PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 21:33-41
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 ”Rungokna perumpamaan liyané soal wong sing nduwé tanah. Dhèwèké nggawé kebon anggur+ lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké ya nggawé panggonan meres anggur lan ngedegké menara kanggo njaga.+ Dhèwèké nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri.+ 34 Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon budhak-budhaké marani para petani kanggo njupuk buah anggur sing dadi bagéané. 35 Ning, para petani mau nangkep budhak-budhak kuwi. Ana sing digebugi, ana sing dipatèni, lan ana sing dibandhemi* watu.+ 36 Terus, dhèwèké ngongkon luwih akèh budhak, ning budhak-budhak kuwi ya ngalami kaya ngono.+ 37 Akhiré dhèwèké ngongkon anaké, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 38 Pas ngerti anak kuwi teka, para petani mau kandha, ’Iki wong sing bakal dadi ahli warisé kebon anggur iki.+ Ayo dipatèni waé bèn awaké dhéwé isa njupuk warisané.’ 39 Mula, wong-wong kuwi nangkep lan nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon, terus dipatèni.+ 40 Wektu sing nduwé kebon anggur teka, para petani mau bakal diapakké?” 41 Para imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi njawab, ”Sing nduwé kebon anggur kuwi mesthi bakal matèni para petani kuwi merga wong-wong kuwi jahat. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang petani liya sing bakal mènèhi buah wektu musim panèn anggur.”

  • Markus 12:1-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan marang wong-wong, ”Ana wong sing nggawé kebon anggur+ lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké ya nggawé panggonan meres anggur lan ngedegké menara kanggo njaga.+ Dhèwèké nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri.+ 2 Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon salah siji budhaké marani para petani kanggo njupuk sebagéan buah anggur sing dadi bagéané. 3 Ning, para petani mau nangkep lan nggebugi budhak kuwi, terus ngongkon budhak kuwi lunga tanpa nggawa apa-apa. 4 Bar kuwi, dhèwèké ngongkon budhak liyané. Ning, para petani mau nggebugi sirahé budhak kuwi lan nggawé budhak kuwi isin.+ 5 Terus, ana budhak liyané manèh sing dikongkon, ning budhak iki malah dipatèni para petani mau. Isih ana akèh budhak liyané sing dikongkon, tapi ana sing digebugi lan ya ana sing dipatèni. 6 Terus, sing nduwé kebon anggur kuwi ngongkon anaké lanang sing disayangi+ bèn marani para petani mau, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 7 Ning, para petani kuwi malah ngomong karo kancané, ’Iki wong sing bakal dadi ahli warisé kebon anggur iki.+ Ayo dipatèni waé bèn warisané dadi duwèké awaké dhéwé.’ 8 Mula, wong-wong kuwi nangkep, matèni, lan nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon anggur.+ 9 Apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi? Dhèwèké bakal teka lan matèni para petani kuwi. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang petani-petani liyané.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim