PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 Matius 1:1-28:20
  • Matius

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Matius
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Matius

MITURUT MATIUS

1 Iki buku bab sejarahé* Yésus Kristus,* putrané Daud, putrané Abraham:

 2 Abraham kuwi bapaké Ishak,

Ishak kuwi bapaké Yakub,

Yakub kuwi bapaké Yéhuda lan sedulur-seduluré lanang,

 3 Yéhuda kuwi bapaké Pèrèz lan Zérah, ibuné Pèrèz lan Zérah jenengé Tamar,

Pèrèz kuwi bapaké Hèzron,

Hèzron kuwi bapaké Ram,

 4 Ram kuwi bapaké Aminadab,

Aminadab kuwi bapaké Nahsyon,

Nahsyon kuwi bapaké Salmon,

 5 Salmon kuwi bapaké Boaz, ibuné Boaz jenengé Rahab,

Boaz kuwi bapaké Obèd, ibuné Obèd jenengé Rut,

Obèd kuwi bapaké Isai,

 6 Isai kuwi bapaké Raja Daud.

Daud kuwi bapaké Salomo, lan ibuné Salomo kuwi mbiyèn bojoné Uria,

 7 Salomo kuwi bapaké Réhoboam,

Réhoboam kuwi bapaké Abiya,

Abiya kuwi bapaké Asa,

 8 Asa kuwi bapaké Yéhosyafat,

Yéhosyafat kuwi bapaké Yéhoram,

Yéhoram kuwi bapaké Uzzia,

 9 Uzzia kuwi bapaké Yotam,

Yotam kuwi bapaké Ahaz,

Ahaz kuwi bapaké Hizkia,

10 Hizkia kuwi bapaké Manasyé,

Manasyé kuwi bapaké Amon,

Amon kuwi bapaké Yosia,

11 Yosia kuwi bapaké Yékonia lan sedulur-seduluré lanang. Anak-anaké Yosia lair wektu pembuwangan ing Babilon.

12 Sakwisé pembuwangan ing Babilon, Yékonia nduwé anak jenengé Syéaltièl,

Syéaltièl kuwi bapaké Zérubabèl,

13 Zérubabèl kuwi bapaké Abiud,

Abiud kuwi bapaké Èliakim,

Èliakim kuwi bapaké Azor,

14 Azor kuwi bapaké Zadok,

Zadok kuwi bapaké Akhim,

Akhim kuwi bapaké Éliud,

15 Éliud kuwi bapaké Èléazar,

Èléazar kuwi bapaké Mattan,

Mattan kuwi bapaké Yakub,

16 Yakub kuwi bapaké Yusuf. Yusuf kuwi bojoné Maria sing nglairké Yésus, sing disebut Kristus.

17 Dadi, saka Abraham nganti Daud ana 14 generasi, saka Daud nganti pembuwangan ing Babilon ana 14 generasi, saka pembuwangan ing Babilon nganti Kristus ana 14 generasi.

18 Iki crita bab lairé Yésus Kristus. Wektu kuwi, ibuné, yaiku Maria, wis tunangan karo Yusuf. Nanging sakdurungé nikah, dhèwèké mbobot merga roh suci.* 19 Merga bojoné* yaiku Yusuf kuwi wong sing apik lan ora gelem nggawé Maria kisinan ing ngarepé wong akèh, mula Yusuf péngin megat* Maria meneng-meneng. 20 Nanging sakwisé Yusuf mikirké bab kuwi, malaékaté Yéhuwah* ngomong karo Yusuf liwat mimpi. Malaékat kuwi kandha, ”Yusuf, anaké Daud, aja wedi ndadèkké Maria bojomu,* sebab Maria mbobot merga roh suci. 21 Maria bakal nglairké anak lanang lan jenengana Yésus,* merga dhèwèké bakal nylametké bangsané saka dosa-dosané.” 22 Kabèh kedadéan iki kelakon tenan supaya pangandikané Yéhuwah liwat nabiné kelakon, yaiku, 23 ”Prawan kuwi bakal mbobot lan nglairké anak lanang. Anak kuwi bakal dijenengi Imanuèl,” nèk diterjemahké tegesé ”Gusti Allah Ndhukung Kita”.

24 Banjur Yusuf tangi lan nindakké kabèh sing dipréntahké malaékaté Yéhuwah. Yusuf ndadèkké Maria bojoné.* 25 Nanging, Yusuf ora nindakké hubungan sèks karo Maria nganti Maria nglairké anak lanang lan dijenengi Yésus.

2 Yésus lair ing Bètléhèm ing tanah Yudéa wektu Hérodès* dadi raja. Banjur, ana para ahli ramal bintang saka Wétan teka menyang Yérusalèm. 2 Wong-wong kuwi takon, ”Ing ngendi bocah sing bakal dadi rajané wong Yahudi? Pas isih ana ing Wétan, aku kabèh ndelok bintangé, lan saiki aku kabèh teka arep sujud marang dhèwèké.” 3 Wektu Raja Hérodès lan kabèh wong ing Yérusalèm krungu bab iki, wong-wong kuwi dadi kuwatir banget. 4 Raja Hérodès banjur ngumpulké para imam kepala lan para ahli Taurat, terus takon ing ngendi Kristus* bakal lair. 5 Wong-wong kuwi njawab, ”Ing Bètléhèm ing tanah Yudéa, merga ana nabi sing nulis, 6 ’Bètléhèm ing tanah Yéhuda, kowé babar blas dudu kutha sing ora penting kanggoné para panguwasa Yéhuda, merga saka kowé bakal metu panguwasa sing bakal angon umat-Ku Israèl.’”

7 Banjur Hérodès meneng-meneng ngundang para ahli ramal bintang kuwi lan takon kapan persisé bintang kuwi metu. 8 Wektu ngongkon wong-wong kuwi menyang Bètléhèm, Hérodès kandha, ”Golèkana bocah kuwi nganti ketemu. Nèk wis ketemu, kandhanana aku supaya aku isa mrana kanggo sujud marang dhèwèké.” 9 Sakwisé krungu préntahé raja, wong-wong kuwi banjur mangkat. Bintang sing didelok wong-wong kuwi pas ing Wétan, saiki ndhisiki lan mandheg ing ndhuwur panggonané bocah kuwi. 10 Wong-wong kuwi seneng banget pas weruh bintang kuwi mandheg. 11 Wektu mlebu ing omah kuwi, para ahli ramal bintang ndelok bocah cilik kuwi karo ibuné, yaiku Maria. Wong-wong kuwi banjur jèngkèng lan sujud, terus mbukak kothak hartané lan ngekèki Yésus hadiah-hadiah yaiku emas, menyan, lan mur. 12 Nanging, Gusti Allah maringi tuntunan liwat mimpi supaya ora nemoni Hérodès manèh. Mula, wong-wong kuwi mulih ing negarané liwat dalan liya.

13 Sakwisé wong-wong kuwi lunga, malaékaté Yéhuwah nemoni Yusuf liwat mimpi lan kandha, ”Tangia, gawanen bocah kuwi lan ibuné, lan lungaa menyang Mesir. Manggona ing kana nganti aku ngongkon kowé bali, merga Hérodès bakal nggolèki bocah kuwi kanggo dipatèni.” 14 Mula ing wengi kuwi, Yusuf langsung tangi lan nggawa bocah kuwi lan ibuné menyang Mesir. 15 Dhèwèké manggon ing Mesir nganti Hérodès mati. Nganggo cara kuwi, kelakon apa sing wis dingendikakké Yéhuwah liwat nabiné, yaiku, ”Saka Mesir Aku ngundang putra-Ku.”

16 Banjur, wektu Hérodès sadhar nèk wis diapusi karo para ahli ramal bintang mau, dhèwèké dadi nesu banget. Terus dhèwèké ngongkon supaya kabèh bocah lanang ing Bètléhèm lan ing dhaérah sakiwa-tengené dipatèni, yaiku sing umuré rong taun mangisor. Kuwi ditindakké miturut katrangan saka para ahli ramal bintang bab kapan bintang kuwi metu. 17 Mula, kelakon apa sing wis dikandhakké liwat Nabi Yérémia, yaiku, 18 ”Ana swara tangisan lan sesambat ing kutha Rama. Kuwi swara tangisané Rakhèl sing nangisi anak-anaké, lan dhèwèké ora gelem dilipur merga anak-anaké wis ora ana.”

19 Sakwisé Hérodès mati, malaékaté Yéhuwah ngandhani Yusuf liwat mimpi. Wektu kuwi Yusuf ana ing Mesir. 20 Malaékat kuwi kandha, ”Tangia, gawanen bocah kuwi lan ibuné menyang negara Israèl, merga wong-wong sing péngin matèni bocah kuwi wis padha mati.” 21 Yusuf tangi lan nggawa bocah kuwi uga ibuné menyang negara Israèl. 22 Nanging Yusuf ngerti nèk Arkhélaus nggantèni bapaké yaiku Hérodès dadi raja ing Yudéa, mula dhèwèké wedi mrana. Apa manèh Gusti Allah wis ngandhani Yusuf liwat mimpi supaya aja mrana, mula dhèwèké lunga menyang dhaérah Galiléa. 23 Akiré Yusuf tekan ing kutha sing jenengé Nazarèt lan manggon ing kono, supaya kelakon apa sing wis dikandhakké liwat para nabi, ”Dhèwèké bakal disebut wong Nazarèt.”*

3 Wektu kuwi, Yohanes Pembaptis teka ing Padhang Belantara Yudéa kanggo martakké, 2 ”Mertobata, merga Kraton swarga wis cedhak.” 3 Sakjané, Yohanes kuwi wong sing dimaksud Nabi Yésaya wektu kandha, ”Ana swara wong mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah! Lurusna dalan-dalané.’” 4 Yohanes nganggo klambi saka wulu unta lan sabuké saka kulit. Panganané walang lan madu alas. 5 Wong-wong saka Yérusalèm, wilayah Yudéa, lan kabèh dhaérah ing sakiwa-tengené Kali Yordan teka marani Yohanes. 6 Wong-wong kuwi dibaptis* Yohanes ing Kali Yordan, lan ngakoni dosa-dosané kanthi blaka.

7 Wektu ndelok akèh wong Farisi lan Saduki teka mrana, Yohanes kandha, ”Kowé kabèh keturunan ula sing ana racuné, sapa sing ngélikké kowé kanggo nyingkir saka murkané Gusti Allah sing bakal teka? 8 Mula, duduhna liwat tumindakmu nèk kowé pancèn wis mertobat.* 9 Aja mikir nèk kowé isa mbatin, ’Leluhurku* kuwi Abraham.’ Kowé kabèh tak kandhani, Gusti Allah isa maringi Abraham keturunan saka watu-watu iki. 10 Kapak wis didèlèhké ing cedhak oyodé wit. Mula, saben wit sing ora ngasilké woh sing apik bakal ditegor lan bakal diuncalké ing geni. 11 Aku mbaptis kowé nganggo banyu merga kowé wis mertobat, nanging dhèwèké sing bakal teka sakwisé aku bakal mbaptis kowé nganggo roh suci lan geni. Dhèwèké luwih kuwasa ketimbang aku, lan aku malah ora pantes nyopot sandhalé. 12 Dhèwèké nyekel sekop kanggo napèni,* lan bakal ngresiki panggonan kanggo napèni gandum. Terus nglumpukké gandumé ing gudhang, nanging kulité bakal diobong nganggo geni sing ora isa dipatèni.”

13 Banjur Yésus teka saka Galiléa menyang Kali Yordan kanggo dibaptis Yohanes. 14 Nanging Yohanes nolak lan kandha, ”Aku sing kuduné panjenengan baptis, ngapa kok malah panjenengan sing marani aku?” 15 Yésus njawab, ”Wis tindakna waé, merga nganggo cara iki awaké dhéwé nindakké kabèh kersané Gusti Allah.” Mula, Yohanes ora nolak manèh. 16 Sakwisé dibaptis, Yésus langsung mentas saka banyu. Ujug-ujug langit kebukak, lan Yohanes ndelok roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus. 17 Terus ana swara saka langit, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.”

4 Banjur, Yésus dituntun roh suci menyang padhang belantara, lan ing kana Yésus digodha Iblis. 2 Sakwisé pasa 40 dina 40 wengi, Yésus krasa luwé. 3 Iblis* banjur teka nggodha Yésus lan kandha, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, kongkonen watu-watu iki dadi roti.” 4 Nanging Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Manungsa kudu urip, ora mung saka roti waé, nanging saka saben tembung sing dingendikakké Yéhuwah.’”

5 Banjur Iblis nggawa Yésus menyang kutha suci,* ing bagéan témbok sing paling dhuwur ing bait, 6 lan kandha, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, anjloga. Merga Kitab Suci kandha, ’Gusti Allah bakal mréntahké para malaékaté,’ lan, ’Para malaékat kuwi bakal nampani kowé supaya aja nganti sikilmu kesandhung watu.’” 7 Yésus njawab, ”Kitab Suci uga kandha, ’Aja nguji Yéhuwah, Gusti Allahmu.’”

8 Banjur Iblis nggawa Yésus menyang gunung sing dhuwur banget lan nduduhké kabèh pamréntahan manungsa ing donya lan kamulyané. 9 Iblis kandha, ”Kabèh iki bakal tak kèkké kowé nèk kowé sujud lan nyembah aku sepisan waé.” 10 Banjur Yésus njawab, ”Lungaa, Sétan! Merga Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah, Gusti Allahmu sing kudu kok sembah, lan mung marang Panjenengané kowé kudu ngabekti.’”* 11 Iblis banjur ninggalké Yésus, lan para malaékat teka kanggo ngladèni Yésus.

12 Wektu krungu nèk Yohanes wis ditangkep, Yésus lunga menyang Galiléa. 13 Sakwisé ninggalké Nazarèt, Yésus lunga lan manggon ing Kapernaum, ing pinggir laut ing dhaérah Zébulon lan Naftali, 14 supaya kelakon apa sing diomongké liwat Nabi Yésaya, yaiku, 15 ”Hé, tanah Zébulon lan tanah Naftali, ing dalan menyang laut, ing sebrangé Kali Yordan, ing Galiléa sing dienggoni bangsa-bangsa liya. 16 Wong-wong sing lungguh ing pepeteng ndelok cahya sing padhang, lan wong-wong sing lungguh ing panggonan sing ditutupi bayang-bayang pati wis dipadhangi.” 17 Wiwit wektu kuwi, Yésus mulai nginjil lan kandha, ”Mertobata, merga Kraton swarga wis cedhak.”

18 Wektu mlaku ing pinggir Laut Galiléa, Yésus ndelok wong loro kakang-adhi, yaiku Simon sing disebut Pétrus lan Andréas. Wong loro kuwi lagi nguncalké jala menyang laut merga wong loro kuwi nelayan. 19 Yésus kandha, ”Mèlua aku, lan aku bakal ndadèkké kowé tukang njala manungsa.” 20 Wong loro kuwi langsung ninggalké gawéané* lan mèlu Yésus. 21 Sakwisé lunga saka kono, Yésus ndelok wong loro liyané sing uga kakang-adhi, yaiku Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus. Wong loro kuwi lagi ndandani jala ing prau karo bapaké, lan Yésus ngundang wong loro kuwi. 22 Wong loro kuwi langsung ninggalké prauné lan bapaké, terus mèlu Yésus.

23 Terus Yésus lunga menyang kabèh dhaérah ing Galiléa, mulang ing sinagogé-sinagogé,* lan martakké kabar apik bab Kratoné Allah, uga marèkké kabèh penyakit lan kabèh masalah keséhatan. 24 Warta bab Yésus nyebar ing kabèh wilayah Siria. Wong-wong nggawa marang Yésus kabèh sing sengsara merga werna-werna penyakit, sing kesurupan, sing ayan, lan sing lumpuh. Yésus marèkké kabèh wong kuwi. 25 Mula, ana akèh wong sing mèlu Yésus. Wong-wong kuwi asalé saka Galiléa, Dékapolis,* Yérusalèm, Yudéa, lan saka sebrangé Kali Yordan.

5 Wektu ndelok kumpulan wong kuwi, Yésus munggah ing gunung. Lan sakwisé lungguh, murid-muridé marani dhèwèké. 2 Yésus mulai mulang wong-wong kuwi, kandhané,

3 ”Bungah wong-wong sing mbutuhké tuntunané Gusti Allah,* merga Kraton swarga bakal dadi duwèké.

4 ”Bungah wong-wong sing sedhih, merga bakal dilipur.

5 ”Bungah wong-wong sing wataké alus, merga bakal éntuk warisan bumi.

6 ”Bungah wong-wong sing luwé lan ngelak marang apa sing bener, merga bakal dipuaské.

7 ”Bungah wong-wong sing welas asih, merga bakal éntuk welas asih.

8 ”Bungah wong-wong sing tulus* atiné, merga bakal ndelok Gusti Allah.

9 ”Bungah wong-wong sing seneng nggawé rukun, merga bakal disebut putra-putrané Gusti Allah.

10 ”Bungah wong-wong sing dianiaya merga apa sing bener, merga Kraton swarga bakal dadi duwèké.

11 ”Bungah kowé nèk ana wong sing ngécé, nganiaya, lan mitenah kowé nganggo tudhuhan-tudhuhan palsu merga aku. 12 Nabi-nabi jaman mbiyèn uga dianiaya kaya ngono, mula padha bungaha lan senenga merga opahmu gedhé ing swarga.

13 ”Kowé kuwi uyahé donya. Nanging nèk uyah wis ora asin, piyé isa diasinké manèh? Kuwi wis ora ana gunané, uga bakal dibuwang ing njaba lan diidak-idak wong.

14 ”Kowé kuwi pepadhangé donya. Kutha sing ana ing gunung mesthi bakal kétok. 15 Wong nyumed lampu minyak lan ndèlèhké kuwi ing panggonan sing dhuwur, ora ing ngisor kranjang,* supaya isa madhangi kabèh sing ana ing njero omah. 16 Semono uga, duduhna pepadhangmu liwat tumindak sing apik, supaya wong-wong isa ndelok tumindakmu sing apik kuwi lan ngluhurké Bapakmu sing ana ing swarga.

17 ”Aja mikir nèk aku teka kanggo nyirnakké Taurat utawa Kitab Para Nabi. Aku teka ora kanggo nyirnakké, nanging kanggo netepi kuwi kabèh. 18 Saktenané aku kandha, senajan bumi lan langit iki sirna, sak huruf utawa sak titik waé ing Taurat ora bakal sirna sakdurungé kabèh sing ditulis ing kono kelakon. 19 Mula, sapa waé sing nglanggar salah siji préntah mau senajan sing paling cilik, lan ngajari liyané supaya nindakké sing padha, bakal dianggep paling cilik ing bab* Kraton swarga. Nanging, sapa waé sing nindakké préntah kuwi, lan ngajari liyané nindakké sing padha, bakal dianggep gedhé ing bab* Kraton swarga. 20 Aku kandha marang kowé, kowé ora bakal isa mlebu ing Kraton swarga nèk tumindakmu ora luwih bener ketimbang para ahli Taurat lan wong Farisi.

21 ”Kowé wis krungu apa sing diomongké marang wong-wong jaman mbiyèn, yaiku, ’Aja matèni. Wong sing matèni bakal digawa menyang pengadilan.’ 22 Nanging aku ngandhani kowé kabèh, saben wong sing terus nesu marang seduluré bakal digawa menyang pengadilan. Sapa waé sing nyebut seduluré nganggo tembung-tembung sing ora pantes bakal digawa menyang pengadilan sing paling dhuwur.* Lan sapa waé sing kandha, ’Dhasar goblok!’ isa dihukum ing Géhéna* sing geniné mulad-mulad.

23 ”Mula, nèk kowé nggawa kurban ing mésbah lan ing kono kowé kèlingan sedulurmu lagi jèngkèl marang kowé, 24 tinggalen kurbanmu ing ngarepé mésbah, lan lungaa. Rukuna dhisik karo sedulurmu, banjur balia lan wènèhna kurbanmu.

25 ”Nèk ana wong sing nuntut kowé ing bab hukum, cepet rampungna masalahmu sakdurungé kowé lan dhèwèké tekan pengadilan, supaya wong kuwi ora nyerahké kowé marang hakim, terus hakim marang petugas pengadilan, lan akiré kowé dilebokké penjara. 26 Saktenané aku kandha, kowé mesthi ora bakal metu saka kono sakdurungé kowé nglunasi utangmu, nganti dhuwit rècèh* sing pungkasan.

27 ”Kowé wis krungu omongan, ’Aja laku jina.’ 28 Nanging aku kandha marang kowé nèk saben wong sing terus nyawang wong wadon nganti nduwé nafsu marang dhèwèké, kuwi wis laku jina ing njero atiné. 29 Dadi saiki, nèk mripatmu tengen nyebabké kowé nindakké dosa,* cungkilen kuwi lan buwangen. Merga luwih becik kowé kélangan salah siji mripatmu ketimbang badanmu sakwutuhé diuncalké menyang Géhéna.* 30 Uga, nèk tanganmu tengen nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi lan buwangen. Merga luwih becik kowé kélangan salah siji tanganmu ketimbang badanmu sakwutuhé mlebu ing Géhéna.*

31 ”Banjur, ana omongan, ’Sapa waé sing megat bojoné, kudu mènèhi surat pegatan resmi.’ 32 Nanging aku kandha marang kowé, sapa sing megat bojoné padahal bojoné ora nindakké hubungan sèks sing ora sah,* wong kuwi isa nyebabké bojoné laku jina. Lan sapa sing nikah karo wong wadon sing dipegat mau uga nindakké laku jina.

33 ”Kowé uga wis krungu apa sing diomongké marang wong-wong jaman mbiyèn, ’Aja sumpah nanging ora nglakoni. Kowé kudu netepi janjimu marang Yéhuwah.’ 34 Nanging aku kandha marang kowé: Aja pisan-pisan nggawé sumpah. Aja sumpah demi swarga, merga kuwi tahtané Gusti Allah. 35 Aja sumpah demi bumi, merga kuwi ancik-anciké Gusti Allah. Aja sumpah demi Yérusalèm, merga kutha kuwi kutha Raja sing agung. 36 Aja sumpah demi sirahmu, merga kowé ora isa nggawé sak ler rambut waé dadi putih utawa ireng. 37 Nèk kowé kandha ’Ya’, kuduné pancèn ya. Nèk kandha ’Ora’, kuduné pancèn ora. Merga nèk ora ngono, asalé saka si jahat.*

38 ”Kowé wis krungu omongan, ’Mripat ganti mripat, lan untu ganti untu.’ 39 Nanging aku kandha marang kowé: Aja nglawan wong sing tumindak jahat. Nanging, nèk pipimu tengen ditapuk, wènèhna uga pipimu kiwa. 40 Lan nèk ana wong sing nggawa kowé menyang pengadilan lan péngin nduwèni klambimu njero, wènèhna uga klambimu njaba. 41 Lan nèk ana wong sing nduwé wewenang ngongkon kowé lunga sak kilomèter, lungaa karo dhèwèké rong kilomèter. 42 Wènèhna apa sing dijaluk wong, lan aja nolak nèk ana wong sing nyilih* marang kowé.

43 ”Kowé wis krungu omongan, ’Tresnaa marang pepadhamu,* lan sengita marang mungsuhmu.’ 44 Nanging aku kandha marang kowé: Terus tresnaa marang mungsuh-mungsuhmu lan dongakna wong-wong sing nganiaya kowé, 45 supaya kowé isa kebukti dadi putra-putrané Bapakmu ing swarga, merga Panjenengané nggawé srengéngé mlethèk kanggo wong sing jahat lan wong sing apik, uga nggawé udan kanggo wong sing bener lan wong sing ora bener. 46 Nèk kowé mung nresnani wong sing nresnani kowé, apa opahmu? Para petugas pajeg ya nglakoni sing padha, ta? 47 Lan nèk kowé ngucapké salam mung marang sedulurmu waé, apa kowé nglakoni sing luwih apik timbang liyané? Wong-wong saka bangsa liya ya nglakoni sing padha, ta? 48 Mula, dadia sampurna,* kaya Bapakmu ing swarga sing sampurna.

6 ”Aja tumindak apik mung supaya didelok wong. Merga nèk kaya ngono, kowé ora bakal éntuk opah saka Bapakmu ing swarga. 2 Mula nèk kowé mènèhi sedhekah, aja dicritak-critakké marang wong liya,* kaya sing ditindakké wong munafik ing sinagogé* lan ing dalan-dalan supaya dialem wong. Saktenané aku kandha marang kowé, wong-wong kuwi wis éntuk opahé. 3 Nanging, nèk kowé mènèhi sedhekah, aja nganti tanganmu kiwa ngerti sing ditindakké tanganmu tengen, 4 supaya ora ana sing ngerti nèk kowé mènèhi sedhekah. Banjur Bapakmu sing isa ngerti kabèh bakal mberkahi kowé.

5 ”Semono uga, wektu kowé ndonga aja kaya wong munafik. Wong-wong kuwi seneng ndonga karo ngadeg ing sinagogé lan ing prapatan* supaya didelok wong. Saktenané aku kandha marang kowé, wong-wong kuwi wis éntuk opahé. 6 Nanging wektu ndonga, mlebua ing kamar lan sakwisé lawangé kok tutup, ndongaa marang Bapakmu sing ora katon. Banjur Bapakmu sing isa ngerti kabèh bakal mberkahi kowé. 7 Wektu ndonga, aja ngucapké tembung-tembung sing padha lan dibolan-balèni kaya sing ditindakké wong-wong saka bangsa-bangsa. Wong-wong kuwi ngira dongané bakal dirungokké merga dawa. 8 Aja kaya wong-wong kuwi, merga Bapakmu ngerti apa sing kok butuhké, malah sakdurungé kowé nyuwun.

9 ”Mula ndongaa kaya ngéné:

”’Bapakku sing ana ing swarga, asma Panjenengan mugi disucèkké. 10 Kraton Panjenengan mugi rawuh. Kersa* Panjenengan mugi kelakon ing bumi, kaya ing swarga. 11 Paringana aku kabèh maeman* sing tak butuhké dina iki, 12 lan tulung apurana dosa-dosaku,* kaya aku wis ngapurani wong-wong sing wis dosa marang aku. 13 Lan tulungi aku supaya ora nyerah wektu digodha,* nanging slametna aku saka si jahat.’*

14 ”Nèk kowé ngapurani salahé wong liya, Bapakmu ing swarga uga bakal ngapurani kowé. 15 Nanging nèk kowé ora ngapurani salahé wong liya, Bapakmu uga ora bakal ngapurani salahmu.

16 ”Nèk kowé pasa, rupamu aja kok melas-melaské kaya wong munafik. Wong-wong kuwi sengaja nggawé rupané kétok lesu bèn wong liya ngerti nèk dhèwèké lagi pasa. Saktenané aku kandha marang kowé, wong-wong kuwi wis éntuk opahé. 17 Nanging nèk kowé pasa, minyakana rambutmu lan raupana raimu, 18 supaya ora ana wong sing ngerti nèk kowé lagi pasa, kejaba Bapakmu sing ora katon. Banjur, Bapakmu sing isa ngerti kabèh bakal mberkahi kowé.

19 ”Aja nglumpukké manèh bandha ing bumi, merga renget* lan tèyèng* isa ngrusak kuwi, lan maling uga isa nyolong. 20 Nanging klumpukna bandha ing swarga, merga ing kana renget lan tèyèng ora isa ngrusak, lan maling uga ora isa nyolong. 21 Sebab ing ngendi bandhamu, ya ing kono kuwi atimu.

22 ”Pepadhangé badan kuwi mripat. Dadi, nèk mripatmu fokus,* badanmu sakwutuhé bakal padhang. 23 Nanging nèk mripatmu seneng iri,* badanmu sakwutuhé bakal peteng. Nèk pepadhang sing kok duwèni jebulé peteng, badanmu sakwutuhé mesthi peteng ndhedhet.

24 ”Ora ana sing isa dadi budhak kanggo majikan loro. Merga dhèwèké bakal gething marang sing siji lan nresnani sijiné, utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné. Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ing wektu sing padha dadi budhaké Bandha.

25 ”Mula aku ngandhani kowé: Aja kuwatir manèh bab uripmu* yaiku apa sing arep kok pangan utawa apa sing arep kok ombé, utawa bab badanmu yaiku apa sing arep kok enggo. Urip kuwi kan luwih aji ketimbang panganan lan sandhangan, ta? 26 Coba delengen manuk-manuk ing langit. Manuk-manuk kuwi ora nyebar winih utawa manèn utawa nyimpen panganan, nanging Bapakmu ing swarga maringi pangan manuk-manuk kuwi. Kowé kan luwih aji ketimbang manuk-manuk kuwi, ta? 27 Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?* 28 Uga apa sebabé kowé kuwatir bab sandhangan? Sinaua saka kembang lili sing thukul ing kebon. Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé lan ora njahit, 29 nanging aku kandha marang kowé, senajan Salomo sugih banget, sandhangané ora luwih apik ketimbang kembang-kembang kuwi. 30 Nèk tanduran ing kebon waé, sing saiki urip terus sésuk diobong, diparingi sandhangan sing éndah karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Wis mesthi Gusti Allah bakal maringi kowé sandhangan, hé kowé sing imané cilik! 31 Mula aja nganti kuwatir lan kandha, ’Apa sing bakal tak pangan?’ utawa, ’Apa sing bakal tak ombé?’ utawa, ’Apa sing bakal tak enggo?’ 32 Kabèh kuwi perkara-perkara sing digolèki bangsa-bangsa kanthi mempeng. Bapakmu ing swarga ngerti nèk kowé mbutuhké kuwi kabèh.

33 ”Mula, terus utamakna dhisik Kratoné Allah lan apa sing bener miturut Gusti Allah, lan kabèh perkara liyané bakal diparingké marang kowé. 34 Dadi aja nganti kuwatir bab dina sésuk, merga sésuk bakal ana kekuwatiran liyané. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.

7 ”Aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili, 2 merga kowé bakal diadili miturut caramu ngadili, lan caramu tumindak marang wong liya, ya kaya ngono uga wong liya bakal tumindak marang kowé.* 3 Dadi, apa sebabé kowé ndelok dami* ing mripaté sedulurmu, nanging ora ndelok balok kayu ing mripatmu dhéwé? 4 Utawa kok isa kowé kandha karo sedulurmu, ’Kéné tak ilangané dami saka mripatmu,’ padahal ana balok kayu ing mripatmu dhéwé? 5 Wong munafik! Ilangana dhisik balok kayu saka mripatmu, banjur kowé isa ndelok cetha lan ngilangi dami saka mripaté sedulurmu.

6 ”Aja mènèhké bab sing suci marang asu lan aja nguncalké mutiaramu marang babi merga mung bakal diidak-idak, lan kéwan kuwi bakal nyerang kowé.

7 ”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang, 8 merga saben wong sing njaluk bakal nampa, lan saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang. 9 Apa ana ing antaramu sing bakal mènèhi watu nèk anaké njaluk roti? 10 Utawa bakal mènèhi ula nèk anaké njaluk iwak? 11 Dadi, nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal maringi apa sing apik kanggo wong-wong sing nyuwun marang Panjenengané.

12 ”Apa sing kok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau. Sakjané, iya kuwi intiné Taurat lan Kitab Para Nabi.

13 ”Mlebua liwat gerbang sing sempit, merga gerbang sing amba lan dalan sing jembar kuwi ngarah menyang pati,* lan akèh wong sing liwat gerbang kuwi. 14 Nanging, gerbang sing sempit lan dalan sing ciyut kuwi ngarah menyang urip, lan mung wong sithik sing nemokké kuwi.

15 ”Waspadaa marang nabi-nabi palsu sing marani kowé kanthi éthok-éthok dadi wedhus gèmbèl, padahal asliné serigala sing rakus. 16 Kowé bakal weruh asliné wong-wong kuwi saka wohé.* Suket eri ora bakal ngetokké woh anggur utawa woh ara, ta? 17 Semono uga, wit sing apik ngasilké woh sing apik, nanging wit sing èlèk ngasilké woh sing èlèk. 18 Wit sing apik ora isa ngasilké woh sing èlèk, lan wit sing èlèk ora isa ngasilké woh sing apik. 19 Saben wit sing ora ngasilké woh sing apik bakal ditegor lan diobong. 20 Dadi, kowé bakal weruh asliné wong-wong kuwi saka wohé.

21 ”Ora saben wong sing kandha marang aku, ’Gusti, Gusti,’ bakal mlebu ing Kraton swarga. Nanging, mung wong sing nindakké kersané Bapakku ing swarga sing isa mlebu ing kana. 22 Bakal ana akèh wong sing kandha ing dina kuwi, ’Gusti, Gusti, aku kan wis ngramal nganggo jenengmu, lan ngusir roh-roh jahat nganggo jenengmu, lan nindakké akèh mukjijat nganggo jenengmu, ta?’ 23 Nanging aku bakal njawab wong-wong kuwi, ’Aku ora kenal karo kowé! Kowé wong-wong sing nglanggar hukum, lungaa kana!’

24 ”Mula, saben wong sing ngrungokké lan nindakké omonganku iki bakal kaya wong wicaksana sing mbangun omahé ing ndhuwur watu. 25 Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé sing nerjang, omah kuwi ora ambruk merga dibangun ing ndhuwur watu. 26 Nanging, saben wong sing ngrungokké omonganku iki lan ora gelem nindakké, bakal kaya wong bodho sing mbangun omahé ing ndhuwur pasir. 27 Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé sing nerjang, omah kuwi ambruk lan remuk sakabèhé.”

28 Wektu Yésus rampung ngomongké kuwi kabèh, kumpulan wong kuwi nggumun karo carané Yésus mulang, 29 merga apa sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah, ora kaya para ahli Taurat.

8 Sakwisé Yésus mudhun saka gunung, ana kumpulan wong sing ngetutké dhèwèké. 2 Terus ana wong sing lara kusta marani Yésus lan sujud, banjur kandha, ”Gusti, nèk panjenengan kersa, panjenengan isa marèkké aku.”* 3 Mula Yésus ngulungké tangané lan ndemèk wong kuwi, lan kandha, ”Aku gelem. Dadia séhat.”* Ing wektu kuwi uga, lara kustané langsung mari. 4 Banjur, Yésus kandha marang wong kuwi, ”Aja kandha sapa-sapa. Nanging lungaa lan duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna kurban kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa, kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.”

5 Wektu Yésus mlebu ing Kapernaum, ana perwira sing mara lan nyuwun marang Yésus, 6 ”Pak, pembantuku lumpuh ing omah lan ora isa tangi, dhèwèké sengsara banget.” 7 Yésus kandha marang perwira mau, ”Iya, aku tak mrana kanggo marèkké dhèwèké.” 8 Perwira kuwi njawab, ”Pak, aku ora pantes nampa panjenengan ing omahku. Panjenengan cukup ngendika sak tembung waé lan pembantuku mesthi bakal mari. 9 Merga aku iki ya nduwé pimpinan, lan aku uga nduwé prajurit-prajurit sing tak pimpin. Nèk aku kandha marang salah siji prajuritku, ’Lungaa!’ dhèwèké bakal lunga. Terus nèk aku kandha marang prajurit liyané, ’Mrénéa!’ dhèwèké bakal mara. Lan nèk aku ngongkon budhakku, ’Tindakna iki!’ dhèwèké bakal nindakké kuwi.” 10 Wektu krungu kuwi, Yésus nggumun lan kandha marang wong-wong sing ngetutké dhèwèké, ”Tak kandhani sing saktenané, aku durung tau ketemu wong ing Israèl sing imané gedhé kaya wong iki. 11 Aku ngandhani kowé nèk akèh wong saka wétan lan kulon bakal teka, terus lungguh lan mangan bareng karo Abraham, Ishak, lan Yakub ing Kraton swarga, 12 nanging wong-wong sing kuduné mlebu ing Kraton swarga* bakal diuncalké menyang njaba, ing pepeteng. Ing kono wong-wong kuwi bakal nangis lan gela banget.”* 13 Banjur Yésus kandha marang perwira kuwi, ”Balia. Merga kowé nduwé iman, kuwi bakal kelakon.” Lan ing wektu kuwi uga, pembantuné mari.

14 Wektu Yésus tekan ing omahé Pétrus, Yésus ndelok ibu maratuwané Pétrus turon ing ambèn lagi demam. 15 Banjur Yésus ndemèk tangané, lan larané mari. Terus wong wadon kuwi tangi lan ngladèni Yésus. 16 Wenginé, akèh wong sing kesurupan roh-roh jahat padha digawa marang Yésus. Lan Yésus ngusir roh-roh kuwi mung nganggo sak tembung waé. Yésus uga marèkké kabèh sing lara, 17 supaya kelakon apa sing dikandhakké liwat Nabi Yésaya yaiku, ”Dhèwèké nyingkirké penyakit kita lan nanggung kasangsaran kita.”

18 Wektu Yésus nyawang kumpulan wong ing sakcedhaké, Yésus ngajak murid-muridé lunga ing sebrang. 19 Banjur ana salah siji ahli Taurat sing marani Yésus lan kandha, ”Guru, aku bakal mèlu menyang ngendi waé panjenengan lunga.” 20 Nanging Yésus kandha marang dhèwèké, ”Rubah* nduwé erong lan manuk ing langit nduwé susuh, nanging Putrané manungsa ora nduwé omah.”* 21 Banjur ana murid liyané sing kandha marang Yésus, ”Gusti, nèk éntuk aku tak ngubur bapakku dhisik.” 22 Yésus njawab, ”Terusa mèlu aku, lan ejarna wong mati ngubur wong mati.”

23 Wektu Yésus numpak prau, murid-muridé padha mèlu. 24 Ujug-ujug ana angin gedhé ing laut, prauné diterjang ombak lan klebon banyu. Nanging wektu kuwi Yésus lagi turu. 25 Terus murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Gusti, tulung! Awaké dhéwé bakal mati!” 26 Nanging Yésus njawab, ”Apa sebabé kok kowé wedi? Kowé kuwi kurang iman.” Yésus banjur ngadeg, lan nggetak angin lan laut. Banjur kahanané dadi tenang. 27 Wong-wong kuwi nggumun lan kandha, ”Sapa sakjané wong iki? Angin lan laut waé manut karo dhèwèké.”

28 Wektu Yésus tekan ing sebrang, ing dhaérah wong Gadara, ana wong lanang loro sing kesurupan roh jahat teka saka kuburan lan marani Yésus. Wong-wong kuwi mbebayani banget, mula ora ana wong siji-sijia sing wani liwat dalan kuwi. 29 Wong loro kuwi mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Putrané Gusti Allah? Apa kowé mréné arep nyiksa aku sakdurungé wektu sing wis ditemtokké?” 30 Ing dhaérah sing adoh saka kono, ana sakumpulan babi lagi mangan. 31 Mula roh-roh jahat kuwi njaluk marang Yésus lan kandha, ”Nèk kowé arep ngusir aku kabèh, préntahna aku kabèh mlebu ing babi-babi kuwi.” 32 Yésus njawab, ”Lungaa!” Roh-roh jahat kuwi banjur metu, terus mlebu ing babi-babi kuwi. Sakumpulan babi mau banjur njegur ing laut saka tebing lan mati kleleb. 33 Nanging wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi mlayu lan mlebu ing kutha. Banjur wong-wong kuwi nyritakké kabèh kedadéan, klebu bab wong-wong sing kesurupan roh jahat mau. 34 Wong-wong sing ana ing kutha kuwi banjur metu kanggo nemoni Yésus, lan sakwisé weruh Yésus, wong-wong kuwi ngongkon supaya Yésus lunga saka dhaérahé.

9 Mula, Yésus numpak prau lan nyabrang menyang kuthané dhéwé. 2 Banjur, wong-wong nggotong wong lumpuh sing diturokké ing tandhu menyang ngarepé Yésus. Wektu ndelok imané wong-wong mau, Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Aja kuwatir, Lé. Dosamu wis diapura.” 3 Ana ahli-ahli Taurat padha ngrasani, ”Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah.” 4 Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kowé nduwé pikiran jahat kaya ngono? 5 Luwih gampang sing endi, ngomong, ’Dosamu wis diapura,’ utawa ngomong, ’Ngadega lan mlakua’? 6 Nanging, iki supaya kowé ngerti nèk Putrané manungsa nduwé kuwasa ing bumi kanggo ngapurani dosa . . .” Banjur Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.” 7 Wong lumpuh mau terus ngadeg lan bali menyang omahé. 8 Wektu kumpulan wong ndelok kedadéan iki, wong-wong kuwi padha nggumun, lan ngluhurké Gusti Allah sing wis maringi kuwasa kaya ngono marang manungsa.

9 Banjur, Yésus mlaku manèh lan ndelok wong lanang sing jenengé Matius lagi lungguh ing kantor pajeg. Yésus kandha marang dhèwèké, ”Dadia muridku.” Matius langsung ngadeg lan mèlu Yésus. 10 Wektu Yésus maem ing omahé Matius, akèh petugas pajeg lan wong-wong dosa teka, banjur mèlu maem bareng karo Yésus lan para muridé. 11 Wektu weruh iki, wong-wong Farisi takon marang para muridé Yésus, ”Ngapa gurumu mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?” 12 Yésus krungu omongan kuwi, terus njawab, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter, sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara. 13 Lungaa, lan pikirna omongan iki, ’Aku seneng marang welas asih, dudu kurban.’ Aku teka ora kanggo ngundang wong-wong sing bener, nanging wong-wong sing dosa.”

14 Banjur murid-muridé Yohanes marani Yésus lan takon, ”Ngapa murid-muridmu ora pasa, padahal aku lan kanca-kancaku uga wong-wong Farisi padha pasa?” 15 Yésus njawab, ”Wektu mantèn lanang isih bebarengan karo para sahabaté, para sahabaté ora perlu sedhih, ta? Nanging bakal tekan wektuné mantèn lanang dipisahké saka para sahabaté, lan ing wektu kuwi sahabat-sahabaté bakal pasa. 16 Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain sing anyar, merga kain sing anyar kuwi bakal mengkered, lan suwèké dadi saya amba. 17 Uga, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, wadhah anggur sing lawas kuwi bakal pecah lan angguré wutah, lan wadhah anggur kuwi rusak. Nanging wong nyimpen anggur sing anyar ing wadhah anggur sing anyar, lan loro-loroné ora rusak.”

18 Wektu Yésus isih ngomong, ana panguwasa sing marani Yésus lan sujud. Dhèwèké kandha, ”Anakku wadon saiki mesthi wis mati, nanging maraa ing omahku lan tumpangna tanganmu, lan dhèwèké bakal urip manèh.”

19 Yésus banjur ngadeg lan ngetutké wong mau bareng karo para muridé. 20 Ana wong wadon sing lara pendarahan suwéné 12 taun nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus, 21 merga wong wadon kuwi terus-terusan ngomong ing atiné, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.” 22 Yésus minger lan mandeng wong wadon kuwi, banjur kandha, ”Aja wedi, Ndhuk. Imanmu wis nggawé kowé mari.” Wiwit wektu kuwi, wong wadon mau mari.

23 Wektu Yésus tekan ing omahé panguwasa mau, Yésus ndelok ana wong-wong sing ngunèkké suling lan akèh wong padha nangis nggero-nggero. 24 Yésus kandha, ”Padha metua, merga bocah wadon iki ora mati nanging lagi turu.” Wong-wong mulai nggeguyu Yésus. 25 Sakwisé kumpulan wong kuwi padha metu, Yésus mlebu lan ndemèk tangané bocah wadon kuwi, terus bocah kuwi tangi. 26 Wis mesthi, kabar iki nyebar ing kabèh dhaérah kuwi.

27 Wektu Yésus mlaku saka kono, ana wong wuta loro sing ngetutké Yésus. Wong-wong kuwi mbengok, ”Welasana aku, Putrané Daud.” 28 Banjur sakwisé Yésus mlebu ing salah siji omah, wong-wong wuta mau marani Yésus. Lan Yésus takon marang wong-wong kuwi, ”Apa kowé nduwé iman nèk aku isa marèkké kowé?” Wong-wong kuwi njawab, ”Iya, Gusti.” 29 Banjur Yésus ndemèk mripaté wong-wong wuta mau, lan kandha, ”Merga kowé nduwé iman, kuwi bakal kelakon.” 30 Banjur mripaté wong-wong wuta mau isa ndelok. Yésus tegas ngandhani wong-wong kuwi, ”Aja nganti ana wong sing ngerti bab iki.” 31 Nanging sakwisé metu, wong-wong mau banjur nyritakké bab Yésus ing kabèh dhaérah kuwi.

32 Wektu wong-wong kuwi arep lunga saka kana, akèh wong nggawa marang Yésus wong lanang bisu sing kesurupan roh jahat. 33 Sakwisé roh jahat kuwi diusir, wong lanang sing bisu mau isa ngomong. Akèh wong padha nggumun lan kandha, ”Durung tau ana kedadéan kaya ngéné iki ing Israèl.” 34 Nanging wong-wong Farisi kandha, ”Dhèwèké ngusir roh jahat merga dibantu panguwasané roh jahat.”

35 Yésus lunga menyang kutha lan désa, mulang ing sinagogé-sinagogé,* martakké kabar apik bab Kraton, lan marèkké werna-werna penyakit lan masalah keséhatan. 36 Wektu ndelok kumpulan wong akèh kuwi, Yésus ngrasa mesakké, merga wong-wong kuwi digawé sengsara lan ora diopèni* kaya wedhus gèmbèl tanpa pangon. 37 Banjur Yésus kandha marang para muridé, ”Panènané pancèn akèh, nanging sing manèn mung sithik. 38 Mula, nyuwuna marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané.”

10 Yésus nyeluk 12 muridé banjur mènèhi kuwasa kanggo ngusir roh najis, lan marèkké werna-werna penyakit lan kabèh masalah keséhatan.

2 Jenengé 12 rasul kuwi yaiku Simon sing disebut Pétrus, Andréas seduluré, Yakobus lan Yohanes anak-anaké Zébédéus, 3 Filipus lan Bartoloméus, Tomas, Matius petugas pajeg, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, 4 Simon wong saka Kanani,* lan Yudas Iskariot sing akiré ngianati Yésus.

5 Yésus ngutus 12 rasul kuwi lan mènèhi arahan, ”Aja lunga menyang dhaérahé bangsa-bangsa liya, aja mlebu menyang kuthané wong Samaria. 6 Nanging, lungaa marang wong Israèl waé, sing kaya wedhus-wedhus gèmbèl sing kesasar. 7 Lungaa lan wartakna, ’Kraton swarga wis cedhak.’ 8 Marèkna wong lara, uripna wong mati, marèkna* wong lara kusta, usiren roh-roh jahat. Kowé padha nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran. 9 Aja sangu emas, pérak, tembaga ing kanthong dhuwitmu, 10 utawa kanthong panganan kanggo perjalanan, utawa salin,* sandhal, utawa teken, merga wong sing nyambut gawé pantes nampa opahé.*

11 ”Ing saben kutha utawa désa sing kok parani, golèka wong sing gelem nampa kowé, lan manggona ing kono nganti kowé lunga. 12 Wektu mlebu ing omahé wong, ucapna salam. 13 Nèk sing nduwé omah gelem nampa, wong-wong kuwi bakal éntuk berkah.* Nanging nèk ora gelem nampa, wong-wong kuwi ora bakal éntuk berkah apa-apa.* 14 Nèk ana wong sing ora gelem nampa utawa ngrungokké kowé, lungaa saka omah utawa kutha kuwi, lan kebutna* bledug saka sikilmu. 15 Saktenané aku kandha marang kowé, ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo Sodom lan Gomora bakal luwih ènthèng ketimbang kanggo kutha kuwi.

16 ”Padha gatèkna! Aku ngutus kowé kaya wedhus gèmbèl ing antarané serigala. Mula ngati-atia kaya ula nanging tulus kaya manuk dara. 17 Waspadaa, merga wong-wong bakal nggawa kowé menyang pengadilan lan mecuti kowé ing sinagogé-sinagogé.* 18 Kowé bakal digawa menyang ngarepé gubernur lan raja merga dadi muridku, supaya kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi lan marang bangsa-bangsa liyané. 19 Nèk kuwi kelakon, aja kuwatir bab apa sing kudu kok omongké utawa piyé carané ngomong. Merga ing wektu kuwi uga, kowé bakal ngerti apa sing kudu kok omongké. 20 Merga sing ngomong dudu kowé, nanging kuwasa saka Bapakmu sing mbantu kowé ngomong. 21 Banjur, wong bakal masrahké seduluré kandhung utawa anaké dhéwé kanggo dipatèni. Anak bakal mbrontak marang wong tuwané lan masrahké wong tuwané kanggo dipatèni. 22 Lan kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku.* Nanging wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké. 23 Nèk kowé dianiaya ing salah sijiné kutha, lungaa menyang kutha liyané. Saktenané aku kandha, kowé ora bakal rampung marani kabèh kutha ing Israèl nganti Putrané manungsa teka.

24 ”Murid kuwi ora ngluwihi guruné, lan budhak ora ngluwihi majikané. 25 Kanggo murid, wis cukup nèk padha kaya guruné, lan budhak padha kaya majikané. Nèk sing nduwé omah waé diarani Béèlzebul,* apa manèh wong-wong sing sak omah karo dhèwèké. 26 Mula, aja padha wedi karo wong-wong kuwi. Apa sing ketutup bakal kebukak, lan kabèh rahasia bakal dingertèni. 27 Apa sing tak kandhakké meneng-meneng marang kowé, critakna marang kabèh wong. Apa sing tak bisikké marang kowé, wartakna ing ngarepé wong akèh. 28 Aja wedi marang wong sing isa matèni badan nanging ora isa matèni jiwa.* Nanging, wedia marang Panjenengané sing isa nyirnakké jiwa lan badan ing Géhéna.* 29 Manuk emprit loro nèk diedol regané mung sak dhuwit rècèh cilik,* ta? Nanging, ora ana manuk siji waé sing tiba ing lemah, tanpa dingertèni Bapakmu. 30 Malah, rambut ing sirahmu waé Bapakmu ngerti cacahé. 31 Mula aja wedi, kowé luwih aji ketimbang akèh manuk emprit.

32 ”Saben wong sing ngakoni aku ing ngarepé manungsa, aku uga bakal ngakoni dhèwèké ing ngarepé Bapakku ing swarga. 33 Nanging sapa sing ora ngakoni aku ing ngarepé manungsa, aku uga ora bakal ngakoni dhèwèké ing ngarepé Bapakku ing swarga. 34 Aja padha ngira nèk aku teka nggawa rukun ing bumi. Aku teka ora nggawa rukun, nanging nggawa pedhang. 35 Merga tekaku iki nggawé wong mungsuhan, anak lanang nglawan bapaké, anak wadon nglawan ibuné, lan mantu wadon nglawan ibu maratuwané. 36 Saktenané, wong bakal dimungsuhi karo keluargané dhéwé. 37 Sapa waé sing luwih nresnani bapaké utawa ibuné ketimbang aku, wong kuwi ora pantes dadi muridku. Lan sapa waé sing luwih nresnani anaké lanang utawa wadon ketimbang aku, wong kuwi ora pantes dadi muridku. 38 Sapa waé sing ora lila nampa cagak paukumané* lan ngetutké aku, ora pantes dadi muridku. 39 Sapa sing ngupaya nylametké nyawané* bakal kélangan nyawané, nanging sapa sing kélangan nyawané demi aku, bakal éntuk nyawané.*

40 ”Sapa waé sing nampa kowé, uga nampa aku. Lan sapa waé sing nampa aku, uga nampa Panjenengané sing ngutus aku. 41 Sapa waé sing nampa nabi merga wong kuwi nabi, bakal éntuk opah nabi. Lan sapa waé sing nampa wong bener merga wong kuwi bener, bakal éntuk opah wong bener. 42 Lan sapa waé sing mènèhi banyu adhem sak cangkir marang salah siji saka antarané wong-wong cilik iki, merga wong kuwi muridku, saktenané aku kandha marang kowé, dhèwèké ora bakal kélangan opahé.”

11 Sakwisé mènèhi arahan marang 12 muridé, Yésus mangkat saka kana kanggo mulang lan martakké kabar apik ing kutha-kutha liyané.

2 Yohanes, sing wektu kuwi ana ing penjara, krungu apa waé sing ditindakké Kristus. Yohanes banjur ngutus murid-muridé 3 takon marang Yésus, ”Apa panjenengan kuwi wong sing bakal teka, utawa aku kudu nunggu wong liyané?” 4 Yésus njawab, ”Balia lan critakna marang Yohanes apa sing kok rungokké lan kok deleng: 5 Wong wuta isa ndelok, wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta dimarèkké,* wong budheg isa krungu, wong mati diuripké manèh, lan wong miskin dikandhani kabar apik. 6 Bungah wong sing ora kesandhung merga aku.”

7 Wektu wong-wong kuwi lunga, Yésus mulai ngomong marang wong akèh sing ana ing kono bab Yohanes, ”Kowé lunga ing padhang belantara kanggo ndelok apa? Apa arep ndelok alang-alang sing mobat-mabit kena angin? 8 Dadi arep ndelok apa? Wong sing nganggo klambi méwah? Wong sing nganggo klambi méwah kaya ngono mung ana ing kratoné raja. 9 Sakjané, kanggo apa kowé mrana? Arep ndelok nabi? Iya, dhèwèké pancèn nabi, lan aku ngandhani kowé nèk dhèwèké kuwi luwih penting ketimbang nabi-nabi liyané. 10 Dhèwèké kuwi sing dimaksud ing tulisan iki, ’Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.’ 11 Saktenané aku kandha marang kowé, nèk ing antarané kabèh wong sing tau urip,* ora tau ana sing ngungkuli Yohanes Pembaptis, nanging sing cilik dhéwé ing Kraton swarga ngungkuli Yohanes Pembaptis. 12 Wiwit jamané Yohanes Pembaptis nganti saiki, wong-wong ngupaya tenanan kanggo mlebu ing Kraton swarga, lan wong sing ora nyerah bakal isa mlebu. 13 Merga nganti ing jamané Yohanes, Kitab Para Nabi lan Taurat mènèhi ramalan bab apa sing bakal kedadéan. 14 Percaya apa ora, dhèwèké kuwi ’Élia sing bakal teka’. 15 Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.

16 ”Wong-wong ing jaman iki* isa dipadhakké karo sapa? Wong-wong ing jaman iki kaya bocah-bocah cilik sing lungguh ing pasar, sing kandha karo kanca-kancané, 17 ’Aku ngunèkké suling nggo kowé, nanging kowé ora gelem njogèd. Aku wis nyanyi lagu sedhih, nanging kowé ora nduduhké nèk sedhih.’* 18 Semono uga, Yohanes teka ora mangan lan ora ngombé, nanging wong-wong kandha, ’Dhèwèké kesurupan roh jahat.’ 19 Putrané manungsa teka, mangan lan ngombé, nanging wong-wong kandha, ’Dhèwèké nggragas lan seneng mendem,* kancané petugas pajeg lan wong-wong sing dosa.’ Senajan ngono, kawicaksanané wong kebukti bener saka tumindaké.”*

20 Sakwisé kuwi, Yésus ngelokké kutha-kutha merga penduduké ora mertobat, senajan akèh mukjijat wis ditindakké ing kutha-kutha kuwi. 21 Yésus kandha, ”Cilaka kowé, kutha Khorazin! Cilaka kowé, kutha Bètsaida! Merga saumpama mukjijat-mukjijat sing kok delok kuwi kelakon ing kutha Tirus lan Sidon, wong-wong ing kana wiwit mbiyèn mesthi wis mertobat, lan nganggo kain goni lan awu. 22 Aku kandha marang kowé, ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo Tirus lan Sidon bakal luwih ènthèng ketimbang hukuman kanggo kowé. 23 Lan kowé, Kapernaum, apa kowé bakal diluhurké nganti tekan langit? Ora! Kowé bakal mlebu ing Kuburan,* merga saumpama mukjijat-mukjijat sing kok delok kuwi kelakon ing Sodom, kutha kuwi mesthi isih ana nganti saiki. 24 Nanging aku kandha marang kowé, ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo kutha Sodom bakal luwih ènthèng ketimbang hukuman kanggo kowé.”

25 Ing wektu kuwi uga Yésus kandha, ”Bapakku, Panguwasa langit lan bumi, aku ngluhurké Panjenengan ing ngarepé wong-wong iki. Merga Panjenengan ndhelikké bab-bab iki saka wong-wong sing wicaksana lan pinter, nanging nduduhké kuwi marang wong-wong sing andhap asor kaya bocah cilik. 26 Iya iki, Bapak, sing dadi kersané Panjenengan. 27 Bapakku wis masrahké kabèh marang aku. Ora ana wong sing kenal tenan karo Putra kejaba Bapak, lan ora ana wong sing kenal tenan karo Bapak kejaba Putra. Wong isa kenal karo Bapak mung nèk Putra gelem mulang wong kuwi bab Bapak. 28 Hé, kowé kabèh sing kesel lan mikul beban sing abot, padha mrénéa. Aku bakal nggawé kowé seger manèh. 29 Padha tampanana pasanganku* lan sinaua saka aku, merga watakku alus lan aku andhap asor, lan kowé* bakal seger manèh. 30 Pasanganku kuwi gampang dipikul, lan bebanku ènthèng.”

12 Wektu kuwi, Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum pas dina Sabat. Murid-muridé padha luwé lan methik wohé gandum banjur dipangan. 2 Wektu weruh kuwi, wong Farisi kandha marang Yésus, ”Deloken kuwi, murid-muridmu nindakké apa sing miturut hukum ora éntuk ditindakké pas dina Sabat.” 3 Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca sing ditindakké Daud wektu dhèwèké lan anak buahé padha luwé? 4 Dhèwèké mlebu ing pedalemané Gusti Allah lan wong-wong kuwi mangan roti persembahan, sing sakjané ora éntuk dipangan merga kuwi mung kanggo para imam. 5 Utawa apa kowé durung tau maca ing Taurat nèk pas dina Sabat, para imam tetep kerja* ing bait, nanging tetep dianggep ora salah? 6 Aku kandha marang kowé, ing kéné ana wong sing luwih penting ketimbang bait. 7 Nèk kowé isa ngerti tegesé ukara iki, ’Aku seneng marang welas asih, dudu kurban,’ mesthiné kowé ora bakal nyalahké wong-wong sing ora salah. 8 Merga Putrané manungsa kuwi Gustiné dina Sabat.”

9 Sakwisé lunga saka kono, Yésus mlebu ing sinagogé.* 10 Lan ing kono, ana wong sing tangané lumpuh sebelah. Merga péngin nggolèk salahé Yésus, wong Farisi takon, ”Apa miturut hukum éntuk marèkké wong ing dina Sabat?” 11 Yésus njawab, ”Nèk ing antaramu ana sing nduwé wedhus gèmbèl siji lan wedhus kuwi kecemplung kalèn pas dina Sabat, mesthiné bakal kok angkat metu saka kalèn kuwi, ta? 12 Manungsa kuwi luwih aji ketimbang wedhus gèmbèl. Dadi, miturut hukum ora apa-apa nindakké bab sing becik ing dina Sabat.” 13 Terus Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ethungna tanganmu.” Lan wong kuwi ngethungké tangané, lan tangané dadi séhat manèh kaya tangan sing sijiné. 14 Banjur wong-wong Farisi kuwi metu saka kono lan nggawé rencana kanggo matèni Yésus. 15 Merga ngerti bab kuwi, Yésus ngalih saka kono. Akèh wong ngetutké Yésus, lan Yésus marèkké kabèh wong kuwi. 16 Nanging Yésus kanthi tegas ngélikké wong-wong kuwi supaya ora nyritakké bab dhèwèké, 17 supaya kelakon apa sing dikandhakké liwat Nabi Yésaya, yaiku,

18 ”Iki abdi-Ku sing Tak pilih, sing Tak tresnani, sing ndadèkké senengé ati-Ku. Aku bakal maringké roh-Ku marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal nduduhké apa kaadilan sejati kuwi marang bangsa-bangsa. 19 Dhèwèké ora bakal padu lan ora bakal bengak-bengok, uga ora ana wong siji-sijia sing bakal krungu swarané ing dalan-dalan utama. 20 Suket sing alum ora bakal diidak-idak, lan sumbu sing geniné arep mati ora bakal dipatèni, nganti dhèwèké suksès nduduhké kaadilan. 21 Bangsa-bangsa bakal ngarep-arep marang asmané.”

22 Banjur wong-wong nggawa marang Yésus, wong lanang sing wuta lan bisu merga kesurupan roh jahat. Yésus marèkké wong lanang kuwi, banjur wong lanang kuwi isa ndelok lan ngomong manèh. 23 Wong-wong padha nggumun lan kandha, ”Wong kuwi mungkin Putrané Daud.” 24 Wong-wong Farisi krungu omongan kuwi lan kandha, ”Wong iki ora bakal isa ngusir roh jahat kejaba dhèwèké diéwangi Béèlzebul,* panguwasané roh-roh jahat.” 25 Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong Farisi kuwi. Mula Yésus kandha, ”Saben pamréntahan sing rakyaté padha padu mesthi bakal bubar, lan saben kutha utawa keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal bubrah. 26 Semono uga, nèk Sétan ngusir Sétan, dhèwèké bakal bubrah. Piyé pamréntahané bakal terus ana? 27 Nèk umpama aku isa ngusir roh-roh jahat merga diéwangi Béèlzebul, terus murid-muridmu sing ngusir roh jahat kuwi diéwangi sapa? Para muridmu dhéwé sing mbuktèkké nèk kowé klèru. 28 Nèk aku isa ngusir roh-roh jahat merga diéwangi kuwasané Gusti Allah, kuwi tegesé kowé ora ngerti nèk sakjané Kratoné Allah wis teka. 29 Utawa, piyé wong isa mlebu omahé wong lanang sing kuwat lan ngrampog bandhané, nèk ora nalèni dhisik wong kuwat kuwi? Sakwisé nalèni, dhèwèké lagi isa njarah omahé. 30 Sapa waé sing ora mihak aku, kuwi tegesé nglawan aku, lan sapa waé sing ora mèlu aku nglumpukké wong-wong, kuwi tegesé mbuyarké.

31 ”Merga kuwi, aku ngandhani kowé, kabèh dosa lan tumindak sing ngrèmèhké bakal diapura, nanging wong sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura. 32 Nèk ana wong sing ngomong nglawan Putrané manungsa, dhèwèké bakal diapura, nanging sapa waé sing ngomong nglawan roh suci ora bakal diapura, ing jaman* saiki lan ing jaman mbésuk.

33 ”Nèk kowé ngrumat wit, wohé bakal apik, nanging nèk wit kuwi ora kok rumat, wohé ya bakal èlèk. Saka wohé, awaké dhéwé bakal ngerti wit kuwi apik apa èlèk. 34 Kowé kabèh keturunan ula sing ana racuné, kowé ora mungkin isa ngomong sing apik merga atimu èlèk. Sebab apa sing diomongké ing cangkem, kuwi metu saka ati. 35 Wong apik ngucapké apa sing apik merga atiné kebak perkara-perkara sing apik. Nanging wong jahat ngucapké apa sing jahat merga atiné kebak perkara-perkara sing jahat. 36 Aku kandha marang kowé, nèk ing Dina Pengadilan, manungsa kudu tanggung jawab kanggo saben omongané sing ora ana gunané. 37 Merga nèk omonganmu apik, Gusti Allah bakal nganggep kowé wong sing nindakké apa sing bener. Nanging nèk omonganmu ala, Gusti Allah bakal ngadili kowé.”

38 Banjur, ana wong-wong Farisi lan ahli Taurat kandha, ”Guru, aku kabèh péngin ndelok tandha saka panjenengan.” 39 Yésus njawab, ”Wong-wong jaman iki* jahat lan ora setya.* Wong-wong kuwi padha terus njaluk tandha, nanging ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané tandha Nabi Yunus. 40 Kaya Yunus ana ing wetengé iwak gedhé telung dina telung wengi, Putrané manungsa uga bakal ana ing kuburan* telung dina telung wengi. 41 Ing Dina Pengadilan, wong-wong Niniwé bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Wong Niniwé bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga wong Niniwé mertobat sakwisé krungu warta saka Yunus. Nanging ing kéné, ana wong sing luwih penting ketimbang Yunus. 42 Ing Dina Pengadilan, ratu saka kidul* bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Dhèwèké bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga dhèwèké teka saka panggonan sing adoh kanggo ngrungokké kawicaksanané Salomo. Nanging ing kéné, ana wong sing luwih penting ketimbang Salomo.

43 ”Wektu ana roh najis metu saka salah siji wong, roh kuwi banjur ngliwati panggonan sing gersang kanggo nggolèk panggonan ngaso, nanging ora nemu. 44 Banjur dhèwèké kandha, ’Aku arep bali menyang omah sing wis tak tinggalké.’ Sakwisé tekan omah mau, omahé suwung nanging wis disapu resik lan ditata apik. 45 Dhèwèké banjur lunga lan ngajak roh jahat pitu liyané sing luwih jahat ketimbang dhèwèké, terus padha mlebu ing wong kuwi lan manggon ing kono. Dadi, kahanané wong sing kesurupan mau luwih parah ketimbang sakdurungé. Kaya ngono kuwi sing bakal kelakon marang wong-wong jahat ing jaman iki.”*

46 Wektu Yésus lagi ngomong marang kumpulan wong kuwi, ibuné lan sedulur-seduluré lanang ana ing njaba, péngin ngomong karo Yésus. 47 Banjur, ana wong sing kandha karo Yésus, ”Ibumu lan sedulur-sedulurmu lanang ana ing njaba, péngin omongan karo panjenengan.” 48 Yésus njawab, ”Sapa ibuku, lan sapa sedulur-sedulurku?” 49 Karo nduding murid-muridé, Yésus kandha, ”Wong-wong iki ibuku lan sedulur-sedulurku. 50 Merga sapa sing nindakké kersané Bapakku ing swarga, iya kuwi sedulurku lanang lan sedulurku wadon, uga ibuku.”

13 Ing dina kuwi, sakwisé lunga saka omah mau, Yésus lungguh ing pinggir laut. 2 Ana kumpulan wong teka nemoni Yésus, mula Yésus numpak prau lan lungguh ing kono, nanging kumpulan wong kuwi ngadeg ing pantai. 3 Banjur Yésus mulangké akèh bab marang wong-wong kuwi nggunakké umpama. Yésus kandha, ”Ana petani sing metu kanggo nyebar winih. 4 Wektu petani kuwi nyebar winih, ana winih sing tiba ing pinggir dalan banjur manuk-manuk padha teka lan notholi nganti entèk. 5 Ana winih liyané sing tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné. Winih kuwi langsung thukul merga lemahé ora jero. 6 Nanging pas kena panasé srengéngé, thukulan kuwi dadi garing lan alum merga oyodé ora jero. 7 Ana manèh winih sing tiba ing antarané suket eri. Suket kuwi saya gedhé, lan njiret thukulan kuwi. 8 Banjur ana winih sing tiba ing lemah sing subur lan ngasilké woh. Wohé ana sing tikel 100, ana sing tikel 60, lan ana sing tikel 30. 9 Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”

10 Murid-muridé banjur marani Yésus lan takon, ”Apa sebabé panjenengan mulang wong-wong kuwi nggunakké umpama?” 11 Yésus njawab, ”Kowé wis diijinké ngerti rahasia suci Kraton swarga, nanging wong-wong kuwi ora. 12 Merga sapa sing nduwé pangertèn, bakal nampa luwih akèh pangertèn, malah nganti lubèr. Nanging sapa sing ora nduwé pangertèn, malah pangertèn sing diduwèni senajan mung sithik bakal dijupuk Gusti Allah saka dhèwèké. 13 Kuwi sebabé, aku mulang wong-wong kuwi nggunakké umpama. Merga, wong-wong kuwi ndeleng, nanging padha ora weruh, lan wong-wong kuwi krungu, nanging padha ora ngerti, lan ora paham artiné. 14 Ramalané Nabi Yésaya iki kelakon ing wong-wong kuwi. Kandhané, ’Kowé pancèn bakal krungu nanging babar blas ora paham artiné, lan kowé pancèn bakal ndeleng nanging babar blas ora weruh. 15 Merga atiné wong-wong kuwi ora tanggap. Wong-wong kuwi wis ngrungokké nganggo kupingé nanging ora nanggepi. Wong-wong kuwi wis nutupi mripaté, mula ora bakal isa ndeleng nganggo mripaté, ora bakal isa ngrungokké nganggo kupingé, lan atiné ora bakal paham. Wong-wong kuwi ora bali marang Aku, lan Aku ora marèkké wong-wong kuwi.’

16 ”Nanging, bungaha kowé merga mripatmu weruh lan kupingmu krungu. 17 Merga saktenané aku kandha marang kowé, akèh nabi lan wong sing bener péngin banget ndelok perkara-perkara sing kok delok, nanging ora weruh. Wong-wong kuwi uga péngin banget ngrungokké perkara-perkara sing kok rungokké, nanging ora krungu.

18 ”Saiki rungokna tegesé umpama bab petani mau. 19 Ana wong sing ngrungokké warta bab Kraton nanging ora ngerti artiné, banjur si jahat* teka lan ngrampas apa sing wis disebar ing njero atiné. Yakuwi winih sing tiba ing pinggir dalan. 20 Wektu winih kuwi tiba ing panggonan sing akèh watuné, iki maksudé wong sing ngrungokké warta kuwi lan langsung nampa kanthi bungah, 21 nanging warta kuwi ora ngoyod ing atiné. Dhèwèké nampa warta kuwi mung kanggo sawetara wektu, nanging sakwisé ngalami kasangsaran utawa dianiaya merga warta kuwi, dhèwèké ora nduwé iman manèh.* 22 Wektu winih kuwi tiba ing antarané suket eri, iki maksudé wong sing ngrungokké warta kuwi, nanging warta kuwi ora ngasilké woh merga kejiret karo kekuwatiran urip ing donya* iki lan daya apus-apusé kasugihan. 23 Lan wektu winih kuwi tiba ing lemah sing subur, iki maksudé wong sing ngrungokké warta kuwi lan ngerti artiné, lan bener-bener ngasilké woh. Wohé ana sing tikel 100, ana sing tikel 60, lan ana sing tikel 30.”

24 Yésus nyritakké umpama liyané marang wong-wong kuwi, ”Kraton swarga kuwi kaya petani sing nyebar winih gandum* ing ladhangé. 25 Wektu wong-wong isih padha turu, mungsuhé teka lan nyebar winih alang-alang ing antarané gandum, banjur lunga. 26 Wektu gandumé thukul lan ngetokké woh, alang-alangé uga padha thukul. 27 Mula budhak-budhaké petani mau teka lan kandha, ’Ndara, sing panjenengan sebar kan winih gandum, ta? Kok saiki ana alang-alang?’ 28 Dhèwèké njawab, ’Mungsuhku sing nyebar kuwi.’ Budhaké kandha, ’Apa panjenengan péngin aku kabèh njabuti alang-alang kuwi?’ 29 Majikané kandha, ’Aja, nèk alang-alangé kok jabuti, mengko gandumé isa mèlu kejabut. 30 Ejarna loro-loroné thukul bareng nganti mangsa panèn. Ing mangsa panèn, aku bakal ngongkon wong-wong sing manèn: Klumpukna dhisik alang-alangé lan talènana, banjur obongen. Sakwisé kuwi, klumpukna gandum lan gawanen ing gudhang.’”

31 Yésus nyritakké umpama liyané marang wong-wong kuwi, ”Kraton swarga kuwi kaya wiji sesawi* sing dijupuk lan ditandur wong ing ladhangé. 32 Wiji sesawi kuwi sakjané sing paling cilik ing antarané kabèh wiji, nanging nèk wis thukul, kuwi dadi tanduran sayur sing paling gedhé ketimbang tanduran sayur liyané lan dadi wit. Manuk-manuk ing langit padha teka lan nggawé susuh ing pang-pangé.”

33 Yésus nyritakké umpama liyané, ”Kraton swarga kuwi kaya ragi sing dijupuk wong wadon lan dicampur karo glepung sing akèhé telung takeran gedhé nganti kabèh adonan kuwi dadi ngembang.”

34 Kabèh kuwi diwulangké Yésus nganggo umpama. Malah, nèk Yésus mulang mesthi nganggo umpama, 35 supaya kelakon apa sing dikandhakké liwat nabi, yaiku, ”Aku bakal mulang nggunakké umpama. Aku bakal nduduhké perkara-perkara sing durung dingertèni wiwit mbiyèn.”*

36 Sakwisé mbubarké wong-wong kuwi, Yésus mlebu ing omah. Murid-muridé marani Yésus lan kandha, ”Terangna apa tegesé umpama bab alang-alang ing ladhang.” 37 Yésus kandha, ”Petani sing nyebar winih gandum* kuwi Putrané manungsa, 38 ladhang kuwi donya. Winih gandum kuwi wong-wong sing bakal mlebu ing Kraton swarga,* alang-alang kuwi anak-anaké Sétan,* 39 lan mungsuh sing nyebar winih alang-alang kuwi Iblis. Mangsa panèn kuwi dina-dina pungkasané jaman,* lan sing manèn kuwi para malaékat. 40 Mula, kaya alang-alang sing diklumpukké lan diobong, kuwi uga sing bakal kelakon ing dina-dina pungkasané jaman.* 41 Putrané manungsa bakal ngutus para malaékaté, lan para malaékat kuwi bakal ngetokké saka Kratoné wong-wong sing nglanggar hukum lan sing marahi wong liya tumindak dosa. 42 Banjur para malaékat kuwi bakal nguncalké wong-wong kuwi ing tungku geni sing mulad-mulad. Ing kono wong-wong kuwi bakal nangis lan gela banget.* 43 Wektu kuwi, wong-wong sing bener bakal padhang kaya srengéngé ing Kratoné Bapaké. Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.

44 ”Kraton swarga kuwi kaya harta karun sing kependhem ing ladhang. Banjur ditemokké wong lan dipendhem manèh. Merga saking senengé, dhèwèké lunga lan ngedol kabèh barang sing diduwèni, banjur ladhang mau dituku.

45 ”Kraton swarga kuwi uga kaya pedagang sing njlajah ing ngendi-endi kanggo nggolèk mutiara sing aji banget. 46 Sakwisé nemokké siji mutiara sing aji banget, dhèwèké langsung lunga lan ngedol kabèh sing diduwèni, banjur mutiara mau dituku.

47 ”Kraton swarga kuwi kaya jala sing diuncalké ing laut lan éntuk kabèh jenis iwak. 48 Nèk wis kebak, para nelayan bakal narik jala kuwi menyang pantai. Banjur padha lungguh nglumpukké iwak-iwak sing apik ing wadhah, nanging sing èlèk dibuwang. 49 Kaya ngono kuwi sing bakal kelakon ing dina-dina pungkasané jaman.* Para malaékat bakal teka kanggo misahké wong-wong sing jahat saka antarané wong-wong sing bener, 50 lan bakal nguncalké wong-wong sing jahat kuwi ing tungku geni sing mulad-mulad. Ing kono wong-wong kuwi bakal nangis lan gela banget.*

51 ”Apa kowé ngerti tegesé kabèh iki?” Murid-murid padha njawab, ”Ya.” 52 Banjur Yésus kandha, ”Nèk ngono, saben guru* sing wis diwulang bab Kraton swarga kuwi kaya wong sing nduwé omah, sing ngetokké barang anyar lan barang lawas saka panggonan kanggo nyimpen bandhané.”

53 Sakwisé rampung nyritakké kabèh umpama kuwi, Yésus lunga saka kono. 54 Sakwisé tekan ing dhaérah asalé, Yésus mulai mulang ing sinagogé.* Wong-wong padha nggumun lan kandha, ”Saka endi wong iki isa éntuk kawicaksanan lan kuwasa kanggo nggawé mukjijat? 55 Wong iki kan anaké tukang kayu kuwi, ta? Sing ibuné jenengé Maria, lan adhi-adhiné lanang jenengé Yakobus, Yusuf, Simon, lan Yudas? 56 Adhi-adhiné wadon uga ana ing kéné. Dadi, saka endi dhèwèké isa éntuk kawicaksanan lan kuwasa kanggo nggawé mukjijat?” 57 Wong-wong kuwi ora gelem percaya karo Yésus.* Mula Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ing ngendi-endi nabi mesthi diajèni, nanging ing dhaérah asalé lan ing omahé dhéwé ora diajèni.” 58 Yésus ora nggawé akèh mukjijat merga wong-wong ing kono ora nduwé iman.

14 Wektu kuwi, Hérodès, panguwasa wilayah* Galiléa, krungu laporan bab Yésus. 2 Dhèwèké kandha marang para abdiné, ”Wong kuwi Yohanes Pembaptis. Dhèwèké mesthi wis diuripké manèh saka antarané wong mati, lan kuwi sebabé dhèwèké isa nggawé akèh mukjijat.” 3 Sakdurungé, Hérodès* wis nangkep Yohanes Pembaptis. Banjur Hérodès ngranté lan nglebokké Yohanes ing penjara merga Hérodias, yaiku bojoné Filipus, kakangé. 4 Yohanes ping bola-bali kandha marang Hérodès, ”Panjenengan ora éntuk nikah karo dhèwèké.” 5 Sakjané, Hérodès péngin matèni Yohanes, nanging dhèwèké wedi karo wong akèh merga wong-wong kuwi nganggep Yohanes nabi. 6 Nanging pas perayaan ulang tauné Hérodès, anak wadoné Hérodias nari ing ngarepé para tamu lan nggawé atiné Hérodès seneng banget. 7 Mula, Hérodès sumpah bakal ngekèki apa waé sing dijaluk karo cah wadon mau. 8 Merga dipengaruhi ibuné, cah wadon kuwi kandha, ”Aku njaluk sirahé Yohanes Pembaptis ing ndhuwur nampan.” 9 Senajan ora seneng, Raja Hérodès mréntahké supaya kuwi ditindakké, merga Hérodès wis sumpah ing ngarepé tamu-tamuné sing mangan bareng karo dhèwèké. 10 Hérodès ngongkon wong kanggo nugel sirahé Yohanes ing penjara. 11 Sirahé Yohanes didèlèhké ing ndhuwur nampan lan diwènèhké marang cah wadon kuwi. Banjur, cah wadon kuwi ngekèkké marang ibuné. 12 Terus, murid-muridé Yohanes teka lan njupuk mayité banjur dikubur. Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi ngandhani Yésus. 13 Wektu krungu kabar kuwi, Yésus lunga saka kono numpak prau menyang panggonan sing sepi kanggo ndhéwé. Nanging wektu ngerti bab kuwi, kumpulan wong padha mlaku ngetutké Yésus saka kutha-kutha.

14 Wektu tekan pantai, Yésus ndelok wong akèh kuwi wis ana ing kono. Yésus mesakké marang wong-wong kuwi, lan Yésus marèkké sing lara. 15 Wektu wis soré, murid-muridé marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi lan saiki ya wis soré. Kongkonen wong-wong kuwi mulih, supaya wong-wong kuwi isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.” 16 Nanging Yésus kandha, ”Wong-wong kuwi ora perlu lunga, kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” 17 Murid-muridé kandha, ”Aku kabèh ora nduwé apa-apa ing kéné, mung ana roti lima lan iwak loro.” 18 Yésus kandha, ”Gawanen mréné.” 19 Banjur, Yésus ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing suket. Terus Yésus njupuk roti lima lan iwak loro kuwi, lan karo ndhangak ndelok langit, Yésus ndonga. Yésus banjur nyuwil-nyuwil roti kuwi lan mènèhké marang murid-muridé, terus murid-muridé ngedumké marang wong-wong. 20 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, ana 12 kranjang kebak. 21 Padahal sing mangan cacahé kira-kira 5.000 wong lanang, durung klebu wong wadon lan bocah-bocah. 22 Ora let suwé, Yésus banjur ngongkon murid-muridé numpak prau lan lunga menyang sebrang ndhisiki Yésus. Wong akèh mau terus dikongkon mulih.

23 Sakwisé ngongkon wong-wong kuwi mulih, Yésus munggah gunung dhèwèkan kanggo ndonga. Wengi kuwi, Yésus ing kono dhèwèkan. 24 Wektu prau kuwi adohé wis atusan mèter* saka daratan, prauné diobat-abitké ombak merga nglawan arah angin. 25 Wektu mèh ésuk,* Yésus mlaku ing ndhuwuré banyu laut lan marani murid-muridé. 26 Wektu ndelok Yésus mlaku ing ndhuwuré banyu laut, murid-muridé padha kewedèn lan mbengok, ”Ana sing lagi mlaku!”* 27 Ing wektu kuwi uga, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Kuwatna atimu! Aja wedi, iki aku.” 28 Pétrus kandha, ”Gusti, nèk pancèn kuwi panjenengan, kongkonen aku mlaku ing ndhuwur banyu laut marani panjenengan.” 29 Yésus kandha, ”Mrénéa!” Banjur, Pétrus mudhun saka prau lan mlaku ing ndhuwur banyu laut marani Yésus. 30 Nanging wektu nggatèkké angin gedhé, dhèwèké dadi wedi. Lan wektu mulai kleleb, Pétrus mbengok, ”Gusti, tulungana aku!” 31 Yésus langsung ngulungké tangané lan nyekel Pétrus, terus kandha, ”Kowé sing imané cilik, apa sebabé kowé nyerah lan dadi ragu-ragu?” 32 Sakwisé Yésus lan Pétrus munggah ing prau, angin gedhé kuwi mandheg. 33 Banjur, murid-murid sing ana ing prau sujud marang Yésus lan kandha, ”Panjenengan pancèn Putrané Gusti Allah.” 34 Yésus lan murid-muridé tekan ing sebrang, ing tanah Génésarèt.

35 Wektu ngerti nèk kuwi Yésus, wong-wong ing kono ngirim kabar ing kabèh dhaérah sakiwa-tengené. Lan wong-wong nggawa marang Yésus kabèh wong sing lara. 36 Wong-wong kuwi nyuwun marang Yésus supaya éntuk ndemèk pucuk klambi njabané waé, lan kabèh wong sing ndemèk dadi mari tenan.

15 Banjur ana wong-wong Farisi lan ahli Taurat teka saka Yérusalèm nemoni Yésus. Wong-wong kuwi kandha, 2 ”Ngapa kok murid-muridmu nglanggar tradhisiné para leluhur? Contoné, murid-muridmu ora ngwijiki tangané* sakdurungé maem.”

3 Yésus njawab, ”Kowé dhéwé, ngapa kok kowé nglanggar préntahé Gusti Allah merga tradhisimu? 4 Contoné, Gusti Allah ngendika, ’Ajènana bapakmu lan ibumu,’ lan, ’Wong sing ngomong kasar* marang bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.’ 5 Nanging kowé kandha, ’Nèk ana wong sing kandha karo bapaké utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu, kuwi wis tak wènèhké dadi kurban marang Gusti Allah,” 6 wong kuwi ora perlu manèh ngajèni bapak lan ibuné.’ Dadiné kowé ngrèmèhké pangandikané Gusti Allah merga tradhisimu. 7 Kowé kabèh kuwi wong munafik. Pancèn bener sing Nabi Yésaya ramalké bab kowé, 8 ’Umat iki ngurmati Aku mung ing lambé waé, nanging atiné adoh saka Aku. 9 Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga sing diwulangké mung préntahé manungsa.’” 10 Yésus banjur ngongkon wong-wong nyedhak, lan Yésus kandha, ”Rungokna lan ngertènana bab iki: 11 Sing nggawé wong dadi najis dudu apa sing mlebu ing cangkemé, nanging apa sing metu saka cangkemé kuwi sing nggawé dhèwèké najis.”

12 Murid-murid banjur kandha marang Yésus, ”Apa panjenengan ngerti nèk wong-wong Farisi tersinggung* karo omongané panjenengan?” 13 Yésus njawab, ”Saben tanduran sing ora ditandur karo Bapakku ing swarga, bakal dijabut. 14 Ejarna waé wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi penuntun-penuntun sing wuta. Nèk wong wuta nuntun wong wuta, loro-loroné bakal kecemplung kalèn.” 15 Pétrus kandha, ”Tulung terangna tegesé umpama kuwi.” 16 Yésus kandha, ”Apa kowé kabèh isih durung ngerti? 17 Apa kowé padha ora ngerti, nèk kabèh sing mlebu cangkem bakal mudhun liwat weteng, lan dibuwang ing jamban?* 18 Nanging kabèh sing metu saka cangkem asalé saka ati, lan iya kuwi sing nggawé wong dadi najis. 19 Contoné, saka ati metu kabèh pikiran sing jahat, matèni, laku jina, hubungan sèks sing ora sah,* nyolong, kesaksian palsu, lan omongan sing ngrèmèhké. 20 Kuwi kabèh sing nggawé wong dadi najis. Nanging nèk mangan ora wijik* dhisik, kuwi ora nggawé wong dadi najis.”

21 Saka kono, Yésus lunga menyang dhaérah Tirus lan Sidon. 22 Ana wong wadon Fénisia saka dhaérah kuwi teka lan mbengok, ”Welasana aku, Gusti, Putrané Daud. Anakku wadon sengsara banget merga kesurupan roh jahat.” 23 Nanging Yésus ora mènèhi jawaban babar blas. Mula murid-muridé kandha, ”Kongkonen wong wadon kuwi lunga, merga dhèwèké terus-terusan mbengok karo ngetutké awaké dhéwé.” 24 Yésus kandha, ”Aku mung diutus marang wong Israèl sing kaya wedhus gèmbèl sing kesasar.” 25 Nanging wong wadon kuwi sujud lan kandha, ”Gusti, aku nyuwun tulung.” 26 Yésus njawab, ”Ora sakmesthiné njupuk rotiné bocah-bocah banjur diuncalké marang kirik.” 27 Wong wadon kuwi njawab, ”Bener Gusti, nanging sakjané kirik-kirik mangan rontogan roti sing tiba saka méja majikané.” 28 Yésus banjur njawab, ”Imanmu gedhé banget. Apa sing kok péngini bakal kelakon.” Ing wektu kuwi uga, anaké wadon mari.

29 Saka kono, Yésus lunga menyang cedhaké Laut Galiléa. Yésus banjur munggah gunung, lan lungguh ing kono. 30 Banjur, akèh wong marani Yésus lan nggawa wong sing lumpuh, cacad, wuta, bisu, lan akèh manèh liyané. Wong-wong kuwi digawa ing cedhak sikilé Yésus, lan Yésus marèkké wong-wong mau. 31 Wektu ndelok wong bisu isa omongan, wong cacad séhat manèh, wong lumpuh isa mlaku, lan wong wuta isa ndelok, kabèh wong ing kono nggumun banjur ngluhurké Gusti Allahé Israèl.

32 Yésus terus nyeluk murid-muridé lan kandha, ”Aku mesakké karo wong akèh iki. Wis telung dina wong-wong iki bareng aku lan wong-wong iki ora nduwé panganan. Aku ora téga ngongkon wong-wong iki mulih nèk wetengé isih luwé, mengko isa semaput ing dalan.” 33 Nanging murid-muridé kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi. Saka ngendi awaké dhéwé isa éntuk cukup roti kanggo ngekèki mangan wong seméné akèhé nganti wareg?” 34 Mula Yésus takon, ”Kowé nduwé roti pira?” Murid-muridé njawab, ”Pitu, lan ana iwak-iwak cilik nanging mung sithik.” 35 Sakwisé ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing lemah, 36 Yésus njupuk roti pitu lan iwak-iwak kuwi. Banjur Yésus ndonga ngucapké sokur lan nyuwil-nyuwil roti kuwi, terus ngekèkké marang murid-muridé. Murid-muridé terus ngedumké kuwi marang wong-wong. 37 Kabèh wong mangan nganti wareg, lan murid-murid nglumpukké sisané, akèhé nganti pitung kranjang gedhé.* 38 Wektu kuwi, cacahé wong lanang sing mangan ana 4.000 wong, durung klebu wong wadon lan bocah-bocah. 39 Akiré, sakwisé ngongkon wong-wong kuwi mulih, Yésus numpak prau banjur lunga menyang dhaérah Magadan.

16 Banjur wong-wong Farisi lan Saduki marani Yésus kanggo nguji dhèwèké. Wong-wong kuwi njaluk supaya Yésus nduduhké tandha saka swarga. 2 Yésus njawab, ”Ing wayah soré, kowé kandha, ’Cuacané bakal apik merga langité warnané abang,’ 3 lan ing wayah ésuk, ’Cuaca dina iki bakal udan lan adhem, merga langité warnané abang nanging mendhung.’ Kowé isa ngerti cuacané bakal kaya apa wektu ndelok langit, nanging kowé ora ngerti tegesé kedadéan-kedadéan sing kelakon saiki.* 4 Wong-wong jaman iki* jahat lan ora setya.* Wong-wong kuwi padha terus njaluk tandha, nanging ora bakal ana tandha sing diwènèhké sakliyané tandha Yunus.” Banjur Yésus lunga ninggalké wong-wong kuwi.

5 Wektu lunga menyang sebrang, murid-muridé Yésus lali nggawa roti. 6 Yésus kandha, ”Padha sing awas. Waspadaa marang raginé wong-wong Farisi lan Saduki.” 7 Mula murid-muridé padha ngomongké bab kuwi lan kandha, ”Mungkin Yésus kandha ngono merga awaké dhéwé ora nggawa roti.” 8 Merga ngerti kuwi, Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé isih ngrembug bab roti sing ora kok gawa, hé kowé sing imané cilik? 9 Apa kowé isih durung ngerti maksud omonganku iki? Utawa apa kowé ora éling karo limang roti sing diwènèhké marang 5.000 wong lanang lan pirang kranjang sisané sing kok klumpukké? 10 Utawa pitung roti sing diwènèhké marang 4.000 wong lanang lan pirang kranjang gedhé sisané sing kok klumpukké? 11 Ngapa kok kowé ora ngerti nèk sing tak omongké kuwi dudu bab roti? Nanging aku lagi ngélikké kowé kabèh supaya waspada marang raginé wong-wong Farisi lan Saduki.” 12 Sakwisé kuwi, murid-muridé lagi ngerti nèk maksudé Yésus kuwi dudu waspada marang ragi roti, nanging marang ajarané wong-wong Farisi lan Saduki.

13 Sakwisé tekan ing dhaérah Kaisaréa Filipi, Yésus takon marang murid-muridé, ”Jaréné wong-wong, Putrané manungsa kuwi sapa?” 14 Murid-muridé njawab, ”Ana sing kandha Yohanes Pembaptis. Ana uga sing kandha Élia, Yérémia, utawa nabi liyané.” 15 Yésus kandha, ”Nèk miturutmu, aku iki sapa?” 16 Simon Pétrus njawab, ”Panjenengan kuwi Kristus, Putra saka Gusti Allah sing urip.” 17 Yésus kandha marang Pétrus, ”Bungah kowé, Simon anaké Yunus, merga sing ngandhani kowé bab iki dudu manungsa,* nanging Bapakku ing swarga. 18 Aku uga kandha marang kowé: Kowé kuwi Pétrus, lan ing ndhuwuré watu iki aku bakal mbangun jemaatku, lan kekuwatané pati* ora bakal isa ngalahké kuwi. 19 Aku bakal mènèhi kowé kunci-kunciné Kraton swarga. Apa waé sing kok talèni ing bumi, kuwi wis ditalèni ing swarga. Lan apa waé sing kok eculké ing bumi, kuwi wis dieculké ing swarga.” 20 Banjur kanthi tegas, Yésus ngélikké murid-muridé, supaya ora ngandhani wong liya nèk dhèwèké kuwi Kristus.

21 Wiwit kuwi, Yésus mulai njelaské marang murid-muridé nèk dhèwèké kudu lunga menyang Yérusalèm lan ngalami akèh aniaya saka para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat, banjur dipatèni, lan diuripké manèh ing dina katelu. 22 Pétrus langsung nggèrèd Yésus menyang samping lan ngélikké Yésus, ”Aja ngomong ngono, Gusti. Panjenengan ora bakal ngalami kuwi kabèh.” 23 Nanging Yésus minger lan njawab, ”Lungaa saka ngarepku, Sétan! Kowé ngalang-alangi aku,* merga sing kok pikirké dudu pikirané Gusti Allah, nanging pikirané manungsa.”

24 Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku, dhèwèké kudu nolak pepénginané dhéwé, kudu mikul cagak paukumané,* lan terus ngetutké aku. 25 Merga sapa waé sing péngin nylametké nyawané* bakal kélangan nyawané, nanging sapa waé sing kélangan nyawané merga aku, dhèwèké bakal éntuk nyawané.* 26 Saktenané, apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki nanging kélangan nyawané?* Utawa, apa sing bakal dikèkké wong kanggo ngijoli nyawané? 27 Merga Putrané manungsa bakal teka karo para malaékat nganggo kuwasané* Bapaké, banjur dhèwèké bakal mbales saben wong miturut tumindaké wong kuwi. 28 Saktenané aku kandha marang kowé, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Putrané manungsa teka ing Kratoné.”

17 Nem dina sakbanjuré, Yésus ngajak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes seduluré menyang gunung sing dhuwur. Mung Yésus lan wong telu kuwi sing ana ing kono. 2 Banjur, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus malih.* Wajahé Yésus mancarké sinar kaya srengéngé, lan klambi njabané dadi padhang njingglang. 3 Ujug-ujug, wong telu kuwi padha ndelok Musa lan Élia lagi omong-omongan karo Yésus. 4 Pétrus banjur kandha marang Yésus, ”Gusti, aku kabèh seneng ana ing kéné. Nèk panjenengan gelem, aku arep ngedegké telung téndha. Siji kanggo panjenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Élia.” 5 Wektu Pétrus isih ngomong, ujug-ujug ana méga sing padhang nutupi wong-wong kuwi. Banjur, ana swara saka méga mau, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku. Rungokna dhèwèké.” 6 Merga krungu kuwi, murid-murid langsung sujud lan wedi banget. 7 Yésus nyedhak lan ndemèk murid-muridé, terus kandha, ”Padha ngadega lan aja wedi.” 8 Wektu murid-murid ndhangak, sing kétok mung gari Yésus dhéwé lan ora ana liyané. 9 Wektu mudhun saka gunung kuwi, Yésus mréntahké murid-muridé, ”Aja ngandhani sapa-sapa bab iki nganti Putrané manungsa diuripké manèh saka antarané wong mati.”

10 Nanging murid-muridé takon marang Yésus, ”Apa sebabé para ahli Taurat kandha nèk Élia kudu teka dhisik sakdurungé Kristus?” 11 Yésus njawab, ”Élia pancèn bakal teka lan dhèwèké bakal nyiapké sakabèhé. 12 Aku kandha marang kowé nèk sakjané Élia wis teka, nanging wong-wong kuwi ora ngerti, malah wong-wong kuwi tumindak sakarepé dhéwé marang dhèwèké. Nganggo cara sing padha, Putrané manungsa iya bakal ngalami sengsara ing tangané wong-wong kuwi.” 13 Murid-muridé akiré ngerti nèk sing dimaksud kuwi Yohanes Pembaptis.

14 Wektu Yésus lan para muridé marani kumpulan wong, ana wong lanang sing nyedhaki Yésus, banjur sujud lan kandha, 15 ”Gusti, welasana anakku lanang. Dhèwèké lara ayan, lan kahanané parah. Dhèwèké kerep tiba ing geni lan kecemplung banyu. 16 Aku wis nggawa dhèwèké marang murid-muridé panjenengan, nanging murid-muridé panjenengan ora isa marèkké anakku.” 17 Yésus kandha, ”Kowé kabèh kuwi wong-wong* sing ora nduwé iman lan kebak dosa, nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé kabèh? Gawanen dhèwèké mréné.” 18 Banjur Yésus tegas ngongkon roh jahat kuwi metu saka bocah lanang mau, lan roh jahat kuwi metu. Ing wektu kuwi uga, bocah kuwi mari. 19 Terus wektu ora ana wong liya ing kono, murid-muridé marani Yésus lan takon, ”Apa sebabé aku ora isa ngusir roh jahat kuwi?” 20 Yésus njawab, ”Merga imanmu cilik. Saktenané aku kandha marang kowé, nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak wiji sesawi waé, kowé bakal isa ngongkon gunung iki, ’Pindhaha mrana,’ lan gunung kuwi bakal pindhah. Ora ana sing mustahil kanggo kowé.” 21 *——

22 Wektu Yésus lan murid-muridé lagi ngumpul ing Galiléa, Yésus kandha, ”Putrané manungsa bakal diserahké* menyang tangané manungsa, 23 lan bakal dipatèni. Nanging ing dina katelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.” Murid-muridé dadi sedhih banget.

24 Wektu tekan ing Kapernaum, Pétrus dicedhaki para petugas pajeg sing njaluk pajeg rong drakhma. Wong-wong kuwi takon, ”Apa gurumu mbayar pajeg rong drakhma?” 25 Pétrus njawab, ”Iya.” Nanging sakwisé Pétrus mlebu ing omah, Yésus langsung takon marang Pétrus, ”Simon, nèk miturutmu, sapa sing kudu mbayar béa utawa pajeg marang para raja ing donya iki? Anak-anaké utawa wong-wong liya?” 26 Pétrus njawab, ”Wong liya.” Mula Yésus kandha, ”Dadi, sakjané anak-anaké bébas pajeg. 27 Nanging supaya awaké dhéwé ora nyebabké masalah,* lungaa menyang laut, lan mancinga. Iwak sing kena dhisik dhéwé kuwi cekelen. Pas kowé mbukak cangkemé, kowé bakal nemokké dhuwit rècèh pérak siji.* Jupuken lan bayaren pajeg kanggo aku lan kowé.”

18 Wektu kuwi, murid-murid marani Yésus lan takon, ”Sapa sakjané sing paling utama ing Kraton swarga?” 2 Banjur Yésus ngundang bocah cilik siji, lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing ngarepé para muridé. 3 Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, nèk kowé ora malih lan ora dadi kaya bocah cilik iki, kowé mesthi ora bakal isa mlebu ing Kraton swarga. 4 Mula, sapa waé sing andhap asor kaya bocah cilik iki, wong kuwi sing paling utama ing Kraton swarga. 5 Lan sapa waé sing nampa bocah cilik kaya ngéné iki merga aku,* tegesé uga nampa aku. 6 Nanging sapa sing marahi wong-wong sing kaya bocah cilik iki dadi ora nduwé iman marang aku,* luwih becik kanggo dhèwèké dikalungi watu gilingan* terus diuncalké ing laut.

7 ”Cilaka tenan donya iki merga nggawé wong dadi dosa! Pancèn, bab-bab sing nyebabké dosa* mesthi bakal ana, nanging cilaka kanggo wong sing nyebabké wong liya dosa! 8 Mula, nèk tangan utawa sikilmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen lan buwangen kuwi. Luwih becik kowé cacad utawa buntung nanging nampa urip,* ketimbang nduwé tangan loro lan sikil loro nanging diuncalké ing geni sing langgeng.* 9 Uga, nèk mripatmu nyebabké kowé nindakké dosa,* cungkilen lan buwangen kuwi. Luwih becik kowé mung nduwé mripat siji nanging nampa urip,* ketimbang nduwé mripat loro nanging diuncalké ing Géhéna* sing geniné mulad-mulad. 10 Aja nganti kowé ngrèmèhké siji-sijia wong sing kaya bocah cilik iki, merga aku ngandhani kowé nèk para malaékaté wong-wong kuwi ing swarga terus ana ing ngarsané* Bapakku sing ana ing swarga. 11 *——

12 ”Piyé pendapatmu? Nèk ana wong nduwé wedhus gèmbèl 100 lan ana siji sing kesasar, mesthiné wong kuwi bakal ninggalké sing 99 ing gunung, terus nggolèki wedhus siji sing kesasar kuwi, ta? 13 Lan wektu wong kuwi nemokké wedhusé, dhèwèké mesthi luwih bungah merga sing siji kuwi ketimbang 99 wedhus sing ora kesasar. 14 Semono uga, Bapakku* sing ana ing swarga ora péngin siji-sijia ing antarané wong sing kaya bocah cilik iki ilang.

15 ”Terus, nèk sedulurmu nindakké dosa, maraa lan kandhanana salahé,* mung kowé karo dhèwèké waé. Nèk dhèwèké ngrungokké kowé, kowé wis mbantu sedulurmu nindakké manèh apa sing bener. 16 Nanging nèk dhèwèké ora ngrungokké, maraa karo wong siji utawa wong loro, supaya liwat katrangané* loro utawa telu seksi, perkara kuwi isa dadi cetha. 17 Nèk dhèwèké isih ora ngrungokké, laporna marang jemaat. Nèk dhèwèké ora ngrungokké jemaat, anggepen wong kuwi kaya wong saka bangsa liya lan kaya petugas pajeg.

18 ”Saktenané aku kandha marang kowé, bab apa waé sing kok talèni ing bumi, kuwi wis ditalèni ing swarga. Lan bab apa waé sing kok eculké ing bumi, kuwi wis dieculké ing swarga. 19 Sepisan manèh aku tenanan kandha marang kowé, nèk ana wong loro saka antaramu ing bumi sing setuju kanggo nyuwun bab apa waé sing penting, panyuwuné kuwi bakal dikabulké karo Bapakku ing swarga. 20 Merga ing ngendi ana wong loro utawa wong telu ngumpul bareng ing sajroné jenengku, aku ana ing tengah-tengahé.”

21 Banjur Pétrus mara lan kandha, ”Gusti, nèk sedulurku nggawé salah marang aku, nganti ping pira aku kudu ngapurani dhèwèké? Apa nganti ping pitu?” 22 Yésus njawab, ”Aku kandha marang kowé, ora mung nganti ping 7, nanging nganti ping 77.”

23 ”Kuwi sebabé Kraton swarga isa dipadhakké kaya raja sing nganakké étung-étungan karo budhak-budhaké. 24 Wektu raja mau mulai étung-étungan, budhak sing utang 10.000 talènta* digawa menyang ngarepé raja. 25 Nanging merga dhèwèké ora isa nyaur utangé, raja ngongkon supaya wong kuwi, bojoné, anak-anaké, lan kabèh sing diduwèni diedol kanggo nglunasi utangé. 26 Mula, budhak kuwi sujud lan kandha, ’Tulung, aku njaluk wektu, lan aku bakal mbayar kabèh utangku.’ 27 Merga mesakké, raja mau akiré mbébaské budhak kuwi lan nganggep utangé lunas. 28 Nanging wektu budhak kuwi metu lan ketemu karo kancané sing utang 100 dinar* marang dhèwèké, budhak kuwi langsung nyekel kancané lan karo nekak, dhèwèké kandha, ’Bayaren utangmu.’ 29 Terus kancané sujud lan njaluk marang dhèwèké, ’Tulung, aku njaluk wektu, lan aku bakal mbayar utangku.’ 30 Nanging budhak kuwi ora gelem, dhèwèké malah ngongkon supaya kancané dilebokké penjara nganti kancané kuwi isa nglunasi utang-utangé. 31 Wektu ngerti kedadéan iki, budhak-budhak liyané dadi sedhih banget, banjur padha nglaporké kabèh kedadéan kuwi marang raja. 32 Raja banjur ngundang budhak kuwi lan kandha marang dhèwèké, ’Budhak sing jahat, aku wis nganggep utangmu lunas wektu kowé njaluk welas asihku. 33 Sakjané, kowé kuduné uga nduduhké welas asih marang kancamu, kaya aku wis nduduhké welas asih marang kowé.’ 34 Raja nesu banget lan nyerahké budhak kuwi marang penjaga penjara nganti budhak kuwi nglunasi kabèh utangé. 35 Bapakku ing swarga uga bakal tumindak kaya ngono nèk kowé ora saktulusé ati ngapurani sedulurmu.”

19 Sakwisé rampung ngomongké kuwi kabèh, Yésus lunga saka Galiléa menyang perbatasan Yudéa ing sebrangé Kali Yordan. 2 Kumpulan wong akèh ngetutké Yésus, lan Yésus marèkké kabèh wong kuwi ing kana.

3 Banjur wong-wong Farisi marani Yésus kanggo nguji dhèwèké. Wong-wong kuwi takon, ”Apa miturut hukum wong lanang éntuk megat bojoné nganggo alesan apa waé?” 4 Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca nèk saka wiwitan Gusti Allah nggawé manungsa lanang lan wadon, 5 banjur ngendika, ’Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapaké lan ibuné, terus bakal urip bareng* karo bojoné, lan loro-loroné kuwi bakal dadi siji’?* 6 Mula, wong lanang lan wong wadon kuwi dudu loro manèh, nanging siji. Kuwi sebabé, apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.” 7 Wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Terus, apa sebabé Musa ngongkon wong mènèhi surat pegatan resmi lan ngéntukké wong megat bojoné?” 8 Yésus kandha, ”Kuwi merga kowé ndableg, mula Musa ngéntukké kowé megat bojomu. Nanging saka wiwitan sakjané ora kaya ngono. 9 Aku kandha marang kowé, nèk ana wong sing megat bojoné sakliyané merga hubungan sèks sing ora sah,* banjur nikah karo wong liya, kuwi tegesé wong kuwi laku jina.”

10 Murid-murid kandha marang Yésus, ”Nèk urip bebojoan kahanané kaya ngono, luwih becik ora bebojoan.” 11 Yésus kandha, ”Ora kabèh wong isa nglakoni kaya ngono, sing isa mung wong sing nduwé anugrah kanggo nglakoni kuwi. 12 Ana wong sing ora isa bebojoan merga cacad wiwit lair, lan ana sing ora isa bebojoan merga didadèkké ngono karo wong liya, lan ana uga sing milih ora bebojoan supaya isa ngabdi luwih akèh kanggo Kraton swarga. Nèk ana wong sing milih tetep ora bebojoan, ya bèn dilakoni.”

13 Banjur, wong-wong nggawa bocah-bocah cilik marang Yésus supaya Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi lan ndongakké bocah-bocah kuwi. Murid-muridé malah nyenèni wong-wong kuwi. 14 Nanging Yésus kandha, ”Ejarna waé bocah-bocah cilik kuwi nyedhak marang aku. Aja kok alang-alangi, merga Kraton swarga bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono.” 15 Banjur Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi lan lunga saka kono.

16 Ana wong teka marani Yésus, lan takon, ”Guru, bab apik apa sing kudu tak tindakké supaya isa urip saklawasé?” 17 Yésus njawab, ”Ngapa kowé takon marang aku bab apa sing apik? Mung Gusti Allah sing apik. Nanging, nèk kowé péngin nampa urip, terus manuta marang préntah-préntahé Gusti Allah.” 18 Wong kuwi takon manèh, ”Préntah sing endi?” Yésus njawab, ”Aja matèni, aja laku jina, aja nyolong, aja mènèhi kesaksian palsu, 19 ajènana bapakmu lan ibumu, lan tresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.” 20 Wong lanang enom kuwi kandha, ”Aku wis nglakoni kuwi kabèh. Apa manèh sing kudu tak lakoni?” 21 Yésus njawab, ”Nèk kowé péngin sampurna,* edolen bandhamu, terus hasilé wènèhna marang wong miskin, lan kowé bakal éntuk bandha ing swarga. Banjur dadia muridku.” 22 Wektu wong lanang enom kuwi krungu omongané Yésus, dhèwèké sedhih banjur lunga merga dhèwèké nduwé bandha sing akèh. 23 Terus Yésus kandha marang murid-muridé, ”Saktenané aku kandha, wong sugih bakal angèl mlebu ing Kraton swarga. 24 Sepisan manèh aku kandha marang kowé, luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum ketimbang wong sugih mlebu ing Kratoné Allah.”

25 Wektu krungu omongan kuwi, murid-murid padha kagèt lan kandha, ”Terus, apa ana wong sing isa slamet?” 26 Yésus terus mandeng para muridé, lan kandha, ”Kanggoné manungsa kuwi mustahil, nanging kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil.”

27 Pétrus banjur kandha, ”Aku kabèh wis ninggalké apa waé lan mèlu panjenengan. Terus aku bakal éntuk apa?” 28 Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha, wektu kabèh digawé dadi anyar, lan wektu Putrané manungsa lungguh ing tahtané sing agung, kowé sing wis padha dadi muridku bakal lungguh ing 12 tahta, lan ngadili 12 suku Israèl. 29 Lan saben wong sing wis ninggalké omahé, utawa kakangé, utawa mbakyuné, utawa adhiné, utawa bapaké, utawa ibuné, utawa anaké, utawa lemahé merga dhèwèké muridku, dhèwèké bakal nampa tikel 100 luwih akèh lan bakal éntuk urip langgeng.

30 ”Nanging akèh wong sing kapisan bakal dadi sing pungkasan, lan sing pungkasan bakal dadi sing kapisan.

20 ”Kraton swarga kuwi kaya wong sing nduwé kebon anggur. Wektu isih ésuk banget, dhèwèké lunga nggolèk buruh kanggo kerja ing kebon angguré. 2 Sakwisé para buruh kuwi setuju dibayar sak dinar* sedina, dhèwèké ngongkon para buruh kuwi lunga menyang kebon angguré. 3 Wektu kira-kira jam sanga ésuk,* dhèwèké lunga manèh lan ndelok ana wong-wong sing nganggur ing pasar. 4 Banjur dhèwèké kandha marang wong-wong kuwi, ’Kowé ya lungaa menyang kebon anggurku, lan kowé bakal tak wènèhi opah sing pantes.’ 5 Wong-wong kuwi banjur mangkat. Kira-kira jam 12 awan* lan jam 3 soré,* dhèwèké lunga manèh kanggo nggolèk buruh liyané. 6 Akiré, wektu kira-kira jam lima soré,* dhèwèké lunga lan ketemu karo wong-wong sing lagi ngadeg lan ora nindakké apa-apa. Dhèwèké takon, ’Ngapa kowé mung ngadeg waé sedina muput lan ora kerja?’ 7 Wong-wong kuwi njawab, ’Merga ora ana wong sing mènèhi aku gawéan.’ Dhèwèké kandha, ’Kowé ya lungaa menyang kebon anggurku.’

8 ”Wektu wis arep wengi, wong sing nduwé kebon anggur kuwi kandha marang mandoré, ’Celuken para buruh lan bayaren opahé, saka sing teka kèri dhéwé nganti sing teka dhisik dhéwé.’ 9 Banjur, wong-wong sing kerja wiwit jam lima soré mara, lan saben wong nampa opah sak dinar.* 10 Sakwisé kuwi, wong-wong sing kerja saka ésuk padha mara, lan ngira bakal dibayar luwih akèh. Nanging, jebulé wong-wong kuwi uga diopahi sak dinar.* 11 Mula wong-wong kuwi mulai padha protès marang sing nduwé kebon 12 lan kandha, ’Wong-wong sing teka kèri kuwi mung kerja sak jam, nanging panjenengan mènèhi opah sing padha karo aku sing wis kerja sedina muput lan kepanasen.’ 13 Nanging, wong sing nduwé kebon anggur kuwi njawab salah siji saka wong-wong kuwi, ’Aku ora tumindak salah marang kowé. Kowé kan wis setuju tak bayar sak dinar,* ta?’ 14 Tampanana opahmu lan lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong sing mlebu kèri dhéwé padha karo sing tak bayarké marang kowé. 15 Apa aku ora éntuk nggunakké dhuwitku dhéwé sakarepku? Utawa apa kowé iri* merga aku apikan* karo wong kuwi?’ 16 Mula, wong sing pungkasan bakal dadi sing kapisan, lan sing kapisan bakal dadi sing pungkasan.”

17 Wektu mlaku menyang Yérusalèm, Yésus ngajak 12 muridé misah saka wong-wong liyané, lan kandha, 18 ”Padha rungokna! Awaké dhéwé arep lunga menyang Yérusalèm, lan Putrané manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké, 19 lan bakal masrahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya kanggo diécé, dipecuti, lan dipatèni ing cagak. Nanging ing dina katelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”

20 Banjur, bojoné Zébédéus marani Yésus bareng karo anaké loro lan sujud, terus ngomongké penjaluké marang Yésus. 21 Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Apa sing kok péngini?” Wong wadon kuwi njawab, ”Ing Kratoné panjenengan, aku nyuwun supaya anakku loro iki isa lungguh cedhak panjenengan, siji ing sisih tengen, lan sijiné ing sisih kiwané panjenengan.” 22 Yésus njawab, ”Kowé ora ngerti apa sing kok jaluk kuwi. Apa kowé isa ngombé saka cawan sing arep tak ombé?” Wong-wong kuwi njawab, ”Isa.” 23 Yésus kandha, ”Kowé pancèn bakal ngombé saka cawanku, nanging aku ora nduwé wewenang kanggo nemtokké sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengenku. Panggonan-panggonan kuwi wis disiapké kanggo wong-wong sing wis ditemtokké Bapakku.”

24 Wektu krungu bab kuwi, sepuluh murid liyané nesu marang Yakobus lan Yohanes. 25 Banjur Yésus nyeluk murid-muridé lan kandha, ”Kowé ngerti nèk para pemimpin ing donya iki padha mréntah rakyaté, lan para pejabat uga nguwasani rakyaté. 26 Nanging kowé aja kaya ngono. Sapa waé sing péngin dadi sing utama kudu ngladèni liyané, 27 lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji ing antaramu, kudu dadi budhakmu. 28 Kaya Putrané manungsa teka, ora kanggo diladèni, nanging kanggo ngladèni lan masrahké uripé* dadi tebusan kanggo wong akèh.”

29 Wektu Yésus lan murid-muridé ninggalké kutha Yérikho, ana akèh wong sing ngetutké. 30 Ing pinggir dalan, ana wong wuta loro sing lagi lungguh lan krungu Yésus lagi liwat. Wong-wong wuta kuwi mbengok, ”Gusti, Putrané Daud, welasana aku!” 31 Akèh wong padha nyenèni wong wuta loro kuwi lan ngongkon supaya meneng. Nanging wong wuta loro kuwi malah mbengok saya banter, ”Gusti, Putrané Daud, welasana aku!” 32 Yésus banjur mandheg, nyeluk wong wuta loro kuwi, lan kandha, ”Kowé péngin aku nindakké apa?” 33 Wong-wong kuwi njawab, ”Gusti, tulung, aku péngin mripatku isa ndelok.” 34 Merga mesakké, Yésus ndemèk mripaté wong-wong kuwi. Ing wektu kuwi uga, wong loro mau langsung isa ndelok. Banjur wong-wong kuwi ngetutké Yésus.

21 Wektu Yésus lan murid-muridé wis cedhak Yérusalèm lan tekan ing Bètfagé ing Gunung Zaitun, Yésus ngutus muridé cacahé loro. 2 Yésus kandha, ”Lungaa menyang désa ing ngarep kuwi. Kowé bakal ndelok keledai karo anaké sing lagi dicencang. Uculana taliné lan gawanen mréné loro-loroné. 3 Nèk ana wong sing takon, jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’ Banjur wong kuwi bakal langsung ngekèkké.”

4 Sakjané kuwi kedadéan supaya kelakon apa sing dikandhakké liwat nabi, yaiku, 5 ”Kandhakna marang anak wadoné Zion, ’Deloken! Rajamu teka marani kowé. Wataké alus lan dhèwèké nunggang keledai, ya, nunggang keledai enom.’”

6 Mula muridé loro mau banjur lunga lan nindakké apa sing dipréntahké Yésus. 7 Murid-murid mau nuntun keledai kuwi lan anaké. Murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré keledai-keledai kuwi, lan Yésus nunggang keledai sing enom. 8 Akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan, wong liyané manèh padha ngethok pang-pangé wit lan didèlèhké ing dalan. 9 Sakliyané kuwi, wong akèh sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus padha mbengok, ”Gusti Allah, paringana keslametan marang Putrané Daud! Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah! Sing ana ing swarga, paringana keslametan marang panjenengané!”

10 Wektu Yésus mlebu ing Yérusalèm, wong sak kutha padha gègèr, lan kandha, ”Sapa wong iki?” 11 Wong-wong sing ngetutké Yésus terus-terusan kandha, ”Iki Yésus, nabi saka Nazarèt ing Galiléa!”

12 Yésus mlebu bait lan ngusir kabèh wong sing dol-tinuku ing bait, banjur njungkirké méja-méjané para tukang ngijoli dhuwit lan bangku-bangkuné wong-wong sing padha dodolan manuk dara. 13 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kitab Suci kandha, ’Omah-Ku bakal disebut omah donga,’ nanging malah kok dadèkké guwa rampok.” 14 Uga ana wong-wong sing wuta lan pincang marani Yésus ing bait, lan Yésus marèkké wong-wong kuwi.

15 Wektu para imam kepala lan ahli Taurat ndelok akèh mukjijat sing ditindakké Yésus, lan krungu bocah-bocah lanang ing bait padha mbengok, ”Gusti Allah, paringana keslametan marang Putrané Daud!” wong-wong kuwi dadi jèngkèl banget 16 lan takon marang Yésus, ”Apa kowé krungu omongané bocah-bocah kuwi?” Yésus njawab, ”Ya, aku krungu. Apa kowé durung tau maca tulisan ing Kitab Suci sing kandha, ’Panjenengan nyebabké cangkemé bocah-bocah lan bayi-bayi ngucapké pujian’?” 17 Yésus banjur ninggalké wong-wong kuwi lan lunga menyang kutha Bétani, lan nginep ing kono.

18 Wektu bali menyang Yérusalèm pas isih ésuk banget, Yésus krasa luwé. 19 Yésus ndelok ana wit ara ing pinggir dalan banjur diparani. Nanging Yésus ora nemokké wohé siji-sijia kejaba mung godhong. Yésus banjur kandha marang wit kuwi, ”Kowé ora bakal ngetokké woh manèh.” Wit ara kuwi langsung alum. 20 Wektu ndelok kuwi, murid-murid padha nggumun lan kandha, ”Kok isa wit ara kuwi langsung alum?” 21 Yésus njawab para muridé, ”Saktenané aku kandha, nèk kowé nduwé iman lan ora ragu-ragu, kowé ora mung bakal isa nindakké apa sing tak tindakké marang wit ara kuwi, nanging kowé uga mesthi isa ngongkon gunung iki, ’Mumbula lan njegura ing laut,’ lan kuwi bakal kelakon. 22 Lan apa waé sing kok suwun wektu ndonga, kuwi kabèh bakal kok tampa nèk kowé nduwé iman.”

23 Sakwisé kuwi, Yésus mlebu bait. Wektu lagi mulang, para imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi marani Yésus lan takon, ”Nganggo wewenangé sapa kowé nindakké perkara-perkara iki? Sapa sing mènèhi kowé wewenang iki?” 24 Yésus njawab, ”Aku uga arep takon karo kowé. Nèk kowé njawab pitakonanku, aku bakal ngandhani kowé saka ngendi aku éntuk wewenang kanggo nindakké kabèh iki: 25 Baptisan Yohanes kuwi asalé saka ngendi? Saka Gusti Allah* apa manungsa?” Wong-wong kuwi mulai padha rembugan dhéwé, ”Nèk awaké dhéwé ngomong, ’Gusti Allah,’ dhèwèké bakal kandha, ’Terus ngapa kowé ora percaya marang Yohanes?’ 26 Nanging nèk njawab, ’Saka manungsa,’ awaké dhéwé wedi karo wong-wong iki, merga kabèh wong iki nganggep Yohanes kuwi nabi.” 27 Mula wong-wong mau njawab Yésus, ”Aku kabèh ora ngerti.” Yésus terus kandha, ”Nèk ngono, aku uga ora bakal ngandhani kowé nganggo wewenangé sapa aku nindakké kabèh iki.

28 ”Piyé miturutmu? Ana wong lanang nduwé anak loro. Dhèwèké ngongkon anak sing nomer siji, ’Lé, dina iki kowé nyambut gawéa ing kebon anggur.’ 29 Anaké kuwi njawab, ’Emoh, Pak,’ nanging bar kuwi dhèwèké gela, mula terus mangkat. 30 Wektu ngongkon anaké sing nomer loro nindakké sing padha, anaké kuwi njawab, ’Ya, Pak,’ nanging ora mangkat. 31 Anak sing endi sing manut karo bapaké?” Wong-wong kuwi njawab, ”Sing nomer siji.” Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, para petugas pajeg lan pelacur bakal mlebu ing Kratoné Allah luwih dhisik ketimbang kowé. 32 Merga wektu Yohanes teka marang kowé kanggo mulangké sing bener, kowé ora percaya marang dhèwèké. Nanging petugas pajeg lan pelacur malah percaya marang dhèwèké. Lan kowé, senajan wis weruh iki, kowé tetep ora ngrasa gela lan ora percaya marang dhèwèké.

33 ”Rungokna umpama liyané: Ana wong lanang sing nduwé tanah. Dhèwèké nggawé kebon anggur lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké uga nggawé panggonan kanggo meres anggur lan ngedegké menara jaga. Banjur dhèwèké nyéwakké kebon angguré marang para petani, terus lunga menyang luar negri. 34 Wektu wis wayahé panèn anggur, dhèwèké ngutus budhak-budhaké marang para petani kanggo njupuk woh anggur sing dadi bagéané. 35 Nanging, para petani mau nangkep budhak-budhak kuwi, ana sing digebugi, ana sing dipatèni, lan ana sing dibandhemi watu. 36 Banjur dhèwèké ngutus luwih akèh manèh budhak-budhak, nanging budhak-budhak kuwi uga ngalami sing padha. 37 Akiré, dhèwèké ngutus anaké lanang merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 38 Wektu weruh anaké sing nduwé kebon anggur kuwi, para petani mau kandha, ’Wong kuwi ahli warisé kebon anggur iki. Ayo dipatèni lan dijupuk warisané!’ 39 Mula wong-wong kuwi nangkep lan nyèrèd ahli waris mau menyang njabané kebon, banjur dipatèni. 40 Wektu sing nduwé kebon anggur teka, apa sing bakal ditindakké marang para petani mau?” 41 Para imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi njawab, ”Merga para petani kuwi jahat, sing nduwé kebon anggur mesthi bakal matèni wong-wong kuwi lan bakal nyéwakké kebon angguré marang petani liya, sing bakal ngekèki woh wektu musim panèn anggur.”

42 Yésus takon, ”Apa kowé ora tau maca ayat iki ing Kitab Suci? ’Watu sing ditolak tukang-tukang bangunan wis dadi watu sing utama. Kuwi asalé saka Yéhuwah lan nggumunké banget kanggo kita.’ 43 Kuwi sebabé aku kandha marang kowé, Kratoné Allah bakal dijupuk saka kowé lan diwènèhké marang sawijiné bangsa sing nindakké kersané Gusti Allah.* 44 Uga, wong sing tiba ing ndhuwuré watu kuwi bakal ajur. Lan wong sing ketiban watu kuwi bakal remuk.”

45 Wektu krungu umpama-umpama kuwi, para imam kepala lan wong-wong Farisi dadi ngerti nèk wong-wong kuwi dhéwé sing lagi diomongké Yésus. 46 Sakjané wong-wong kuwi péngin nangkep Yésus, nanging wedi karo wong akèh sing padha nganggep Yésus kuwi nabi.

22 Sepisan manèh, Yésus mulang wong-wong nganggo umpama. Yésus kandha, 2 ”Kraton swarga kuwi kaya raja sing nganakké pésta mantènan kanggo anaké lanang. 3 Raja kuwi ngutus para budhaké kanggo nyeluk para undangan menyang pésta mantènan kuwi, nanging wong-wong mau ora gelem teka. 4 Banjur raja mau ngutus budhak-budhak liyané, lan kandha, ’Omonga marang wong-wong sing wis diundang: ”Aku wis nyiapké akèh maeman. Sapi lan ternak pilihan wis tak belèh. Kabèh wis siap. Ayo padha teka ing pésta!”’ 5 Nanging para undangan kuwi ora perduli, malah padha lunga. Ana sing menyang ladhang, ana sing ngurusi usahané, 6 sing liyané malah nangkep para budhak mau, banjur para budhak kuwi dianiaya lan dipatèni.

7 ”Raja dadi nesu banget, banjur ngutus tentarané kanggo matèni kabèh sing wis matèni budhak-budhaké, lan mbakar kuthané wong-wong kuwi. 8 Banjur raja ngomong marang para abdiné, ’Pésta mantènané wis siap, nanging para undangan kuwi ora pantes teka ing pésta iki. 9 Mula, lungaa menyang dalan-dalan utama, lan undangen sapa waé sing kok temoni kanggo teka ing pésta mantènan iki.’ 10 Para budhak mau banjur lunga lan nglumpukké sapa waé sing ditemoni ing dalan, klebu wong jahat lan apik. Panggonan kanggo pésta kuwi nganti kebak tamu.

11 ”Wektu raja mlebu kanggo nemoni para tamu, dhèwèké ndelok ana wong lanang sing ora nganggo klambi pésta. 12 Mula raja takon, ’Ngapa kowé teka mréné ora nganggo klambi pésta?’ Wong kuwi meneng waé. 13 Raja banjur ngongkon para abdiné, ’Talènana tangané lan sikilé, terus uncalna ing njaba, ing pepeteng. Ing kono, dhèwèké bakal nangis lan gela banget.’*

14 ”Akèh wong sing diundang, nanging sing dipilih mung sithik.”

15 Banjur wong-wong Farisi lunga lan nggawé rencana supaya Yésus kejebak omongané dhéwé. 16 Mula wong-wong Farisi mau banjur ngongkon murid-muridé lunga karo pengikuté partai Hérodès kanggo nemoni Yésus lan kandha, ”Guru, aku ngerti nèk panjenengan mesthi ngomongké sing bener, uga mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah, lan ora nggolèk alem ing ngarepé manungsa, merga panjenengan ora ndelok wong mung saka penampilané. 17 Mula, piyé pendapaté guru? Mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora?” 18 Nanging Yésus ngerti pikiran jahaté wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha, ”Wong munafik, ngapa kowé nguji aku? 19 Duduhna dhuwit rècèh kanggo mbayar pajeg kuwi.” Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar* siji. 20 Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” 21 Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” Banjur Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” 22 Wektu krungu omongané Yésus, wong-wong kuwi nggumun banget banjur padha lunga.

23 Ing dina kuwi uga, ana wong Saduki sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh. Wong-wong kuwi marani Yésus lan takon, 24 ”Guru, Musa kandha, ’Nèk wong lanang mati tanpa nduwé anak, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo randhané wong sing mati mau, supaya wong sing mati mau nduwé keturunan.’ 25 Ing kéné tau ana wong lanang pitu kakang adhi. Sing kapisan nikah banjur mati tanpa nduwé keturunan. Dadi, adhiné lanang terus nikah karo randha mau. 26 Sing kapindho mau ya mati tanpa nduwé keturunan, sing katelu ya ngono. Kuwi kelakon terus nganti sing kapitu. 27 Akiré wong wadon kuwi uga mati. 28 Terus wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong wadon kuwi bakal dadi bojoné sapa? Merga wong lanang pitu mau wis tau dadi bojoné.”

29 Yésus njawab, ”Kowé klèru, merga kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah. 30 Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong ora bakal nikah utawa dinikahké, nanging bakal dadi kaya malaékat ing swarga. 31 Apa kowé ora tau maca sing dingendikakké Gusti Allah bab wong mati sing diuripké manèh? Gusti Allah ngendika, 32 ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’ Panjenengané kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, nanging Gusti Allahé wong urip.” 33 Wektu krungu kuwi, akèh wong padha nggumun karo wulangané Yésus.

34 Sakwisé krungu nèk Yésus wis nggawé wong-wong Saduki dadi meneng klakep, wong-wong Farisi nemoni Yésus bebarengan. 35 Banjur salah siji saka antarané wong-wong kuwi, sing pinter bab hukum Taurat, takon kanggo nguji Yésus, 36 ”Guru, préntah endi sing paling penting ing hukum Taurat?” 37 Yésus njawab, ”’Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu,* lan sakwutuhé pikiranmu.’ 38 Iki préntah sing paling penting lan paling utama. 39 Préntah kapindho sing ana hubungané karo kuwi, yaiku, ’Tresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.’ 40 Rong préntah kuwi sing dadi dhasaré kabèh isiné Taurat lan Tulisan Para Nabi.”

41 Wektu wong-wong Farisi padha nglumpuk ing kono, Yésus takon marang wong-wong kuwi, 42 ”Apa pendapatmu bab Kristus? Dhèwèké kuwi putrané sapa?” Wong-wong kuwi njawab, ”Putrané Daud.” 43 Yésus takon manèh, ”Nèk ngono, ngapa Daud sing dituntun roh suci isa nyebut Kristus kuwi Gusti, wektu dhèwèké kandha, 44 ’Yéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu”’? 45 Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut putrané Daud?” 46 Ora ana wong siji-sijia sing isa njawab. Lan wiwit dina kuwi, ora ana sing wani takon manèh marang Yésus.

23 Yésus banjur omongan marang wong akèh lan murid-muridé. Yésus kandha, 2 ”Para ahli Taurat lan wong-wong Farisi percaya nèk wong-wong kuwi nduwé wewenang sing padha karo Musa. 3 Mula, tindakna kabèh sing wis diwulangké, nanging aja niru kelakuané, merga wong-wong kuwi mung ngomong nanging ora nglakoni. 4 Wong-wong kuwi nggawé beban sing abot lan ndèlèhké ing pundhaké wong, nanging wong-wong kuwi dhéwé ora gelem ndemèk nganggo drijiné. 5 Kabèh tumindaké mau mung supaya didelok wong. Wong-wong kuwi nggawé luwih gedhé kothak-kothak sing isiné ayat,* sing dienggo dadi jimat, lan pucuk jubahé uga digawé luwih dawa. 6 Wong-wong kuwi seneng lungguh ing panggonan kanggo tamu penting ing pésta, lan lungguh ing kursi sing ngarep dhéwé* ing sinagogé.* 7 Wong-wong kuwi uga padha seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum* lan seneng disebut Rabi.* 8 Nanging, kowé aja disebut Rabi,* merga Gurumu mung siji, lan kowé kabèh kuwi sedulur. 9 Uga, aja nyebut sapa waé ing bumi bapak, merga Bapakmu mung siji yaiku sing ana ing swarga. 10 Uga, kowé aja disebut pemimpin merga Pemimpinmu mung siji yaiku Kristus. 11 Nanging sapa sing paling utama ing antaramu kudu ngladèni liyané. 12 Sapa waé sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diasorké, lan sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.

13 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé nutup lawangé Kraton swarga ing ngarepé wong-wong. Kowé dhéwé ora mlebu, lan kowé uga ngalang-alangi wong sing arep mlebu. 14 *——

15 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé lunga adoh nganti nyabrang laut lan njlajahi daratan kanggo nggawé wong siji mlebu agamamu.* Nanging sakwisé wong kuwi mlebu ing agamamu, kowé malah ndadèkké dhèwèké luwih jahat ketimbang kowé, lan pantes dihukum ing Géhéna.*

16 ”Cilaka kowé, penuntun-penuntun wuta. Merga kowé kandha, ’Nèk ana wong sumpah demi bait, sumpahé kuwi ora ana artiné. Nanging nèk wong sumpah demi emas sing ana ing bait, wong kuwi wajib nindakké sumpahé.’ 17 Wong-wong bodho lan wuta! Endi sing luwih penting, emas utawa bait sing nggawé emas kuwi suci? 18 Kowé uga mulang ngéné, ’Nèk ana wong sumpah demi mésbah, sumpahé kuwi ora ana artiné. Nanging nèk wong sumpah demi kurban sing ana ing mésbah mau, wong kuwi wajib nindakké sumpahé.’ 19 Wong-wong wuta! Endi sing sakjané luwih penting, kurban utawa mésbah sing nggawé kurban kuwi suci? 20 Sakjané, wong sing sumpah demi mésbah ora mung sumpah demi mésbah kuwi, nanging uga demi kabèh sing dikurbanké ing ndhuwuré. 21 Lan wong sing sumpah demi bait, ora mung sumpah demi bait kuwi, nanging uga demi Gusti Allah sing manggon ing kono. 22 Lan wong sing sumpah demi swarga ora mung sumpah demi tahtané Gusti Allah, nanging uga demi Panjenengané sing lungguh ing tahta kuwi.

23 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé mènèhi sepersepuluh saka tanduran mint, adas, lan jinten putih, nanging kowé nyepèlèkké bab-bab sing luwih penting ing hukum Taurat, yaiku kaadilan, welas asih, lan kasetyan. Mènèhi persepuluhan pancèn penting, nanging sing liyané kuwi ora olèh disepèlèkké. 24 Penuntun-penuntun wuta! Nyamuk kok saring saka ombèn-ombènmu, nanging unta malah kok eleg.

25 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé ngresiki bagéan njabané cangkir lan piring, nanging bagéan njeroné kebak keserakahan* lan pepénginan sing ora isa dikendhalèni. 26 Wong Farisi sing wuta, resikana dhisik bagéan njeroné cangkir lan piring kuwi, supaya bagéan njabané uga dadi resik.

27 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé kaya kuburan sing dilabur putih, saka njaba pancèn kétok apik, nanging ing njeroné kebak balungé wong mati lan kabèh sing najis. 28 Semono uga kowé, saka njaba kowé kétok bener ing ngarepé manungsa, nanging ing njero atimu kebak kemunafikan lan kejahatan.

29 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé nggawé kuburan sing apik kanggo para nabi lan mènèhi hiasan ing makamé wong-wong sing bener, 30 lan kowé padha kandha, ’Umpama aku urip ing jamané para leluhurku, aku mesthi ora bakal mèlu matèni para nabi.’ 31 Dadiné, kowé dhéwé padha ngakoni nèk kowé keturunané wong-wong sing matèni para nabi. 32 Mula saiki, rampungna apa sing wis diwiwiti* para leluhurmu.

33 ”Ula-ula, keturunané ula sing ana racuné, piyé kowé bakal bébas saka hukuman Géhéna?* 34 Kuwi sebabé, aku bakal ngutus nabi-nabi, wong-wong wicaksana, lan guru-guru kanggo marani kowé. Ana sing bakal kok patèni lan ana sing bakal kok hukum ing cagak, ana sing bakal kok pecuti ing sinagogé lan ana uga sing bakal kok aniaya saka kutha siji menyang kutha sijiné. 35 Nganggo cara kuwi kowé bakal nanggung getihé kabèh wong bener sing wis diwutahké ing bumi, wiwit saka getihé Habèl yaiku wong sing bener nganti Zakharia anaké Barakhia, sing kok patèni ing antarané panggonan suci lan mésbah. 36 Saktenané aku kandha, hukuman kanggo kabèh dosa kuwi bakal ditanggung karo wong-wong jaman iki.*

37 ”Yérusalèm, Yérusalèm, sing matèni para nabi lan mbandhemi watu wong-wong sing diutus marang kowé, wis ping bola bali aku ngupaya nglumpukké anak-anakmu kaya pitik babon nglumpukké anak-anaké ing ngisor swiwiné. Nanging kowé padha ora gelem. 38 Mula, baitmu* bakal ditinggal dadi kosong lan sepi. 39 Kowé kabèh tak kandhani, wiwit saiki kowé ora bakal ndelok aku manèh nganti kowé kandha, ’Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah!’”

24 Wektu Yésus ninggalké bait, murid-muridé marani lan nduduhké marang Yésus bangunan-bangunan bait. 2 Yésus kandha, ”Apa kowé ndelok kabèh bangunan iki? Saktenané aku kandha, kabèh iki bakal diambrukké. Ora ana siji-sijia watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”

3 Wektu Yésus lagi lungguh ing Gunung Zaitun, murid-muridé marani Yésus wektu ora ana wong liya. Murid-murid kuwi takon, ”Kandhanana aku kabèh, kapan bab-bab kuwi bakal kelakon, lan apa sing bakal dadi tandha rawuhé* panjenengan lan tandha pungkasané jaman* iki?”

4 Yésus njawab, ”Ngati-atia supaya aja nganti ana sing nyasarké kowé kabèh, 5 merga akèh wong bakal teka nganggo jenengku, nganggo cara kandha, ’Aku iki Kristus,’ lan wong-wong kuwi bakal nyasarké akèh wong. 6 Kowé bakal krungu swara perang lan warta-warta bab perang. Nanging aja nganti kowé kuwatir, merga bab-bab iki kudu kelakon. Nanging kuwi durung pungkasané.

7 ”Merga bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Uga bakal ana kurang pangan, lan gempa bumi ing ngendi-endi. 8 Nanging kuwi kabèh mung lagi wiwitané kasangsaran.*

9 ”Banjur wong-wong bakal nggawé kowé sengsara lan matèni kowé, lan kowé bakal digethingi kabèh bangsa merga jenengku. 10 Sakliyané kuwi, ana akèh wong sing bakal ngedoh saka Gusti Allah,* padha ngianati lan nggethingi siji lan sijiné. 11 Bakal ana akèh nabi-nabi palsu sing nyasarké akèh wong. 12 Lan merga kejahatan saya akèh, katresnané akèh-akèhé wong bakal saya suda.* 13 Nanging wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké. 14 Lan kabar apik bab Kraton iki bakal diwartakké ing saklumahing bumi, dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa, sakwisé kuwi pungkasané donya bakal teka.

15 ”Mula, wektu kowé ndelok ana perkara sing njijiki sing nyebabké karusakan, kaya sing dikandhakké liwat Nabi Danièl, ngadeg ing panggonan suci, (sing maca kudu mikirké tenanan supaya isa ngerti maksudé), 16 wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan. 17 Wong sing ana ing ndhuwur omah* aja mudhun kanggo njupuk barang sing ana ing omahé, 18 lan wong sing ana ing ladhang aja bali kanggo njupuk klambi njabané. 19 Cilaka wong wadon sing mbobot lan sing isih nyusoni bayi ing mangsa kuwi! 20 Terusa ndonga supaya pas wayahé kowé mlayu ora ngepasi musim dingin utawa dina Sabat. 21 Merga wektu kuwi, bakal ana sengsara gedhé sing durung tau kedadéan saka wiwitané donya nganti saiki, lan ora bakal kedadéan manèh. 22 Sakjané, nèk dina-dina kuwi ora digawé singkat, ora bakal ana wong sing dislametké. Nanging merga wong-wong pilihan, dina-dina kuwi bakal digawé singkat.

23 ”Aja percaya nèk ana wong sing kandha marang kowé, ’Deloken! Kristus ana ing kéné,’ utawa, ’Dhèwèké ana ing kana!’ 24 Merga bakal ana Kristus-Kristus palsu lan nabi-nabi palsu, lan wong-wong kuwi bakal nggawé akèh mukjijat* kanggo nyasarké wong-wong pilihan. 25 Élinga, aku wis ngélikké kowé. 26 Mula nèk ana wong sing kandha, ’Deloken! Dhèwèké ana ing padhang belantara,’ kowé aja metu. Utawa nèk padha kandha, ’Deloken! Dhèwèké ana ing njero,’ kowé aja percaya. 27 Merga kaya kilat sing metu saka wétan lan sumunar tekan sisih kulon, ya ngono kuwi rawuhé* Putrané manungsa mbésuk. 28 Ing ngendi ana bathang, ing kono manuk elang bakal ngrubung.

29 ”Ora suwé sakwisé mangsa sengsara kuwi, srengéngé bakal dadi peteng, bulan bakal ilang cahyané, bintang-bintang bakal tiba saka langit, lan kuwasa-kuwasa langit bakal digoncangké. 30 Banjur tandha Putrané manungsa bakal kétok ing langit, lan kabèh suku ing bumi bakal nggebugi awaké merga sedhih, lan wong-wong kuwi bakal ndelok Putrané manungsa teka ing ndhuwur méga-méga langit nganggo kuwasa lan kamulyan sing gedhé. 31 Banjur dhèwèké bakal ngutus malaékat-malaékaté nganggo swara trompèt sing banter, lan para malaékat bakal nglumpukké wong-wong pilihané saka patang arah mata angin, lan saka pucuk langit siji menyang pucuk liyané.

32 ”Padha sinaua saka umpama bab wit ara: Sakwisé pang-pangé sing enom dadi empuk lan ngetokké godhong-godhong, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak. 33 Semono uga kowé, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, ngertia nèk Putrané manungsa wis cedhak, wis ing ngarep lawang. 34 Saktenané aku kandha marang kowé, generasi iki ora bakal sirna nganti kabèh iki kelakon. 35 Langit lan bumi bakal sirna, nanging omonganku bakal tetep ana nganti saklawasé.

36 ”Bab dina lan jamé, ora ana sing ngerti. Malaékat-malaékat ing swarga ora ngerti, Putra ya ora ngerti, mung Bapak sing ngerti. 37 Kaya kahanan ing jamané Nuh, semono uga mbésuk pas rawuhé* Putrané manungsa. 38 Sakdurungé Banjir Gedhé teka, wong-wong padha mangan lan ngombé, wong-wong lanang nikah lan wong-wong wadon dinikahké, nganti pas dinané Nuh mlebu ing bahtera. 39 Wong-wong kuwi ora nggatèkké nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyirnakké wong-wong kuwi kabèh. Semono uga mbésuk pas rawuhé Putrané manungsa. 40 Ing wektu kuwi, bakal ana wong lanang loro ing ladhang, sing siji bakal digawa, lan sijiné bakal ditinggal. 41 Ana wong wadon loro sing lagi nggiling nganggo gilingan tangan, sing siji bakal digawa, lan sijiné bakal ditinggal. 42 Mula terusa jaga-jaga, merga kowé ora ngerti kapan Gustimu bakal teka.

43 ”Pikirna bab iki: Nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira* maling arep teka, dhèwèké mesthi bakal tetep jaga-jaga lan ora ngejarké omahé dibobol. 44 Mula, buktèkna nèk kowé siap, merga Putrané manungsa bakal teka ing wektu sing ora kok sangka-sangka.

45 ”Sapa sakjané budhak sing setya lan wicaksana, sing dilantik karo majikané kanggo ngurus pelayan-pelayan ing omahé, lan mènèhi pangan marang wong-wong mau ing wektu sing pas? 46 Bungah banget budhak kuwi nèk pas majikané teka, majikané ndelok dhèwèké lagi nindakké tugasé. 47 Saktenané aku kandha, majikané bakal nglantik dhèwèké kanggo ngurus kabèh bandhané.

48 ”Nanging umpama budhak sing jahat mbatin, ’Paling majikanku isih suwé,’ 49 terus dhèwèké mulai nggebugi budhak liyané, uga mangan lan ngombé bareng wong-wong mendem, 50 majikané bakal teka ing wayah sing dhèwèké ora sangka-sangka lan ing jam sing dhèwèké ora ngerti, 51 banjur majikané bakal mènèhi hukuman sing paling abot, uga bakal nguncalké dhèwèké menyang panggonané wong-wong munafik. Ing kono budhak kuwi bakal nangis lan gela banget.*

25 ”Kraton swarga isa diumpamakké kaya sepuluh prawan sing nggawa lampu minyaké lan metu kanggo nyambut mantèn lanang. 2 Prawan sing lima bodho, lan sing lima wicaksana. 3 Prawan sing bodho nggawa lampuné, nanging ora nggawa minyak cadangan. 4 Prawan sing wicaksana nggawa lampuné lan uga nggawa minyak ing botol. 5 Merga mantèn lanang ora teka-teka, para prawan mau dadi ngantuk lan keturon. 6 Wektu tengah wengi, ana wong sing mbengok, ’Mantèn lanang wis teka! Metua kanggo nyambut dhèwèké!’ 7 Banjur kabèh prawan mau tangi lan nyiapké lampuné. 8 Prawan sing bodho kandha marang prawan sing wicaksana, ’Aku njaluk minyakmu sithik waé, merga lampuku wis arep mati.’ 9 Prawan sing wicaksana njawab, ’Kétoké ora cukup nèk dienggo aku lan kowé. Lungaa marang wong sing dodol minyak lan tukua kanggo awakmu dhéwé.’ 10 Wektu prawan-prawan sing bodho kuwi tuku minyak, mantèn lanang teka. Prawan-prawan sing wis siap terus mlebu bareng mantèn lanang ing pésta mantènan, banjur lawangé ditutup. 11 Sakwisé kuwi, prawan lima liyané padha teka lan kandha, ’Pak, Pak, aku bukakna lawang!’ 12 Mantèn lanang kuwi njawab, ’Tak kandhani sing saktenané, aku babar blas ora kenal kowé.’

13 ”Dadi, terusa jaga-jaga, merga kowé ora ngerti dina utawa jamé.

14 ”Kraton kuwi uga diumpamakké kaya wong lanang sing arep lunga menyang luar negri. Dhèwèké ngundang budhak-budhaké lan masrahké hartané marang budhak-budhak kuwi. 15 Sing siji diwènèhi limang talènta,* sing liyané rong talènta, lan sing liyané manèh sak talènta, miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé. Banjur wong kuwi lunga menyang luar negri. 16 Budhak sing nampa limang talènta kuwi langsung lunga lan nggunakké talènta kuwi kanggo usaha, lan dhèwèké éntuk untung limang talènta manèh. 17 Semono uga, budhak sing nampa rong talènta uga éntuk untung rong talènta manèh. 18 Nanging budhak sing mung nampa sak talènta lunga lan ngubur dhuwité* majikané ing njero lemah.

19 ”Suwé sakwisé kuwi, majikané teka lan étung-étungan karo budhak-budhak mau. 20 Banjur budhak sing nampa limang talènta maju lan nggawa limang talènta manèh. Dhèwèké kandha, ’Ndara, panjenengan wis masrahi aku limang talènta. Saiki deloken, aku éntuk untung limang talènta manèh.’ 21 Majikané kandha marang budhak kuwi, ’Apik banget, kowé pancèn budhak sing apik lan setya. Kowé wis setya marang perkara sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus perkara sing luwih akèh. Mèlua bungah karo majikanmu.’ 22 Banjur budhak sing nampa rong talènta maju lan kandha, ’Ndara, panjenengan wis masrahi aku rong talènta. Saiki deloken, aku éntuk untung rong talènta manèh.’ 23 Majikané kandha marang budhak kuwi, ’Apik banget, kowé pancèn budhak sing apik lan setya. Kowé wis setya marang perkara sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus perkara sing luwih akèh. Mèlua bungah karo majikanmu.’

24 ”Akiré budhak sing nampa sak talènta maju lan kandha, ’Ndara, aku ngerti nèk panjenengan wong sing seneng nuntut. Ndara manèn padahal ora nyebar lan nglumpukké hasil panèn padahal ora napèni. 25 Mula aku wedi, banjur lunga kanggo ngubur talènta kuwi ing njero lemah. Iki, tak balèkké duwèké panjenengan.’ 26 Majikané njawab, ’Budhak sing jahat lan males, kowé wis ngerti ta, nèk aku manèn sing ora tak sebar lan nglumpukké hasil panèn sing ora tak tapèni? 27 Mula, kowé kuduné nabungké dhuwité* ing bank supaya wektu aku teka aku isa nampa dhuwit kuwi lan bungané.’

28 ”Banjur, majikan mau kandha marang abdiné, ’Saiki, jupuken talènta saka budhak kuwi lan wènèhna marang budhak sing nduwé sepuluh talènta. 29 Merga sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh manèh malah nganti lubèr. Nanging, sapa sing ora nduwé, senajan mung sithik sing diduwèni, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké. 30 Uncalna budhak sing ora ana gunané kuwi menyang njaba, ing pepeteng. Ing kono dhèwèké bakal nangis lan gela banget.’*

31 ”Wektu Putrané manungsa teka ing kamulyané bareng karo kabèh malaékat, dhèwèké bakal lungguh ing tahtané sing mulya. 32 Kabèh bangsa bakal diklumpukké ing ngarepé, lan dhèwèké bakal misahké wong-wong, kaya pangon misahké wedhus gèmbèl saka wedhus jawa. 33 Lan dhèwèké bakal manggonké wedhus gèmbèl ing sisih tengené, lan wedhus jawa ing sisih kiwané.

34 ”Banjur, Raja bakal kandha marang sing ana ing sisih tengené, ’Mrénéa, kowé sing wis diberkahi Bapakku, warisana Kraton sing wis disiapké kanggo kowé saka wiwitané donya.* 35 Merga wektu aku luwé, kowé ngekèki aku mangan. Aku ngelak, kowé ngekèki aku ngombé. Kowé ora kenal aku lan aku ora ngerti arep manggon ing ngendi, nanging kowé nampa aku ing omahmu. 36 Aku ora klambèn, kowé ngekèki aku klambi. Aku lara, kowé ngrumat aku. Aku ing penjara, kowé marani aku.’ 37 Banjur, wong-wong sing bener kuwi bakal njawab, ’Gusti, kapan aku weruh panjenengan luwé lan aku ngekèki pangan, utawa kapan panjenengan ngelak lan aku ngekèki ngombé? 38 Kapan aku weruh panjenengan ora ngerti arep manggon ing ngendi lan aku nampa panjenengan ing omahku, utawa kapan panjenengan ora klambèn lan aku ngekèki klambi? 39 Kapan aku weruh panjenengan lara utawa ing penjara lan aku marani panjenengan?’ 40 Raja njawab, ’Saktenané aku kandha, nèk kowé nindakké kanggo salah siji saka antarané sedulurku sing dianggep paling ora penting iki, kowé nindakké kuwi kanggo aku.’

41 ”Banjur, Raja bakal kandha marang sing ana ing sisih kiwané, ’Kowé kuwi wong-wong sing dikutuk, lungaa saka ngarepku! Mlebua ing geni sing langgeng,* sing disiapké kanggo Iblis lan para malaékaté. 42 Merga wektu aku luwé, kowé ora ngekèki aku mangan. Aku ngelak, nanging kowé ora ngekèki aku ngombé. 43 Kowé ora kenal aku lan aku ora ngerti arep manggon ing ngendi, nanging kowé ora nampa aku ing omahmu. Aku ora klambèn, nanging kowé ora ngekèki aku klambi. Aku lara lan ing penjara, nanging kowé ora ngrumat aku.’ 44 Banjur, bakal padha njawab, ’Gusti, kapan aku weruh panjenengan luwé, ngelak, ora ngerti arep manggon ing ngendi, ora klambèn, lara, ing penjara lan aku ora nulungi panjenengan?’ 45 Banjur Raja bakal njawab, ’Saktenané aku kandha, nèk kowé ora nindakké kanggo salah siji saka antarané sedulurku sing dianggep paling ora penting iki, kowé ora nindakké kuwi kanggo aku.’ 46 Wong-wong iki bakal disirnakké saklawasé,* nanging wong-wong sing bener bakal nampa urip langgeng.”

26 Sakwisé Yésus ngomongké kuwi kabèh, Yésus banjur kandha marang murid-muridé, 2 ”Kowé ngerti nèk rong dina manèh ana Riyaya Paskah, lan Putrané manungsa bakal ditangkep kanggo dihukum mati ing cagak.”

3 Wektu kuwi, para imam kepala lan para pemimpin bangsa kuwi nglumpuk ing halaman omahé imam agung sing jenengé Kayafas. 4 Wong-wong kuwi padha nggawé rencana jahat kanggo nangkep Yésus nganggo cara sing licik lan matèni dhèwèké. 5 Nanging wong-wong kuwi kandha, ”Aja pas riyaya, mengko ndhak marakké gègèran.”

6 Wektu Yésus ing Bétani, ing omahé Simon sing mbiyèn lara kusta, 7 ana wong wadon sing marani Yésus wektu Yésus lagi maem. Wong wadon kuwi nggawa botol marmer isi lenga wangi sing larang banget, banjur disokké alon-alon ing sirahé Yésus. 8 Wektu ndelok kuwi, murid-muridé Yésus dadi nesu lan kandha, ”Ngapa kok lengané dibuwang-buwang kaya ngono? 9 Kuwi kan isa diedol lan regané mesthi larang, terus dhuwité isa diwènèhké marang wong miskin.” 10 Merga ngerti iki, Yésus banjur kandha marang murid-muridé, ”Ngapa kok kowé ngomong kaya ngono bab wong wadon iki? Dhèwèké wis tumindak apik marang aku. 11 Merga wong miskin bakal terus ana karo kowé, nanging aku ora bakal terus ana karo kowé. 12 Wektu dhèwèké ngesokké lenga wangi kuwi ing awakku, dhèwèké nindakké kuwi kanggo nyiapké penguburanku. 13 Saktenané aku kandha marang kowé, ing ngendi waé kabar apik diwartakké ing saklumahing bumi, sing ditindakké wong wadon iki uga bakal dicritakké kanggo ngéling-éling dhèwèké.”

14 Banjur, salah siji saka antarané 12 rasul, sing disebut Yudas Iskariot, lunga nemoni para imam kepala. 15 Dhèwèké kandha, ”Apa sing bakal kok wènèhké marang aku nèk aku masrahké* Yésus marang kowé?” Para imam kepala nawakké 30 dhuwit pérak. 16 Dadi wiwit kuwi, Yudas terus nggolèk kesempatan kanggo masrahké* Yésus.

17 Ing dina kapisan Riyaya Roti Tanpa Ragi, murid-murid marani Yésus lan takon, ”Panjenengan péngin aku nyiapké maeman kanggo Riyaya Paskah ing ngendi?” 18 Yésus njawab, ”Mlebua ing kutha lan kowé bakal ketemu karo sawijiné wong, lan kandhaa marang dhèwèké, ’Guru kandha, ”Wektu sing wis ditemtokké kanggo aku wis cedhak. Aku arep ngrayakké Paskah karo murid-muridku ing omahmu.”’” 19 Mula murid-murid nindakké kuwi persis kaya préntahé Yésus lan nyiapké Paskah.

20 Wektu wis wengi, Yésus lungguh lan maem bareng karo 12 muridé. 21 Saksuwéné isih padha maem, Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha, salah siji saka ing antaramu bakal ngianati aku.” 22 Murid-muridé dadi sedhih banget, terus saben wong ing antarané mulai ngomong, ”Gusti, dudu aku, ta?” 23 Yésus njawab, ”Wong sing nyelupké rotiné ing mangkok iki bareng karo aku, yakuwi wong sing bakal ngianati aku. 24 Pancèn, Putrané manungsa bakal lunga, kaya sing wis ditulis bab dhèwèké. Nanging, cilaka kanggo wong sing ngianati Putrané manungsa. Luwih becik nèk wong kuwi ora lair.” 25 Yudas, sing bakal ngianati Yésus, kandha, ”Rabi, dudu aku, ta?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé wis ngerti jawabané.”

26 Wektu isih padha maem, Yésus njupuk roti, lan sakwisé ndonga, Yésus nyuwil-nyuwil roti kuwi banjur diwènèhké marang murid-muridé karo kandha, ”Jupuken, maemen. Iki nglambangké badanku.” 27 Sakwisé kuwi, Yésus njupuk cawan, banjur ngucap sokur lan mènèhké marang murid-muridé karo kandha, ”Kowé kabèh padha ngombéa saka cawan iki, 28 merga iki nglambangké getihku, yaiku ’getih kanggo perjanjian’, sing bakal diecurké kanggo ngapurani dosané akèh wong. 29 Kowé kabèh tak kandhani, aku ora bakal ngombé anggur manèh nganti wektuné aku ngombé anggur sing anyar bareng karo kowé kabèh ing Kratoné Bapakku.” 30 Akiré, sakwisé nyanyi lagu pamuji,* Yésus lan para muridé lunga menyang Gunung Zaitun.

31 Yésus banjur kandha marang para muridé, ”Ing wengi iki, kowé kabèh bakal kesandhung merga kedadéan sing bakal tak alami, merga Kitab Suci kandha, ’Aku bakal nyerang pangoné, lan wedhus-wedhusé bakal kocar-kacir.’ 32 Nanging sakwisé aku diuripké manèh, aku bakal ndhisiki kowé menyang Galiléa.” 33 Nanging Pétrus njawab, ”Senajan kabèh kesandhung merga kedadéan sing bakal panjenengan alami, aku ora bakal kesandhung!” 34 Yésus kandha marang Pétrus, ”Saktenané aku kandha, ing wengi iki, sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ora ngakoni aku nganti ping telu.” 35 Pétrus banjur kandha marang Yésus, ”Senajan aku kudu mati karo panjenengan, ora mungkin aku ora ngakoni panjenengan.” Murid-murid liyané uga padha ngomong kaya ngono.

36 Banjur Yésus lan murid-muridé tekan ing panggonan sing disebut Gètsemani, lan Yésus kandha marang murid-muridé, ”Lungguha ing kéné dhisik, aku arep mrana kanggo ndonga.” 37 Yésus ngajak Pétrus lan loro anaké Zébédéus, lan Yésus mulai ngrasa sedhih banget lan susah atiné. 38 Banjur Yésus kandha, ”Aku* sedhih banget, rasané kaya arep mati. Padha entènana ing kéné lan terusa jaga-jaga karo aku.” 39 Sakwisé maju sithik saka kono, Yésus banjur sujud lan ndonga, ”Bapakku, nèk isa, tulung singkirna cawan iki saka aku. Nanging dudu karepku sing kuduné kelakon, mung kersané Panjenengan sing kudu kelakon.”

40 Yésus banjur marani murid-muridé lan weruh murid-muridé lagi turu. Yésus kandha marang Pétrus, ”Apa kowé ora isa tetep jaga-jaga sak jam waé karo aku? 41 Tetepa jaga-jaga lan terusa ndonga, supaya kowé ora nyerah marang godha. Ati pancèn kepéngin nglakoni, nanging awak* ora kuwat.” 42 Yésus banjur lunga manèh kanggo sing kaping pindhoné, lan ndonga, ”Bapakku, nèk iki ora mungkin disingkirké lan aku kudu ngombé iki, muga kersané Panjenengan sing kelakon.” 43 Yésus bali manèh lan weruh murid-muridé lagi turu, merga mripaté ora kuwat melèk. 44 Mula Yésus ninggalké murid-muridé, banjur lunga lan ndongakké bab sing padha, kanggo sing kaping teluné. 45 Yésus bali marang murid-muridé lan kandha, ”Ing wektu kaya ngéné iki, kowé malah turu lan ngaso! Deloken, saiki wis wektuné Putrané manungsa diserahké* menyang tangané wong-wong dosa. 46 Tangia, ayo lunga. Deloken, sing ngianati aku wis teka.” 47 Wektu Yésus isih ngomong, Yudas, salah siji saka antarané 12 rasul, teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung, sing diutus karo para imam kepala lan pemimpiné bangsa kuwi.

48 Yudas, yaiku wong sing ngianati, wis mènèhi tandha marang wong-wong kuwi. Dhèwèké kandha, ”Wong sing tak ambung, yakuwi wongé. Tangkepen wong kuwi.” 49 Dhèwèké langsung marani Yésus, lan kandha, ”Salam, Rabi!” terus ngambung Yésus. 50 Yésus kandha marang dhèwèké, ”Ngapa kowé teka mréné?” Banjur wong akèh mau maju lan nangkep Yésus. 51 Nanging, ujug-ujug salah siji muridé Yésus ngetokké pedhangé banjur nyerang budhaké imam agung, lan nyabet kupingé nganti pothol. 52 Banjur Yésus kandha marang dhèwèké, ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé, merga kabèh wong sing nggunakké pedhang bakal mati merga pedhang. 53 Apa kok pikir aku ora isa nyuwun marang Bapakku supaya nyedhiakké luwih saka 12 pasukan* malaékat saiki? 54 Nanging nèk aku nindakké kuwi, piyé tulisan ing Kitab Suci isa kelakon, yaiku nèk kabèh kudu kedadéan kaya ngéné iki?” 55 Banjur Yésus kandha marang grombolan wong mau, ”Apa aku iki rampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep aku? Saben dina aku lungguh ing bait kanggo mulang, nanging kowé ora nangkep aku. 56 Nanging kabèh iki kelakon supaya tulisané* para nabi dadi nyata.” Banjur kabèh muridé mlayu ninggalké Yésus.

57 Wong-wong sing nangkep Yésus nggawa dhèwèké menyang omahé Imam Agung Kayafas. Ing kana, para ahli Taurat lan para pemimpin wis padha ngumpul. 58 Nanging, Pétrus terus ngetutké Yésus saka kadohan nganti ing halaman omahé imam agung. Sakwisé mlebu, dhèwèké lungguh bareng karo para pembantu omah kuwi kanggo ndelok apa sing bakal kedadéan.

59 Para imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin* nggolèk-nggolèk kesaksian palsu kanggo nudhuh Yésus, supaya isa ngukum mati Yésus. 60 Nanging wong-wong kuwi ora nemokké apa-apa, senajan ana akèh seksi palsu. Banjur ana seksi loro maju 61 lan kandha, ”Wong iki kandha, ’Aku isa ngambrukké baité Gusti Allah lan mbangun manèh ing wektu telung dina.’” 62 Imam agung terus ngadeg lan kandha, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki marang kowé?” 63 Nanging Yésus meneng waé. Mula imam agung kandha marang dhèwèké, ”Sumpaha demi Gusti Allah sing urip, lan kandhanana aku kabèh, apa kowé Kristus, Putrané Gusti Allah!” 64 Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong. Nanging, aku kandha marang kowé: Wiwit saiki kowé bakal ndelok Putrané manungsa lungguh ing sisih tengené Sing Kuwasa* lan teka ing ndhuwuré méga-méga langit.” 65 Banjur imam agung nyuwèk klambi njabané lan kandha, ”Dhèwèké wis ngrèmèhké Gusti Allah! Apa awaké dhéwé isih butuh seksi-seksi manèh? Kowé kabèh wis krungu dhéwé wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. 66 Saiki, piyé miturutmu?” Wong-wong kuwi njawab, ”Dhèwèké pantes mati.” 67 Wong-wong kuwi banjur ngidoni rainé lan njotosi Yésus. Sing liyané padha ngamplengi rainé Yésus, 68 karo kandha, ”Hé, Kristus, nèk kowé nabi, coba kandhanana aku sapa sing ngamplengi kowé?”

69 Wektu Pétrus lungguh ing njaba, ing halaman, ana pembantu wadon teka marani dhèwèké lan kandha, ”Kowé ya kancané Yésus, wong Galiléa kuwi!” 70 Nanging Pétrus ora ngaku ing ngarepé kabèh wong kuwi, lan kandha, ”Aku ora ngerti maksudé omonganmu.” 71 Wektu dhèwèké metu menyang cedhaké gerbang, ana wong wadon liya sing nitèni dhèwèké lan kandha marang wong-wong ing kono, ”Wong iki kancané Yésus wong Nazarèt.” 72 Dhèwèké ora ngaku manèh lan sumpah, ”Aku ora kenal wong kuwi!” 73 Ora let suwé, wong-wong sing ngadeg ing kono nyedhaki Pétrus lan kandha, ”Kowé mesthi salah siji saka antarané wong-wong kuwi, kétok banget saka logatmu.”* 74 Pétrus siap dikutuk nèk ngapusi lan sumpah, ”Aku ora kenal wong kuwi!” Ing wektu kuwi uga, pitik jago kluruk. 75 Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ora ngakoni aku nganti ping telu.” Dhèwèké banjur metu lan nangis sesenggukan.

27 Wektu wis ésuk, kabèh imam kepala lan pemimpin bangsa kuwi padha rembugan bab piyé carané Yésus isa dihukum mati. 2 Sakwisé mbanda* Yésus, wong-wong kuwi nggawa lan nyerahké Yésus marang Gubernur Pilatus.

3 Wektu Yudas, wong sing ngianati Yésus, weruh nèk Yésus wis divonis mati, dhèwèké ngrasa gela banget lan mbalèkké 30 dhuwit pérak kuwi marang para imam kepala lan pemimpin. 4 Yudas kandha, ”Aku wis dosa merga wis ngianati wong* sing ora salah.” Wong-wong kuwi kandha, ”Apa urusané karo aku? Kuwi urusanmu!” 5 Mula, Yudas nguncalké dhuwit-dhuwit pérak kuwi ing njero bait. Banjur dhèwèké lunga lan nggantung dhiri. 6 Para imam kepala njupuk dhuwit-dhuwit pérak kuwi lan kandha, ”Miturut hukum, iki ora éntuk didèlèhké ing panggonan sing suci kanggo nyimpen dhuwit, merga iki dhuwit getih.” 7 Sakwisé rembugan, wong-wong kuwi nggunakké dhuwit mau kanggo tuku tanah tukang grabah. Tanah kuwi dienggo ngubur wong-wong sing ora dikenal. 8 Kuwi sebabé nganti saiki tanah kuwi disebut Tanah Getih. 9 Mula, apa sing dikandhakké liwat Nabi Yérémia kelakon: ”Wong-wong kuwi njupuk 30 dhuwit pérak mau, yaiku rega sing wis disetujoni wong-wong Israèl kanggo mbayar wong kuwi. 10 Lan wong-wong kuwi nggunakké dhuwit mau kanggo tuku tanah tukang grabah, miturut apa sing wis dipréntahké Yéhuwah marang aku.”

11 Saiki, Yésus ngadeg ing ngarepé gubernur, lan gubernur takon marang Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong.” 12 Nanging wektu Yésus ditudhuh karo para imam kepala lan pemimpin, Yésus ora njawab. 13 Banjur Pilatus takon marang Yésus, ”Apa kowé ora krungu tudhuhan-tudhuhané wong-wong kuwi marang kowé?” 14 Nanging Yésus ora njawab, sak kecap waé ora, lan kuwi nggawé gubernur nggumun.

15 Ing saben Riyaya Paskah, gubernur biasané mbébaské tahanan siji sing dipilih wong akèh. 16 Wektu kuwi, ana penjahat terkenal sing lagi ditahan, jenengé Barabas. 17 Dadi, wektu wong-wong ngumpul, Pilatus kandha marang wong akèh kuwi, ”Kowé péngin aku mbébaské sapa, Barabas utawa Yésus sing disebut Kristus?” 18 Pilatus ngerti nèk wong akèh kuwi nyerahké Yésus merga iri. 19 Apa manèh, wektu Pilatus lagi lungguh ing kursi pengadilan, bojoné ngirim pesen iki marang dhèwèké: ”Ora usah mèlu-mèlu urusan karo wong bener kuwi, merga dina iki aku mimpi bab dhèwèké lan mimpi kuwi marakké aku kewedèn.” 20 Nanging para imam kepala lan pemimpin ngojok-ojoki wong akèh kuwi supaya njaluk Barabas dibébaské, lan Yésus dihukum mati. 21 Mula, gubernur kandha, ”Ing antarané wong loro iki, kowé péngin aku mbébaské sing endi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Barabas.” 22 Pilatus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk ngono, Yésus sing disebut Kristus kudu tak apakké?” Kabèh wong kuwi njawab, ”Patènana wong kuwi ing cagak!” 23 Pilatus takon, ”Apa sebabé? Kejahatan apa sing wis dhèwèké tindakké?” Nanging wong-wong kuwi mbengok saya banter, ”Patènana wong kuwi ing cagak!”

24 Sakwisé ngerti nèk upayané ora ana gunané, malah nggawé wong-wong kuwi saya gègèr, Pilatus njupuk banyu lan ngwijiki tangané ing ngarepé wong-wong kuwi banjur kandha, ”Aku ora tanggung jawab marang getihé wong iki. Kowé kabèh sing kudu tanggung jawab.” 25 Kabèh wong kuwi njawab, ”Aku lan anak-anakku sing tanggung jawab marang getihé wong kuwi.” 26 Banjur Pilatus mbébaské Barabas kanggo wong-wong kuwi, nanging ngongkon supaya Yésus dipecuti lan masrahké Yésus kanggo dihukum mati ing cagak.

27 Sakwisé kuwi, para prajurité gubernur nggawa Yésus menyang omahé gubernur lan ngundang kabèh pasukan kanggo nglumpuk ing sakiwa-tengené Yésus. 28 Para prajurit kuwi nyopot klambiné Yésus, banjur nganggokké jubah abang marang dhèwèké, 29 uga nggawé mahkota saka tanduran eri lan nganggokké kuwi ing sirahé, uga ndèlèhké sak lonjor kayu ing tangané tengen. Banjur wong-wong kuwi sujud ing ngarepé Yésus, karo ngécé, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi!” 30 Para prajurit kuwi uga ngidoni Yésus, terus njupuk kayu kuwi lan mulai menthungi sirahé Yésus. 31 Akiré, sakwisé ngécé Yésus, wong-wong kuwi nyopot jubahé Yésus lan nganggokké klambi njabané, banjur nggawa Yésus kanggo dipaku ing cagak.

32 Wektu mlaku metu, para prajurit kuwi ketemu karo wong Kiréné sing jenengé Simon. Terus Simon dipeksa ngangkat cagak paukumané* Yésus. 33 Lan wektu wong-wong kuwi tekan ing panggonan sing disebut Golgota, sing artiné Panggonan Tengkorak, 34 para prajurit kuwi mènèhi Yésus anggur sing dicampur empedu.* Nanging sakwisé ngicipi, Yésus ora gelem ngombé. 35 Sakwisé maku Yésus ing cagak, para prajurit ngedum-edum klambi njabané Yésus nganggo cara nguncalké undhi, 36 lan lungguh ing kana kanggo njaga Yésus. 37 Para prajurit uga masang papan ing ndhuwur sirahé Yésus, sing tulisané tudhuhan marang Yésus, ”Iki Yésus, Rajané Wong Yahudi.”

38 Ana rampok loro uga dihukum mati ing cagak ing sisihé Yésus, siji ing sisih tengen lan siji ing sisih kiwa. 39 Wong-wong sing liwat padha ngécé Yésus lan gèdhèg-gèdhèg 40 karo kandha, ”Kowé sing jaréné arep ngambrukké bait lan mbangun manèh ing wektu telung dina, slametna awakmu dhéwé! Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, mudhuna saka cagak paukuman!”* 41 Semono uga para imam kepala lan para ahli Taurat, uga para pemimpin, mulai ngécé Yésus, kandhané, 42 ”Wong liya dislametké, nanging ora isa nylametké dhèwèké dhéwé! Dhèwèké kan Raja Israèl, kuduné isa mudhun saka cagak paukuman* lan kita bakal percaya karo dhèwèké. 43 Dhèwèké percaya marang Gusti Allah, mula bèn Gusti Allah sing nylametké, nèk pancèn Gusti Allah tresna marang dhèwèké. Merga dhèwèké ngomong, ’Aku Putrané Gusti Allah.’” 44 Malah, para rampok sing ana ing cagak ing sisihé Yésus uga ngécé kaya ngono.

45 Wiwit jam 12 awan,* kabèh dhaérah ing kono dadi peteng nganti jam 3 soré.* 46 Kira-kira jam telu soré, Yésus mbengok, ”Eli, Eli, lama sabakhtani?” sing tegesé, ”Allahku, Allahku, ngapa Panjenengan ninggalké aku?” 47 Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngadeg ing kono mulai kandha, ”Wong iki nyeluki Élia.” 48 Lan salah siji wong ing kono langsung mlayu njupuk kembang karang, ngekum kuwi ing anggur kecut, banjur ndèlèhké ing sak lonjor kayu, lan diwènèhké Yésus supaya diombé. 49 Nanging sing liyané kandha, ”Ejarna waé dhèwèké! Ayo didelok apa Élia bakal teka kanggo nylametké dhèwèké.” 50 Banjur Yésus mbengok manèh lan séda.*

51 Ujug-ujug geber* ing bait suwèk dadi loro, saka ndhuwur tekan ngisor, lan bumi goncang uga bukit-bukit watu bengkah. 52 Kuburan-kuburan padha kebukak, lan akèh mayit para wong suci sing wis mati* padha mencelat metu 53 lan akèh wong sing weruh. (Sakwisé Yésus diuripké manèh, wong-wong sing ana ing dhaérah kuburan-kuburan mau padha mlebu menyang kutha suci.) 54 Wektu perwira lan wong-wong sing njaga Yésus ndelok gempa kuwi lan kabèh sing wis kedadéan, wong-wong kuwi dadi kewedèn lan kandha, ”Wong iki mesthi Putrané Gusti Allah.”

55 Ing kono, ana akèh wong wadon sing nyawang saka kadohan, sing wis ngancani Yésus saka Galiléa kanggo ngurus kebutuhané. 56 Ing antarané wong-wong kuwi ana Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus lan Yosès, uga ibuné anak-anaké Zébédéus.

57 Wektu wis soré, ana wong lanang sugih saka Arimatéa teka, jenengé Yusuf, lan dhèwèké uga wis dadi muridé Yésus. 58 Dhèwèké nemoni Pilatus kanggo njaluk mayité Yésus. Banjur Pilatus ngongkon supaya mayit kuwi diserahké marang Yusuf. 59 Yusuf njupuk lan mbungkus mayité Yésus nganggo kain linen sing alus lan resik. 60 Mayité Yésus mau banjur dipapanké ing kuburan anyar duwèké Yusuf, ing bukit watu sing wis digrowongi. Sakwisé ngglundhungké watu gedhé kanggo nutup kuburan kuwi, Yusuf banjur lunga. 61 Nanging Maria Magdaléna lan Maria liyané tetep ana ing kono, lungguh ing ngarep kuburan kuwi.

62 Kedadéan-kedadéan kuwi kelakon pas dina Persiapan Sabat. Ing dina sakbanjuré, para imam kepala lan wong-wong Farisi ngumpul ing ngarepé Pilatus. 63 Wong-wong kuwi kandha, ”Pak, aku kabèh kèlingan wektu tukang ngapusi kuwi isih urip, dhèwèké kandha, ’Sakwisé telung dina, aku bakal diuripké manèh.’ 64 Mula, préntahna supaya kuburan kuwi dijaga tenanan nganti dina katelu, supaya murid-muridé ora teka lan nyolong mayité terus kandha marang wong-wong, ’Dhèwèké wis diuripké manèh saka ing antarané wong mati!’ Nèk kuwi kelakon, apus-apus sing pungkasan iki bakal luwih parah ketimbang sing sakdurungé.” 65 Pilatus kandha marang wong-wong kuwi, ”Lungaa karo para penjaga iki lan jaganen tenanan kuburané.” 66 Mula wong-wong kuwi lunga banjur nutup rapet kuburan kuwi nganggo watu, lan ngongkon penjaga kanggo njaga ing kono.

28 Sakwisé dina Sabat, wektu isih ésuk banget ing dina kapisan minggu kuwi, Maria Magdaléna lan Maria liyané teka kanggo ndelok kuburan kuwi.

2 Sakdurungé, ana gempa gedhé, merga malaékaté Yéhuwah mudhun saka swarga lan teka ing kuburan kuwi, banjur ngglundhungké watu sing nutupi kuburan kuwi lan lungguh ing ndhuwuré. 3 Malaékat kuwi sumunar kaya kilat, lan klambiné putih kaya salju. 4 Saking wediné, para penjaga ing kono nganti ndhredheg lan dadi kaya wong mati.

5 Nanging malaékat kuwi kandha marang wong-wong wadon mau, ”Aja wedi, aku ngerti kowé lagi nggolèki Yésus sing dipatèni ing cagak. 6 Dhèwèké ora ana ing kéné merga wis diuripké manèh, kaya sing wis tau dhèwèké omongké. Mrénéa, deloken panggonan dhèwèké dipapanké. 7 Cepet lungaa lan kabarana murid-muridé Yésus nèk Yésus wis diuripké manèh saka antarané wong mati. Dhèwèké lagi lunga ndhisiki kowé menyang Galiléa, lan kowé kabèh bakal ketemu karo dhèwèké ing kana. Padha élinga apa sing tak omongké iki.”

8 Mula, wong-wong wadon kuwi cepet-cepet lunga saka kuburan kuwi, kanthi rasa wedi campur rasa bungah, lan wong-wong wadon kuwi mlayu kanggo ngandhani murid-muridé Yésus. 9 Ujug-ujug, Yésus nemoni wong-wong wadon kuwi lan kandha, ”Salam.” Terus wong-wong wadon kuwi padha nyedhak lan sujud ing sikilé Yésus. 10 Banjur Yésus kandha marang wong-wong wadon kuwi, ”Aja wedi. Lungaa lan kandhanana sedulur-sedulurku supaya padha lunga menyang Galiléa, lan ing kana bakal ketemu karo aku.”

11 Wektu wong-wong wadon kuwi lagi ing dalan, ana penjaga-penjaga sing mlebu kutha lan nglaporké kabèh sing wis kedadéan marang para imam kepala. 12 Sakwisé para imam kuwi ngumpul lan rembugan karo para pemimpin, wong-wong kuwi mènèhi dhuwit pérak sing akèh marang para prajurit 13 lan kandha, ”Omonga, ’Murid-muridé teka ing wayah wengi lan nyolong mayité pas aku kabèh lagi turu.’ 14 Nèk iki nganti tekan kupingé gubernur, aku kabèh bakal nerangké masalahé karo dhèwèké.* Kowé ora usah kuwatir.” 15 Para prajurit kuwi banjur njupuk dhuwit pérak mau lan nindakké préntahé para imam lan pemimpin, mula crita kuwi terus kesebar ing antarané wong Yahudi nganti saiki.

16 Wektu kuwi, 11 murid padha lunga menyang Galiléa kanggo ketemu karo Yésus ing gunung sing wis ditemtokké Yésus. 17 Wektu ndelok Yésus, murid-murid padha sujud, nanging ana sing isih ragu-ragu. 18 Yésus nyedhak lan kandha marang para muridé, ”Kabèh kuwasa ing swarga lan ing bumi wis diwènèhké marang aku. 19 Mula, padha lungaa lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku, baptisen wong-wong kuwi nganggo asmané Bapak lan Putra lan roh suci, 20 wulangen wong-wong kuwi supaya nindakké kabèh sing tak préntahké marang kowé. Élinga, aku terus ngancani kowé nganti pungkasané jaman* iki.”

Utawa ”silsilahé”.

Utawa ”Mèsias; Sing Dipilih”.

Utawa ”tenagané Gusti Allah”.

Miturut kebiasaan Yahudi, tunangan uga disebut bojo.

Miturut kebiasaan Yahudi, kudu ana pegatan kanggo medhot hubungan tunangan.

Ing tèks utama Kitab-Kitab Yunani Kristen, asmané Gusti Allah ditulis ping 237, lan asma kuwi sepisanan metu ing ayat iki.

Lit.: ”nggawa Maria, yaiku bojomu, mulih”.

Padha karo jeneng Ibrani Yésyua, utawa Yosua, sing tegesé ”Yéhuwah Sumber Keslametan”.

Lit.: ”nggawa bojoné mulih”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Mèsias; Sing Dipilih”.

Tembung sing diterjemahké dadi ”wong Nazarèt” mungkin asalé saka tembung Ibrani kanggo ”thukulan”.

Deloken ”Baptisan” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”ngasilké woh sing cocog karo pertobatan”.

Lit.: ”Bapakku”.

Sekop kanggo misahké gandum saka kulité.

Utawa ”Panggodha kuwi”.

Maksudé, Yérusalèm.

Utawa ”mènèhi pelayanan suci”.

Lit.: ”jalané”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.

Utawa ”wong sing ngemis roh”.

Utawa ”murni”.

Utawa ”kranjang takeran”.

Utawa ”dianggep ora pantes mlebu ing”.

Utawa ”dianggep pantes mlebu ing”.

Maksudé, Mahkamah Agung Yahudi.

Panggonan kanggo ngobong sampah sing ana ing njaba kutha Yérusalèm. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”kuadran”.

Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.

Deloken Daftar Istilah.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Sétan”.

Maksudé, nyilih tanpa bunga utawa anakan.

Utawa ”wong liya”.

Utawa ”lengkap”.

Lit.: ”aja nyebul trompèt dhisik”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Maksudé, prapatan dalan-dalan utama.

Utawa ”Apa sing dadi karepé”.

Lit.: ”roti”.

Lit.: ”utang”.

Lit.: ”aja nggawa aku marang panggodha”.

Maksudé, Sétan.

Serangga sing sok mangan sandhangan.

Utawa ”karat”.

Lit.: ”sedherhana”.

Lit.: ”jahat”.

Utawa ”jiwamu”.

Lit.: ”sak hasta”.

Utawa ”lan takeran sing kok enggo naker wong liya, uga bakal digunakké kanggo naker kowé”.

Utawa ”jerami”.

Lit.: ”karusakan”.

Utawa ”tumindaké”.

Utawa ”nggawé aku ora najis manèh”.

Utawa ”ora najis manèh”.

Lit.: ”para putrané Kraton”.

Utawa ”ngerotké untu”.

Kéwan kaya asu sing ana ing Israèl.

Lit.: ”panggonan kanggo ndèlèhké sirahé”.

Wadhah sing digawé saka kulit kéwan. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Lit.: ”dikuliti lan dibuwang”.

Utawa ”wong sing semangat”.

Utawa ”sucèkna”.

Utawa ”klambi cacahé loro”.

Lit.: ”panganané”.

Utawa ”damai”.

Utawa ”damaimu bakal bali menyang kowé”.

Utawa ”resikana”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”merga jenengku”.

Sebutan kanggo Sétan, panguwasané roh-roh jahat.

Utawa ”urip”. Maksudé, pangarep-arep urip mbésuk.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sak asarion”.

Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”jiwané”.

Utawa ”bakal urip manèh”.

Utawa ”disucèkké”.

Lit.: ”ing antarané kabèh wong sing dilairké wong wadon”.

Utawa ”generasi iki”.

Utawa ”ora nggebugi awakmu merga sedhih”.

Lit.: ”ketagihan ngombé anggur”.

Utawa ”hasilé”.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, kayu sing dipasang ing gulu sapi.

Utawa ”jiwamu”.

Utawa ”nglanggar aturan Sabat”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Sebutan kanggo Sétan.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”generasi iki”.

Lit.: ”laku jina”.

Lit.: ”jantung bumi”.

Utawa ”generasi iki”.

Maksudé, ratu saka Syéba.

Utawa ”generasi iki”.

Utawa ”generasi iki”.

Maksudé, Sétan.

Lit.: ”kesandhung”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”winih sing apik”.

Utawa ”wiji moster”. Wiji cilik sing ana ing Israèl lan isa thukul dadi wit sing dhuwuré kira-kira 4 m.

Utawa mungkin ”saka wiwitané donya iki”.

Lit.: ”winih sing apik”.

Lit.: ”putra-putrané Kraton”.

Lit.: ”si jahat”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ngerotké untu”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ngerotké untu”.

Utawa ”instruktur kanggo masyarakat”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”Wong-wong kuwi kesandhung merga Yésus”.

Lit.: ”tetrark”.

Maksudé, Hérodès Antipas. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”pirang-pirang setadi”. 1 setadi = 185 m.

Lit.: ”giliran jaga sing kapapat”, yaiku kira-kira jam 3-6 ésuk.

Utawa ”Ana penampakan!”

Maksudé, ngwijiki tangan manut tradhisiné wong Yahudi.

Utawa ”ngunèk-unèkké”.

Utawa ”kesandhung”.

Utawa ”toilèt”.

Bentuk jamak tembung Yunani porneia. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, ngwijiki tangan manut tradhisiné wong Yahudi.

Utawa ”kranjang perbekalan”.

Utawa ”ora ngerti tegesé tandha-tandha jaman”.

Utawa ”Generasi iki”.

Lit.: ”laku jina”.

Lit.: ”daging lan getih”.

Lit.: ”gerbang-gerbangé Hadès”. Deloken ”Hadès” ing Daftar Istilah.

Utawa ”para tuwa-tuwa”.

Utawa ”dadi balok sandhungan kanggo aku”.

Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.

Utawa ”jiwané”.

Utawa ”bakal urip manèh”.

Utawa ”jiwané”.

Lit.: ”kamulyané”.

Utawa ”ndelok Yésus ditransfigurasi”.

Utawa ”generasi”.

Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.

Utawa ”dikhianati”.

Utawa ”ora dadi sandhungan kanggo wong-wong kuwi”.

Lit.: ”koin stater”, jumlahé padha karo patang drakhma.

Utawa ”demi jenengku”.

Lit.: ”dadi kesandhung”.

Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.

Lit.: ”watu-watu sandhungan”.

Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.

Maksudé, urip langgeng.

Maksudé, disirnakké saklawasé. Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.

Maksudé, urip langgeng.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”terus ndelok wajahé”.

Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.

Utawa mungkin ”Bapakmu”.

Lit.: ”élikna dhèwèké”.

Lit.: ”cangkemé”.

10.000 talènta pérak = 60.000.000 dinar.

Deloken Daftar Istilah.

Ing basa Yunani, tembung iki maksudé ”rumaket banget, kaya kelèt karo lém”.

Lit.: ”sak daging”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”mberkahi”.

Utawa ”mberkahi”.

Utawa ”wong liya”.

Utawa ”lengkap”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”jam katelu”.

Lit.: ”jam kaenem”.

Lit.: ”jam kasanga”.

Lit.: ”jam kasewelas”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”mripatmu jahat”.

Utawa ”loma”.

Utawa ”jiwané”.

Utawa ”para tuwa-tuwa”.

Lit.: ”swarga”.

Utawa ”para tuwa-tuwa”.

Utawa ”sing ngasilké woh”.

Utawa ”ngerotké untu”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”jiwamu”. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.

Utawa ”wong liya”.

Utawa ”nggawé luwih gedhé filakteri”.

Utawa ”sing paling apik”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”pasar”.

Utawa ”Guru”.

Utawa ”Guru”.

Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.

Utawa ”dadi proselit”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”hasil rampasan”.

Lit.: ”kebakana takerané”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”generasi iki”.

Lit.: ”omahmu”.

Deloken ”Rawuh” ing Daftar Istilah.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”kasangsaran kaya rasa lara sing dirasakké wong wadon wektu nglairké”.

Lit.: ”kesandhung”.

Utawa ”saya adhem”.

Akèh-akèhé omah ing kana ndhuwuré datar lan digunakké kanggo akèh kegiyatan.

Lit.: ”tandha”.

Deloken ”Rawuh” ing Daftar Istilah.

Deloken ”Rawuh” ing Daftar Istilah.

Utawa ”ing giliran jaga sing endi”.

Utawa ”ngerotké untu”.

1 talènta Yunani = 20,4 kg.

Lit.: ”péraké”.

Lit.: ”péraké”.

Utawa ”ngerotké untu”.

Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.

Maksudé, disirnakké saklawasé. Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”dikethok saklawasé”, kaya pang sing dikethok saka wité.

Utawa ”ngianati”.

Utawa ”ngianati”.

Utawa ”himne; mazmur”.

Utawa ”Jiwaku”.

Lit.: ”daging”, maksudé kahanané manungsa sing dosa lan ora sampurna.

Utawa ”dikhianati”.

Lit.: ”legiun”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ayat-ayaté”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”sisih tengen nganggo kuwasa”.

Utawa ”dialèkmu”.

Utawa ”nalèni tangané”.

Lit.: ”getih”.

Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.

Cairan pait.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”jam kaenem”.

Lit.: ”jam kasanga”.

Lit.: ”masrahké rohé”.

Utawa ”tirai”.

Lit.: ”turu ing pati”.

Utawa ”bakal ngojok-ojoki dhèwèké”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim