing ndhukung donya iki.+ 5 Nabi-nabi palsu kuwi asalé saka donya,+ mula omongané sesuai karo donya iki. Kuwi sebabé donya iki ngrungokké nabi-nabi palsu kuwi.+ 6 Awaké dhéwé iki asalé saka Gusti Allah. Sapa waé sing kenal karo Gusti Allah ngrungokké awaké dhéwé.+ Ning, sapa waé sing asalé dudu saka Gusti Allah ora ngrungokké awaké dhéwé.+ Dadi, awaké dhéwé isa mbédakké endi ajaran sing bener lan endi ajaran sing salah.+

7 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, ayo terus nresnani liyané,+ merga katresnan kuwi asalé saka Gusti Allah. Sapa waé sing nresnani liyané kuwi anaké Gusti Allah lan kenal karo Gusti Allah.+ 8 Sapa waé sing ora nresnani liyané berarti ora kenal karo Gusti Allah, merga Gusti Allah kuwi katresnan.+ 9 Iki carané Gusti Allah nduduhké katresnané marang awaké dhéwé: Gusti Allah ngutus Anaké siji-sijiné+ menyang donya, bèn awaké dhéwé isa nampa urip saklawasé liwat Anaké.+ 10 Gusti Allah ngutus Anaké dadi korban+ kanggo dosa-dosané awaké dhéwé.+ Korban kuwi nggawé awaké dhéwé rukun karo Gusti Allah. Gusti Allah nindakké iki dudu merga awaké dhéwé nresnani Dhèwèké, ning merga Dhèwèké nresnani awaké dhéwé.

11 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, nèk Gusti Allah nresnani awaké dhéwé nganti nindakké kuwi, awaké dhéwé ya kudu nresnani liyané.+ 12 Ora ana sing tau ndelok Gusti Allah.+ Ning, Gusti Allah tetep ana bareng karo awaké dhéwé lan katresnané dadi sampurna ing antarané awaké dhéwé,+ nèk awaké dhéwé terus nresnani liyané. 13 Awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé bersatu karo Dhèwèké, lan Dhèwèké bersatu karo awaké dhéwé, merga Dhèwèké wis mènèhi roh suciné marang awaké dhéwé. 14 Sakliyané kuwi, awaké dhéwé wis ndelok lan martakké nèk Bapak wis ngutus Anaké bèn nylametké donya.+ 15 Nèk wong ngakoni Yésus kuwi Anaké Gusti Allah,+ Gusti Allah bakal tetep bersatu karo wong kuwi, lan wong kuwi bersatu karo Gusti Allah.+ 16 Saiki awaké dhéwé ngerti lan percaya nèk Gusti Allah nresnani awaké dhéwé.+

Gusti Allah kuwi katresnan.+ Wong sing terus nduduhké katresnan bakal tetep bersatu karo Gusti Allah, lan Gusti Allah tetep bersatu karo wong kuwi.+ 17 Kuwi sebabé katresnan dadi sampurna ing antarané awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa kendel wektu ngomong+ ing dina pengadilan, merga uripé awaké dhéwé ing donya iki kaya uripé Kristus. 18 Wong sing nresnani Gusti Allah ora bakal ngrasa wedi.+ Rasa wedi mbatesi awaké dhéwé, ning katresnan sing sampurna nggawé awaké dhéwé ora wedi. Wong sing ngrasa wedi kuwi katresnané durung sampurna.+ 19 Awaké dhéwé nresnani Gusti Allah, merga Gusti Allah luwih dhisik nresnani awaké dhéwé.+

20 Nèk ana wong sing ngomong, ”Aku nresnani Gusti Allah,” ning dhèwèké sengit karo seduluré, berarti dhèwèké ngapusi.+ Wong sing ora nresnani seduluré+ sing isa didelok ora isa nresnani Gusti Allah sing ora isa didelok.+ 21 Dhèwèké mènèhi awaké dhéwé préntah iki: Wong sing nresnani Gusti Allah ya kudu nresnani seduluré.+

5 Nèk wong percaya Yésus kuwi Kristus, berarti wong kuwi anak-anaké Gusti Allah.+ Sapa waé sing nresnani Gusti Allah ya nresnani anak-anaké Gusti Allah. 2 Nèk awaké dhéwé nresnani Gusti Allah lan nindakké préntah-préntahé, kuwi berarti awaké dhéwé nresnani anak-anaké Gusti Allah.+ 3 Nèk nresnani Gusti Allah, awaké dhéwé mesthi bakal nindakké préntah-préntahé.+ Préntah-préntahé kuwi ora abot,+ 4 merga kabèh anak-anaké Gusti Allah isa ngalahké donya.+ Imané awaké dhéwé+ sing nggawé awaké dhéwé isa ngalahké donya.

5 Sapa sing isa ngalahké donya?+ Mesthiné wong sing nduwé iman nèk Yésus kuwi Anaké Gusti Allah, ta?+ 6 Yésus Kristus teka nganggo banyu lan getih. Dhèwèké teka ora mung nganggo banyu,+ ning nganggo banyu lan getih.+ Roh suci ngandhani nèk kuwi bener,+ merga roh suci nduduhké apa sing bener. 7 Ana telu sing nduduhké apa sing bener soal Yésus: 8 roh suci,+ banyu,+ lan getih.+ Telu-teluné mènèhi keterangan sing padha.

9 Awaké dhéwé nampa keterangan saka manungsa, ning keterangan saka Gusti Allah kuwi luwih unggul, merga Gusti Allah dhéwé wis mènèhi keterangan soal Anaké. 10 Wong sing nduwé iman marang Anaké Gusti Allah nduduhké nèk apa sing diomongké Gusti Allah marang dhèwèké ana ing atiné. Wong sing ora nduwé iman marang Gusti Allah berarti nganggep nèk Gusti Allah kuwi tukang ngapusi,+ merga dhèwèké ora nduwé iman marang apa sing diomongké Gusti Allah soal Anaké. 11 Iki sing diomongké Gusti Allah: Gusti Allah mènèhi awaké dhéwé urip saklawasé,+ lan awaké dhéwé nampa kuwi liwat Anaké.+ 12 Wong sing nampa Anak nduwé harapan urip saklawasé. Wong sing ora nampa Anaké Gusti Allah ora nduwé harapan urip saklawasé.+

13 Aku nulis surat iki kanggo kowé sing nduwé iman marang Anaké Gusti Allah,*+ bèn kowé ngerti nèk kowé nduwé harapan urip saklawasé.+ 14 Awaké dhéwé yakin soal iki:* Nèk awaké dhéwé njaluk apa waé sing sesuai karo karepé Gusti Allah,+ Gusti Allah ngrungokké awaké dhéwé.+ 15 Merga ngerti nèk Dhèwèké ngrungokké apa waé sing dijaluk awaké dhéwé, awaké dhéwé isa yakin nèk bakal nampa apa sing dijaluk awaké dhéwé, merga awaké dhéwé wis njaluk marang Dhèwèké.+

16 Nèk ana sing ngerti seduluré nindakké dosa sing ora marahi seduluré kuwi pantes mati, wong kuwi kudu ndongakké seduluré kuwi, lan Gusti Allah bakal mènèhi urip marang seduluré kuwi.+ Iki kanggo wong-wong sing dosané ora marahi wong-wong kuwi pantes mati. Ning, ana dosa sing marahi wong pantes mati.+ Aku ora ngongkon sapa waé ndongakké wong sing nindakké dosa sing kaya ngono. 17 Kabèh tumindak sing ora bener kuwi dosa,+ ning ana dosa sing ora marahi wong pantes mati.

18 Awaké dhéwé ngerti nèk kabèh wong sing dadi anak-anaké Gusti Allah ora nindakké dosa. Anaké Gusti Allah* njaga wong-wong kuwi, lan Sétan* ora isa ngapak-ngapakké wong-wong kuwi.+ 19 Awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé duwèké Gusti Allah, ning donya iki dikuwasani Sétan.*+ 20 Tapi, awaké dhéwé ngerti nèk Anaké Gusti Allah wis teka ing bumi.+ Dhèwèké wis mènèhi awaké dhéwé pengetahuan, mula awaké dhéwé isa ngerti soal Gusti Allah sing bener.+ Awaké dhéwé bersatu karo Gusti Allah sing bener liwat Anaké, yaiku Yésus Kristus. Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing bener lan sing mènèhi urip saklawasé.+ 21 Anak-anakku, kowé kudu ngedohi brahala.+

Maksudé, nindakké apa sing jahat.

Maksudé, manut tuntunané Gusti Allah.

Utawa ”ngapusi awaké dhéwé”.

Utawa ”sing mbéla”.

Lit.: ”nyebabké dhèwèké kesandhung”.

Maksudé, jenengé Yésus.

Mungkin maksudé Yésus.

Lit.: ”si jahat”.

Mungkin maksudé Yésus.

Lit.: ”si jahat”.

Utawa ”nyombongké”.

Lit.: ”saiki wis jam terakhir”.

Lit.: ”nèk antikristus”.

Lit.: ”akèh antikristus”.

Lit.: ”saiki wis jam terakhir”.

Lit.: ”kuwi antikristus”.

Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”kabèh gawéané Iblis”.

Lit.: ”nduwé benihé”. Maksudé, benih sing isa ngasilké buah.

Lit.: ”si jahat”.

Lit.: ”marang jenengé Yésus Kristus”.

Lit.: ”saka antikristus”.

Lit.: ”marang jenengé Anaké Gusti Allah”.

Utawa ”Awaké dhéwé isa bébas ngomong apa waé marang Gusti Allah”.

Maksudé, Yésus Kristus.

Lit.: ”si jahat”.

Lit.: ”si jahat”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim