-
Markus 12:1-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan marang wong-wong, ”Ana wong sing nggawé kebon anggur+ lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké ya nggawé panggonan meres anggur lan ngedegké menara kanggo njaga.+ Dhèwèké nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri.+ 2 Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon salah siji budhaké marani para petani kanggo njupuk sebagéan buah anggur sing dadi bagéané. 3 Ning, para petani mau nangkep lan nggebugi budhak kuwi, terus ngongkon budhak kuwi lunga tanpa nggawa apa-apa. 4 Bar kuwi, dhèwèké ngongkon budhak liyané. Ning, para petani mau nggebugi sirahé budhak kuwi lan nggawé budhak kuwi isin.+ 5 Terus, ana budhak liyané manèh sing dikongkon, ning budhak iki malah dipatèni para petani mau. Isih ana akèh budhak liyané sing dikongkon, tapi ana sing digebugi lan ya ana sing dipatèni. 6 Terus, sing nduwé kebon anggur kuwi ngongkon anaké lanang sing disayangi+ bèn marani para petani mau, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 7 Ning, para petani kuwi malah ngomong karo kancané, ’Iki wong sing bakal dadi ahli warisé kebon anggur iki.+ Ayo dipatèni waé bèn warisané dadi duwèké awaké dhéwé.’ 8 Mula, wong-wong kuwi nangkep, matèni, lan nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon anggur.+ 9 Apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi? Dhèwèké bakal teka lan matèni para petani kuwi. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang petani-petani liyané.+
-
-
Lukas 20:9-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan iki marang wong-wong, ”Ana wong sing nggawé kebon anggur+ lan nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani. Terus, wong kuwi lunga ing luar negri lan manggon ing kana nganti suwé.+ 10 Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon salah siji budhaké marani para petani bèn para petani kuwi mènèhké sebagéan buah anggur saka kebon anggur kuwi. Ning, para petani mau nggebugi budhak kuwi,+ terus ngongkon budhak kuwi lunga tanpa nggawa apa-apa. 11 Bar kuwi, dhèwèké ngutus budhak liyané manèh. Para petani mau ya nggebugi lan nggawé budhak kuwi dadi isin. Budhak kuwi ya dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. 12 Dhèwèké ngutus manèh budhak sing ketelu. Ning, para petani mau ya njotosi lan ngusir budhak kuwi. 13 Mula, sing nduwé kebon anggur kuwi mikir, ’Saiki, aku kudu piyé ya? Aku arep ngongkon anakku sing tak sayangi.+ Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 14 Wektu ndelok anaké sing nduwé kebon anggur, para petani kuwi ngomong karo kancané, ’Iki wong sing bakal éntuk warisan kebon anggur iki. Ayo dipatèni waé bèn warisané dadi duwèké awaké dhéwé.’ 15 Mula, wong-wong kuwi nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon anggur lan matèni dhèwèké.+ Dadi, apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi marang para petani mau? 16 Sing nduwé kebon anggur kuwi bakal teka lan matèni para petani mau. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang wong-wong liya.”
Wektu krungu kuwi, wong-wong kandha, ”Aja nganti kuwi kelakon.”
-