33 ”Rungokna perumpamaan liyané soal wong sing nduwé tanah. Dhèwèké nggawé kebon anggur+ lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké ya nggawé panggonan meres anggur lan ngedegké menara kanggo njaga.+ Dhèwèké nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri.+