PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 21:33-41
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 ”Rungokna perumpamaan liyané soal wong sing nduwé tanah. Dhèwèké nggawé kebon anggur+ lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké ya nggawé panggonan meres anggur lan ngedegké menara kanggo njaga.+ Dhèwèké nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri.+ 34 Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon budhak-budhaké marani para petani kanggo njupuk buah anggur sing dadi bagéané. 35 Ning, para petani mau nangkep budhak-budhak kuwi. Ana sing digebugi, ana sing dipatèni, lan ana sing dibandhemi* watu.+ 36 Terus, dhèwèké ngongkon luwih akèh budhak, ning budhak-budhak kuwi ya ngalami kaya ngono.+ 37 Akhiré dhèwèké ngongkon anaké, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 38 Pas ngerti anak kuwi teka, para petani mau kandha, ’Iki wong sing bakal dadi ahli warisé kebon anggur iki.+ Ayo dipatèni waé bèn awaké dhéwé isa njupuk warisané.’ 39 Mula, wong-wong kuwi nangkep lan nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon, terus dipatèni.+ 40 Wektu sing nduwé kebon anggur teka, para petani mau bakal diapakké?” 41 Para imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi njawab, ”Sing nduwé kebon anggur kuwi mesthi bakal matèni para petani kuwi merga wong-wong kuwi jahat. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang petani liya sing bakal mènèhi buah wektu musim panèn anggur.”

  • Lukas 20:9-16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan iki marang wong-wong, ”Ana wong sing nggawé kebon anggur+ lan nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani. Terus, wong kuwi lunga ing luar negri lan manggon ing kana nganti suwé.+ 10 Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon salah siji budhaké marani para petani bèn para petani kuwi mènèhké sebagéan buah anggur saka kebon anggur kuwi. Ning, para petani mau nggebugi budhak kuwi,+ terus ngongkon budhak kuwi lunga tanpa nggawa apa-apa. 11 Bar kuwi, dhèwèké ngutus budhak liyané manèh. Para petani mau ya nggebugi lan nggawé budhak kuwi dadi isin. Budhak kuwi ya dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. 12 Dhèwèké ngutus manèh budhak sing ketelu. Ning, para petani mau ya njotosi lan ngusir budhak kuwi. 13 Mula, sing nduwé kebon anggur kuwi mikir, ’Saiki, aku kudu piyé ya? Aku arep ngongkon anakku sing tak sayangi.+ Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 14 Wektu ndelok anaké sing nduwé kebon anggur, para petani kuwi ngomong karo kancané, ’Iki wong sing bakal éntuk warisan kebon anggur iki. Ayo dipatèni waé bèn warisané dadi duwèké awaké dhéwé.’ 15 Mula, wong-wong kuwi nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon anggur lan matèni dhèwèké.+ Dadi, apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi marang para petani mau? 16 Sing nduwé kebon anggur kuwi bakal teka lan matèni para petani mau. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang wong-wong liya.”

      Wektu krungu kuwi, wong-wong kandha, ”Aja nganti kuwi kelakon.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim