PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 Para Rasul 1:1-28:31
  • Kisah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kisah
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kisah

KISAH PARA RASUL

1 Téofilus, ing suratku sing kapisan, aku nulis bab kabèh sing ditindakké lan diwulangké Yésus 2 nganti dina wektu dhèwèké diangkat menyang swarga, sakwisé mènèhi arahan liwat roh suci marang para rasul sing wis dipilih. 3 Sakwisé Yésus sengsara, dhèwèké mènèhi akèh bukti sing nggawé para muridé yakin nèk dhèwèké wis urip manèh. Dhèwèké kerep nemoni para muridé saksuwéné 40 dina, lan dhèwèké ngomongké bab Kratoné Gusti Allah. 4 Wektu ketemu karo para muridé, Yésus mènèhi arahan, ”Aja metu saka Yérusalèm. Nanging tetepa ngentèni apa sing wis dijanjèkké Bapak, sing wis kok rungokké saka aku. 5 Yohanes mbaptis nganggo banyu, nanging sedhéla manèh kowé bakal dibaptis nganggo roh suci.”

6 Mula wektu padha ngumpul, murid-murid takon marang Yésus, ”Gusti, apa panjenengan arep nggawé kerajaan Israèl pulih manèh ing jaman iki?” 7 Yésus njawab, ”Mung Bapak ing swarga sing nduwé wewenang nemtokké mangsa lan wektuné kuwi bakal kelakon, lan kowé ora perlu ngerti bab kuwi. 8 Nanging kowé bakal nampa kuwasa wektu roh suci teka marang kowé, lan kowé bakal dadi seksiku ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan bagéan sing paling adoh ing bumi.”* 9 Sakwisé ngomongké kuwi, wektu para murid isih ndelok Yésus, Yésus keangkat menyang swarga, lan ana méga sing nutupi dhèwèké lan murid-murid ora isa ndelok dhèwèké manèh. 10 Wektu murid-murid isih nyawang langit pas Yésus keangkat menyang swarga, ujug-ujug ana wong lanang loro sing nganggo klambi putih ngadeg ing jèjèré para murid, 11 banjur kandha, ”Wong-wong Galiléa, ngapa kowé kabèh ngadeg karo nyawang langit? Yésus sing diangkat menyang langit bakal bali* nganggo cara sing padha kaya sing kok delok wektu dhèwèké munggah menyang langit.”

12 Banjur murid-murid bali menyang Yérusalèm saka Gunung Zaitun sing adohé kira-kira sak kilomèter* saka Yérusalèm. 13 Wektu wis tekan kana, para murid munggah ing kamar ndhuwur, panggonané para murid nginep. Ing kana ana Pétrus, Yohanes, Yakobus, lan Andréas, Filipus lan Tomas, Bartoloméus lan Matius, Yakobus anaké Alféus, Simon wong sing semangat, lan Yudas anaké Yakobus. 14 Kanthi sak pikiran para murid padha tekun ndonga, bareng karo wong-wong wadon, adhi-adhiné Yésus sing lanang, lan Maria ibuné Yésus.

15 Ing sawijiné dina, Pétrus ngadeg ing antarané para sedulur sing lagi ngumpul, sing cacahé kira-kira 120, lan kandha, 16 ”Sedulur-sedulur, apa sing roh suci omongké liwat Daud ing ayat iki pancèn kudu kelakon. Daud ngomongké bab Yudas, sing mimpin wong-wong sing nangkep Yésus. 17 Mbiyèn, Yudas klebu ing antarané aku kabèh lan dipilih kanggo ngabdi bareng aku kabèh. 18 (Wong iki tuku tanah nganggo opah kejahatané. Dhèwèké tiba, tibané sirahé luwih dhisik banjur wetengé bedhah lan isi wetengé metu kabèh. 19 Kabèh penduduk Yérusalèm ngerti bab iki, mula ing basané wong-wong kuwi, tanah mau disebut Akeldama, sing tegesé ”Tanah Getih”.) 20 Ing buku Mazmur ana tulisan, ’Panggonané dadia suwung lan ora ana sing ngenggoni,’ lan, ’Ejarna jabatané dadi pengawas dijupuk wong liya.’ 21 Dadi, dhèwèké perlu diganti karo salah siji sedulur sing mèlu bareng aku kabèh saksuwéné Gusti Yésus nindakké kegiatané* bareng aku kabèh, 22 yaiku wiwit Yohanes mbaptis Yésus nganti Yésus keangkat munggah swarga, lan sedulur kuwi kudu kaya aku kabèh sing dadi seksi wektu Yésus diuripké manèh.”

23 Dadi, wong-wong kuwi ngusulké wong loro, yaiku Yusuf sing disebut Barsabas utawa Yustus, lan Matias. 24 Banjur para murid ndonga, ”Yéhuwah, Panjenengan ngerti isi atiné kabèh wong. Duduhna sapa sing Panjenengan pilih saka wong loro iki 25 kanggo dadi rasul nggentèni Yudas lan nglayani Panjenengan. Yudas wis ninggalké tugasé kanggo nuruti karepé dhéwé.” 26 Mula para murid nguncalké undhi kanggo wong loro kuwi, lan sing kepilih Matias. Banjur dhèwèké diakoni* dadi rasul bareng karo 11 rasul liyané.

2 Ing dina Riyaya Péntakosta,* murid-murid ngumpul ing sawijiné panggonan. 2 Wektu lagi padha lungguh, ujug-ujug para murid krungu swara banter sing mbrebegi saka langit, kaya angin gedhé, lan swara kuwi ngebaki omah sing dienggo ngumpul. 3 Banjur murid-murid weruh ana wewujudan kaya geni-geni cilik* sing nyebar lan méncok ing ndhuwur sirahé saben wong ing kono. 4 Banjur murid-murid kapenuhan roh suci lan mulai ngomong nganggo basa-basa liya, kaya tuntunané roh suci kuwi.

5 Wektu kuwi, wong-wong Yahudi sing salèh saka saben bangsa ing donya* lagi ana ing Yérusalèm. 6 Mula wektu krungu swara kuwi, wong akèh mau banjur padha ngumpul lan bingung, merga saben wong kuwi krungu murid-muridé Yésus ngomong nganggo basa asliné wong-wong kuwi. 7 Wong-wong kuwi nggumun banget lan kandha, ”Deloken, kabèh wong sing ngomong kuwi kan wong Galiléa, ta? 8 Terus, kok isa awaké dhéwé krungu basa asliné* awaké dhéwé? 9 Awaké dhéwé kan wong Partia, wong Média, wong Élam, penduduk Mésopotamia, Yudéa, Kapadokia, Pontus, Provinsi Asia, 10 Frigia lan Pamfilia, Mesir lan dhaérah Libia sing cedhak Kiréné, wong sing teka saka Roma, wong Yahudi lan proselit Yahudi,* 11 wong Kréta, lan wong Arab, nanging awaké dhéwé krungu wong-wong Galiléa kuwi ngomong nganggo basané awaké dhéwé bab perkara-perkara sing nggumunké sing ditindakké Gusti Allah.” 12 Wong-wong kuwi nggumun lan kandha marang siji lan sijiné, ”Apa ta maksudé kabèh iki?” 13 Senajan ngono, ana uga sing ngécé lan kandha, ”Wong-wong kuwi padha mendem.”

14 Nanging Pétrus ngadeg karo 11 rasul liyané lan kandha nganggo swara banter, ”Wong-wong Yudéa lan kabèh penduduk Yérusalèm, tulung gatèkna omonganku. 15 Wong-wong iki sakjané ora mendem kaya sing kok kira, merga saiki isih jam sanga ésuk.* 16 Nanging, iki sing tau diomongké Nabi Yoèl, 17 ’”Ing dina-dina pungkasan,” Gusti Allah ngendika, ”Aku bakal ngesokké sebagéan saka roh-Ku marang sakabèhé wong. Anak-anakmu lanang lan anak-anakmu wadon bakal mènèhi ramalan, wong-wong enom ing antaramu bakal éntuk wahyu, lan wong-wong tuwa ing antaramu bakal éntuk mimpi, 18 lan malah marang budhak-Ku lanang lan budhak-Ku wadon, Aku bakal ngesokké sebagéan saka roh-Ku ing wektu kuwi, lan wong-wong kuwi bakal mènèhi ramalan. 19 Lan Aku bakal nduduhké perkara ajaib ing langit lan mukjijat* ing bumi. Bakal ana getih, geni, lan kebul. 20 Srengéngé bakal dadi peteng, lan bulan bakal dadi abang kaya getih sakdurungé dinané Yéhuwah sing mulya lan nggumunké teka. 21 Lan saben wong sing nyebut asmané Yéhuwah bakal dislametké.”’

22 ”Wong-wong Israèl, rungokna iki: Yésus wong Nazarèt kuwi utusané Gusti Allah. Iki kétok cetha saka tumindak-tumindak sing kebak kuwasa, perkara ajaib, lan mukjijat* sing ditindakké Gusti Allah ing antaramu liwat Yésus, kaya sing wis kok ngertèni. 23 Wong iki, sing diserahké manut karo apa sing wis Gusti Allah temtokké lan ngertèni sakdurungé, wis kok paku ing cagak liwat tangané wong-wong dosa, lan kok patèni. 24 Nanging Gusti Allah nguripké dhèwèké nganggo cara mbébaské dhèwèké saka cengkeremané pati,* merga pati ora nduwé kuwasa kanggo nyengkerem dhèwèké. 25 Daud kandha bab Yésus, ’Aku tansah mandeng Yéhuwah ing ngarepku.* Aku ora bakal goyah, merga Panjenengané ana ing sisih tengenku.* 26 Merga kuwi, atiku dadi seneng, lan omonganku kebak rasa bungah. Lan uripku bakal kebak pangarep-arep. 27 Merga Panjenengan ora bakal ninggalké aku ing Kuburan,* utawa ngejarké abdi Panjenengan sing setya ngalami karusakan. 28 Panjenengan wis ngandhani aku dalané urip. Panjenengan nggawé aku bungah banget ing ngarsané Panjenengan.’

29 ”Sedulur-sedulur, ijinké aku isa bébas ngomong marang kowé bab leluhuré kita, yaiku Daud. Dhèwèké mati lan dikubur, lan kuburané isih ana nganti saiki. 30 Merga dhèwèké kuwi nabi, lan ngerti nèk Gusti Allah wis sumpah marang dhèwèké kanggo nggawé salah siji keturunané lungguh ing tahtané, 31 dhèwèké wis ngerti sakdurungé lan ngomongké bab Kristus sing diuripké manèh. Dhèwèké kandha nèk Kristus ora ditinggalké ing Kuburan* lan badané ora ngalami karusakan.* 32 Gusti Allah nguripké manèh Yésus iki, lan aku kabèh iki seksiné. 33 Mula, merga dhèwèké wis diluhurké ing sisih tengené Gusti Allah lan nampa roh suci sing wis dijanjèkké Bapak, dhèwèké ngesokké kuwi marang aku kabèh, kaya sing wis kok delok lan kok rungokké iki. 34 Daud ora munggah menyang swarga, nanging dhèwèké dhéwé kandha, ’Yéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku, 35 nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu.”’ 36 Dadi, muga-muga kabèh wong Israèl yakin nèk Yésus iki, sing kok patèni ing cagak, wis Gusti Allah dadèkké Gusti lan Kristus.”

37 Wektu krungu kuwi, wong-wong kuwi getun banget, mula wong-wong kuwi kandha marang Pétrus lan rasul-rasul liyané, ”Sedulur-sedulur, terus aku kabèh kudu piyé?” 38 Pétrus njawab, ”Mertobata. Saben wong ing antaramu kudu dibaptis ing jenengé Yésus Kristus supaya dosa-dosamu diapura, lan kowé bakal éntuk anugrah, yaiku roh suci. 39 Merga janji kuwi kanggo kowé lan anak-anakmu, lan kanggo kabèh wong sing ana ing panggonan sing adoh, yaiku kabèh sing dipilih Yéhuwah, Gusti Allah kita.” 40 Lan ana akèh manèh sing diomongké Pétrus kanggo mènèhi kesaksian kanthi tliti. Dhèwèké uga terus ngongkon wong-wong kuwi, ”Slametna awakmu saka generasi sing jahat iki.” 41 Mula wong-wong sing nampa omongan kuwi kanthi bungah banjur padha dibaptis, lan ing dina kuwi jumlahé murid nambah kira-kira 3.000 wong. 42 Wong-wong kuwi terus nggatèkké tenanan piwulangé para rasul, srawung bareng,* mangan bareng, lan ndonga kanthi tekun.

43 Para rasul mulai nindakké akèh perkara ajaib lan mukjijat,* lan kabèh wong mulai ngajèni Gusti Allah.* 44 Kabèh murid-murid anyar padha ngumpul bebarengan lan padha mbagi marang liyané kabèh sing diduwèni. 45 Wong-wong kuwi ngedol lemahé lan kabèh sing diduwèni, lan ngedum-edumké hasilé marang kabèh wong miturut kebutuhané dhéwé-dhéwé. 46 Saben dina wong-wong kuwi ajeg ngumpul bareng ing bait, mangan bareng ing omahé sedulur-sedulur, lan mbagi panganané kanthi bungah lan tulus ati, 47 karo muji Gusti Allah. Wong-wong kuwi uga saya disenengi kabèh wong. Saben dina Yéhuwah nggawé jumlahé murid-murid saya akèh nganggo cara nambahké wong-wong sing bakal dislametké.

3 Pétrus lan Yohanes lunga menyang bait pas jam kanggo ndonga, yaiku jam telu soré,* 2 banjur ana wong lanang sing lumpuh wiwit lair lagi digotong. Saben dina, dhèwèké didèlèhké ing cedhak lawang bait sing disebut Gerbang Éndah, supaya dhèwèké isa njaluk sedhekah saka wong-wong sing arep mlebu ing bait. 3 Wektu weruh Pétrus lan Yohanes arep mlebu ing bait, dhèwèké njaluk sedhekah marang wong loro kuwi. 4 Nanging Pétrus lan Yohanes mandeng wong lumpuh kuwi, lan kandha, ”Deloken aku.” 5 Wong lumpuh kuwi banjur mandeng Pétrus lan Yohanes, karo ngarep-arep bakal diwènèhi sedhekah. 6 Nanging Pétrus kandha, ”Aku ora nduwé pérak lan emas, nanging apa sing tak duwèni, ya kuwi sing bakal tak wènèhké kowé. Nganggo jenengé Yésus Kristus wong Nazarèt, mlakua!” 7 Banjur Pétrus nyekel tangan tengené wong lumpuh mau lan nulungi dhèwèké ngadeg. Ing wektu kuwi uga, sikilé dadi kuwat. 8 Wong lumpuh kuwi langsung ngadeg lan mulai mlaku. Wektu mlaku karo Pétrus lan Yohanes menyang bait, dhèwèké mlumpat-mlumpat karo muji Gusti Allah. 9 Kabèh wong ndelok dhèwèké mlaku karo muji Gusti Allah. 10 Banjur wong-wong padha nitèni nèk wong lanang kuwi wong lumpuh sing biasané lungguh ing Gerbang Éndah ing bait kanggo njaluk sedhekah. Wong-wong padha nggumun banget weruh wong kuwi mlaku.

11 Wektu wong lanang kuwi isih nggondhèli tangané Pétrus lan Yohanes, kabèh wong mlayu bareng marani wong telu kuwi ing Serambi Salomo, merga saking kagèté. 12 Wektu weruh kuwi, Pétrus kandha, ”Wong-wong Israèl, ngapa kowé padha nggumun karo kabèh iki? Lan ngapa kowé nyawang aku karo nggumun kaya ngéné iki, kaya-kayané aku nggawé wong iki isa mlaku merga kuwasaku dhéwé utawa merga aku ngabdi marang Gusti Allah? 13 Gusti Allahé Abraham, Ishak, lan Yakub, Gusti Allahé leluhur kita, wis mulyakké Abdiné, yaiku Yésus, sing wis kok serahké lan kok tolak ing ngarepé Pilatus, senajan Pilatus mutuské kanggo mbébaské dhèwèké. 14 Kowé wis nolak wong sing suci lan sing bener kuwi, lan kowé njaluk Pilatus mbébaské wong liya, yaiku wong sing tukang matèni. 15 Kowé wis matèni Wakil Utama kanggo urip. Nanging, Gusti Allah wis nguripké manèh dhèwèké saka antarané wong mati, lan aku karo Yohanes iki seksiné. 16 Wong lanang lumpuh sing kok delok lan kok kenal iki dadi kuwat merga jenengé Yésus, lan merga aku nduwé iman marang jeneng kuwi. Imanku marang Yésus wis nggawé wong lanang kuwi bener-bener séhat ing ngarepmu kabèh. 17 Lan saiki, sedulur-sedulur, aku ngerti nèk kowé mbiyèn nindakké kaya ngono merga ora ngerti, padha kaya para pemimpinmu. 18 Nanging nganggo cara kuwi, Gusti Allah netepi kabèh sing wis Panjenengané ngendikakké sakdurungé liwat para nabi,* yaiku nèk Kristus bakal sengsara.

19 ”Mula mertobata, lan mbalika supaya dosa-dosamu diapura,* lan supaya Yéhuwah maringi mangsa sing nentremké* marang kowé 20 lan ngutus Kristus sing wis dilantik kanggo kowé, yaiku Yésus. 21 Dhèwèké kudu tetep ana ing swarga nganti wektuné kabèh dipulihké, kaya sing Gusti Allah ngendikakké liwat para nabiné* sing suci ing jaman mbiyèn. 22 Musa tau kandha, ’Yéhuwah, Gusti Allahmu, bakal nglantik nabi kaya aku saka bangsa kita kanggo kowé. Kowé kudu ngrungokké kabèh sing dhèwèké omongké marang kowé. 23 Sapa waé sing ora gelem ngrungokké Nabi kuwi, bakal disirnakké saka antarané umaté.’ 24 Kabèh nabi, mulai saka Samuèl lan nabi-nabi sakwisé, uga martakké mangsa iki kanthi cetha. 25 Para nabi kuwi ngomong bab perjanjian sing digawé Gusti Allah karo para leluhurmu, lan perjanjian kuwi uga kanggo kowé, merga Gusti Allah janji marang Abraham, ’Liwat keturunanmu,* kabèh keluarga ing bumi bakal diberkahi.’ 26 Sakwisé nglantik Abdiné, Gusti Allah ngutus dhèwèké marang kowé luwih dhisik kanggo nggawé saben wong ing antaramu mertobat saka kejahatanmu. Iki berkah kanggo kowé.”

4 Wektu Pétrus lan Yohanes isih omongan marang wong akèh mau, wong loro kuwi diparani karo para imam, kepala penjaga bait, lan wong-wong Saduki. 2 Wong-wong kuwi jèngkèl merga para rasul mulang akèh wong lan terang-terangan martakké nèk Yésus wis diuripké manèh saka antarané wong mati. 3 Mula wong-wong kuwi nangkep Pétrus lan Yohanes, banjur nglebokké wong loro kuwi ing penjara nganti dina sakbanjuré, merga wektu kuwi wis wengi. 4 Nanging, akèh saka antarané wong-wong sing ngrungokké omongan mau dadi percaya, lan saiki wong sing percaya jumlahé kira-kira dadi 5.000 wong lanang.

5 Ing dina sakbanjuré, para panguwasa, para pemimpin,* lan para ahli Taurat ngumpul bareng ing Yérusalèm, 6 bareng karo Hanas yaiku imam kepala, Kayafas, Yohanes, Alèksander, lan kabèh sing isih seduluran karo imam kepala. 7 Wong-wong kuwi ngongkon Pétrus lan Yohanes ngadeg ing tengah lan mulai padha takon marang wong loro kuwi, ”Nganggo wewenang apa utawa nganggo jenengé sapa kowé nindakké iki?” 8 Pétrus sing kapenuhan roh suci njawab,

”Para panguwasa lan para pemimpin, 9 nèk aku karo kancaku ing dina iki diadili merga nindakké sing apik marang wong lanang sing sikilé cacad, lan panjenengan péngin ngerti sapa sing marèkké wong lanang iki, 10 aku bakal ngandhani panjenengan lan kabèh wong Israèl nèk wong iki mari merga jenengé Yésus Kristus wong Nazarèt, sing panjenengan patèni ing cagak, nanging Gusti Allah wis nguripké manèh dhèwèké saka antarané wong mati. Ya dhèwèké kuwi sing nggawé wong lanang iki ngadeg kanthi séhat ing ngarepé panjenengan. 11 Dhèwèké kuwi ’watu sing ditolak karo panjenengan tukang-tukang bangunan, lan wis dadi watu sing utama’. 12 Sakliyané kuwi, keslametan ora bakal teka liwat wong liya sakliyané dhèwèké, merga ora ana jeneng liya ing bumi sing Gusti Allah pilih ing antarané manungsa kanggo nylametké kita.”

13 Wektu wong-wong kuwi weruh Pétrus lan Yohanes ngomong kanthi kendel, lan ngerti nèk jebulé wong loro kuwi wong biasa lan sekolahé ora dhuwur,* wong-wong kuwi dadi nggumun banget. Wong-wong kuwi nitèni nèk wong loro kuwi mbiyèn bareng karo Yésus. 14 Merga ndelok wong sing dimarèkké mau ngadeg bareng karo rasul loro kuwi, wong-wong kuwi dadi ora isa ngomong apa-apa. 15 Mula wong-wong kuwi ngongkon supaya wong telu mau metu saka ruang Sanhèdrin,* banjur padha rembugan. 16 Wong-wong kuwi kandha, ”Wong-wong iki kudu diapakké? Merga wong-wong iki jelas-jelas nindakké mukjijat* sing nggumunké, sing diseksèni karo kabèh penduduk Yérusalèm, lan kita ora isa mbantah kuwi. 17 Mula supaya iki ora saya nyebar ing antarané wong-wong, ayo wong-wong kuwi diancem waé, lan dilarang ngomong marang sapa-sapa nganggo jeneng kuwi.”

18 Banjur, rasul loro kuwi diceluk lan dilarang ngomong utawa mulang nganggo jenengé Yésus. 19 Nanging Pétrus lan Yohanes njawab, ”Mangga panjenengan putuské dhéwé endi sing bener ing ngarsané Gusti Allah: Manut karo panjenengan utawa manut karo Gusti Allah. 20 Nanging kanggoku, aku ora isa mandheg ngomongké bab perkara-perkara sing wis tak delok lan tak rungokké.” 21 Mula sakwisé ngancem rasul loro kuwi manèh, wong-wong kuwi mbébaské rasul loro kuwi merga ora nemokké dhasar kanggo ngukum rasul-rasul kuwi. Apa manèh, wong-wong kuwi wedi karo wong akèh, merga kabèh wong sing ndelok kedadéan kuwi padha ngluhurké Gusti Allah. 22 Wong lanang sing dimarèkké nganggo mukjijat* kuwi umuré 40 taun luwih.

23 Sakwisé dibébaské, rasul loro kuwi lunga marani murid-murid liyané, lan nyritakké apa sing diomongké para imam kepala lan para pemimpin marang rasul loro kuwi. 24 Sakwisé krungu kuwi, kabèh murid padha ndonga bebarengan marang Gusti Allah,

”Gusti sing Mahaluhur, Panjenengan sing nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné, 25 lan sing ngendika nganggo roh suci liwat abdi Panjenengan yaiku Daud, leluhurku, ’Apa sebabé bangsa-bangsa dadi nesu lan suku-suku bangsa padha mikirké perkara-perkara sing tanpa guna? 26 Raja-raja ing bumi padha siap-siap, lan para panguwasa nglumpuk bareng kanggo nglawan Yéhuwah lan nglawan pribadi sing dilantik Panjenengané.’* 27 Saktenané, Hérodès lan Pontius Pilatus, bareng karo wong-wong saka bangsa liya lan bangsa Israèl, padha nglumpuk bareng ing kutha iki kanggo nglawan Yésus, abdi Panjenengan sing suci lan sing Panjenengan lantik. 28 Wong-wong kuwi nglumpuk bareng kanggo nindakké apa sing wis Panjenengan temtokké sakdurungé. Iki kabèh kelakon merga Panjenengan nduwé kuwasa* lan merga kersané Panjenengan. 29 Nanging saiki, Yéhuwah, tulung gatèkna ancamané wong-wong kuwi, lan tulungana aku kabèh, yaiku budhak-budhaké Panjenengan, supaya terus kendel martakké pangandikané Panjenengan. 30 Muga-muga Panjenengan terus nggunakké kuwasané Panjenengan* kanggo marèkké, lan muga-muga Panjenengan terus nindakké mukjijat* lan perkara sing ajaib liwat jenengé Yésus, yaiku abdiné Panjenengan sing suci.”

31 Sakwisé padha ndonga kanthi tenanan,* panggonan sing dienggo ngumpul kuwi banjur goncang, lan kabèh padha kapenuhan roh suci, terus padha martakké pangandikané Gusti Allah kanthi kendel.

32 Kumpulan wong sing percaya kuwi nduwé cara mikir lan perasaan sing padha,* lan ora ana siji-sijia saka antarané wong-wong kuwi sing nganggep nèk apa sing diduwèni kuwi duwèké dhéwé. Nanging kabèh padha mbagi marang liyané apa waé sing diduwèni. 33 Lan kanthi trampil banget, para rasul terus mènèhi kesaksian bab Gusti Yésus sing wis diuripké manèh, lan wong-wong kuwi nampa welas asihé Gusti Allah sing nggumunké kanthi lubèr. 34 Ora ana siji-sijia saka antarané wong-wong kuwi sing kekurangan, merga kabèh sing nduwé tanah utawa omah padha ngedol kuwi, banjur nggawa hasilé 35 lan nyerahké kuwi marang para rasul. Banjur para rasul ngedumké kuwi miturut kebutuhané saben wong. 36 Ana wong lanang Lèwi, sing asalé saka Siprus, jenengé Yusuf. Para rasul uga nyebut wong kuwi Barnabas (sing nèk diterjemahké tegesé ”Putra Panglipuran”). 37 Dhèwèké ngedol tanahé, banjur nyerahké dhuwit hasil ngedol tanah kuwi marang para rasul.

5 Ana wong lanang jenengé Ananias. Dhèwèké lan bojoné, sing jenengé Safira, ngedol tanahé. 2 Nanging meneng-meneng dhèwèké nyimpen sebagéan dhuwit hasil saka ngedol tanah mau. Bojoné ya ngerti bab kuwi. Banjur Ananias nyerahké sebagéan dhuwit liyané marang para rasul. 3 Nanging Pétrus kandha, ”Ananias, kok isa kowé dipengaruhi Sétan, nganti wani-waniné kowé ngapusi lan nglawan roh suci, lan meneng-meneng nyimpen sebagéan dhuwit hasil ngedol tanahmu? 4 Kuwi kan tanahmu, ta? Lan sakwisé kok edol, dhuwité isa kok enggo sakarepmu, ta? Kok isa kowé nggawé rencana jahat kaya ngono ing atimu? Kowé wis ngapusi, dudu marang manungsa, nanging marang Gusti Allah.” 5 Wektu krungu kuwi, Ananias langsung tiba lan mati. Mula kabèh wong sing krungu kedadéan kuwi dadi wedi banget. 6 Banjur ana cah-cah enom sing mbungkus mayité Ananias nganggo kain, terus digotong metu, lan dikubur.

7 Kira-kira telung jam sakbanjuré, bojoné Ananias teka, tanpa ngerti apa sing bar kedadéan. 8 Pétrus takon marang Safira, ”Apa tanahmu sing kok edol kuwi regané pancèn seméné?” Safira njawab, ”Ya bener.” 9 Pétrus kandha, ”Ngapa kowé wong loro padha-padha nyoba ngapusi roh suciné Yéhuwah? Deloken! Wong-wong sing ngubur bojomu ana ing ngarep lawang, lan wong-wong kuwi uga bakal nggotong kowé.” 10 Safira langsung tiba ing cedhak sikilé Pétrus lan mati. Wektu mlebu, cah-cah enom kuwi weruh Safira wis mati, banjur cah-cah enom mau nggotong lan ngubur Safira ing cedhaké bojoné. 11 Mula kabèh jemaat lan kabèh wong-wong sing krungu kedadéan iki dadi padha wedi banget.

12 Para rasul terus nindakké mukjijat* lan perkara-perkara ajaib ing antarané wong-wong, lan ngumpul ing Serambi Salomo. 13 Senajan wong-wong liya ora wani nggabung karo para rasul, nanging wong akèh muji-muji para rasul. 14 Wong-wong sing percaya marang Gusti jumlahé saya akèh, lanang lan wadon. 15 Malah, wong-wong padha ngusung wong-wong sing lara menyang dalan-dalan utama lan mapanké wong-wong kuwi ing kasur cilik lan tandhu, supaya wektu Pétrus liwat, paling ora wong-wong sing lara kuwi isa kena bayang-bayangé Pétrus. 16 Uga, akèh wong saka kutha-kutha ing sakiwa-tengené Yérusalèm padha teka nggawa wong lara lan wong kesurupan roh najis, lan kabèh wong kuwi dimarèkké.

17 Nanging imam agung lan kabèh wong sing ndhukung dhèwèké saka golongan* Saduki banjur ngadeg. Wong-wong kuwi iri banget. 18 Wong-wong kuwi banjur nangkep lan nglebokké para rasul ing penjara kutha. 19 Nanging pas wayah wenginé, malaékaté Yéhuwah mbukak lawang-lawangé penjara, nggawa para rasul kuwi metu, lan kandha, 20 ”Lungaa menyang bait lan terus wartakna marang wong-wong bab urip mbésuk.” 21 Sakwisé krungu kuwi, ésuké, para rasul mlebu ing bait lan mulai mulang.

Wektu imam agung lan bala-balané teka, wong-wong kuwi nglumpukké kabèh anggota Sanhèdrin* lan kabèh pemimpiné bangsa Israèl, lan ngutus para petugas menyang penjara kanggo nggawa para rasul menyang ngarepé wong-wong kuwi. 22 Nanging wektu para petugas kuwi tekan penjara, para rasul wis ora ana ing kono. Mula, para petugas kuwi bali lan mènèhi laporan, 23 ”Penjarané isih kekunci rapet, lan para penjaga ngadeg ing ngarep lawangé, nanging wektu lawangé dibukak, ora ana sapa-sapa ing njero.” 24 Wektu krungu kuwi, kepala penjaga bait lan para imam kepala dadi bingung merga ora ngerti apa sing bakal kedadéan. 25 Nanging ana wong sing teka lan mènèhi laporan, ”Wong-wong sing kok lebokké penjara lagi ana ing bait lan mulang wong-wong.” 26 Banjur kepala penjaga kuwi lunga karo para petugasé lan nangkep para rasul, nanging tanpa tumindak kasar, merga wedi dibandhemi watu wong akèh.

27 Para rasul banjur digawa menyang ngarepé Sanhèdrin. Imam agung banjur nakoni para rasul 28 lan kandha, ”Aku kabèh wis tegas nglarang kowé supaya ora mulang nganggo jeneng kuwi, nanging kowé malah ngebaki Yérusalèm nganggo piwulangmu, lan nyalahké aku kabèh merga matiné wong kuwi.” 29 Pétrus lan rasul-rasul liyané kandha, ”Aku kabèh kudu luwih manut marang Gusti Allah* ketimbang marang manungsa. 30 Gusti Allahé leluhuré kita kabèh wis nguripké manèh Yésus, sing kok patèni nganggo cara maku* dhèwèké ing cagak.* 31 Gusti Allah wis mulyakké dhèwèké ing sisih tengené kanggo dadi Wakil Utama lan Juru Slamet, supaya wong Israèl mertobat lan diapura dosané. 32 Aku kabèh dadi seksiné bab-bab kuwi, semono uga roh suci, sing Gusti Allah paringké marang wong-wong sing manut lan nganggep Panjenengané dadi panguwasané.”

33 Wektu krungu kuwi, wong-wong mau dadi nesu banget* lan péngin matèni para rasul kuwi. 34 Nanging, wong Farisi sing jenengé Gamalièl, yaiku guru hukum Taurat sing diajèni kabèh wong, banjur ngadeg ing tengah-tengahé Sanhèdrin lan ngongkon supaya para rasul kuwi digawa metu sedhéla. 35 Dhèwèké kandha, ”Wong-wong Israèl, ngati-atia karo apa sing arep kok tindakké marang wong-wong iki. 36 Merga, mbiyèn ana wong sing jenengé Téudas sing ngaku-aku wong penting, lan kira-kira 400 wong nggabung karo dhèwèké. Nanging dhèwèké dipatèni lan wong-wong sing dadi pengikuté padha bubar lan kelompok kuwi ora ana manèh. 37 Sakwisé kuwi, ing mangsa pendaftaran penduduk, ana Yudas wong Galiléa lan dhèwèké nduwé pengikut. Nanging, saiki dhèwèké wis ora ana manèh lan para pengikuté bubar. 38 Mula nèk ndelok kahanan saiki, aku ngandhani kowé, aja mèlu-mèlu urusané wong-wong iki, nanging ejarna waé. Nèk wulangan lan gawéan iki saka manungsa, iki bakal sirna. 39 Nanging nèk iki asalé saka Gusti Allah, kowé ora bakal isa nyirnakké wong-wong iki. Ngati-atia, merga isa waé kowé dhéwé sing malah nglawan Gusti Allah.” 40 Wong-wong kuwi nuruti naséhaté Gamalièl, terus para rasul diceluk manèh, banjur dipecuti,* lan dikongkon mandheg ngomong nganggo jenengé Yésus. Sakwisé kuwi, para rasul dibébaské.

41 Mula para rasul banjur lunga saka ngarepé Sanhèdrin. Para rasul bungah banget merga Gusti Allah wis nganggep para rasul kuwi pantes dirèmèhké demi jenengé Yésus. 42 Saben dina, ing bait lan saka omah menyang omah, para rasul tanpa mandheg mulangké lan martakké kabar apik bab Kristus, yaiku Yésus.

6 Ing sawijiné dina, wektu jumlahé para murid saya akèh, wong-wong Yahudi sing basané Yunani padha nggrundel bab wong-wong Yahudi sing basané Ibrani. Kuwi disebabké merga randha-randha sing basané Yunani ora digatèkké ing bab pembagian jatah panganan saben dinané. 2 Mula 12 rasul banjur nglumpukké murid-murid lan kandha, ”Ora apik* nèk aku kabèh mandheg mulangké pangandikané Gusti Allah mung kanggo mbagèk-mbagèkké panganan. 3 Mula sedulur-sedulur, padha miliha dhéwé sedulur lanang pitu sing réputasiné apik,* sing kapenuhan roh suci lan wicaksana, lan aku kabèh bakal nglantik wong-wong kuwi kanggo ngurus bab penting iki, 4 nanging aku kabèh bakal terus nggunakké kabèh wektu lan tenagaku kanggo ndonga lan mulangké pangandikané Gusti Allah.” 5 Kabèh murid seneng karo keputusané para rasul kuwi, banjur para murid milih Stéfanus, sedulur lanang sing imané kuwat lan kapenuhan roh suci, uga milih Filipus, Prokhorus, Nikanor, Timon, Parménas, lan Nikolaus saka Antiokhia, dhèwèké kuwi proselit Yahudi.* 6 Sedulur-sedulur lanang mau banjur digawa ing ngarepé para rasul, lan sakwisé ndonga, para rasul numpangké tangané ing ndhuwuré sedulur pitu mau.

7 Hasilé, pangandikané Gusti Allah terus nyebar, lan cacahé murid-murid saya mundhak akèh banget ing Yérusalèm. Sakliyané kuwi, akèh imam uga dadi wong percaya.

8 Stéfanus, sing kebak kuwasa lan welas asihé Gusti Allah, nindakké akèh perkara ajaib lan mukjijat* ing antarané wong-wong. 9 Nanging, ana wong-wong Yahudi saka kelompok sing disebut Sinagogé Wong sing Dibébaské, bareng karo wong-wong Kiréné lan Alèksandria, uga wong-wong saka Kilikia lan Asia, teka kanggo bebantahan karo Stéfanus. 10 Senajan ngono, wong-wong kuwi ora sanggup nglawan Stéfanus, merga Stéfanus wicaksana lan roh suci nuntun dhèwèké wektu ngomong. 11 Banjur meneng-meneng wong-wong kuwi ngojok-ojoki wong-wong liyané kanggo kandha, ”Aku kabèh krungu wong iki ngrèmèhké Musa lan Gusti Allah.” 12 Wong-wong kuwi uga ngojok-ojoki wong-wong liyané manèh, para pemimpin, lan para ahli Taurat. Kabèh wong kuwi nggrudug Stéfanus, nangkep kanthi peksa, lan nggawa dhèwèké ing ngarepé Sanhèdrin.* 13 Ana seksi-seksi palsu sing dikongkon wong-wong kuwi kanggo mara mrana, lan kandha, ”Wong iki terus-terusan ngrèmèhké baité Gusti Allah lan hukum Taurat. 14 Contoné, aku kabèh krungu dhèwèké kandha nèk Yésus wong Nazarèt bakal ngambrukké bait iki, lan ngowahi kebiasaan sing diwulangké Musa marang kita nganti turun-temurun.”

15 Kabèh sing lungguh ing Sanhèdrin padha mandeng Stéfanus, lan wong-wong kuwi ndelok wajahé Stéfanus tenang banget kaya wajahé malaékat.

7 Imam agung banjur takon, ”Apa kuwi kabèh bener?” 2 Stéfanus njawab, ”Sedulur-sedulur, bapak-bapak, rungokna aku. Gusti Allah sing mulya wis ngétok marang leluhur kita Abraham wektu Abraham ing Mésopotamia, sakdurungé dhèwèké manggon ing Haran. 3 Gusti Allah ngendika, ’Lungaa saka tanahmu lan saka sanak sedulurmu, banjur lungaa menyang tanah sing bakal Tak duduhké marang kowé.’ 4 Mula Abraham lunga saka tanahé wong Khaldéa lan manggon ing Haran. Lan saka kana, sakwisé bapaké Abraham mati, Gusti Allah ndhawuhi dhèwèké pindhah menyang tanah sing saiki kok enggoni. 5 Senajan ngono, Gusti Allah ora maringi Abraham tanah warisan ing Haran, sak kilan* waé ora. Nanging Gusti Allah janji arep maringi tanah sing dijanjèkké kuwi dadi duwèké Abraham, banjur keturunané,* senajan wektu kuwi Abraham ora nduwé anak. 6 Sakliyané kuwi, Gusti Allah ngandhani dhèwèké nèk keturunané* bakal dadi penduduk asing ing negara liya, uga bakal didadèkké budhak lan ditindhes saksuwéné 400 taun. 7 Gusti Allah ngendika, ’Lan negara sing ndadèkké kowé budhaké bakal Tak adili.’ Gusti Allah ngendika manèh, ’Lan sakwisé kuwi, wong-wong kuwi bakal metu saka kono lan ngibadah marang aku ing panggonan iki.’

8 ”Gusti Allah uga nggawé perjanjian sunat karo Abraham, lan Abraham dadi bapaké Ishak lan nyunat Ishak ing dina kawolu. Banjur Ishak dadi bapaké* Yakub, lan Yakub dadi bapaké 12 anak lanang sing dadi leluhur kita.* 9 Lan para leluhur kita kuwi dadi iri marang seduluré, yaiku Yusuf, lan ngedol Yusuf menyang Mesir. Nanging Gusti Allah ngayomi Yusuf, 10 lan mbébaské dhèwèké saka kabèh kasengsarané lan nggawé Yusuf wicaksana lan nyenengké ing ngarepé Firaun, raja Mesir. Banjur Firaun nglantik Yusuf kanggo mréntah Mesir lan ngurus istanané Firaun. 11 Nanging banjur ana kurang pangan ing kabèh dhaérah ing Mesir lan Kanaan, kahanan sing nyengsarakké banget, lan para leluhur kita ora nduwé panganan. 12 Nanging Yakub krungu nèk ing Mesir ana akèh panganan,* mula dhèwèké ngutus para leluhur kita lunga mrana kanggo sing sepisanan. 13 Wektu teka sing kaping pindhoné, Yusuf ngaku marang sedulur-seduluré bab sapa dhèwèké. Lan akiré Firaun dadi ngerti keluargané Yusuf. 14 Mula Yusuf ngirim pesen marang bapaké, yaiku Yakub, lan kabèh keluargané, kanggo ninggalké Kanaan lan lunga menyang Mesir. Jumlahé wong-wong kuwi ana 75 wong.* 15 Banjur Yakub lunga menyang Mesir, lan akiré mati ing kana, semono uga karo para leluhur kita. 16 Balung-balungé para leluhur kuwi banjur digawa menyang Syikhèm lan dikubur ing kuburan sing dituku Abraham saka anak-anaké Hamor ing Syikhèm.

17 ”Pas wektuné saya cedhak kanggo netepi janjiné Gusti Allah marang Abraham, wong-wong Israèl jumlahé dadi saya akèh banget ing Mesir, 18 nganti ana raja liya sing mréntah Mesir, sing ora kenal karo Yusuf. 19 Raja iki licik banget marang bangsa kita, dhèwèké nganiaya lan meksa para leluhur kita mbuwang bayi-bayiné supaya bayi-bayi kuwi mati. 20 Ing wektu kuwi Musa lair, lan dhèwèké bagus banget.* Lan saksuwéné telung sasi, dhèwèké diopèni* ing omahé bapaké. 21 Nanging wektu wong tuwané kepeksa mbuwang dhèwèké, anak wadoné Firaun njupuk lan ngopèni dhèwèké kaya anaké dhéwé. 22 Mula Musa nampa pendidikan sing paling apik* ing Mesir. Omongané lan tumindaké nggumunké banget.

23 ”Wektu umur 40 taun, Musa mutuské* kanggo ndelok kahanané sedulur-seduluré, yaiku wong-wong Israèl. 24 Pas ndelok ana wong Mesir tumindak jahat marang wong Israèl, Musa banjur mbélani seduluré lan matèni wong Mesir mau kanggo mbales tumindak jahaté. 25 Musa ngira sedulur-seduluré bakal paham nèk Gusti Allah bakal maringi keslametan marang wong-wong kuwi liwat dhèwèké, nanging wong-wong kuwi ora paham. 26 Ing dina sakbanjuré, Musa marani manèh seduluré lan ndelok ana loro seduluré lagi gelut. Musa nyoba ngrukunké lan kandha, ’Kowé iki kan sedulur. Ngapa kok malah gelut kaya ngéné?’ 27 Nanging wong sing njotos kancané kuwi nolak Musa lan kandha, ’Sapa sing nglantik kowé dadi pemimpin lan hakim kanggo aku? 28 Apa kowé ya arep matèni aku kaya kowé wingi matèni wong Mesir kaé?’ 29 Wektu krungu kuwi, Musa langsung mlayu ninggalké Mesir lan manggon dadi penduduk asing ing Midian. Ing kana, Musa nduwé anak lanang loro.

30 ”Sakwisé 40 taun, ana malaékat sing ngétok marang Musa ing padhang belantara cedhak Gunung Sinai, ing wujud geni sing murub ing grumbulan suket eri. 31 Wektu ndelok kuwi, Musa nggumun banget. Nanging pas dhèwèké nyedhak kanggo mriksa, dhèwèké krungu swarané Yéhuwah sing ngendika, 32 ’Aku Gusti Allahé leluhurmu, Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’ Musa dadi ndredheg lan ora wani mara luwih cedhak manèh. 33 Yéhuwah ngendika, ’Copoten sandhalmu, merga panggonanmu ngadeg kuwi suci. 34 Aku wis ndelok piyé umat-Ku ditindhes ing Mesir, Aku uga wis krungu umat-Ku padha sambat, lan Aku wis mudhun kanggo nylametké wong-wong kuwi. Saiki, Aku bakal ngutus kowé menyang Mesir.’ 35 Ya Musa iki sing wis ditolak wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ’Sapa sing nglantik kowé dadi pemimpin lan hakim?’ Liwat malaékat sing ngétok marang dhèwèké ing suket eri, Gusti Allah ngutus dhèwèké dadi pemimpin lan wong sing mbébaské. 36 Musa mimpin para leluhur kita metu saka Mesir lan nindakké perkara-perkara sing ajaib lan mukjijat-mukjijat* ing Mesir, ing Laut Merah, lan ing padhang belantara saksuwéné 40 taun.

37 ”Ya Musa iki sing kandha marang wong-wong Israèl, ’Gusti Allah bakal nglantik nabi kaya aku saka bangsa kita kanggo kowé.’ 38 Musa kuwi wong sing ana ing antarané wong-wong Israèl ing padhang belantara, bareng karo malaékat sing ngomong marang dhèwèké ing Gunung Sinai lan bareng para leluhur kita, lan dhèwèké nampa pangandika sing langgeng saka Gusti Allah kanggo diomongké marang kita. 39 Nanging para leluhur kita ora gelem manut marang dhèwèké. Wong-wong kuwi nolak dhèwèké, lan ing njero atiné padha péngin bali menyang Mesir. 40 Wong-wong kuwi kandha marang Harun, ’Gawèkna allah kanggo mimpin aku kabèh. Merga aku kabèh ora ngerti piyé kahanané Musa saiki, yaiku wong sing mimpin awaké dhéwé metu saka Mesir.’ 41 Mula wong-wong kuwi nggawé patung anak sapi lan mènèhké kurban marang patung kuwi, banjur nganakké pésta kanggo ngrayakké apa sing wis digawé kuwi. 42 Mula Gusti Allah ninggalké wong-wong kuwi lan ngejarké wong-wong kuwi nyembah bintang-bintang ing langit, kaya sing wis ditulis ing Kitab Para Nabi, sing kandha, ’Wong Israèl, kowé padha mènèhké kurban lan persembahan saksuwéné 40 taun ing padhang belantara, nanging kuwi ora kok wènèhké marang Aku, ta? 43 Sing kok usung ing ngendi-endi kuwi kémahé Molokh lan ukiran bintang Déwa Réfan. Kuwi patung-patung sing kok gawé kanggo disembah. Mula Aku bakal mbuwang kowé luwih adoh saka Babilon.’

44 ”Para leluhur kita nduwé tabernakel* ing padhang belantara, kaya sing Gusti Allah préntahké marang Musa kanggo nggawé kuwi, manut karo conto sing didelok Musa. 45 Para leluhur kita nampa kuwi dadi duwèké lan nggawa kuwi karo Yosua menyang tanahé bangsa liya sing diusir Gusti Allah saka ngarepé para leluhur kita. Kémah kuwi tetep ana nganti jamané Daud. 46 Daud nyenengké Gusti Allah, lan dhèwèké nyuwun supaya isa éntuk kaurmatan kanggo mbangun panggonan kanggo Gusti Allahé Yakub. 47 Nanging sing mbangun panggonan kuwi yaiku Salomo. 48 Senajan ngono, Sing Mahaluhur ora manggon ing panggonan sing digawé nganggo tangané manungsa, kaya sing dikandhakké salah siji nabi, yaiku, 49 ’Swarga kuwi tahta-Ku, lan bumi kuwi ancik-anciké sikil-Ku. Panggonan kaya apa sing bakal kok bangun kanggo Aku? ngendikané Yéhuwah. Utawa, panggonan endi sing bakal Tak enggoni? 50 Aku sing nggawé kuwi kabèh, ta?’

51 ”Kowé kabèh kuwi wong sing ndableg, ati lan kupingmu ora tanggap.* Kowé terus nglawan roh suci, kaya sing ditindakké para leluhurmu. 52 Sapa nabi sing ora dianiaya karo para leluhurmu? Para leluhurmu matèni wong-wong sing martakké ramalan bab tekané wong sing bener, yaiku sing saiki wis kok khianati lan kok patèni. 53 Kowé wis nampa Taurat sing diparingké Gusti Allah liwat para malaékat, nanging kowé ora nindakké kuwi.”

54 Wektu krungu kuwi kabèh, wong-wong kuwi* dadi nesu banget* lan padha ngerotké untu karo nyawang Stéfanus. 55 Nanging Stéfanus sing kapenuhan roh suci ndhangak ndelok langit, lan dhèwèké ndelok kamulyané Gusti Allah lan ndelok Yésus ngadeg ing sisih tengené Gusti Allah. 56 Stéfanus kandha, ”Aku ndelok langit kebukak, lan Putrané manungsa ngadeg ing sisih tengené Gusti Allah.” 57 Mula wong-wong kuwi mbengok sak banter-banteré karo nutupi kupingé nganggo tangan. Banjur wong-wong kuwi ngroyok Stéfanus bareng-bareng. 58 Sakwisé nguncalké Stéfanus menyang njabané kutha, wong-wong kuwi mbandhemi dhèwèké nganggo watu. Para seksi palsu ndèlèhké klambi njabané ing cedhak sikilé wong lanang enom sing jenengé Saul. 59 Wektu wong-wong kuwi isih padha mbandhemi Stéfanus, Stéfanus kandha, ”Gusti Yésus, tampanen nyawaku.”* 60 Banjur, karo jèngkèng Stéfanus mbengok, ”Yéhuwah, aja ngukum wong-wong iki merga dosa sing ditindakké iki.” Sakwisé ngomongké kuwi, dhèwèké mati.*

8 Bab Saul, dhèwèké setuju Stéfanus dipatèni.

Wiwit wektu kuwi, jemaat ing Yérusalèm mulai dianiaya kanthi kejem, banjur kabèh murid padha mencar menyang dhaérah Yudéa lan Samaria, mung para rasul sing tetep ana ing Yérusalèm. 2 Wong-wong sing setya marang Gusti Allah ngubur Stéfanus lan padha nangisi dhèwèké. 3 Nanging Saul mulai nganiaya jemaat nganggo cara sing kejem. Saben omah dileboni, wong lanang lan wong wadon disèrèd metu banjur dilebokké penjara.

4 Senajan ngono, murid-murid sing padha mencar kuwi padha martakké kabar apik bab pangandikané Gusti Allah ing akèh dhaérah ing negara kuwi. 5 Banjur, Filipus lunga menyang kutha* Samaria lan mulai martakké bab Kristus ing kana. 6 Wong akèh sing ngumpul ing kana padha nggatèkké Filipus kanthi tenanan, karo ngrungokké omongané lan ndelok mukjijat* sing ditindakké Filipus. 7 Wektu kuwi, ana akèh roh-roh najis sing mbengok-mbengok lan metu saka akèh wong sing kesurupan. Sakliyané kuwi, ana akèh wong lumpuh lan pincang sing dimarèkké. 8 Mula penduduk kutha kuwi padha bungah banget.

9 Ing kutha kuwi ana wong lanang sing jenengé Simon, sing ndhisik nggunakké ilmu gaib. Dhèwèké ngaku-aku wong sing hébat, lan nggawé wong-wong Samaria nggumun marang dhèwèké. 10 Kabèh wong, saka wong biasa nganti wong penting, padha nggatèkké dhèwèké kanthi tenanan lan kandha, ”Ya wong iki Kuwasané Gusti Allah, sing disebut Hébat.” 11 Wong-wong kuwi wis suwé nggumun karo ilmu gaibé Simon, mula wong-wong kuwi padha nggatèkké dhèwèké kanthi tenanan. 12 Nanging, wektu Filipus martakké kabar apik bab Kratoné Allah lan bab jenengé Yésus Kristus, akèh wong lanang lan wong wadon percaya marang Filipus, banjur dibaptis. 13 Simon dhéwé uga dadi wong percaya, lan sakwisé dibaptis, dhèwèké bareng terus karo Filipus. Dhèwèké nggumun wektu ndelok tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sing ditindakké Filipus.

14 Wektu para rasul ing Yérusalèm krungu nèk wong-wong ing Samaria wis nampa pangandikané Gusti Allah, para rasul kuwi ngutus Pétrus lan Yohanes mrana. 15 Banjur rasul loro kuwi lunga menyang Samaria, lan sakwisé tekan kana, rasul loro kuwi ndonga supaya wong-wong ing kana éntuk roh suci. 16 Merga wektu kuwi, durung ana siji-sijia ing antarané wong-wong ing kana sing nampa roh suci, lan wong-wong kuwi mung dibaptis nganggo jenengé Gusti Yésus. 17 Rasul loro kuwi banjur numpangké tangané ing ndhuwur sirahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi mulai padha nampa roh suci.

18 Simon ndelok wong-wong padha nampa roh suci wektu para rasul numpangké tangan ing ndhuwur sirahé wong-wong kuwi, mula Simon nawakké dhuwit marang para rasul, 19 lan kandha, ”Wènèhana aku kuwasa kaya ngono uga, supaya saben wong isa nampa roh suci wektu aku numpangké tanganku ing ndhuwur sirahé wong-wong kuwi.” 20 Nanging Pétrus kandha marang Simon, ”Muga-muga kowé sirna bareng karo dhuwitmu, merga kowé mikir nèk anugrah saka Gusti Allah isa kok tuku nganggo dhuwit. 21 Kowé ora nduwé bagéan ing bab iki, merga atimu ora tulus ing ngarsané Gusti Allah. 22 Mula mertobata saka pikiranmu sing ala kuwi. Nyuwuna marang Yéhuwah, lan muga-muga niat sing ala ing atimu diapura. 23 Aku ngerti nèk kowé kuwi kaya racun* sing pait lan budhaké kejahatan.” 24 Simon njawab, ”Tulung nyuwuna marang Yéhuwah kanggo aku, supaya apa sing kok omongké kuwi ora kelakon marang aku.”

25 Mula, sakwisé mènèhi kesaksian kanthi tliti lan martakké pangandikané Yéhuwah, rasul loro kuwi bali menyang Yérusalèm karo martakké kabar apik ing désa-désané wong Samaria.

26 Nanging malaékaté Yéhuwah ngandhani Filipus, ”Ngadega lan lungaa ngidul ing dalan sing mudhun saka Yérusalèm menyang Gaza.” (Dalan iki ana ing gurun.) 27 Filipus banjur ngadeg lan lunga, lan jebulé ing dalan kuwi ana pejabat penting Étiopia ing pamréntahané Kandaké, ratu wong Étiopia. Dhèwèké nduwé tugas ngurus kabèh bandhané kraton. Dhèwèké lunga menyang Yérusalèm kanggo ngibadah, 28 lan saiki lagi ing dalan arep mulih. Dhèwèké numpak andhong lan lagi maca tulisané Nabi Yésaya nganggo swara seru. 29 Gusti Allah ngendika marang Filipus liwat roh suciné, ”Paranana, cedhakana andhong kuwi.” 30 Filipus mlayu njèjèri andhong kuwi lan krungu pejabat Étiopia kuwi lagi maca tulisané Nabi Yésaya. Filipus takon, ”Apa panjenengan ngerti apa sing panjenengan waca kuwi?” 31 Pejabat Étiopia kuwi njawab, ”Piyé aku isa ngerti nèk ora ana sing njelaské maknané marang aku?” Mula dhèwèké ngejak Filipus munggah ing andhongé lan lungguh bareng dhèwèké. 32 Iki ayat ing Kitab Suci sing diwaca pejabat Étiopia kuwi, ”Kaya wedhus gèmbèl, dhèwèké digiring kanggo dipatèni. Kaya cempé sing tetep meneng ing ngarepé wong sing nyukur wuluné, dhèwèké ora mbukak tutuké. 33 Wektu dhèwèké dirèmèhké, kaadilan dijupuk saka dhèwèké. Merga dhèwèké bakal sirna saka bumi, sapa sing bakal nyritakké asal-usulé?”

34 Pejabat Étiopia kuwi banjur takon marang Filipus, ”Tulung kandhanana aku, sapa sing diomongké nabi iki? Nabi kuwi dhéwé utawa wong liya?” 35 Filipus mulai ngomong, lan mulai saka ayat kuwi, dhèwèké martakké kabar apik bab Yésus marang pejabat Étiopia kuwi. 36 Wektu isih ing dalan, Filipus lan pejabat Étiopia kuwi tekan ing panggonan sing akèh banyuné, lan pejabat kuwi kandha, ”Kuwi ana banyu. Apa sing ngalangi aku kanggo dibaptis?” 37 *—— 38 Banjur pejabat kuwi ngongkon supaya andhongé mandheg, terus Filipus lan pejabat kuwi mudhun ing banyu, lan Filipus mbaptis pejabat kuwi. 39 Wektu wong loro kuwi metu saka banyu, roh suciné Yéhuwah kanthi cepet nggawa Filipus lunga saka kono, lan pejabat kuwi ora ndelok Filipus manèh. Pejabat kuwi neruské perjalanané karo bungah. 40 Nanging, Filipus ana ing Asdod. Filipus lunga menyang kabèh wilayah kuwi lan terus martakké kabar apik ing kabèh kutha, nganti dhèwèké tekan Kaisaréa.

9 Saul isih terus ngancem murid-muridé Gusti lan nduwé tékad kanggo matèni wong-wong kuwi. Dhèwèké lunga marani imam agung 2 lan njaluk surat kanggo diwènèhké marang sinagogé-sinagogé* ing Damaskus, supaya wektu dhèwèké nemokké wong lanang lan wong wadon sing dadi pengikuté Dalané Gusti,* dhèwèké isa nangkep* lan nggawa wong-wong kuwi menyang Yérusalèm.

3 Wektu Saul isih ana ing dalan lan wis cedhak Damaskus, ujug-ujug ana cahya saka langit sing sumunar ing sakiwa-tengené Saul. 4 Banjur Saul tiba ing lemah lan krungu swara sing kandha, ”Saul, Saul, ngapa kowé nganiaya aku?” 5 Saul njawab, ”Panjenengan sapa, Pak?” Swara kuwi njawab, ”Aku Yésus, sing kok aniaya. 6 Ngadega lan mlebua menyang kutha. Kowé bakal dikandhani apa sing kudu kok tindakké.” 7 Wong-wong sing lunga bareng Saul mung ngadeg lan ora isa ngomong apa-apa. Wong-wong kuwi krungu swara, nanging ora ndelok apa-apa. 8 Saul banjur ngadeg, lan dhèwèké ora isa ndelok apa-apa senajan mripaté melèk. Mula, dhèwèké dituntun lan digawa menyang Damaskus. 9 Saksuwéné telung dina, dhèwèké ora isa ndelok lan ora mangan utawa ngombé.

10 Ing Damaskus, ana murid sing jenengé Ananias, lan Gusti ngétok marang Ananias liwat wahyu lan kandha, ”Ananias!” Dhèwèké njawab, ”Ya, Gusti.” 11 Gusti kandha, ”Ngadega, lungaa menyang omahé Yudas ing Dalan Lurus, lan golèkana wong lanang sing jenengé Saul, wong Tarsus. Saiki dhèwèké lagi ndonga. 12 Dhèwèké éntuk wahyu lan weruh wong lanang sing jenengé Ananias teka lan ndemèk dhèwèké supaya dhèwèké isa ndelok manèh.” 13 Nanging Ananias njawab, ”Gusti, aku wis krungu bab wong iki saka akèh wong, bab kejahatané marang murid-muridmu ing Yérusalèm. 14 Saiki dhèwèké éntuk wewenang saka para imam kepala kanggo nangkep* kabèh wong sing percaya marang* jenengé panjenengan.” 15 Nanging Gusti kandha, ”Mangkata waé, merga aku wis milih dhèwèké kanggo nggawa jenengku marang bangsa-bangsa liya, uga marang raja-raja lan wong-wong Israèl. 16 Aku bakal nduduhké marang dhèwèké kanthi cetha bab akèhé kasangsaran sing kudu dhèwèké alami merga jenengku.”

17 Mula Ananias lunga lan mlebu ing omah kuwi, banjur numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Saul lan kandha, ”Saul, sedulurku, Gusti Yésus, sing nemoni kowé wektu ing dalan, ngutus aku supaya kowé isa ndelok manèh lan kapenuhan roh suci.” 18 Ing wektu kuwi uga, ana sing bentuké kaya sisik tiba saka mripaté, lan dhèwèké isa ndelok manèh. Banjur, Saul ngadeg lan dibaptis, 19 terus dhèwèké mangan lan nduwé tenaga manèh.

Saul manggon pirang-pirang dina bareng karo murid-murid ing Damaskus, 20 lan ing sinagogé-sinagogé dhèwèké langsung martakké nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah. 21 Nanging kabèh wong sing ngrungokké padha nggumun lan kandha, ”Iki kan wong sing nganiaya wong-wong Yérusalèm sing dadi murid-muridé Yésus,* ta? Wong iki kan teka mréné tujuané kanggo nangkep lan nggawa wong-wong kuwi* marang imam kepala, ta?” 22 Nanging Saul saya trampil lan mbuktèkké nganggo cara sing masuk akal nèk Yésus kuwi Kristus, mula wong-wong Yahudi sing manggon ing Damaskus ora isa mbantah.

23 Suwé sakwisé kuwi, wong-wong Yahudi nggawé rencana kanggo matèni Saul. 24 Nanging, Saul ngerti rencanané wong-wong kuwi. Awan lan bengi, wong-wong kuwi uga njaga gerbang-gerbang kutha kanthi tenanan supaya isa matèni Saul. 25 Mula ing wayah wengi, murid-muridé Saul ngedhunké Saul ing kranjang gedhé liwat bolongan ing témbok kutha.

26 Sakwisé tekan ing Yérusalèm, Saul ngupaya nggabung karo murid-murid, nanging murid-murid padha wedi marang dhèwèké, merga padha ora percaya nèk dhèwèké wis dadi muridé Yésus. 27 Mula, Barnabas mbantu lan nggawa Saul marang para rasul, banjur nyritakké marang para rasul kanthi rinci bab piyé Saul ndelok Gusti wektu ing dalan, lan apa sing Gusti omongké marang dhèwèké, lan piyé Saul kanthi kendel martakké bab jenengé Yésus ing Damaskus. 28 Merga kuwi, Saul tetep manggon bareng para rasul. Dhèwèké bébas lunga menyang ngendi waé ing Yérusalèm, karo martakké jenengé Gusti kanthi kendel. 29 Saul ngomong lan bebantahan karo wong-wong Yahudi sing basané Yunani, nanging wong-wong kuwi ngupaya matèni dhèwèké. 30 Wektu padha ngerti iki, para sedulur nggawa dhèwèké menyang Kaisaréa lan ngirim dhèwèké menyang Tarsus.

31 Banjur jemaat ing kabèh dhaérah ing Yudéa, Galiléa, lan Samaria ngrasakké katentreman lan dadi kuwat. Jumlahé murid-murid mundhak saya akèh merga padha nduduhké rasa wedi marang Yéhuwah lan uripé manut karo panglipuran sing diwènèhké roh suci.

32 Wektu Pétrus njlajahi kabèh wilayah kuwi, dhèwèké uga marani wong-wong suci sing manggon ing Lida. 33 Ing kana, dhèwèké ketemu karo wong lanang lumpuh jenengé Énéas, sing wis wolung taun ora isa tangi saka ambèné. 34 Pétrus kandha, ”Énéas, Yésus Kristus marèkké kowé. Tangia lan tatanen ambènmu.” Banjur dhèwèké langsung tangi. 35 Wektu kabèh penduduk Lida lan Dataran Syaron ndelok dhèwèké, wong-wong kuwi dadi muridé Gusti.

36 Ing Yopa, ana murid jenengé Tabita, nèk diterjemahké tegesé ”Dorkas”.* Dhèwèké seneng tumindak apik lan mènèhi sedhekah. 37 Nanging wektu kuwi, dhèwèké lara banjur mati. Mula mayité diadusi lan didèlèhké ing kamar ndhuwur. 38 Merga Lida cedhak karo Yopa, mula wektu murid-murid krungu nèk Pétrus ana ing Lida, murid-murid ngutus wong lanang loro kanggo kandha marang Pétrus, ”Tulung mrénéa cepet.” 39 Pétrus banjur ngadeg lan lunga bareng wong loro kuwi. Wektu tekan kono, Pétrus digawa menyang kamar ndhuwur, lan kabèh randha sing ana ing kono nemoni Pétrus. Karo nangis, para randha kuwi nduduhké akèh jubah* lan klambi liyané sing digawé Dorkas wektu isih urip. 40 Banjur Pétrus ngongkon wong-wong metu, terus dhèwèké jèngkèng lan ndonga. Sakwisé kuwi, dhèwèké madhep ing mayit kuwi lan kandha, ”Tabita, tangia!” Wong wadon kuwi banjur melèk lan ndelok Pétrus, terus wong wadon kuwi lungguh. 41 Pétrus nyekel tangané lan mbantu Dorkas ngadeg, banjur nyeluk para wong suci lan randha-randha ing kono, lan nduduhké marang wong-wong kuwi nèk Dorkas wis urip. 42 Kedadéan kuwi dingertèni ing kabèh dhaérah Yopa, lan akèh wong dadi percaya marang Gusti. 43 Pétrus manggon ing Yopa nganti pirang-pirang dina, bareng karo tukang nggawé bahan saka kulit* sing jenengé Simon.

10 Ana wong lanang ing Kaisaréa sing jenengé Kornélius. Dhèwèké kuwi perwira* pasukan sing disebut pasukan Italia.* 2 Dhèwèké karo kabèh keluargané ngibadah lan wedi marang Gusti Allah. Dhèwèké seneng mènèhi sedhekah marang wong-wong lan ajeg ndonga* marang Gusti Allah. 3 Ing sawijiné dina, kira-kira jam telu soré,* dhèwèké éntuk wahyu lan ndelok kanthi cetha malaékaté Gusti Allah teka marang dhèwèké lan kandha, ”Kornélius!” 4 Kornélius mandeng malaékat kuwi karo kewedèn, lan takon, ”Ana apa, Pak?” Malaékat kuwi kandha, ”Donga-dongamu lan sedhekahmu wis ditampa Gusti Allah, lan Panjenengané éling marang kuwi kabèh. 5 Mula, utusen wong menyang Yopa kanggo nyeluk wong sing jenengé Simon sing uga disebut Pétrus. 6 Wong kuwi lagi nginep ing omahé Simon, tukang nggawé bahan saka kulit, lan omahé kuwi ing cedhak laut.” 7 Sakwisé malaékat sing ngomong karo dhèwèké kuwi lunga, Kornélius nyeluk loro pembantuné lan siji prajurité sing salèh, 8 lan dhèwèké nyritakké kabèh mau marang wong-wong kuwi, banjur ngutus wong-wong kuwi menyang Yopa.

9 Ing dina sakbanjuré, wektu wong-wong sing diutus kuwi isih ana ing dalan lan wis cedhak kutha, Pétrus munggah ing ndhuwur omah* kira-kira jam 12 awan* kanggo ndonga. 10 Nanging Pétrus ngrasa luwé banget lan péngin mangan. Wektu panganané isih disiapké, dhèwèké éntuk wahyu. 11 Dhèwèké ndelok langit kebukak, banjur ana kaya kain linen amba mudhun ing bumi lan pucuké papat kaya dicekeli. 12 Ing njeroné ana kabèh jenis kéwan sikil papat, kéwan sing nggremet* ing bumi, lan manuk-manuk ing langit. 13 Banjur ana swara sing kandha, ”Ngadega, Pétrus. Belèhen lan panganen!” 14 Nanging Pétrus kandha, ”Ora isa, merga aku ora tau mangan apa waé sing haram lan najis.” 15 Swara kuwi kandha kanggo kaping pindhoné, ”Apa sing wis disucèkké Gusti Allah aja kok anggep haram manèh.” 16 Sakwisé kuwi kelakon nganti ping telu, kain kuwi langsung keangkat menyang langit.

17 Wektu Pétrus isih bingung apa tegesé wahyu kuwi, wong-wong sing diutus Kornélius mau wis ngadeg ing gerbang sakwisé takon ing ngendi omahé Simon. 18 Wong-wong kuwi nyeluk sing nduwé omah lan takon apa Simon sing disebut Pétrus nginep ing kono. 19 Wektu Pétrus isih mikirké wahyu mau, roh suci kandha, ”Ana wong telu sing lagi nggolèki kowé. 20 Mula, ngadega lan mudhuna. Lungaa bareng wong-wong kuwi tanpa ragu-ragu, merga aku sing ngutus wong-wong kuwi.” 21 Pétrus banjur mudhun nemoni wong-wong kuwi lan kandha, ”Iki aku, wong sing kok golèki. Ana apa kowé teka mréné?” 22 Wong-wong kuwi njawab, ”Aku kabèh diutus Kornélius, yaiku perwira pasukan. Dhèwèké kuwi wong sing bener lan wedi marang Gusti Allah. Kabèh wong Yahudi padha ngomongké nèk dhèwèké kuwi wong sing apik. Dhèwèké nampa petunjuk saka Gusti Allah liwat malaékat suci kanggo ngundang panjenengan menyang omahé lan kanggo ngrungokké panjenengan.” 23 Mula Pétrus ngejak wong-wong kuwi mlebu lan nginep ing kono.

Ing dina sakbanjuré, Pétrus lunga bareng wong-wong kuwi, lan ana sedulur-sedulur saka Yopa sing mèlu lunga karo dhèwèké. 24 Sedina sakwisé kuwi, Pétrus tekan ing Kaisaréa. Kornélius lagi ngentèni wong-wong kuwi, lan dhèwèké wis ngundang kabèh seduluré lan kanca-kanca cedhaké. 25 Wektu Pétrus teka, Kornélius nemoni Pétrus lan sujud ing sikilé. 26 Nanging Pétrus mbantu Kornélius ngadeg lan kandha, ”Ngadega, aku iki ya mung manungsa.” 27 Sambi omong-omongan karo Kornélius, Pétrus mlebu lan weruh akèh wong padha ngumpul ing kono. 28 Pétrus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé padha ngerti tenan nèk wong Yahudi ora éntuk srawung utawa nyedhaki wong saka bangsa liya, nanging Gusti Allah wis nduduhké marang aku nèk aku ora éntuk nganggep sapa waé najis. 29 Mula wektu aku diundang mréné, aku mangkat tanpa ragu-ragu. Dadi, saiki aku péngin ngerti ngapa kowé ngundang aku.”

30 Kornélius kandha, ”Patang dina kepungkur, wektu aku lagi ndonga ing omahku pas jam telu soré,* ujug-ujug ana wong sing ngadeg ing ngarepku sing klambiné padhang njingglang. 31 Lan dhèwèké kandha, ’Kornélius, Gusti Allah wis mirengké dongamu lan éling karo sedhekahmu. 32 Mula, utusen wong menyang Yopa kanggo ngundang Simon sing disebut Pétrus. Dhèwèké lagi nginep ing omahé Simon, tukang nggawé bahan saka kulit, sing omahé ing cedhak laut.’ 33 Dadi aku langsung ngundang panjenengan, lan matur nuwun panjenengan wis gelem teka mréné. Saiki aku kabèh ngumpul ing ngarsané Gusti Allah, kanggo ngrungokké kabèh sing Yéhuwah préntahké marang panjenengan sing kudu panjenengan omongké.”

34 Mula Pétrus mulai ngomong, ”Saiki aku bener-bener ngerti nèk Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong, 35 nanging kabèh wong saka bangsa ngendi waé sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener ditampa Panjenengané. 36 Gusti Allah martakké kabar apik marang wong-wong Israèl bab katentreman liwat Yésus Kristus, yaiku Gustiné kabèh wong. 37 Kowé kabèh ngerti nèk sakwisé Yohanes martakké bab baptisan, ana bab sing diomongké ing kabèh dhaérah Yudéa, mulai saka Galiléa, 38 yaiku bab Yésus saka Nazarèt. Gusti Allah wis nglantik dhèwèké nganggo roh suci lan mènèhi dhèwèké kuwasa. Lan dhèwèké njlajahi tanah kuwi karo nindakké bab sing apik uga marèkké kabèh wong sing dikuwasani Iblis, merga Gusti Allah ndhukung dhèwèké. 39 Aku kabèh dadi seksi saka kabèh sing dhèwèké tindakké ing kutha-kutha sing dienggoni wong Yahudi lan ing Yérusalèm. Nanging dhèwèké dipatèni nganggo cara dipaku* ing cagak.* 40 Gusti Allah nguripké manèh dhèwèké ing dina katelu supaya wong-wong isa ndelok dhèwèké. 41 Ora kabèh wong isa ndelok dhèwèké, nanging mung seksi-seksi sing wis Gusti Allah temtokké sakdurungé, yaiku aku kabèh, sing mangan lan ngombé bareng dhèwèké sakwisé dhèwèké diuripké manèh saka antarané wong mati. 42 Dhèwèké ngongkon aku kabèh kanggo martakké marang bangsa kuwi lan mènèhi kesaksian kanthi tliti nèk dhèwèké sing wis dilantik Gusti Allah dadi hakimé wong urip lan wong mati. 43 Kabèh nabi mènèhi kesaksian bab dhèwèké. Para nabi kuwi kandha nèk liwat jenengé, Gusti Allah bakal ngapurani dosa-dosané saben wong sing nduwé iman marang dhèwèké.”

44 Wektu Pétrus isih ngomong, kabèh wong sing ngrungokké pangandikané Gusti Allah padha nampa roh suci. 45 Wong-wong Yahudi sing percaya* sing teka karo Pétrus padha nggumun, merga wong-wong saka bangsa liya uga nampa roh suci, yaiku anugrah saka Gusti Allah. 46 Wong-wong kuwi krungu nèk wong-wong saka bangsa-bangsa liya ngomong nganggo basa-basa asing lan ngluhurké Gusti Allah. Pétrus banjur ngomong, 47 ”Wong-wong iki uga wis nampa roh suci kaya kita, dadi sapa sing isa ngalang-alangi wong-wong iki dibaptis nganggo banyu?” 48 Mula Pétrus ngongkon wong-wong kuwi dibaptis nganggo jenengé Yésus Kristus. Banjur wong-wong kuwi njaluk Pétrus nginep sawetara dina manèh.

11 Para rasul lan sedulur-sedulur ing Yudéa krungu nèk wong-wong saka bangsa liya uga wis nampa pangandikané Gusti Allah. 2 Mula wektu Pétrus tekan Yérusalèm, murid-murid sing ndhukung hukum sunat mulai protès marang* Pétrus, 3 ”Kowé mlebu ing omahé wong-wong sing ora disunat lan mangan bareng karo wong-wong kuwi.” 4 Mula Pétrus nyritakké kedadéané kanthi rinci marang wong-wong kuwi. Dhèwèké kandha,

5 ”Ing kutha Yopa, wektu aku lagi ndonga, aku éntuk wahyu, ana sing kaya kain linen amba mudhun saka langit. Pucuké papat kaya dicekeli, lan kain kuwi mudhun persis ing ngarepku. 6 Aku tenanan ngematké kain kuwi, lan jebulé ana kéwan-kéwan sikil papat ing bumi, kéwan-kéwan buas, kéwan sing nggremet,* lan manuk-manuk ing langit. 7 Aku uga krungu swara, ’Ngadega, Pétrus. Belèhen lan panganen!’ 8 Nanging aku njawab, ’Ora isa, merga aku ora tau mangan apa waé sing haram lan najis.’ 9 Swara saka langit kuwi kandha kanggo kaping pindhoné, ’Apa sing wis disucèkké Gusti Allah aja kok anggep haram manèh.’ 10 Iki kelakon nganti ping telu, banjur kabèh keangkat manèh menyang langit. 11 Ing wektu kuwi uga, ana wong telu sing teka ing panggonanku nginep. Wong-wong kuwi diutus marang aku saka Kaisaréa. 12 Roh suci banjur ngandhani aku supaya aku lunga bareng wong-wong kuwi tanpa ragu-ragu. Ana sedulur enem sing uga mèlu aku, lan aku kabèh mlebu ing omahé Kornélius.

13 ”Wong kuwi nyritakké nèk ana malaékat sing ngadeg ing omahé lan kandha, ’Utusen wong menyang Yopa kanggo ngundang Simon sing disebut Pétrus, 14 lan dhèwèké bakal ngandhani piyé carané supaya kowé lan kabèh keluargamu isa dislametké.’ 15 Nanging wektu aku mulai ngomong, wong-wong ing kono padha nampa roh suci, kaya sing kita tampa pas wiwitan. 16 Weruh kuwi, aku kèlingan apa sing wis tau diomongké Gusti, yaiku, ’Yohanes mbaptis nganggo banyu, nanging kowé bakal dibaptis nganggo roh suci.’ 17 Dadi, nèk Gusti Allah wis maringké anugrah sing padha marang wong-wong kuwi, kaya sing wis Panjenengané paringké marang kita sing percaya marang Gusti Yésus Kristus, sapa ta aku iki kok nganti wani-waniné ngalang-alangi Gusti Allah?”

18 Wektu krungu kuwi, murid-murid sing ndhukung hukum sunat mau ora protès manèh* lan padha ngluhurké Gusti Allah, kandhané, ”Dadi, Gusti Allah uga maringi kesempatan marang bangsa-bangsa liya kanggo mertobat supaya wong-wong padha nampa urip.”

19 Sakwisé Stéfanus dipatèni, murid-murid dianiaya lan padha mencar ing Fénisia, Siprus, lan Antiokhia. Nanging murid-murid kuwi martakké kabar apik mung marang wong-wong Yahudi. 20 Senajan ngono, ana murid-murid saka Siprus lan Kiréné sing teka ing Antiokhia, lan mulai martakké kabar apik bab Gusti Yésus marang wong-wong sing basané Yunani. 21 Yéhuwah ndhukung murid-murid kuwi, lan akèh wong dadi percaya lan dadi muridé Gusti.

22 Jemaat ing Yérusalèm krungu kabar kuwi, banjur Barnabas diutus menyang Antiokhia. 23 Wektu Barnabas tekan ing kono, lan weruh nèk Gusti Allah wis maringké welas asih sing nggumunké, dhèwèké dadi bungah banget lan nguwatké kabèh sedulur supaya nduwé tékad kanggo terus setya saktulusé ati marang Gusti. 24 Barnabas kuwi wong sing apik, kapenuhan roh suci, lan nduwé iman sing kuwat. Lan saya akèh wong sing dadi percaya marang Gusti. 25 Sakwisé kuwi, dhèwèké lunga menyang Tarsus kanggo nggolèki Saul kanthi tenanan. 26 Sakwisé ketemu, Barnabas nggawa Saul menyang Antiokhia. Saksuwéné setaun, Barnabas lan Saul ngumpul bareng karo jemaat ing kono lan mulang akèh wong. Ing Antiokhia, liwat tuntunané Gusti Allah, murid-murid kanggo sing sepisanan disebut Kristen.

27 Wektu kuwi, ana nabi-nabi saka Yérusalèm sing teka ing Antiokhia. 28 Salah siji saka nabi-nabi kuwi jenengé Agabus. Liwat tuntunan roh suci, dhèwèké kandha nèk sedhéla manèh bakal ana kurang pangan sing parah ing sak donya. Lan kuwi pancèn kedadéan ing jamané Klaudius. 29 Mula murid-murid mutuské kanggo ngirim bantuan* kanggo sedulur-sedulur ing Yudéa, manut kesanggupané dhéwé-dhéwé. 30 Murid-murid kuwi ngirimké bantuan marang para pinituwa, liwat Barnabas lan Saul.

12 Kira-kira ing wektu kuwi, Raja Hérodès mulai nganiaya sebagéan anggotané jemaat. 2 Dhèwèké matèni Yakobus seduluré Yohanes nganggo pedhang. 3 Wektu ngerti nèk kuwi nggawé wong-wong Yahudi seneng, dhèwèké uga nangkep Pétrus. (Kuwi kedadéan wektu Riyaya Roti Tanpa Ragi.) 4 Pétrus ditangkep lan dilebokké penjara. Dhèwèké dijaga karo patang kelompok prajurit, ing saben kelompok ana prajurit cacahé papat. Hérodès nduwé rencana arep nggawa Pétrus kanggo diadili ing ngarepé wong akèh sakwisé Paskah. 5 Wektu Pétrus dipenjara, jemaat padha ndonga kanthi tenanan marang Gusti Allah kanggo Pétrus.

6 Ing wengi sakdurungé Hérodès ngadili Pétrus, Pétrus lagi turu lan tangané diranté ing antarané loro prajurit, lan ana penjaga-penjaga ing ngarep lawang penjara. 7 Ujug-ujug, ana malaékaté Yéhuwah ngadeg ing kono, lan ana cahya sumunar ing njero penjara kuwi. Malaékat kuwi ngoyog-oyog Pétrus karo kandha, ”Ndang tangi!” Lan ranté-ranténé ucul saka tangané Pétrus. 8 Malaékat kuwi kandha, ”Siap-siapa,* enggonen sandhalmu.” Pétrus nindakké kuwi. Banjur malaékat kuwi kandha, ”Enggonen klambi njabamu, lan etutna aku.” 9 Pétrus banjur metu lan ngetutké malaékat kuwi. Dhèwèké ora ngerti nèk sing ditindakké malaékat mau bener-bener nyata. Dhèwèké ngira lagi éntuk wahyu. 10 Pétrus lan malaékat kuwi ngliwati pos jaga sing kapisan lan kapindho, banjur tekan ing gerbang wesi sing ngarah menyang kutha lan gerbang kuwi mbukak dhéwé. Sakwisé metu, Pétrus lan malaékat kuwi mlaku ing sawijiné dalan, lan ujug-ujug malaékat kuwi ninggalké Pétrus. 11 Mula Pétrus dadi sadhar apa sing wis kedadéan, lan kandha, ”Saiki aku ngerti tenan nèk Yéhuwah wis ngutus malaékaté kanggo mbébaské aku saka tangané Hérodès lan saka kabèh bab ala sing dikarepké wong-wong Yahudi.”

12 Sakwisé sadhar nèk kuwi nyata, Pétrus lunga menyang omahé Maria ibuné Yohanes sing disebut Markus. Ing kono ana sedulur-sedulur sing lagi ngumpul lan ndonga. 13 Wektu Pétrus ndhodhog gerbang omah kuwi, ana pembantu wadon sing jenengé Roda metu kanggo ndelok sapa sing teka. 14 Wektu nitèni nèk kuwi swarané Pétrus, Roda seneng banget nganti dhèwèké ora mbukakké gerbang, nanging malah mlayu mlebu lan ngandhani liyané nèk Pétrus ana ing gerbang. 15 Sedulur-sedulur padha kandha, ”Kowé iki ora waras, ya?” Nanging dhèwèké terus kandha nèk Pétrus pancèn teka. Mula sedulur-sedulur kandha, ”Kuwi mesthi malaékaté.” 16 Nanging, Pétrus isih terus dhodhog-dhodhog. Wektu gerbangé dibukak, sedulur-sedulur padha kagèt ndelok Pétrus. 17 Nanging Pétrus mènèhi tandha nganggo tangané supaya wong-wong kuwi padha meneng, lan dhèwèké nyritakké kanthi rinci bab piyé Yéhuwah mbébaské dhèwèké saka penjara. Banjur dhèwèké kandha, ”Kandhanana Yakobus lan sedulur-sedulur liyané bab iki.” Sakwisé kuwi, dhèwèké metu lan lunga menyang panggonan liyané.

18 Ésuké, para prajurit padha bingung merga ora ngerti apa sing wis kedadéan marang Pétrus. 19 Hérodès nggolèki Pétrus ing ngendi-endi, nanging ora ketemu. Mula Hérodès nakoni para penjaga, lan ngongkon supaya para penjaga kuwi digawa kanggo dihukum. Sakwisé kuwi, Hérodès lunga saka Yudéa menyang Kaisaréa lan manggon sedhéla ing kana.

20 Ing sawijiné dina, Hérodès nesu karo wong-wong Tirus lan Sidon. Mula, wong-wong kuwi bebarengan teka ngadhep Hérodès. Sakwisé mbujuk Blastus, yaiku pengawas istanané raja,* wong-wong kuwi banjur njaluk damai karo Raja Hérodès, merga negarané wong-wong kuwi biasané olèh panganan saka dhaérah sing dikuwasani Hérodès. 21 Ing sawijiné dina wektu wong-wong padha ngumpul, Hérodès lungguh ing kursi pengadilan nganggo jubah raja lan mulai pidato. 22 Banjur wong-wong sing padha ngumpul kuwi mulai mbengok, ”Iki swarané allah, dudu swarané manungsa!” 23 Ing wektu kuwi uga, malaékaté Yéhuwah nggawé Hérodès diserang penyakit, merga dhèwèké ora ngluhurké Gusti Allah. Banjur Hérodès dipangan cacing-cacing lan mati.

24 Pangandikané Yéhuwah terus nyebar, lan saya akèh wong sing dadi murid.

25 Bab Saul lan Barnabas, sakwisé rampung mènèhi bantuan ing Yérusalèm, wong loro kuwi bali bareng Yohanes, sing uga disebut Markus.

13 Ing jemaat Antiokhia, ana nabi-nabi lan guru-guru, yaiku Barnabas, Siméon sing disebut Niger, Lusius saka Kiréné, Manaèn sing nampa pendidikan bareng karo Hérodès sing dadi panguwasa dhaérah kuwi, lan Saul. 2 Wektu wong-wong kuwi lagi nglayani* Yéhuwah lan pasa, roh suci kandha, ”Pilihen Barnabas lan Saul kanggo nindakké tugas sing wis Tak temtokké kanggo wong loro kuwi.” 3 Lan sakwisé pasa lan ndonga, wong-wong kuwi numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Barnabas lan Saul banjur ngutus wong loro iki.

4 Mula wong loro kuwi, sing diutus roh suci, lunga menyang Séléukia, banjur numpak prau menyang Siprus. 5 Wektu tekan Salamis, wong loro kuwi mulai martakké pangandikané Gusti Allah ing sinagogé-sinagogé* wong Yahudi. Yohanes uga mèlu ngancani kanggo mbantu wong loro kuwi.

6 Sakwisé njlajahi kabèh dhaérah ing pulau kuwi nganti tekan Pafos, wong-wong kuwi ketemu karo wong Yahudi sing jenengé Bar-Yésus. Dhèwèké kuwi ahli sihir lan nabi palsu. 7 Bar-Yésus kuwi kerja kanggo Gubernur* Sèrgius Paulus, wong sing cerdas banget. Gubernur kuwi ngundang Barnabas lan Saul, merga dhèwèké péngin banget ngrungokké pangandikané Gusti Allah. 8 Nanging ahli sihir kuwi, sing uga disebut Élimas (sing nèk diterjemahké tegesé ”ahli sihir”), nentang wong-wong kuwi. Dhèwèké ngupaya ngalang-alangi supaya gubernur kuwi aja nganti nduwé iman marang Gusti. 9 Banjur Saul, sing uga disebut Paulus, sing kapenuhan roh suci, mandeng ahli sihir kuwi 10 lan kandha, ”Kowé kuwi wong sing bener-bener curang lan licik, kowé kuwi anaké Iblis, lan kowé mungsuhé kabèh bab sing bener. Ngapa kowé ngènggokké dalané Yéhuwah sing lurus? 11 Yéhuwah bakal ngukum kowé, lan kowé bakal dadi wuta lan ora isa ndelok padhangé srengéngé kanggo sawetara mangsa.” Ing wektu kuwi uga, mripaté dadi ketutup kabut lan dadi peteng. Dhèwèké grayah-grayah nggolèki wong kanggo nuntun dhèwèké. 12 Wektu ndelok kedadéan kuwi, gubernur kuwi dadi wong sing percaya, merga nggumun marang piwulangé Yéhuwah.

13 Saka Pafos, Paulus lan kanca-kancané numpak prau lan tekan ing Perga ing Pamfilia. Nanging Yohanes ninggalké Paulus lan Barnabas, lan bali menyang Yérusalèm. 14 Senajan ngono, Paulus lan Barnabas neruské perjalanané saka Perga lan tekan ing Antiokhia ing Pisidia. Pas dina Sabat, wong loro kuwi teka ing sinagogé lan lungguh ing kono. 15 Sakwisé Taurat lan Tulisan Para Nabi diwacakké ing ngarepé wong-wong, para ketua sinagogé kandha marang Barnabas lan Saul, ”Sedulur-sedulur, menawa ana tembung-tembung sing isa nguwatké kanggo wong-wong iki, mangga diaturké.” 16 Mula Paulus ngadeg, lan karo mènèhi tandha nganggo tangané, dhèwèké kandha,

”Wong-wong Israèl lan wong-wong liya sing wedi marang Gusti Allah, tulung rungokna. 17 Gusti Allahé bangsa Israèl wis milih leluhur kita. Wektu leluhur kita manggon ing Mesir dadi penduduk asing, Panjenengané nulungi leluhur kita, lan Panjenengané nggunakké kuwasané sing gedhé kanggo nggawa leluhur kita metu saka Mesir. 18 Lan kira-kira saksuwéné 40 taun, Panjenengané sabar marang leluhur kita ing padhang belantara. 19 Sakwisé nyirnakké pitung bangsa ing tanah Kanaan, Panjenengané ngedum-edumké tanah kuwi dadi warisan. 20 Kuwi kabèh kedadéan saksuwéné kira-kira 450 taun.

”Banjur, Panjenengané maringi hakim-hakim marang leluhur kita nganti jamané Nabi Samuèl. 21 Nanging sakwisé kuwi padha njaluk raja, lan Gusti Allah maringi Saul anaké Kis, saka suku Bényamin, dadi raja saksuwéné 40 taun. 22 Sakwisé nyingkirké Saul, Panjenengané ngangkat Daud dadi raja. Bab Daud, Panjenengané maringi kesaksian, ’Aku wis nemokké Daud anaké Isai, wong sing nyenengké ati-Ku. Dhèwèké bakal nindakké kabèh sing Tak kersakké.’ 23 Kaya sing dijanjèkké, Gusti Allah maringi juru slamet marang Israèl saka keturunané* Daud, yaiku Yésus. 24 Sakdurungé Yésus teka, Yohanes wis martakké marang kabèh wong Israèl bab baptisan sing dadi lambang pertobatan. 25 Nanging, wektu wis rampung nindakké tugasé, Yohanes kandha, ’Kok kira aku iki sapa? Aku dudu dhèwèké. Dhèwèké bakal teka sakwisé aku, lan aku ora pantes nyopot tali sandhalé.’

26 ”Sedulur-sedulur, keturunané Abraham lan wong-wong liya sing wedi marang Gusti Allah, pangandika bab keslametan iki wis diwartakké marang kita. 27 Penduduk Yérusalèm lan para panguwasa ora nampa Yésus sing dadi Mèsias, nanging wektu wong-wong kuwi ngadili, wong-wong kuwi nindakké apa sing dikandhakké ing Tulisan Para Nabi, sing diwacakké saben dina Sabat. 28 Senajan ora nemokké alesan kanggo ngukum mati Yésus, wong-wong kuwi njaluk marang Pilatus supaya ngukum mati Yésus. 29 Sakwisé nindakké kabèh sing wis ditulis bab Yésus, wong-wong kuwi ngedhunké dhèwèké saka cagak* lan mapanké ing kuburan. 30 Nanging Gusti Allah nguripké dhèwèké saka antarané wong mati, 31 lan kanggo sawetara wektu, dhèwèké isa didelok karo wong-wong sing mbiyèn lunga bareng dhèwèké saka Galiléa menyang Yérusalèm. Ya wong-wong kuwi sing saiki mènèhi kesaksian bab dhèwèké marang wong-wong liya.

32 ”Mula aku kabèh ngandhani kowé kabar apik bab janji sing digawé Gusti Allah marang para leluhur kita. 33 Gusti Allah bener-bener wis netepi janji kuwi kanggo kita, yaiku anak-anaké para leluhur, nganggo cara nguripké manèh Yésus. Iki cocog karo apa sing ditulis ing mazmur kapindho, ’Kowé kuwi putra-Ku. Saiki Aku dadi Bapakmu.’ 34 Gusti Allah wis ngendika nèk bakal nguripké Yésus saka antarané wong mati lan Yésus ora bakal nduwé badan sing isa sirna manèh. Gusti Allah ngendika, ’Aku bakal maringi berkah kanggo kowé kaya sing Tak janjèkké marang Daud merga katresnan-Ku sing langgeng. Lan janji kuwi isa dipercaya.’ 35 Ing mazmur liya uga dikandhakké, ’Panjenengan ora bakal ngejarké abdi Panjenengan sing setya ngalami karusakan.’ 36 Ing pihak liya yaiku Daud, dhèwèké ngabdi marang Gusti Allah* sajegé uripé, banjur dhèwèké mati* lan dikuburké bareng para leluhuré, lan ngalami karusakan. 37 Nanging, Yésus sing Gusti Allah uripké manèh, ora ngalami karusakan.

38 ”Dadi sedulur-sedulur, aku martakké marang kowé nèk Gusti Allah bakal ngapurani dosa-dosamu liwat sédané Yésus. 39 Hukum Musa ora isa nggawé kowé dadi wong bener, nanging merga Yésus mati, Gusti Allah bakal nganggep sapa waé sing percaya dadi wong bener. 40 Mula, ngati-atia supaya apa sing dikandhakké ing Tulisan Para Nabi ora kelakon marang kowé, yaiku, 41 ’Kowé sing seneng ngrèmèhké, deloken kuwi, dadia nggumun, lan matia, merga Aku lagi nindakké gawéan ing jamanmu, sing ora bakal kok percaya senajan wis dicritakké kanthi rinci marang kowé.’”

42 Wektu Paulus lan Barnabas lagi metu saka kono, wong-wong padha nyuwun supaya Paulus lan Barnabas ngrembug bab kuwi manèh ing dina Sabat sakbanjuré. 43 Sakwisé pakumpulan ibadah ing sinagogé rampung, akèh wong Yahudi lan proselit Yahudi* sing nyembah Gusti Allah padha ngetutké Paulus lan Barnabas. Paulus lan Barnabas ngongkon wong-wong kuwi supaya tetep nampa katresnané Gusti Allah.

44 Ing dina Sabat sakbanjuré, mèh kabèh wong ing kutha kuwi padha ngumpul kanggo ngrungokké pangandikané Yéhuwah. 45 Wektu weruh kumpulan wong kuwi, wong-wong Yahudi dadi iri, lan mulai nentang bab-bab sing diomongké Paulus, lan nganggo cara kuwi wong-wong mau ngrèmèhké Gusti Allah. 46 Banjur Paulus lan Barnabas ngomong kanthi kendel marang wong-wong Yahudi kuwi, ”Pangandikané Gusti Allah pancèn kudu diwartakké marang kowé luwih dhisik. Nanging kowé nolak lan nganggo cara kuwi kowé nduduhké nèk ora pantes nampa urip langgeng. Mula aku kabèh bakal martakké marang bangsa-bangsa liya. 47 Yéhuwah wis ndhawuhi aku kabèh, ’Aku wis ndadèkké kowé pepadhang kanggo bangsa-bangsa, supaya kowé nggawa keslametan nganti tekan pucuk-pucuké bumi.’”

48 Wektu wong-wong saka bangsa liya krungu bab kuwi, wong-wong kuwi mulai bungah lan ngluhurké pangandikané Yéhuwah. Lan kabèh wong sing nduwé sikap sing bener kanggo nampa urip saklawasé dadi percaya. 49 Pangandikané Yéhuwah terus disebarké ing kabèh dhaérah ing negara kuwi. 50 Nanging wong-wong Yahudi ngojok-ojoki wong-wong wadon salèh sing diajèni lan wong-wong lanang sing dadi panggedhéné kutha kuwi kanggo nganiaya Paulus lan Barnabas. Kuwi sebabé Paulus lan Barnabas diusir metu saka wilayah kuwi. 51 Mula para rasul ngebutké bledug saka sikilé supaya dadi pangéling-éling kanggo wong-wong kuwi, banjur padha lunga menyang Ikonium. 52 Lan para murid terus ngrasa bungah lan kapenuhan roh suci.

14 Ing Ikonium, Paulus lan Barnabas mlebu menyang sinagogé* wong Yahudi lan mulang kanthi trampil, mula akèh wong Yahudi lan Yunani dadi percaya. 2 Nanging wong-wong Yahudi sing ora percaya ngojok-ojoki lan mengaruhi wong-wong saka bangsa liya kanggo nentang sedulur-sedulur kuwi. 3 Mula para rasul nggunakké cukup akèh wektu ing Ikonium, lan para rasul éntuk wewenang saka Yéhuwah kanggo ngomong kanthi kendel. Gusti Allah neguhké warta bab welas asihé sing nggumunké nganggo cara maringi para rasul kuwi kuwasa kanggo nindakké mukjijat* lan perkara-perkara sing ajaib. 4 Nanging penduduk kutha kuwi pecah dadi rong golongan. Ana sing mihak wong Yahudi lan ana sing mihak para rasul. 5 Wong-wong saka bangsa liya lan wong-wong Yahudi bareng karo panguwasané ngupaya kanggo nganiaya lan mbandhemi para rasul nganggo watu. 6 Wektu dikandhani bab kuwi, para rasul lunga menyang kutha Likaonia, Listra, Dèrbé, lan ing dhaérah sakiwa-tengené. 7 Ing kana, para rasul kuwi terus martakké kabar apik.

8 Ing Listra, ana wong lanang sing sikilé lumpuh wiwit lair lan ora tau mlaku. Dhèwèké lungguh 9 lan ngrungokké Paulus ngomong. Paulus mandeng wong kuwi lan ndelok nèk wong kuwi nduwé iman kanggo dimarèkké. 10 Paulus banjur kandha nganggo swara seru, ”Ngadega!” Mula wong kuwi ngadeg lan mulai mlaku. 11 Wektu wong-wong ndelok apa sing ditindakké Paulus, wong-wong kuwi mbengok nganggo basa Likaonia, ”Déwa-déwa wis dadi kaya manungsa lan mudhun marani kita!” 12 Lan wong-wong kuwi mulai nyebut Barnabas kuwi Zéus, nanging Paulus disebut Hèrmes, merga Paulus sing luwih akèh ngomong. 13 Mula imam kanggo Zéus, sing kuilé ana ing gerbang kutha, nggawa sapi lanang lan hiasan kembang* menyang gerbang. Imam lan wong akèh kuwi péngin mènèhké kurban marang Paulus lan Barnabas.

14 Nanging wektu krungu kuwi, rasul Barnabas lan rasul Paulus nyuwèk klambiné lan langsung mlayu marani wong akèh mau karo mbengok, 15 ”Ngapa kowé kabèh nindakké iki? Aku kabèh uga manungsa sing nduwé kekurangan kaya kowé. Aku kabèh lagi martakké kabar apik marang kowé, supaya kowé ninggalké bab-bab sing ora ana gunané iki banjur nyembah Gusti Allah sing urip, sing nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné. 16 Ing jaman* mbiyèn, Panjenengané ngejarké kabèh bangsa nindakké apa waé manut karepé dhéwé-dhéwé, 17 nanging Gusti Allah tetep maringi kesaksian bab Panjenengané dhéwé nganggo cara nindakké apa sing apik, yaiku maringi kowé kabèh udan lan musim panèn, uga maringi kowé panganan sing lubèr lan nggawé atimu seneng.” 18 Senajan wis ngomong kaya ngono, Paulus lan Barnabas isih kangèlan kanggo nyegah wong-wong kuwi mènèhké kurban marang para rasul kuwi.

19 Ana wong-wong Yahudi teka saka Antiokhia lan Ikonium, banjur padha ngojok-ojoki wong akèh, lan wong-wong kuwi padha mbandhemi Paulus nganggo watu lan nyèrèd dhèwèké menyang njaba kutha, merga ngira nèk dhèwèké wis mati. 20 Nanging, wektu murid-murid ngumpul ing sakiwa-tengené Paulus, Paulus ngadeg lan mlebu ing kutha. Ing dina sakbanjuré, Paulus karo Barnabas lunga menyang Dèrbé. 21 Sakwisé martakké kabar apik ing kutha kuwi lan mbantu cukup akèh wong dadi murid, Paulus lan Barnabas bali menyang Listra, Ikonium, lan Antiokhia. 22 Ing kana, Paulus lan Barnabas nguwatké murid-murid supaya tetep nduwé iman. Para rasul kuwi kandha, ”Kita kudu ngalami akèh kasangsaran kanggo mlebu ing Kratoné Allah.” 23 Paulus lan Barnabas uga nglantik pinituwa-pinituwa ing saben jemaat. Para rasul kuwi ndonga lan pasa, banjur masrahké para pinituwa kuwi marang Yéhuwah, merga para rasul kuwi percaya marang Panjenengané.

24 Banjur para rasul kuwi lunga ngliwati Pisidia lan tekan ing Pamfilia, 25 lan sakwisé martakké pangandikané Gusti Allah ing Perga, para rasul kuwi lunga menyang Atalia. 26 Saka kana para rasul kuwi numpak kapal menyang Antiokhia. Mbiyèn ing kutha kuwi, sedulur-sedulur padha ndonga supaya Gusti Allah nduduhké welas asihé sing nggumunké supaya para rasul kuwi isa nindakké tugas sing saiki wis dirampungké.

27 Wektu para rasul tekan ing Antiokhia lan nglumpukké para anggota jemaat ing kono, para rasul banjur nyritakké akèh perkara sing wis ditindakké Gusti Allah liwat para rasul kuwi, lan ngandhani nèk Gusti Allah wis mbukak dalan* kanggo bangsa-bangsa supaya padha nduwé iman. 28 Para rasul nggunakké cukup akèh wektu bareng karo murid-murid kuwi.

15 Ana sapérangan wong sing teka saka Yudéa menyang Antiokhia lan mulai mulang sedulur-sedulur, ”Nèk kowé ora disunat miturut Hukum Musa, kowé ora isa dislametké.” 2 Kuwi marakké ana padudon sing gedhé lan udur-uduran ing antarané wong-wong saka Yudéa mau karo Paulus lan Barnabas. Mula para sedulur ngatur supaya Paulus, Barnabas, lan sapérangan sedulur liyané lunga marang para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm kanggo takon bab masalah iki.

3 Sedulur-sedulur ing jemaat ngeterké wong-wong kuwi nganti tekan sebagéan perjalanan. Nanging Paulus, Barnabas, lan sapérangan sedulur liyané mau neruské perjalanané liwat Fénisia lan Samaria. Ing kana, wong-wong kuwi nyritakké kanthi rinci, bab piyé wong-wong saka bangsa-bangsa liya padha mulai ngibadah marang Gusti Allah. Wektu krungu bab kuwi, kabèh sedulur dadi padha bungah. 4 Sakwisé tekan Yérusalèm, wong-wong kuwi ditampa kanthi apik karo jemaat, para rasul, lan para pinituwa. Wong-wong kuwi banjur nyritakké akèh perkara sing ditindakké Gusti Allah liwat wong-wong kuwi. 5 Nanging sapérangan wong sing mbiyèné saka sèkte Farisi lan saiki wis dadi muridé Yésus Kristus, banjur padha ngadeg lan kandha, ”Wong-wong percaya sing dudu wong Yahudi kuwi kudu disunat lan dipréntahké kanggo nindakké Hukum Musa.”

6 Para rasul lan para pinituwa banjur padha ngumpul lan ngrembug masalah iki. 7 Sakwisé rembugan sing suwé lan alot,* Pétrus ngadeg lan kandha, ”Sedulur-sedulur, kowé kabèh wis ngerti nèk saka ing antaramu, aku sing kapisan dipilih Gusti Allah kanggo martakké pangandika bab kabar apik marang wong-wong dudu Yahudi, lan supaya wong-wong kuwi dadi percaya. 8 Lan Gusti Allah, sing ngerti isi atiné manungsa, wis mbuktèkké nèk Panjenengané nampa wong-wong kuwi nganggo cara maringi wong-wong kuwi roh suci, kaya sing wis diparingké marang kita. 9 Lan Gusti Allah babar blas ora mbédak-bédakké kita karo wong-wong kuwi. Panjenengané malah nggawé suci atiné wong-wong kuwi merga padha nduwé iman. 10 Mula, ngapa kowé saiki nguji Gusti Allah nganggo cara mènèhi murid-murid kuwi beban sing abot, sing ora isa dipikul kita lan para leluhur kita? 11 Nanging saiki, kita nduwé iman yaiku nèk kita dislametké liwat welas asih sing nggumunké* saka Gusti Yésus, padha kaya wong-wong kuwi.”

12 Wektu krungu kuwi, kabèh wong sing ngumpul ing kono padha meneng. Wong-wong kuwi banjur padha ngrungokké Barnabas lan Paulus nyritakké akèh mukjijat* lan perkara-perkara ajaib, sing ditindakké Gusti Allah liwat rasul loro kuwi ing antarané wong-wong sing dudu Yahudi. 13 Sakwisé rasul loro kuwi rampung ngomong, Yakobus kandha, ”Sedulur-sedulur, rungokna aku. 14 Kaya sing bar kita rungokké mau, Siméon* wis nyritakké kanthi rinci marang kita bab piyé Gusti Allah nggatèkké wong-wong saka bangsa-bangsa liya, lan nèk saka antarané wong-wong kuwi Gusti Allah mulai milih umat kanggo asmané. 15 Lan iki cocog karo apa sing dikandhakké ing Tulisan Para Nabi, yaiku, 16 ’Sakwisé iki aku bakal bali lan mbangun manèh kémahé* Daud sing wis ambruk. Aku bakal ndandani lan ngedegké manèh kémah kuwi, 17 supaya wong-wong sisané kuwi isa bener-bener ngabdi marang Yéhuwah, bebarengan karo wong-wong saka bangsa-bangsa liya, yaiku umat sing disebut nganggo asma-Ku, Aku Yéhuwah sing ngendika bab iki, Aku sing nindakké kabèh perkara iki, 18 Aku wis mutuské kanggo nindakké iki wiwit mbiyèn.’ 19 Dadi keputusanku* iki dudu kanggo nyusahké wong-wong saka bangsa-bangsa liya sing péngin ngabdi marang Gusti Allah, 20 nanging kanggo nulis marang wong-wong kuwi supaya padha bener-bener nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala, saka hubungan sèks sing ora sah,* saka daging kéwan sing mati ditekak,* lan saka getih. 21 Wiwit jaman mbiyèn, wong-wong martakké tulisané Musa ing saben kutha, lan tulisané diwacakké nganggo swara seru ing sinagogé-sinagogé* ing saben dina sabat.”

22 Banjur para rasul lan para pinituwa, bareng karo kabèh jemaat, mutuské kanggo ngutus sedulur loro sing dipilih saka antarané sedulur-sedulur kuwi menyang Antiokhia, bareng karo Paulus lan Barnabas. Para sedulur mau ngutus Yudas sing uga disebut Barsabas, lan Silas. Wong loro kuwi sing mimpin sedulur-sedulur liyané. 23 Iki surat sing ditulis lan dikirimké liwat para sedulur mau:

”Saka sedulur-sedulurmu, para rasul lan para pinituwa, kanggo para sedulur ing Antiokhia, Siria, lan Kilikia sing asalé saka bangsa liya: Salam! 24 Sakwisé aku kabèh krungu nèk ana sapérangan wong saka kéné sing omongané nyebabké kowé dadi bingung, lan ngupaya ngrusak imanmu, padahal aku kabèh babar blas ora mènèhi petunjuk marang wong-wong kuwi, 25 aku kabèh setuju nggawé keputusan kanggo milih lan ngutus sedulur loro marang kowé, bareng karo Barnabas lan Paulus sing tak tresnani, 26 yaiku sedulur-sedulur sing wis masrahké uripé demi jenengé Gusti kita, Yésus Kristus. 27 Mula, aku kabèh ngutus Yudas lan Silas, supaya sedulur loro kuwi uga isa nyritakké langsung apa sing ditulis ing surat iki. 28 Merga roh suci wis mbantu aku kabèh nggawé kesimpulan supaya ora nambahi bebanmu, kejaba mung bab-bab sing penting iki: 29 terus nyingkira saka perkara-perkara sing dikurbanké marang brahala, saka getih, saka daging kéwan sing mati ditekak,* lan saka hubungan sèks sing ora sah.* Nèk kowé tenanan njaga awakmu saka perkara-perkara kuwi, kahananmu bakal apik. Muga-muga kowé terus séhat.”

30 Sedulur loro kuwi banjur lunga menyang Antiokhia, terus nglumpukké kabèh murid ing kana lan nyerahké surat kuwi. 31 Sakwisé maca surat kuwi, para murid dadi bungah merga nampa tembung-tembung sing nguwatké. 32 Banjur Yudas lan Silas, sing loro-loroné nabi, mbantu lan nguwatké sedulur-sedulur nganggo akèh tembung. 33 Sedulur loro kuwi manggon sawetara wektu ing kono, banjur para murid ngucapké sugeng tindak lan ndongakké supaya sedulur loro kuwi bali menyang Yérusalèm kanthi slamet. Sedulur loro kuwi bali marang para sedulur sing padha ngutus mau. 34 *—— 35 Nanging Paulus lan Barnabas tetep manggon ing Antiokhia. Bebarengan karo akèh sedulur liyané, sedulur loro kuwi mulang lan martakké kabar apik bab pangandikané Yéhuwah.

36 Sakwisé sawetara wektu, Paulus kandha marang Barnabas, ”Ayo awaké dhéwé bali lan marani manèh para sedulur ing saben kutha, sing wis kita kabari bab pangandikané Yéhuwah, kanggo ndelok piyé kahanané para sedulur kuwi.” 37 Barnabas péngin banget ngajak Yohanes, sing uga disebut Markus. 38 Nanging Paulus ora seneng nèk Markus dijak, merga Markus wis tau ninggalké sedulur loro kuwi ing Pamfilia lan ora mèlu nginjil bareng sedulur loro kuwi. 39 Banjur ana bebantahan sing sengit ing antarané sedulur loro kuwi, mula sedulur loro kuwi pisah. Barnabas ngajak Markus lan numpak kapal menyang Siprus. 40 Nanging Paulus milih Silas lan mangkat sakwisé sedulur-sedulur ndonga marang Yéhuwah supaya nduduhké welas asih sing nggumunké* marang Paulus. 41 Dhèwèké lunga menyang Siria lan Kilikia kanggo nguwatké jemaat-jemaat ing kana.

16 Paulus tekan ing Dèrbé lan Listra. Ing kono ana murid sing jenengé Timotius. Ibuné Timotius kuwi wong Yahudi sing percaya, nanging bapaké wong Yunani. 2 Sedulur-sedulur ing Listra lan Ikonium padha ngomong nèk Timotius kuwi wong sing apik. 3 Paulus kandha nèk dhèwèké péngin dikancani Timotius. Paulus banjur nggawa lan nyunat Timotius merga wong-wong Yahudi ing kabèh kutha kuwi ngerti nèk bapaké Timotius kuwi wong Yunani. 4 Karo njlajahi kutha-kutha kuwi, Paulus lan kanca-kancané martakké keputusané para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm marang sedulur-sedulur supaya ditindakké. 5 Banjur, jemaat-jemaat terus dadi saya kuwat imané lan saben dina jumlahé wong-wong sing percaya saya akèh ing jemaat-jemaat.

6 Sakliyané kuwi, Paulus lan kanca-kancané njlajahi Frigia lan dhaérah Galatia, merga wong-wong kuwi dilarang roh suci kanggo martakké pangandikané Gusti Allah ing Provinsi Asia. 7 Banjur sakwisé tekan ing Misia, wong-wong kuwi ngupaya lunga menyang Bitinia, nanging rohé Yésus* nglarang wong-wong kuwi mrana. 8 Mula wong-wong kuwi ngliwati* Misia, banjur tekan ing Troas. 9 Ing wengi kuwi, Paulus éntuk wahyu: Ana sawijiné wong lanang saka Makédonia ngadeg karo nyuwun, ”Lungaa menyang Makédonia lan tulungana aku kabèh.” 10 Sakwisé éntuk wahyu kuwi, aku kabèh langsung ngupaya lunga menyang Makédonia, merga aku kabèh nggawé kesimpulan nèk Gusti Allah wis ngundang aku kabèh kanggo martakké kabar apik marang wong-wong ing kana.

11 Mula saka Troas, aku kabèh langsung numpak kapal menyang Samotraké, lan ing dina sakbanjuré menyang Néapolis. 12 Lan saka kana, aku menyang Filipi, yaiku sawijiné kutha Romawi* sing penting ing dhaérah* Makédonia. Aku kabèh manggon ing kana kanggo sawetara dina. 13 Ing dina Sabat, aku kabèh lunga metu saka gerbang kutha menyang pinggir kali, merga aku kabèh mikir nèk ing kono ana panggonan kanggo ndonga. Aku kabèh lungguh lan mulai ngomong marang para wong wadon sing ngumpul ing kono. 14 Ana wong wadon saka Tiatira sing jenengé Lidia, sing mèlu ngrungokké. Dhèwèké kuwi bakul kain* ungu lan uga abdiné Gusti Allah, lan Yéhuwah mbantu dhèwèké* nggatèkké lan nampa apa sing diomongké Paulus. 15 Sakwisé dhèwèké lan keluargané dibaptis, dhèwèké nyuwun tenanan marang aku kabèh, ”Nèk panjenengan nganggep aku setya marang Yéhuwah, maraa lan nginepa ing omahku.” Dhèwèké terus-terusan nyuwun supaya aku kabèh teka.

16 Ing sawijiné dina, wektu aku kabèh arep lunga menyang panggonan kanggo ndonga, aku ketemu karo pembantu wadon sing kesurupan roh jahat. Dhèwèké isa ngramal urip mbésuk lan nganggo cara kuwi dhèwèké isa mènèhi para majikané keuntungan gedhé. 17 Pembantu wadon iki terus ngetutké Paulus lan aku kabèh, karo mbengok-mbengok, ”Wong-wong iki abdiné Gusti Allah Sing Mahaluhur lan lagi martakké carané kowé bakal dislametké.” 18 Dhèwèké terus nindakké kuwi nganti pirang-pirang dina. Akiré Paulus dadi jèngkèl lan kandha marang roh jahat kuwi, ”Nganggo jenengé Yésus Kristus, aku ngongkon kowé metua saka dhèwèké!” Ing wektu kuwi uga, roh jahat kuwi metu.

19 Wektu ngerti nèk ora isa éntuk keuntungan manèh saka pembantu wadon kuwi, para majikané nangkep Paulus lan Silas, banjur wong loro kuwi disèrèd menyang pasar marang para panguwasa. 20 Para majikan kuwi nggawa Paulus lan Silas marang para pejabat pengadilan, lan kandha, ”Wong-wong iki nggawé gègèr kuthané awaké dhéwé. Wong-wong iki wong Yahudi, 21 lan padha mulangké kebiasaan-kebiasaan sing ora éntuk awaké dhéwé tampa utawa tindakké, merga awaké dhéwé wong Romawi.” 22 Kumpulan wong ing kana uga padha nglawan Paulus lan Silas mau, banjur para pejabat pengadilan nyuwèk klambi njabané wong loro kuwi, uga mréntahké kanggo nggebugi wong loro kuwi nganggo tongkat. 23 Sakwisé digebugi ping bola-bali, wong loro kuwi dilebokké penjara, banjur penjaga penjara dipréntahké kanggo njaga tenanan wong loro kuwi. 24 Merga éntuk préntah kuwi, dhèwèké nglebokké Paulus lan Silas ing kamar penjara sing paling njero lan sikilé wong loro kuwi dipasung.*

25 Nanging kira-kira ing tengah wengi, Paulus lan Silas ndonga lan nyanyi lagu pamuji marang Gusti Allah, lan wong-wong liyané sing dipenjara uga padha ngrungokké. 26 Ujug-ujug ana gempa sing gedhé lan nggawé pondhasiné penjara kuwi goncang. Ing wektu kuwi uga, lawang-lawangé penjara padha menga lan ranténé saben wong sing dipenjara padha ucul. 27 Wektu penjaga penjara tangi lan ndelok lawang-lawangé penjara padha menga, dhèwèké ngetokké pedhangé lan arep bunuh dhiri, merga ngira nèk wong-wong sing dipenjara wis padha mlayu. 28 Nanging Paulus mbengok, ”Aja bunuh dhiri! Aku kabèh ana ing kéné!” 29 Mula penjaga penjara kuwi njaluk lampu lan mlayu mlebu ing njero. Dhèwèké ndredheg lan sujud ing ngarepé Paulus lan Silas. 30 Penjaga penjara banjur nggawa Paulus lan Silas metu, terus takon, ”Bapak-Bapak, apa sing kudu tak tindakké supaya isa dislametké?” 31 Paulus lan Silas njawab, ”Percayaa marang Gusti Yésus, supaya kowé lan keluargamu dislametké.” 32 Banjur Paulus lan Silas martakké pangandikané Yéhuwah marang penjaga penjara kuwi uga marang kabèh wong sing ana ing omahé. 33 Ing wengi kuwi uga, penjaga penjara mau nggawa Paulus lan Silas menyang sawijiné panggonan kanggo nambani tatu-tatuné. Banjur tanpa mbuwang-mbuwang wektu, penjaga penjara mau lan keluargané dibaptis. 34 Penjaga penjara kuwi banjur nggawa Paulus lan Silas menyang omahé, terus nyuguhké panganan kanggo wong-wong kuwi. Dhèwèké lan kabèh keluargané padha bungah merga saiki wis percaya marang Gusti Allah.

35 Ing dina sakbanjuré, para pejabat pengadilan ngutus sapérangan petugas kanggo kandha, ”Bébasna wong-wong kuwi.” 36 Mula penjaga penjara kuwi neruské omongan mau marang Paulus, ”Para pejabat pengadilan wis ngutus wong supaya kowé kabèh dibébaské. Mula saiki metua lan lungaa kanthi tentrem rahayu.” 37 Nanging Paulus kandha, ”Wong-wong kuwi wis nggebugi aku kabèh ing ngarepé wong akèh, tanpa diadili, padahal aku kabèh wong Romawi, banjur aku dilebokké penjara. Saiki, meneng-meneng wong-wong kuwi arep mbébaské aku? Ora isa! Wong-wong kuwi dhéwé sing kudu teka mréné lan ngeterké aku metu saka kéné.” 38 Mula para petugas mau banjur nglaporké bab kuwi marang para pejabat pengadilan. Wektu krungu nèk Paulus lan Silas kuwi wong Romawi, para pejabat kuwi dadi ngrasa wedi. 39 Dadi para pejabat kuwi banjur teka lan njaluk ngapura marang Paulus lan Silas. Lan sakwisé ngeterké metu, para pejabat kuwi njaluk supaya wong loro kuwi lunga saka kutha kuwi. 40 Nanging sakwisé metu saka penjara, Paulus lan Silas lunga menyang omahé Lidia. Wektu ketemu karo sedulur-sedulur, Paulus lan Silas nguwatké sedulur-sedulur kuwi, banjur mangkat.

17 Paulus lan Silas saiki lunga liwat Amfipolis lan Apolonia, banjur tekan ing Tésalonika. Ing kono, ana sinagogé* wong Yahudi. 2 Mula kaya kebiasaané Paulus, dhèwèké mlebu ing sinagogé lan nemoni wong-wong ing kono. Saksuwéné telung sabat, Paulus rembugan karo* wong-wong kuwi nganggo dhasar Kitab Suci, 3 nganggo cara nerangké lan mbuktèkké liwat ayat-ayat nèk Kristus pancèn kudu ngalami sengsara lan diuripké manèh saka antarané wong mati. Paulus kandha, ”Yésus, sing tak wartakké marang kowé, dhèwèké kuwi Kristus.” 4 Lan hasilé, sapérangan wong saka antarané wong-wong kuwi, uga akèh wong Yunani sing nyembah Gusti Allah, lan akèh wong wadon penting dadi percaya, lan nggabung karo Paulus lan Silas.

5 Nanging merga iri, wong-wong Yahudi nglumpukké wong-wong jahat sing seneng saba pasar tanpa tujuan, banjur nggawé grombolan kanggo nggègèrké kutha. Wong-wong kuwi nggrudug omahé Yason lan ngupaya supaya Paulus lan Silas digawa metu marang grombolan mau. 6 Wektu ora nemokké Paulus lan Silas, wong-wong kuwi nyèrèd Yason lan sapérangan sedulur kanggo digawa marang para panguwasa kutha. Wong-wong kuwi mbengok, ”Wong-wong sing wis nggawé gègèr* sak donya, saiki uga ana ing kéné, 7 lan Yason nampa wong-wong kuwi dadi tamuné. Kabèh wong iki nglawan hukumé Kaisar nganggo cara kandha nèk ana raja liya, yaiku Yésus.” 8 Wektu krungu bab iki, akèh wong lan para panguwasa kutha dadi padha kuwatir. 9 Nanging, Yason lan liyané dibébaské sakwisé mbayar dhuwit jaminan.

10 Ing wengi kuwi uga, sedulur-sedulur ngutus Paulus lan Silas menyang Béréa. Sakwisé tekan kana, Paulus lan Silas mlebu menyang sinagogé wong Yahudi. 11 Wong-wong ing Béréa luwih seneng sinau* ketimbang wong-wong ing Tésalonika, merga wong-wong Béréa nampa pangandikané Gusti Allah kanthi semangat banget. Wong-wong kuwi saben dina uga mriksa Kitab Suci kanthi tliti kanggo mastèkké apa sing diomongké Paulus kuwi pancèn bener. 12 Kuwi sebabé ing antarané wong-wong mau ana akèh wong sing dadi percaya. Sakliyané kuwi, uga ana akèh wong lanang lan wong wadon sing diajèni saka antarané wong-wong Yunani sing dadi percaya. 13 Nanging wektu wong-wong Yahudi ing Tésalonika ngerti nèk Paulus uga martakké pangandikané Gusti Allah ing Béréa, wong-wong kuwi banjur mara mrana kanggo ngojok-ojoki lan nggawé gègèr wong-wong ing kono. 14 Banjur sedulur-sedulur cepet-cepet ngongkon Paulus lunga menyang cedhak laut, nanging Silas lan Timotius tetep manggon ing Béréa. 15 Sedulur-sedulur sing ngancani Paulus nggawa Paulus nganti tekan Athéna. Sedulur-sedulur kuwi banjur lunga sakwisé dikandhani Paulus nèk Silas lan Timotius kudu cepet-cepet nemoni Paulus.

16 Wektu Paulus ngentèni Silas lan Timotius ing Athéna, atiné Paulus* dadi jèngkèl merga ndelok kutha kuwi kebak brahala. 17 Mula Paulus mulai tukar pikiran ing sinagogé, karo wong-wong Yahudi lan wong-wong liya sing nyembah Gusti Allah. Paulus uga nindakké kuwi saben dina ing pasar karo wong-wong sing ana ing kana. 18 Nanging sapérangan wong sing dadi pengikuté Èpikuros* lan Stoa* mulai bebantahan karo Paulus. Ana sing kandha, ”Apa ta sing arep diomongké tukang ngocèh iki?” Sing liyané kandha, ”Kétoké dhèwèké martakké bab déwa-déwa liya.” Wong-wong kuwi ngomong kaya ngono merga Paulus martakké kabar apik bab Yésus lan wong-wong mati sing diuripké manèh. 19 Mula wong-wong kuwi nggawa Paulus menyang Aréopagus* lan kandha, ”Coba kandhanana aku, wulangan anyar apa sing kok omongké kuwi? 20 Merga kowé ngomongké bab-bab sing durung tau tak rungokké, lan aku kabèh péngin ngerti apa tegesé.” 21 Pancèn, kabèh wong Athéna lan wong-wong asing sing manggon ing kana* seneng nggunakké wektu longgaré mung kanggo nyritakké utawa ngrungokké bab-bab sing anyar. 22 Paulus banjur ngadeg ing tengah-tengahé Aréopagus, lan kandha:

”Wong-wong Athéna, nèk tak gatèkké ing kabèh perkara, kétoké rasa wedimu marang para déwa luwih gedhé ketimbang wong-wong liyané. 23 Contoné, wektu aku mlaku-mlaku lan nggatèkké apa sing padha kok sembah, aku ndelok ana sawijiné mésbah sing tulisané ’Kanggo Allah sing Ora Dikenal’. Mula saiki aku bakal ngandhani kowé bab Allah iki, yaiku sing kok sembah nanging ora kok kenal. 24 Gusti Allah iki sing nggawé donya sak isiné, ya Panjenengané kuwi Gustiné langit lan bumi. Panjenengané ora manggon ing kuil-kuil gawéané manungsa. 25 Panjenengané uga ora perlu diladèni nganggo tangané manungsa, kaya-kaya Panjenengané mbutuhké apa-apa saka manungsa, merga Panjenengané sing maringi urip marang kabèh wong, uga napas, lan sakabèhé. 26 Saka wong siji, Panjenengané nggawé kabèh bangsa sing manggon ing saklumahing bumi, lan Panjenengané nemtokké wektu-wektu lan bates-bates panggonané manungsa, 27 supaya wong-wong kuwi nggolèki Gusti Allah. Nèk wong-wong kuwi ngupaya tenanan nggolèki Gusti Allah, wong-wong kuwi bakal nemokké Panjenengané. Sakjané Gusti Allah ora adoh saka kita. 28 Merga saka Panjenengané kuwi kita urip, obah, lan ana, kaya sing dikandhakké para penulismu dhéwé, sing kandha, ’Kita uga anak-anaké* Gusti Allah.’

29 ”Mula, merga kita anak-anaké* Gusti Allah, kuduné kita ora mikir nèk Gusti Allah kuwi kaya patung saka emas utawa pérak utawa watu, yaiku hasil seni sing dirancang manungsa. 30 Pancèn, mbiyèn Gusti Allah ngejarké wong-wong ora kenal Panjenengané. Nanging saiki, Panjenengané martakké marang kabèh wong ing ngendi-endi nèk wong-wong kuwi kudu mertobat, 31 merga Panjenengané wis nemtokké sawijiné dina kanggo ngadili donya kanthi adil liwat sawijiné wong sing wis dipilih. Panjenengané nguripké manèh wong kuwi saka antarané wong mati supaya dadi jaminan kanggo kabèh wong.”

32 Wektu wong-wong kuwi krungu bab wong mati sing diuripké manèh, ana sing mulai ngécé, nanging liyané ana sing kandha, ”Liya wektu manèh waé ya aku ngrungokké kowé bab iki.” 33 Mula Paulus ninggalké wong-wong kuwi, 34 nanging ana wong-wong sing nggabung karo Paulus lan dadi percaya. Ing antarané wong-wong kuwi ana salah siji hakim saka pengadilan Aréopagus sing jenengé Dionisius, uga wong wadon sing jenengé Damaris, lan wong-wong liyané.

18 Sakwisé kuwi Paulus mangkat saka Athéna menyang Korintus. 2 Lan ing kono Paulus ketemu karo wong lanang sing jenengé Akuila, yaiku wong Yahudi sing asalé saka Pontus, lan lagi waé teka saka Italia karo bojoné yaiku Priskila, merga Kaisar Klaudius mréntahké kabèh wong Yahudi ninggalké Roma. Mula Paulus nemoni wong loro kuwi, 3 lan merga nduwé ketrampilan sing padha, yaiku nggawé kémah, Paulus manggon ing omahé Akuila lan Priskila, lan kerja bareng wong loro kuwi. 4 Saben dina sabat, Paulus mènèhi ceramah* ing sinagogé* lan ngupaya ngyakinké wong-wong Yahudi lan Yunani.

5 Wektu Silas lan Timotius teka saka Makédonia, Paulus mulai nggunakké akèh wektuné kanggo martakké pangandikané Gusti Allah. Paulus mènèhi kesaksian marang wong Yahudi kanggo mbuktèkké nèk Yésus kuwi Kristus. 6 Nanging sakwisé wong-wong kuwi terus-terusan nentang lan ngécé Paulus, Paulus banjur ngebutké klambiné lan kandha, ”Kowé bakal nanggung getihmu dhéwé.* Aku resik saka getihmu. Wiwit saiki aku bakal lunga menyang bangsa-bangsa liya.” 7 Banjur Paulus lunga saka kono* lan mlebu ing omahé wong lanang sing jenengé Titius Yustus. Dhèwèké wong sing nyembah Gusti Allah lan omahé ana ing jèjèré sinagogé. 8 Nanging Krispus, yaiku ketua sinagogé kuwi, bareng karo kabèh keluargané, dadi percaya marang Gusti. Ana uga akèh wong ing Korintus sing krungu kabar apik, dadi percaya lan dibaptis. 9 Banjur, liwat wahyu ing wayah wengi, Gusti kandha marang Paulus, ”Aja wedi. Terusa ngomong lan aja meneng, 10 merga aku ndhukung kowé lan ora ana wong siji-sijia sing bakal nyerang kowé kanggo nyilakani kowé. Akèh wong ing kutha iki bakal percaya karo aku.” 11 Mula Paulus manggon ing kono nganti siji setengah taun lan mulangké pangandikané Gusti Allah marang wong-wong kuwi.

12 Wektu Galio dadi gubernur* Akhaya, wong-wong Yahudi padha nggabung dadi siji kanggo nglawan Paulus lan nggawa dhèwèké ing ngarepé kursi pengadilan. 13 Wong-wong kuwi kandha, ”Wong iki ngojok-ojoki wong-wong kanggo ngibadah marang Gusti Allah nganggo cara sing ora cocog karo Hukum.” 14 Nanging wektu Paulus arep ngomong, Galio kandha marang wong-wong Yahudi, ”Nèk pancèn iki tumindak salah utawa kejahatan sing sérius, aku kudu sabar ngrungokké kowé. 15 Nanging nèk iki mung udur-uduran bab tembung-tembung, jeneng, utawa hukummu dhéwé, ya kowé dhéwé sing kudu ngrampungké kuwi. Aku ora bakal dadi hakim kanggo perkara-perkara kaya ngono.” 16 Galio banjur ngongkon wong-wong kuwi lunga saka kursi pengadilan mau. 17 Mula kabèh wong kuwi nangkep Sostenes, yaiku ketua sinagogé, lan padha nggebugi dhèwèké ing ngarepé kursi pengadilan. Nanging Galio babar blas ora gelem mèlu-mèlu.

18 Sakwisé manggon ing kana sawetara dina manèh, Paulus pamit marang sedulur-sedulur banjur numpak kapal menyang Siria, bareng karo Priskila lan Akuila. Paulus nyukur cendhak rambuté ing Kènkhréa, merga dhèwèké wis janji marang Gusti Allah. 19 Wektu Paulus, Priskila, lan Akuila tekan ing Éfésus, Paulus ninggalké Priskila lan Akuila ing kana. Paulus banjur mlebu ing sinagogé lan rembugan* karo wong-wong Yahudi. 20 Wong-wong Yahudi terus-terusan njaluk supaya Paulus manggon luwih suwé, nanging Paulus ora gelem. 21 Dhèwèké pamit lan kandha, ”Aku bakal bali manèh marang kowé, nèk Yéhuwah ngersakké.” Banjur Paulus numpak kapal saka Éfésus 22 lan tekan ing Kaisaréa. Sakwisé kuwi, dhèwèké lunga menyang Yérusalèm lan mampir ing jemaat sing ana ing kana, banjur lunga menyang Antiokhia.

23 Sakwisé manggon sedhéla ing kana, Paulus banjur mangkat lan lunga menyang kutha-kutha ing Galatia lan Frigia kanggo nguwatké kabèh murid.

24 Wektu kuwi, ana wong Yahudi sing jenengé Apolos, asalé saka Alèksandria, dhèwèké teka ing Éfésus. Apolos kuwi wong sing trampil ngomong lan ngerti akèh bab Kitab Suci. 25 Dhèwèké wis diwulang* bab dalané Yéhuwah, lan nganggo semangat sing mulad-mulad merga roh suci, dhèwèké ngomong lan mulang bab Yésus kanthi pas. Nanging dhèwèké mung ngerti bab baptisan Yohanes. 26 Apolos mulai ngomong kanthi kendel ing sinagogé. Wektu Priskila lan Akuila krungu dhèwèké, wong loro kuwi ngundang Apolos lan mènèhi katrangan sing luwih pas bab dalané Gusti Allah. 27 Merga Apolos péngin lunga menyang Akhaya, sedulur-sedulur nulis surat marang para murid ing kana supaya padha nampa Apolos kanthi apik. Wektu wis tekan ing kana, Apolos akèh mbantu wong-wong sing wis dadi percaya merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.* 28 Ing ngarepé wong akèh lan kanthi semangat sing gedhé, dhèwèké mbuktèkké kanthi cetha nèk piwulangé wong Yahudi kuwi salah. Apolos nduduhké saka Kitab Suci nèk Yésus kuwi Kristus.

19 Wektu Apolos ana ing Korintus, Paulus njlajahi dhaérah-dhaérah ing Provinsi Asia sing adoh saka laut, lan akiré tekan ing Éfésus. Ing kana, Paulus ketemu karo sapérangan murid, 2 lan takon, ”Apa kowé nampa roh suci wektu kowé dadi wong percaya?” Murid-murid kuwi njawab, ”Aku kabèh ora tau krungu nèk ana roh suci.” 3 Mula Paulus takon, ”Nèk ngono, kowé dibaptis nganggo baptisan apa?” Murid-murid kuwi njawab, ”Nganggo baptisan Yohanes.” 4 Paulus kandha, ”Yohanes mbaptis nganggo baptisan sing dadi lambang pertobatan. Yohanes uga ngandhani wong-wong supaya percaya marang wong sing teka sakwisé dhèwèké, yaiku Yésus.” 5 Wektu krungu bab kuwi, murid-murid banjur dibaptis nganggo jenengé Gusti Yésus. 6 Wektu Paulus numpangké tangané ing ndhuwur sirahé murid-murid kuwi, murid-murid kuwi nampa roh suci lan mulai ngomong nganggo basa-basa liya uga mènèhi ramalan. 7 Murid-murid kuwi cacahé kira-kira 12 wong lanang.

8 Saksuwéné telung sasi, Paulus mlebu ing sinagogé* lan ngomong kanthi kendel, karo mènèhi ceramah lan ngupaya mbuktèkké marang* wong-wong bab Kratoné Allah. 9 Nanging wektu ana wong-wong sing ngèyèl lan ora gelem percaya uga ngèlèk-èlèk Dalané Gusti* ing ngarepé wong akèh, Paulus lunga lan misahké murid-murid saka wong-wong kuwi. Saben dina, Paulus mènèhi ceramah ing ruang pertemuan sekolahan Tiranus. 10 Dhèwèké nindakké kuwi rong taun suwéné, mula kabèh penduduk Provinsi Asia, klebu wong Yahudi lan wong Yunani, padha krungu pangandikané Gusti.*

11 Gusti Allah terus nduduhké tumindaké sing kebak kuwasa lan nggumunké liwat Paulus, 12 nganti kacu lan klambi* sing tau dienggo Paulus digawa marang wong-wong lara, lan wong-wong lara mau banjur mari lan roh-roh jahat padha metu saka wong-wong lara mau. 13 Nanging, sawetara wong Yahudi sing mlaku mrana-mréné kanggo ngusir roh jahat uga nyoba nggunakké jenengé Gusti Yésus kanggo wong sing kesurupan roh jahat. Wong-wong kuwi kandha, ”Nganggo jenengé Yésus sing diwartakké Paulus, aku ngongkon kowé metu.” 14 Ana imam kepala Yahudi sing jenengé Skéwa. Dhèwèké nduwé anak lanang pitu sing uga nindakké kaya ngono. 15 Nanging roh jahat kuwi kandha, ”Aku kenal Yésus, lan aku uga ngerti Paulus, nanging kowé kuwi sapa?” 16 Ing wektu kuwi uga, wong sing kesurupan mau nubruk lan ngalahké kabèh wong kuwi, mula wong-wong kuwi mlayu saka omah kuwi karo wuda* lan babak bundhas. 17 Kabèh wong Yahudi lan Yunani sing manggon ing Éfésus padha ngerti kedadéan iki, banjur padha wedi, lan jenengé Gusti Yésus saya diluhurké. 18 Akèh wong sing wis dadi wong percaya banjur padha teka kanggo ngakoni lan nglaporké ing ngarepé wong akèh kabèh tumindak ala sing tau dilakoni. 19 Malah, akèh wong sing mbiyèn nggunakké ilmu gaib padha nglumpukké buku-bukuné lan ngobong buku-buku kuwi ing ngarepé wong akèh. Sakwisé diétung, regané buku-buku kuwi jebulé 50.000 dhuwit pérak. 20 Mula nganggo cara sing nggumunké, pangandikané Yéhuwah saya nyebar lan saya gedhé kuwasané.

21 Sakwisé kabèh kedadéan kuwi, Paulus mutuské nèk sakwisé lunga menyang Makédonia lan Akhaya, dhèwèké bakal lunga menyang Yérusalèm. Paulus kandha, ”Saka kana, aku ya kudu lunga menyang Roma.” 22 Mula Paulus ngutus wong loro sing biasa ngladèni dhèwèké, yaiku Timotius lan Érastus menyang Makédonia, nanging Paulus dhéwé tetep manggon sawetara wektu ing Provinsi Asia.

23 Wektu kuwi, ana gègèran gedhé sing ana hubungané karo Dalané Gusti.* 24 Ana sawijiné wong lanang sing jenengé Démétrius, dhèwèké kuwi tukang pérak sing nggawé kuil-kuilan Artèmis, lan kuwi ngasilké keuntungan sing gedhé kanggo para perajin. 25 Dhèwèké nglumpukké wong-wong kuwi lan tukang-tukang pérak liyané, banjur kandha, ”Kanca-kanca, kowé kabèh padha ngerti ta nèk awaké dhéwé makmur merga gawéan iki? 26 Nanging, saiki kowé kabèh wis ndelok lan krungu dhéwé, nèk ora mung ing Éfésus, nanging uga ing mèh kabèh Provinsi Asia, Paulus kuwi ngojok-ojoki wong akèh. Lan wong akèh mau padha percaya karo omongané nèk allah sing digawé nganggo tangan kuwi saktenané dudu allah. 27 Bab kuwi mbebayani, merga wong-wong bakal ngèlèk-èlèk gawéané awaké dhéwé. Sakliyané kuwi, kuilé Dèwi Artèmis sing agung ora bakal diajèni manèh, lan dèwi sing disembah wong-wong ing kabèh Provinsi Asia lan ing saklumahing bumi dadi ora diluhurké manèh.” 28 Wektu krungu bab kuwi, wong-wong dadi padha nesu banget. Wong-wong kuwi padha mbengok-mbengok, ”Diluhurké Artèmis, dèwiné wong Éfésus!”

29 Sak kutha dadi gègèr. Lan kabèh wong kuwi nggrudug mlebu ing stadion, karo nggawa kanthi peksa Gayus lan Aristarkhus, yaiku wong-wong Makédonia sing ngancani Paulus. 30 Sakjané Paulus péngin mlebu nemoni wong-wong kuwi, nanging murid-murid nglarang dhèwèké. 31 Malah, sapérangan wong sing nduwé tanggung jawab kanggo ngurus riyaya lan pertandingan, sing uga kekancan karo Paulus, ngirim pesen sing isiné njaluk supaya Paulus aja mlebu ing stadion, supaya ora cilaka. 32 Ing kono, kahanané kisruh banget, ana wong-wong sing mbengok ngéné lan wong liyané padha mbengok ngono, lan akèh-akèhé wong ora ngerti alesané ngapa wong-wong kuwi teka ing kono. 33 Mula sapérangan wong saka antarané wong akèh kuwi ngongkon Alèksander ngomong, merga dhèwèké sing disurung-surung wong Yahudi kanggo maju. Banjur Alèksander mènèhi tandha nganggo tangané lan arep mènèhi katrangan marang wong-wong mau. 34 Nanging wektu wong-wong kuwi nitèni nèk Alèksander kuwi wong Yahudi, kabèh wong kuwi padha mbengok-mbengok bebarengan nganti kira-kira rong jam, ”Diluhurké Artèmis, dèwiné wong Éfésus!”

35 Akiré, wali kota nggawé wong-wong dadi tenang, banjur kandha, ”Wong-wong Éfésus, kabèh wong padha ngerti ta nèk Éfésus kuwi kutha sing njaga kuilé Artèmis sing agung uga patungé sing mudhun saka langit? 36 Merga kuwi bab sing ora isa dibantah, mula luwih becik kowé kabèh tetep tenang lan ora grusa-grusu. 37 Wong-wong sing kok gawa mréné iki ora ngrampok kuil utawa ngrèmèhké dèwiné kita. 38 Mula, nèk Démétrius lan para perajin nduwé masalah karo wong, ana pengadilan sing isa ngatasi kuwi, lan ing kana ana para gubernur.* Ing kono, wong-wong kuwi isa nuntut siji lan sijiné. 39 Nanging nèk ana bab liyané sing kok karepké, kuwi kudu diputuské ing pengadilan sing sah. 40 Kedadéan ing dina iki mbebayani banget kanggo kita. Kita isa ditudhuh nyebabké pembrontakan merga kita ora nduwé alesan kanggo nduduhké apa sebabé kumpulan wong-wong iki padha kisruh ora karuwan.” 41 Sakwisé ngomongké bab-bab kuwi, dhèwèké mbubarké wong-wong kuwi.

20 Sakwisé gègèran kuwi wis lerem, Paulus nyeluk murid-murid lan nguwatké para murid kuwi, banjur pamit lan neruské perjalanané menyang Makédonia. 2 Sakwisé lunga liwat Makédonia* lan mènèhi akèh tembung sing nguwatké para murid ing kana, Paulus tekan ing Yunani. 3 Paulus manggon ing kana suwéné telung sasi. Nanging wektu arep numpak kapal menyang Siria, Paulus ngerti nèk wong-wong Yahudi nggawé rencana jahat kanggo matèni dhèwèké, mula Paulus mutuské kanggo bali liwat Makédonia. 4 Paulus dikancani Sopater anaké Pirus saka Béréa, Aristarkhus lan Sekundus saka Tésalonika, Gayus saka Dèrbé, Timotius, lan Tikhikus uga Trofimus saka Provinsi Asia. 5 Wong-wong iki padha lunga ndhisiki aku kabèh, lan ngentèni ing Troas. 6 Nanging sakwisé Riyaya Roti Tanpa Ragi, aku kabèh numpak kapal saka Filipi, lan sakwisé limang dina, aku kabèh nemoni wong-wong kuwi ing Troas, banjur manggon ing kana suwéné pitung dina.

7 Ing dina kapisan minggu kuwi, wektu aku kabèh lagi ngumpul kanggo mangan bareng, Paulus mulai mènèhi akèh naséhat marang wong-wong sing padha ngumpul, merga ing dina sakbanjuré Paulus arep mangkat. Paulus ngomong suwé banget nganti tengah wengi. 8 Ing kamar ndhuwur, panggonan sing tak enggo ngumpul, ana akèh lampu. 9 Ana cah lanang enom sing jenengé Éutikhus. Dhèwèké lungguh ing jendhéla, lan pas Paulus isih ngomong, dhèwèké keturon nganti angler banget terus tiba saka lantai telu. Wektu diangkat, dhèwèké wis mati. 10 Paulus banjur mudhun, ngrungkebi cah lanang mau, lan ngekep dhèwèké, banjur kandha, ”Aja kuwatir manèh, dhèwèké urip.”* 11 Sakwisé kuwi Paulus munggah manèh, banjur nyuwil-nyuwil roti lan mangan. Dhèwèké neruské manèh omongané rada suwé, nganti ésuk, banjur mangkat. 12 Wong-wong banjur padha nggawa cah lanang mau mulih lan padha kelipur banget merga cah lanang kuwi urip manèh.

13 Aku kabèh banjur numpak kapal lan ndhisiki Paulus lunga menyang Asos, merga Paulus péngin mlaku waé menyang Asos. Lan padha kaya arahané, aku kabèh bakal njemput Paulus ing kana kanggo numpak kapal. 14 Sakwisé Paulus ketemu karo aku kabèh ing Asos, aku kabèh banjur ngejak dhèwèké numpak kapal lan lunga menyang Mitiléné. 15 Ing dina sakbanjuré, aku kabèh numpak kapal saka kana lan tekan ing sebrangé Pulau Khios. Nanging sésuké aku mandheg sedhéla ing Samos, lan ing dina sakbanjuré aku kabèh tekan ing Milétus. 16 Paulus mutuské kanggo numpak kapal lan ora mampir ing kutha Éfésus, supaya ora kesuwèn ing Provinsi Asia, merga nèk isa, dhèwèké péngin ndang tekan Yérusalèm pas dina Riyaya Péntakosta.

17 Nanging, saka Milétus, Paulus ngirim pesen menyang Éfésus, lan ngundang para pinituwa ing jemaat kuwi. 18 Wektu para pinituwa kuwi teka, Paulus kandha, ”Kowé kabèh wis padha ngerti dhéwé kaya apa uripku ing antaramu wiwit dina kapisan tekaku ing Provinsi Asia iki, 19 yaiku bab piyé aku ngladèni Gusti* kaya budhak kanthi bener-bener andhap asor. Aku uga ngetokké luh lan ngrasakké sengsara wektu wong-wong Yahudi ngupaya matèni aku. 20 Aku ora ragu-ragu kanggo ngandhani kabèh bab sing migunani* marang kowé, utawa mulang kowé kabèh ing ngarepé wong akèh lan saka omah menyang omah. 21 Aku uga mènèhi kesaksian kanthi tliti marang wong-wong Yahudi lan Yunani bab pertobatan marang Gusti Allah, lan iman marang Gusti kita, Yésus. 22 Nanging saiki gatèkna, merga dituntun* roh suci, aku kudu lunga menyang Yérusalèm, senajan aku dhéwé ora ngerti apa sing bakal tak alami ing kana. 23 Aku mung ngerti nèk ing saben kutha, roh suci bola-bali ngandhani aku nèk aku bakal dipenjara lan ngalami kasangsaran. 24 Senajan ngono, aku ora nganggep nyawaku* penting* kanggo aku. Sing luwih penting yaiku aku isa mlayu nganti tekan garis akir, lan ngrampungké tugas sing tak tampa saka Gusti Yésus, yaiku kanggo mènèhi kesaksian kanthi tliti bab kabar apik bab welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.*

25 ”Lan saiki aku ngerti, nèk ora ana siji-sijia ing antaramu sing wis tak wènèhi warta bab Kratoné Gusti Allah, sing bakal ndelok aku manèh. 26 Mula ing dina iki, aku ngundang kowé kanggo dadi seksi nèk aku resik saka getihé kabèh wong,* 27 merga aku martakké kabèh kersané Gusti Allah marang kowé tanpa ana sing tak tutup-tutupi. 28 Gatèkna awakmu dhéwé lan kabèh jemaat, merga kowé wis dilantik roh suci dadi pengawas, kanggo angon jemaaté Gusti Allah, sing wis dituku Panjenengané nganggo getihé Putrané dhéwé. 29 Aku ngerti nèk sakwisé aku lunga, serigala-serigala sing galak bakal mlebu ing antaramu. Wong-wong kuwi ora bakal tumindak welas asih marang jemaat. 30 Lan saka ing antaramu dhéwé bakal ana wong-wong sing mulangké piwulang sing ora bener sing ngedohké murid-murid supaya padha mèlu wong-wong kuwi.

31 ”Mula tetepa jaga-jaga, lan élinga nèk saksuwéné telung taun, awan lan bengi, aku ora tau mandheg mènèhi naséhat marang saben wong ing antaramu, karo mbrebes mili. 32 Lan saiki aku mercayakké kowé marang Gusti Allah lan marang pangandika bab welas asihé sing nggumunké,* yaiku pangandika sing isa nguwatké kowé lan nggawé kowé éntuk warisan bareng karo para wong suci. 33 Aku ora tau ngarep-arep pérak, emas, lan klambiné sapa waé. 34 Kowé ngerti dhéwé nèk aku nyambut gawé nganggo tanganku kanggo nyedhiakké kebutuhanku lan kebutuhané wong-wong sing ngancani aku. 35 Ing kabèh perkara, aku wis nduduhké marang kowé nèk kanthi nyambut gawé mempeng kaya ngéné, kowé kudu mbantu wong sing mbutuhké lan kudu terus ngéling-éling omongané Gusti Yésus, yaiku, ’Luwih bungah mènèhi ketimbang nampani.’”

36 Sakwisé ngomongké bab-bab kuwi, Paulus banjur jèngkèng bareng karo para sedulur lan ndonga. 37 Kabèh sedulur kuwi banjur padha nangis sesenggukan karo ngekep Paulus* lan ngambungi dhèwèké. 38 Para sedulur kuwi padha sedhih banget, utamané merga Paulus kandha nèk para sedulur kuwi ora bakal ndelok Paulus manèh. Banjur wong-wong kuwi ngeterké Paulus tekan ing kapal.

21 Aku kabèh akiré ninggalké para sedulur kuwi kanthi rasa sedhih banget, sakwisé kuwi banjur numpak kapal langsung menyang Kos. Lan ing dina sakbanjuré menyang Rodès, lan saka kono banjur menyang Patara. 2 Wektu ngerti ana kapal sing arep nyabrang menyang Fénisia, aku kabèh banjur numpak kapal kuwi lan mangkat. 3 Sakwisé kuwi, ing sisih kiwa kétok Pulau Siprus, nanging aku kabèh mung ngliwati waé. Kapalé terus mlaku menyang Siria lan mandheg ing Tirus, yaiku ing panggonan kapal kuwi arep ngedhunké barang. 4 Aku kabèh nggolèki murid-murid lan akiré ketemu, banjur manggon ing kana suwéné pitung dina. Nanging liwat tuntunan roh suci, para murid bola-bali ngandhani Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm. 5 Banjur sakwisé tekan wektuné, aku kabèh mangkat lan neruské perjalanan, nanging murid-murid kuwi, bareng karo wong-wong wadon lan bocah-bocah, padha ngeterké aku kabèh nganti tekan njaba kutha. Lan karo jèngkèng ing pantai, aku kabèh ndonga 6 banjur padha pamitan. Sakwisé kuwi, aku kabèh munggah menyang kapal lan wong-wong kuwi padha mulih.

7 Aku kabèh numpak kapal ninggalké Tirus lan tekan ing Ptolémais. Ing kono, aku kabèh ngucapké salam marang sedulur-sedulur lan manggon bareng karo sedulur-sedulur kuwi suwéné sedina. 8 Ing dina sakbanjuré, aku kabèh mangkat manèh lan tekan ing Kaisaréa. Ing kana, aku kabèh mlebu ing omahé penginjil sing jenengé Filipus, yaiku salah siji saka antarané wong pitu kuwi,* lan aku kabèh manggon karo dhèwèké. 9 Filipus nduwé anak wadon papat sing isih prawan, sing isa mènèhi ramalan. 10 Sakwisé aku kabèh manggon ing kana kanggo sawetara dina, ana nabi sing jenengé Agabus teka saka Yudéa. 11 Dhèwèké marani aku kabèh lan njupuk sabuké Paulus. Sabuk mau dienggo nalèni sikil lan tangané dhéwé, banjur dhèwèké kandha, ”Iki sing diomongké liwat roh suci, ’Wong sing nduwé sabuk iki bakal ditalèni kaya ngéné karo wong-wong Yahudi ing Yérusalèm, lan dhèwèké bakal diserahké marang tangané wong-wong saka bangsa liya.’” 12 Wektu krungu kuwi, aku kabèh lan wong-wong sing ana ing kono padha njaluk kanthi tenanan marang Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm. 13 Paulus banjur njawab, ”Ngapa kowé padha nangis lan ngupaya nggawé susah atiku?* Percayaa, aku wis siap ora mung kanggo ditalèni, nanging uga kanggo mati ing Yérusalèm demi jenengé Gusti Yésus.” 14 Nanging merga Paulus ora isa dipenggak, mula aku kabèh ora meksa dhèwèké manèh, banjur aku kabèh kandha, ”Muga-muga kersané Yéhuwah kelakon.”

15 Sakwisé pirang-pirang dina ana ing kana, aku kabèh siap-siap kanggo neruské perjalanan lan mangkat menyang Yérusalèm. 16 Ana murid-murid saka Kaisaréa sing uga mèlu, lan ngeterké aku kabèh marang Mnason sing asalé saka Siprus, sing wis suwé dadi murid. Aku kabèh arep nginep ing omahé. 17 Wektu aku kabèh tekan ing Yérusalèm, sedulur-sedulur nampa aku kabèh kanthi bungah. 18 Ing dina sakbanjuré, Paulus lunga bareng aku kabèh nemoni Yakobus, lan kabèh pinituwa ana ing kana. 19 Lan sakwisé ngucapké salam marang para sedulur kuwi, Paulus ngandhani kabèh sedulur kuwi kanthi rinci bab perkara-perkara sing wis ditindakké Gusti Allah liwat gawéan nginjilé.

20 Wektu krungu kuwi, para sedulur mulai ngluhurké Gusti Allah lan kandha marang Paulus, ”Sedulurku, coba deloken, ana éwonan wong Yahudi sing dadi percaya, lan kabèh padha semangat nindakké hukum Taurat. 21 Nanging wong-wong kuwi padha krungu kabar, nèk kowé mulang kabèh wong Yahudi ing antarané bangsa-bangsa supaya ninggalké Hukum Musa. Kowé nglarang wong-wong kuwi nyunat anak-anaké utawa nglarang nindakké tradhisiné wong Yahudi. 22 Terus, apa sing kudu kita tindakké? Wong-wong kuwi mesthi bakal krungu nèk kowé wis tekan kéné. 23 Mula tindakna apa sing tak omongké iki: Ing kéné, ana wong papat sing wis nggawé janji marang Gusti Allah. 24 Gawanen wong-wong kuwi bareng kowé, lan tindakna upacara nyucèkké badan bareng wong-wong kuwi, lan bayarana kabèh ragad sing ditokké wong-wong kuwi, supaya wong-wong kuwi isa nyukur rambuté. Banjur kabèh wong bakal ngerti nèk kabar bab kowé kuwi ora bener, merga tumindakmu apik lan kowé nindakké hukum Taurat. 25 Kanggo kabèh wong saka bangsa liya sing dadi percaya, awaké dhéwé wis ngirim surat bab keputusané awaké dhéwé, yaiku nèk wong-wong kuwi kudu nyingkir saka perkara-perkara sing dikurbanké marang brahala, saka getih, saka daging kéwan sing mati ditekak,* lan saka hubungan sèks sing ora sah.”*

26 Mula ing dina sakbanjuré, Paulus nggawa wong papat mau lan nindakké upacara nyucèkké badan bareng wong-wong kuwi. Paulus banjur mlebu menyang bait kanggo ngandhani kapan upacara nyucèkké badan sing suwéné pitung dina kuwi bakal rampung, supaya ing dina kuwi imam isa mènèhké kurban kanggo saben wong kuwi.

27 Wektu pitung dina upacara kuwi wis arep rampung, wong-wong Yahudi saka Provinsi Asia weruh Paulus ana ing bait. Wong-wong kuwi ngojok-ojoki wong akèh lan nangkep Paulus. 28 Wong-wong kuwi padha mbengok, ”Wong-wong Israèl, éwangana aku! Iki wong sing wis mulang saben wong ing ngendi-endi kanggo nglawan bangsa kita lan hukum Taurat kita, lan panggonan suci iki. Malah dhèwèké nggawa wong Yunani mlebu ing bait lan nggawé najis panggonan suci iki.” 29 Wong-wong kuwi kandha kaya ngono merga tau ndelok Trofimus wong Éfésus mlaku karo Paulus ing kutha, lan ngira nèk Paulus nggawa Trofimus menyang njero bait. 30 Wong-wong sak kutha dadi gègèr, banjur padha gumrudug menyang bait lan nangkep Paulus. Wong-wong kuwi nyèrèd Paulus metu saka bait lan langsung nutup lawang-lawangé. 31 Wektu wong-wong kuwi padha ngupaya matèni Paulus, salah siji komandan militèr éntuk laporan nèk wong-wong sak Yérusalèm padha gègèr, 32 mula dhèwèké cepet-cepet nggawa para prajurité lan para perwirané lan mlayu mrana. Wektu weruh komandan militèr lan para prajurit kuwi, wong-wong kuwi mandheg nggebugi Paulus.

33 Banjur komandan kuwi mara nyedhak lan ngongkon supaya Paulus ditangkep lan dibanda* nganggo ranté loro. Banjur dhèwèké takon karo wong-wong sing ana ing kono sapa sakjané wong kuwi lan apa sing wis ditindakké wong kuwi. 34 Nanging ana wong-wong sing mbengok ngéné, lan wong liyané mbengok ngono. Merga kahanané kisruh banget, komandan kuwi ora isa ngerti sing saktenané. Mula dhèwèké ngongkon supaya Paulus digawa menyang markas prajurit. 35 Nanging wektu lagi tekan undhak-undhakan, Paulus kudu dicekeli karo para prajurit merga wong akèh padha péngin nggebugi Paulus. 36 Wong-wong terus ngetutké karo mbengok-mbengok, ”Patènana wong kuwi!”

37 Wektu arep digawa mlebu menyang markas prajurit, Paulus kandha marang komandan militèr kuwi, ”Apa aku olèh ngomong marang panjenengan?” Komandan militèr kuwi kandha, ”Kowé kok isa basa Yunani? 38 Kowé kan wong Mesir sing durung suwé iki ngojok-ojoki wong kanggo mbrontak lan mimpin 4.000 wong sing nggawa senjata* lunga menyang padhang belantara?” 39 Banjur Paulus njawab, ”Aku iki sakjané wong Yahudi, saka kutha Tarsus ing Kilikia, warga saka kutha sing penting. Mula aku njaluk marang panjenengan supaya ngijinké aku ngomong marang wong-wong kuwi.” 40 Sakwisé diijinké, Paulus ngadeg ing undhak-undhakan lan mènèhi tandha nganggo tangané supaya wong-wong kuwi padha meneng. Sakwisé kabèh wong kuwi padha meneng, Paulus ngomong marang wong-wong kuwi nganggo basa Ibrani. Dhèwèké kandha,

22 ”Sedulur-sedulur lan bapak-bapak, rungokna pembélaanku iki.” 2 Wektu krungu Paulus ngomong nganggo basa Ibrani, wong-wong kuwi saya meneng. Paulus banjur kandha, 3 ”Aku iki wong Yahudi, lair ing Tarsus ing Kilikia, nanging aku nampa pendidikan ing kutha iki lan diwulang Gamalièl. Aku diwulang kanggo manut kabèh aturan sing rinci ing Hukum Taurat sing ditindakké para leluhur, lan aku nduwé semangat kanggo Gusti Allah kaya kowé kabèh ing dina iki. 4 Mbiyèn, aku nganiaya pengikuté Dalané Gusti* nganti matèni wong-wong kuwi. Aku mbanda* lan nglebokké wong-wong lanang lan wong-wong wadon ing penjara. 5 Imam agung lan kabèh pemimpin kuwi seksiné. Saka wong-wong kuwi uga aku éntuk surat-surat kanggo sedulur-sedulur kita ing Damaskus, lan wektu kuwi aku lagi ing perjalanan kanggo mbanda lan nggawa wong-wong sing ana ing Damaskus menyang Yérusalèm kanggo dihukum.

6 ”Nanging wektu aku isih ana ing dalan lan wis cedhak Damaskus, kira-kira pas awan, ujug-ujug ana cahya padhang saka langit sing sumunar ing sakiwa-tengenku, 7 banjur aku tiba ing lemah lan krungu swara sing kandha marang aku, ’Saul, Saul, ngapa kowé nganiaya aku?’ 8 Aku njawab, ’Panjenengan sapa, Pak?’ Lan dhèwèké njawab, ’Aku Yésus, wong Nazarèt, sing kok aniaya.’ 9 Wong-wong sing bareng karo aku uga ndelok cahya kuwi, nanging wong-wong kuwi padha ora krungu swara sing ngomong karo aku. 10 Banjur aku takon, ’Apa sing kudu tak tindakké, Pak?’ Gusti njawab, ’Ngadega lan mlebua ing kutha Damaskus. Ing kana, kowé bakal dikandhani bab kabèh sing wis ditemtokké kanggo kok tindakké.’ 11 Nanging, merga cahya sing padhang banget kuwi, aku dadi ora isa ndelok apa-apa. Aku isa tekan Damaskus merga dituntun karo wong-wong sing bareng aku.

12 ”Banjur ana wong lanang sing jenengé Ananias, dhèwèké kuwi wong sing salèh lan manut hukum Taurat. Kabèh wong Yahudi ing kana padha ngomong nèk dhèwèké kuwi wong apik. 13 Ananias marani aku. Dhèwèké ngadeg ing sisihku lan kandha, ’Saul, sedulurku, melèka lan ndeloka manèh!’ Ing wektu kuwi uga, mripatku mari lan aku isa ndelok dhèwèké. 14 Ananias kandha, ’Gusti Allahé para leluhur kita wis milih kowé kanggo ngerti kersané, lan kanggo ndelok wong sing bener kuwi lan ngrungokké swarané, 15 merga kowé bakal dadi seksiné Yésus kanggo martakké marang kabèh wong bab perkara-perkara sing kok delok lan kok rungokké. 16 Dadi, apa manèh sing kok entèni? Ngadega, ndang baptisa, lan resikana awakmu saka dosa-dosamu kanthi cara nyebut jenengé.’

17 ”Nanging wektu aku wis bali menyang Yérusalèm lan lagi ndonga ing bait, aku éntuk wahyu. 18 Aku ndelok Gusti kandha marang aku, ’Cepet metua saka Yérusalèm, merga wong-wong kuwi ora bakal nampa kesaksianmu bab aku.’ 19 Banjur aku kandha, ’Gusti, wong-wong kuwi dhéwé padha ngerti tenan nèk aku mbiyèn marani sinagogé-sinagogé* kanggo nggebugi lan nglebokké ing penjara wong-wong sing percaya marang panjenengan. 20 Lan wektu wong-wong kuwi matèni seksimu, yaiku Stéfanus, aku ana ing kana, lan aku uga setuju karo apa sing ditindakké wong-wong kuwi lan aku njaga klambi njabané wong-wong sing matèni kuwi.’ 21 Nanging Gusti kandha, ’Lungaa, merga aku bakal ngutus kowé marang bangsa-bangsa sing adoh.’”

22 Nganti tekan semono, wong-wong akèh mau isih padha terus ngrungokké omongané Paulus. Banjur wong-wong kuwi padha mbengok, ”Wong kaya ngono kuwi dipatèni waé! Dhèwèké ora pantes urip!” 23 Merga wong akèh mau padha bengok-bengok, nguncalké klambi njabané, lan nyawur-nyawurké lebu mendhuwur, 24 komandan kuwi banjur ngongkon supaya Paulus digawa ing njero markas prajurit, lan ditakon-takoni karo dipecuti, supaya komandan kuwi ngerti tenan apa sebabé akèh wong kuwi padha mbengok-mbengok péngin Paulus dipatèni. 25 Nanging wektu Paulus ditalèni lan arep dipecuti, Paulus kandha marang perwira sing ngadeg ing kono, ”Apa miturut hukum kowé éntuk mecuti wong Romawi* sing durung diadili?”* 26 Wektu krungu kuwi, perwira kuwi banjur lapor marang komandan militèr, ”Apa sing bakal panjenengan tindakké? Wong iki warga negara Romawi.” 27 Komandan kuwi banjur marani Paulus lan kandha, ”Coba kandhanana aku, apa kowé warga negara Romawi?” Paulus njawab, ”Ya.” 28 Komandan kuwi kandha manèh, ”Aku mbayar larang supaya isa éntuk hak-haké warga negara Romawi.” Paulus kandha, ”Nanging wiwit lair aku wis dadi warga negara Romawi.”

29 Ing wektu kuwi uga, para prajurit sing wis arep padha mriksa Paulus dadi padha mundur. Lan komandan kuwi dadi wedi sakwisé ngerti nèk Paulus kuwi warga negara Romawi, lan merga dhèwèké wis mbanda Paulus nganggo ranté.

30 Mula ing dina sakbanjuré, merga komandan kuwi péngin banget ngerti apa sebabé Paulus ditudhuh karo wong-wong Yahudi, dhèwèké mbébaské Paulus lan mréntahké imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin* kanggo ngumpul. Banjur dhèwèké nggawa Paulus ing ngarepé wong-wong kuwi.

23 Karo mandeng para anggota Sanhèdrin,* Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, nganti dina iki, aku wis tumindak nganggo hati nurani sing bener-bener resik ing ngarsané Gusti Allah.” 2 Wektu krungu kuwi, Imam Agung Ananias ngongkon wong-wong sing ngadeg ing cedhaké Paulus kanggo napuk tutuké Paulus. 3 Banjur Paulus kandha, ”Gusti Allah bakal nggebug kowé, hé, wong sing kaya témbok dilabur putih.* Apa kowé lungguh kanggo ngadili aku miturut hukum Taurat, lan ing wektu sing padha kowé nglanggar hukum kuwi nganggo cara ngongkon supaya aku ditapuk?” 4 Wong-wong sing ngadeg ing cedhaké Paulus kandha, ”Apa kowé ora ngajèni imam agungé Gusti Allah?” 5 Paulus banjur kandha, ”Sedulur-sedulur, aku ora ngerti nèk dhèwèké kuwi imam agung. Merga Kitab Suci kandha, ’Aja ngrèmèhké pemimpiné bangsamu.’”

6 Paulus ngerti nèk sebagéan anggota Sanhèdrin kuwi wong Saduki, lan liya-liyané wong Farisi. Mula Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, aku iki wong Farisi, keturunané wong Farisi. Aku saiki lagi diadili merga pangarep-arep bab wong mati sing isa diuripké manèh.” 7 Merga Paulus ngomong kaya ngono, wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki dadi padu, lan wong-wong kuwi banjur pecah dadi rong golongan. 8 Wong-wong Saduki kandha nèk wong mati ora isa diuripké manèh, ora ana malaékat, utawa makhluk roh, padahal wong-wong Farisi percaya kuwi kabèh.* 9 Mula banjur ana gègèran sing gedhé, lan sapérangan ahli Taurat saka sèkte Farisi padha ngadeg lan mulai ngomong kanthi kasar, ”Aku kabèh babar blas ora nemokké salahé wong iki. Mbokmenawa ana makhluk roh utawa malaékat sing ngomong marang dhèwèké.” 10 Merga gègèran kuwi saya gedhé, komandan militèr dadi wedi nèk wong-wong kuwi matèni Paulus. Mula dhèwèké mréntahké para prajurité mudhun lan nggèrèd Paulus saka tengah-tengahé wong-wong kuwi lan nggawa dhèwèké menyang markas prajurit.

11 Nanging ing wengi sakbanjuré, Gusti teka marani Paulus lan kandha, ”Tetepa kendel! Kowé kudu mènèhi kesaksian ing Roma, kaya kowé wis mènèhi kesaksian kanthi tliti bab aku ing Yérusalèm.”

12 Ésuké, wong-wong Yahudi padha nggawé rencana jahat lan padha sumpah nèk ora bakal mangan utawa ngombé nganti wong-wong kuwi isa matèni Paulus. 13 Ana luwih saka 40 wong sing wis padha nggawé sumpah kaya ngono. 14 Wong-wong kuwi lunga marang para imam kepala lan para pemimpin, banjur kandha, ”Aku kabèh wis tenanan sumpah nèk ora bakal mangan apa-apa nganti isa matèni Paulus. 15 Mula saiki, panjenengan kabèh lan para anggota Sanhèdrin kudu ngandhani komandan militèr nèk dhèwèké kudu nggawa Paulus marang panjenengan kabèh, éthok-éthoké panjenengan arep mriksa kasusé luwih tliti. Nanging, mengko sakdurungé Paulus tekan, aku kabèh wis siap matèni dhèwèké.”

16 Nanging, ponakané lanang Paulus krungu bab rencana serangan kuwi, lan dhèwèké mlebu menyang markasé prajurit lan nglaporké kuwi marang Paulus. 17 Banjur Paulus nyeluk salah siji perwira lan kandha, ”Gawanen cah enom iki marang komandan militèr, merga ana sing arep dhèwèké laporké.” 18 Mula perwira kuwi nggawa cah lanang enom kuwi marang komandan militèr, lan kandha, ”Tahanan sing jenengé Paulus nyeluk lan ngongkon aku kanggo nggawa cah enom iki marang panjenengan, merga ana sing arep dhèwèké laporké.” 19 Komandan militèr kuwi banjur nyekel tangané cah enom mau lan cah enom mau dijak rada ngedoh. Dhèwèké takon, ”Apa sing arep kok laporké?” 20 Cah enom mau kandha, ”Wong-wong Yahudi wis padha setuju kanggo njaluk supaya sésuk panjenengan nggawa Paulus menyang ngarepé Sanhèdrin. Wong-wong kuwi éthok-éthok péngin ngerti luwih akèh bab kasusé. 21 Nanging panjenengan aja gelem diojok-ojoki, merga ana luwih saka 40 wong wis ngentèni kanggo nyerang Paulus, lan wong-wong kuwi wis padha sumpah ora arep mangan utawa ngombé nganti wong-wong kuwi matèni Paulus. Saiki wong-wong kuwi wis padha siap lan lagi ngentèni ijin saka panjenengan.” 22 Banjur komandan militèr kuwi ngongkon cah enom mau lunga sakwisé mènèhi préntah, ”Aja kandha sapa-sapa nèk kowé wis nglaporké bab iki marang aku.”

23 Komandan militèr kuwi banjur nyeluk perwira loro lan kandha, ”Siapna 200 prajurit kanggo lunga menyang Kaisaréa, uga 70 prajurit sing nunggang jaran lan 200 prajurit sing nggawa tombak, ing jam sanga* wengi iki. 24 Uga, sedhiakna jaran-jaran kanggo Paulus, kanggo ngeterké dhèwèké kanthi slamet marang Gubernur Fèliks.” 25 Banjur, komandan militèr kuwi nulis surat sing isiné,

26 ”Saka Klaudius Lisias, marang Gubernur Fèliks sing tak hormati: Salam! 27 Wong iki ditangkep wong-wong Yahudi lan arep dipatèni, nanging aku lan para prajuritku cepet-cepet teka lan nylametké dhèwèké, merga aku ngerti nèk dhèwèké kuwi wong Romawi. 28 Lan supaya ngerti apa tudhuhané wong-wong kuwi marang dhèwèké, aku nggawa dhèwèké ing ngarepé Sanhèdrin. 29 Aku ndelok kayané tudhuhané wong-wong kuwi ana hubungané karo hukum Tauraté wong-wong kuwi, nanging dhèwèké blas ora nglakoni apa-apa sing marakké dhèwèké pantes dihukum mati utawa dipenjara. 30 Nanging merga aku dikandhani bab rencana jahat marang wong iki, aku langsung ngirim wong iki marang panjenengan, lan ngongkon wong-wong sing nudhuh dhèwèké ngomongké tudhuhané ing ngarepé panjenengan.”

31 Mula para prajurit kuwi nggawa Paulus, kaya sing dipréntahké mau, lan nggawa dhèwèké menyang kutha Antipatris ing wengi kuwi. 32 Ing dina sakbanjuré, para prajurit sing nunggang jaran neruské perjalanané bareng karo Paulus, nanging para prajurit liyané bali menyang markas. 33 Para prajurit sing nunggang jaran mlebu menyang Kaisaréa lan ngeterké surat kuwi marang gubernur, lan masrahké Paulus marang dhèwèké. 34 Gubernur kuwi banjur maca surat mau lan takon asalé Paulus saka provinsi ngendi. Dhèwèké akiré ngerti nèk Paulus saka Kilikia. 35 ”Aku bakal tenanan ngrungokké kasusmu,” kandhané gubernur kuwi, ”sakwisé wong-wong sing nudhuh kowé teka.” Banjur dhèwèké ngongkon supaya Paulus ditahan ing istanané Hérodès.

24 Limang dina sakbanjuré, Imam Agung Ananias teka bareng karo sapérangan pemimpin Yahudi lan siji pengacara sing jenengé Tèrtulus, banjur wong-wong kuwi ngomongké tudhuhané marang Paulus ing ngarepé gubernur. 2 Lan wektu Tèrtulus dikongkon ngomong, dhèwèké mulai nudhuh Paulus ing ngarepé Gubernur Fèliks, kandhané,

”Matur nuwun kanggo panjenengan merga aku kabèh ngrasakké katentreman, lan merga panjenengan mréntah kanthi wicaksana, ana kemajuan ing bangsa iki. 3 Gubernur Fèliks sing tak hormati, kapan waé lan ing ngendi waé aku kabèh mesthi ngakoni bab iki kanthi rasa matur nuwun sing gedhé. 4 Nanging saiki, supaya aku ora mbuwang-mbuwang wektuné panjenengan, aku nyuwun supaya panjenengan gelem ngrungokké aku kabèh sedhéla waé. 5 Aku kabèh weruh nèk wong iki tukang nggawé masalah.* Dhèwèké ngojok-ojoki wong-wong Yahudi ing sak donya, lan dhèwèké kuwi pentholané sèkte wong Nazarèt. 6 Dhèwèké uga ngupaya najiské bait, mula aku kabèh nangkep dhèwèké. 7 *—— 8 Wektu panjenengan dhéwé mriksa dhèwèké, panjenengan bakal ngerti nèk kabèh tudhuhanku iki bener.”

9 Wektu krungu kuwi, wong-wong Yahudi mèlu-mèlu nudhuh Paulus lan ngomong nèk tudhuhan-tudhuhan kuwi bener. 10 Wektu gubernur mènèhi tandha* marang Paulus kanggo ngomong, Paulus kandha,

”Aku ngerti nèk panjenengan wis dadi hakimé bangsa iki suwéné pirang-pirang taun. Lan merga kuwi, aku seneng ngomongké pembélaanku ing ngarepé panjenengan. 11 Ora nganti 12 dina kepungkur, aku lunga ngibadah ing Yérusalèm, nèk panjenengan péngin ngerti apa kuwi pancèn bener, panjenengan isa takon dhéwé. 12 Wong-wong iki ora tau weruh aku bebantahan karo sapa waé ing bait utawa ngojok-ojoki kumpulan wong kanggo nggawé gègèr, ing sinagogé-sinagogé* ya ora, ing panggonan liyané ing kutha ya ora. 13 Wong-wong kuwi ya ora isa mbuktèkké marang panjenengan nèk tudhuhan-tudhuhané marang aku kuwi bener. 14 Nanging tak akoni marang panjenengan, nèk miturut cara ngibadah sing disebut wong-wong kuwi ’sèkte’, aku nindakké tugas suci marang Gusti Allahé para leluhurku, merga aku percaya marang kabèh bab sing ana ing Taurat lan Tulisan Para Nabi. 15 Lan aku uga nduwé pangarep-arep marang Gusti Allah, kaya pangarep-arepé wong-wong iki, yaiku nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener. 16 Kuwi sebabé aku terus ngupaya supaya hati nuraniku tetep resik* ing ngarsané Gusti Allah lan manungsa. 17 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, aku bali manèh menyang Yérusalèm kanggo mènèhi dhuwit sumbangan marang bangsaku lan mènèhi kurban marang Gusti Allah. 18 Wektu aku lagi ngurus perkara-perkara kuwi, wong-wong weruh aku lagi nindakké upacara nyucèkké badan ing bait, nanging tanpa wong akèh lan tanpa nggawé ribut. Ing kana, ana sapérangan wong Yahudi saka Provinsi Asia 19 sing saiki kuduné ana ing ngarepé panjenengan kanggo nudhuh aku, nèk wong-wong kuwi pancèn nduwé masalah karo aku. 20 Utawa, ejarna wong-wong ing kéné iki ngomongké dhéwé kesalahan apa sing ditemokké wong-wong iki saka aku, wektu aku ngadeg ing ngarepé Sanhèdrin.* 21 Wong-wong iki mung isa nudhuh aku merga siji bab iki, yaiku wektu aku ngadeg ing ngarepé Sanhèdrin, aku kandha, ’Aku saiki lagi diadili merga pangarep-arep bab wong mati sing isa diuripké manèh!’”

22 Nanging Fèliks, sing ngerti akèh bab Dalané Gusti,* ngundur sidang kuwi lan kandha, ”Sakwisé Komandan Lisias teka, aku bakal nggawé keputusan bab kasusmu.” 23 Banjur, Fèliks mènèhi préntah marang perwira prajurit supaya Paulus tetep ditahan nanging rada diwènèhi kebébasan, lan supaya kanca-kancané Paulus diijinké kanggo ngurusi kebutuhané.

24 Pirang-pirang dina sakbanjuré, Fèliks teka karo bojoné, sing jenengé Drusila, yaiku wong Yahudi. Banjur Fèliks ngongkon wong kanggo nyeluk Paulus, lan dhèwèké ngrungokké Paulus njelaské apa artinè percaya marang Kristus Yésus. 25 Nanging wektu Paulus ngomongké bab tumindak sing bener, ngendhalèni dhiri, lan pengadilan sukmbèn, Fèliks dadi wedi lan kandha, ”Saiki kowé lungaa dhisik. Nèk ana kesempatan, kowé bakal tak celuk manèh.” 26 Ing wektu sing padha, Fèliks ngarep-arep supaya Paulus mènèhi dhèwèké dhuwit. Mula, Fèliks saya kerep nyeluk Paulus lan omong-omongan karo dhèwèké. 27 Sakwisé rong taun, Fèliks banjur diganti Porkius Fèstus. Merga Fèliks péngin wong-wong Yahudi terus nyenengi dhèwèké, Fèliks ngejarké Paulus ditahan.

25 Mula, telung dina sakwisé Fèstus tekan ing provinsi kuwi lan mulai mréntah, dhèwèké lunga saka Kaisaréa menyang Yérusalèm. 2 Banjur para imam kepala lan para panggedhéné wong Yahudi mènèhi katrangan bab Paulus. Wong-wong kuwi banjur padha njaluk marang Fèstus 3 kanggo mikirké penjaluké wong-wong kuwi yaiku ngirim Paulus bali menyang Yérusalèm. Nanging sakjané wong-wong kuwi nduwé rencana jahat kanggo nyerang lan matèni Paulus ing dalan. 4 Nanging, Fèstus njawab nèk Paulus kudu tetep ana ing Kaisaréa, lan nèk Fèstus dhéwé sedhéla manèh arep bali mrana. 5 ”Ngéné waé, para pemimpinmu,” kandhané Fèstus, ”padha mèlua aku lan nudhuh Paulus nèk pancèn dhèwèké wis tumindak salah.”

6 Mula, sakwisé manggon ing antarané wong-wong kuwi suwéné kira-kira wolu utawa sepuluh dina, Fèstus bali menyang Kaisaréa. Lan ing dina sakbanjuré, dhèwèké lungguh ing kursi pengadilan lan ngongkon supaya Paulus digawa mlebu. 7 Wektu Paulus mlebu, wong-wong Yahudi sing teka saka Yérusalèm banjur padha ngadeg ing sakiwa-tengené. Wong-wong kuwi nudhuh Paulus nindakké akèh kesalahan sing serius sing ora isa dibuktèkké.

8 Nanging Paulus nggawé pembélaan, kandhané, ”Aku ora tumindak salah marang Hukum Tauraté wong Yahudi, utawa marang bait, utawa marang Kaisar.” 9 Merga péngin disenengi wong-wong Yahudi, Fèstus takon marang Paulus, ”Apa kowé péngin lunga menyang Yérusalèm lan diadili ing ngarepku ing kana bab kasus iki?” 10 Nanging Paulus njawab, ”Aku saiki lagi ngadeg ing ngarepé kursi pengadilan Kaisar, lan ya ing kéné iki kuduné aku diadili. Aku ora tumindak salah marang wong Yahudi, lan panjenengan mesthi ya ngerti bab iki. 11 Nèk aku pancèn tumindak salah sing nggawé aku pantes mati, aku ora njaluk supaya dibébaské saka hukuman mati. Nanging nèk kabèh sing ditudhuhké marang aku kuwi ora bener, ora ana siji-sijia wong sing nduwé hak kanggo nyerahké aku marang wong-wong kuwi mung merga nuruti penjaluké. Aku njaluk bandhing marang Kaisar!” 12 Mula sakwisé rembugan karo para penaséhaté, Fèstus njawab, ”Kowé njaluk bandhing marang Kaisar, mula kowé bakal lunga marang Kaisar.”

13 Pirang-pirang dina sakbanjuré, Raja Agripa lan Bèrnike tekan ing Kaisaréa kanggo kunjungan resmi marang Fèstus. 14 Merga wong-wong kuwi ana ing kana pirang-pirang dina, Fèstus nyritakké bab kasusé Paulus marang raja. Fèstus kandha,

”Fèliks ninggali aku tahanan siji. 15 Wektu aku ana ing Yérusalèm, para imam kepala lan para panggedhéné wong Yahudi ngandhani aku bab tahanan kuwi. Wong-wong kuwi njaluk supaya tahanan kuwi dihukum. 16 Nanging aku ngandhani wong-wong kuwi nèk miturut tata carané Romawi, wong ora isa diserahké ngono waé mung merga nuruti penjaluké wong liya, sakdurungé wong kuwi diwènèhi kesempatan kanggo nggawé pembélaan ing ngarepé wong-wong sing nudhuh dhèwèké. 17 Mula wektu wong-wong kuwi tekan kéné, ing dina sakbanjuré, aku langsung lungguh ing kursi pengadilan lan ngongkon supaya tahanan kuwi digawa mlebu. 18 Wektu wong-wong sing nudhuh wong kuwi padha ngadeg, jebulé tudhuhané dudu kejahatan kaya sing tak kira. 19 Wong-wong kuwi padha udur-uduran bab ibadah marang déwané* dhéwé lan bab wong lanang sing jenengé Yésus sing wis mati, nanging Paulus terus-terusan kandha nèk wong lanang kuwi urip. 20 Merga bingung piyé carané aku ngatasi masalah iki, mula aku takon apa dhèwèké péngin lunga menyang Yérusalèm lan diadili ing kana bab kasus iki. 21 Nanging, merga Paulus njaluk supaya dhèwèké tetep ditahan nganti ana keputusan saka Kaisar, aku ngongkon supaya Paulus tetep ditahan nganti aku ngirim dhèwèké marang Kaisar.”

22 Raja Agripa banjur kandha marang Fèstus, ”Aku péngin krungu langsung saka wong kuwi.” Fèstus njawab, ”Sésuk, panjenengan bakal ngrungokké wong kuwi.” 23 Mula ing dina sakbanjuré, Raja Agripa lan Bèrnike teka karo mamèrké kamulyané, lan wong loro kuwi mlebu ing ruang pengadilan bareng karo para komandan lan wong-wong penting liyané ing kutha kuwi. Lan sakwisé Fèstus mènèhi préntah, Paulus digawa mlebu. 24 Fèstus banjur kandha, ”Raja Agripa lan panjenengan kabèh sing teka ing kéné, deloken wong lanang iki. Kabèh wong Yahudi sing ana ing Yérusalèm lan ing kéné padha nggawé penjaluk marang aku bab wong iki, karo mbengok-mbengok supaya wong iki dipatèni. 25 Nanging sak ngertiku, wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. Dadi wektu wong iki dhéwé njaluk bandhing marang Kaisar, aku mutuské kanggo ngirim dhèwèké mrana. 26 Nanging aku durung éntuk katrangan sing jelas sing isa tak nggo dhasar kanggo nulis laporan marang Kaisar.* Mula aku nggawa dhèwèké ing ngarepé panjenengan kabèh, kususé ing ngarepé panjenengan, Raja Agripa, supaya sakwisé dipriksa ing sidang iki, ana sing isa tak tulis bab dhèwèké. 27 Merga ora mungkin aku ngirim tahanan menyang Roma, tanpa nyebutké tudhuhan-tudhuhané wong-wong marang wong kuwi.”

26 Agripa kandha marang Paulus, ”Kowé diijinké ngomong kanggo mbéla awakmu dhéwé.” Paulus banjur ngangkat tangané lan mulai nggawé pembélaan. Dhèwèké kandha,

2 ”Raja Agripa, aku seneng banget merga isa ana ing ngarepé panjenengan dina iki, kanggo ngomongké pembélaanku bab kabèh tudhuhané wong-wong Yahudi marang aku, 3 utamané merga panjenengan ahli ing bab kebiasaan lan masalah-masalahé wong Yahudi. Mula, aku nyuwun supaya panjenengan gelem sabar ngrungokké aku.

4 ”Sakjané, kaya apa uripku wiwit aku isih enom ing antarané bangsaku lan ing Yérusalèm padha dingertèni kabèh wong Yahudi 5 sing wis suwé kenal aku. Nèk wong-wong kuwi gelem, wong-wong kuwi isa ngandhani panjenengan nèk mbiyèn aku saka sèkte Farisi, lan kaya sing panjenengan ngertèni, sèkte iki luwih kaku ketimbang sèkte Yahudi liyané. 6 Nanging saiki aku diadili merga ngarep-arep janji sing wis diparingké Gusti Allah marang para leluhur kita. 7 Janji iki padha kaya janji sing lagi diarep-arep karo 12 suku kita, mula wong-wong kuwi nindakké tugas suci marang Gusti Allah awan lan bengi. Ya merga pangarep-arep iki, ya Raja, aku ditudhuh karo wong-wong Yahudi.

8 ”Ngapa kowé kabèh mikir* nèk Gusti Allah ora mungkin nguripké manèh wong mati? 9 Mbiyèn, aku dhéwé yakin banget nèk aku kudu ngupaya tenanan kanggo nentang jenengé Yésus wong Nazarèt. 10 Yakuwi sing tak tindakké ing Yérusalèm. Aku menjarakké akèh wong suci merga aku éntuk wewenang saka para imam kepala, lan aku ndhukung keputusan kanggo ngukum mati wong-wong kuwi. 11 Aku kerep nganiaya wong-wong kuwi ing sinagogé-sinagogé* kanggo meksa wong-wong kuwi ninggalké imané. Lan merga aku sengit banget, aku nganti nganiaya wong-wong kuwi tekan kutha-kutha liyané.

12 ”Ing sawijiné dina, kanggo nindakké tujuan kuwi, aku lunga menyang Damaskus, merga aku diwènèhi wewenang lan tugas saka para imam kepala. 13 Wektu aku ing dalan, pas awan, ya Raja, aku ndelok ana cahya sing padhangé ngluwihi srengéngé, sumunar saka langit ing sakiwa-tengenku lan wong-wong sing lunga bareng aku. 14 Lan wektu aku kabèh tiba ing lemah, aku krungu swara sing kandha marang aku ing basa Ibrani, ’Saul, Saul, ngapa kowé nganiaya aku? Nèk kowé terus nglawan aku,* kowé nglarani awakmu dhéwé.’ 15 Nanging aku takon, ’Panjenengan sapa, Pak?’ Lan Gusti njawab, ’Aku Yésus, sing kok aniaya. 16 Tangia lan ngadega. Aku nemoni kowé kanggo milih kowé dadi abdi lan seksi, sing bakal martakké perkara-perkara bab aku, sing wis kok delok lan sing bakal tak duduhké. 17 Aku bakal nylametké kowé saka bangsa iki lan bangsa-bangsa liyané, merga aku ngutus kowé marang wong-wong kuwi 18 kanggo mbukak mripaté wong-wong kuwi, kanggo nuntun metu saka pepeteng menyang pepadhang lan saka kuwasané Sétan marang kuwasané Gusti Allah, supaya nèk wong-wong kuwi nduwé iman marang aku, wong-wong kuwi isa éntuk pangapura dosa lan warisan bareng karo wong-wong sing digawé suci.’

19 ”Mula, Raja Agripa, aku manut karo wahyu saka swarga kuwi. 20 Kapisan marang wong-wong ing Damaskus, banjur marang wong-wong ing Yérusalèm lan ing kabèh dhaérah ing Yudéa, uga marang bangsa-bangsa liya, aku martakké marang wong-wong kuwi nèk wong-wong kuwi kudu mertobat lan mbalik marang Gusti Allah, nganggo cara nindakké perkara-perkara sing nduduhké nèk wong-wong kuwi mertobat. 21 Kuwi sebabé wong-wong Yahudi padha nangkep aku ing bait lan ngupaya matèni aku. 22 Nanging merga aku wis ngrasakké dhéwé bantuané Gusti Allah, nganti saiki aku terus mènèhi kesaksian marang wong cilik lan wong penting. Aku mung ngomongké apa sing bakal kelakon miturut Tulisan Para Nabi lan Tulisan Musa, 23 nèk Kristus bakal ngalami sengsara lan dadi sing kapisan diuripké manèh saka antarané wong mati, lan dhèwèké bakal martakké pepadhang marang bangsa iki lan bangsa-bangsa liya.”

24 Wektu Paulus isih ngomongké pembélaané, Fèstus mbengok, ”Paulus, kowé pancèn wis édan! Kowé kuwi kakèhan sinau, mulané dadi édan!” 25 Nanging Paulus kandha, ”Aku ora édan, Gubernur Fèstus sing tak hormati. Sing tak omongké iki bener lan asalé saka pikiran sing waras. 26 Malah, aku isa ngomong kanthi bébas marang Raja, merga panjenengané ngerti tenan bab perkara-perkara iki. Aku yakin nèk ora ana siji-sijia bab saka perkara-perkara iki sing ora dingertèni Raja, merga perkara-perkara iki ditindakké tanpa ndhelik-ndhelik. 27 Raja Agripa, apa panjenengan percaya marang Tulisan Para Nabi? Aku ngerti nèk panjenengan percaya.” 28 Nanging Agripa kandha marang Paulus, ”Sedhéla manèh, kowé isa nggawé aku dadi wong Kristen.” 29 Mula Paulus kandha, ”Aku nyuwun marang Gusti Allah supaya embuh saiki utawa sukmbèn, ora mung Raja, nanging uga kabèh wong sing ngrungokké aku ing dina iki bakal dadi kaya aku, nanging ora diranté kaya ngéné.”

30 Raja banjur ngadeg, semono uga gubernur, Bèrnike, lan wong-wong sing lungguh bareng wong-wong kuwi. 31 Karo metu, wong-wong kuwi padha ngomong marang siji lan sijiné, ”Wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati utawa dipenjara.” 32 Agripa banjur kandha marang Fèstus, ”Sakjané wong kuwi isa dibébaské nèk dhèwèké ora njaluk bandhing marang Kaisar.”

27 Sakwisé diputuské nèk aku kabèh bakal numpak kapal menyang Italia, Paulus lan para tahanan liyané diserahké marang Yulius, yaiku perwira saka pasukan Agustus. 2 Aku kabèh numpak kapal sing arep mangkat saka Adramitium menyang pelabuhan-pelabuhan ing Provinsi Asia. Aristarkhus, wong Makédonia saka Tésalonika, uga mèlu. 3 Ing dina sakbanjuré, aku kabèh tekan ing Sidon, lan Yulius tumindak kanthi apikan banget* marang Paulus. Yulius ngijinké Paulus marani kanca-kancané supaya dhèwèké isa nampa bantuan saka kanca-kancané.

4 Saka kana, kapalé mlaku ing cedhak Siprus supaya ora kena angin saka arah sing béda. 5 Sakwisé kuwi, aku kabèh numpak kapal njlajahi lautan ing Kilikia lan Pamfilia, banjur mandheg ing Mira sing ana ing Likia. 6 Ing kana, perwira kuwi ngerti nèk ana kapal saka Alèksandria sing bakal lunga menyang Italia, lan dhèwèké ngongkon aku kabèh munggah kapal kuwi. 7 Sakwisé kapalé mlaku alon-alon nganti pirang-pirang dina, aku kabèh tekan ing Knidus kanthi rekasa. Merga anginé nerjang saka arah sing béda, kapalé mlaku ing cedhak Pulau Kréta ing Salmoné, supaya ora kena angin kuwi. 8 Sakwisé ngliwati cedhak pesisir kanthi rekasa, aku kabèh tekan ing panggonan sing disebut Pelabuhan Éndah, cedhak kutha Laséa.

9 Sakwisé pirang-pirang dina, kahanané dadi bahaya kanggo neruské perjalanan, lan wektuné pasa kanggo Dina Pangapurané Dosa uga wis liwat, mula Paulus mènèhi saran 10 marang wong-wong kuwi. Paulus kandha, ”Kanca-kanca, nèk tak delok, perjalanan iki bakal angèl banget lan mbebayani, ora mung kanggo kapal lan barang-barangé, nanging uga kanggo nyawané* awaké dhéwé.” 11 Nanging, perwira kuwi luwih ngrungokké kaptèn kapal lan sing nduwé kapal, ketimbang omongané Paulus. 12 Merga ora cocog nèk terus ana ing pelabuhan kuwi pas musim dingin, mula akèh-akèhé wong mènèhi saran supaya mangkat saka kono, lan nèk isa, wis tekan Fèniks saksuwéné musim dingin. Fèniks kuwi pelabuhan ing Pulau Kréta, sing madhep ngétan.*

13 Wektu angin semilir saka kidul, wong-wong ngira nèk bakal isa tekan menyang tujuané, mula padha ngangkat jangkar lan neruské perjalanan ing pesisir Pulau Kréta. 14 Nanging ora let suwé, ana badai sing disebut Euroakuilo* sing nerjang kapal kuwi. 15 Kapal kuwi katut lan ora isa nglawan angin gedhé kuwi, mula aku kabèh ngejarké kapalé mlaku ngetutké arah angin. 16 Sakwisé kuwi, aku kabèh neruské perjalanan ing cedhak pulau cilik sing jenengé Kauda, supaya ora kena angin kuwi. Nanging tetep waé, aku kabèh kudu ngupaya kanthi rekasa kanggo nylametké sekoci sing ana ing kapal bagéan mburi. 17 Sakwisé sekoci kuwi diunggahké ing kapal, wong-wong padha nggawé kapalé luwih kuwat nganggo cara nalèni bagéan ngisoré. Lan merga wedi nèk kapalé kandhas ing Sirtis,* wong-wong narik tali-taliné layar, banjur kapalé mlaku ngetutké angin. 18 Merga kapalé terus diterjang badai, ing dina sakbanjuré wong-wong padha mbuwang sebagéan barang-barang supaya kapalé saya ènthèng. 19 Banjur ing dina katelu, wong-wong padha mbuwangi sebagéan alat-alat kapal.

20 Akiré, merga srengéngé lan bintang ora kétok nganti pirang-pirang dina, lan badai sing gedhé nerjang aku kabèh, mula aku kabèh kélangan pangarep-arep nèk bakal slamet. 21 Merga wong-wong kuwi wis suwé ora mangan, Paulus ngadeg ing tengahé wong-wong kuwi lan kandha, ”Kanca-kanca, umpama kowé manut omonganku lan ora mangkat saka Pulau Kréta, awaké dhéwé ora bakal ngalami kahanan sing susah kaya ngéné utawa kudu mbuwang barang-barang ing laut. 22 Senajan ngono, aku njaluk supaya kowé kabèh padha tabah, merga ora ana siji-sijia wong ing antaramu sing bakal kélangan nyawa. Mung kapal iki sing bakal sirna. 23 Mau bengi Gusti Allah sing tak sembah, lan sing marang Panjenengané aku nindakké tugas suci, ngutus malaékaté kanggo ngadeg ing cedhakku 24 lan kandha, ’Aja wedi, Paulus. Kowé kudu ngadeg ing ngarepé Kaisar. Gusti Allah bakal nylametké kowé lan wong-wong sing numpak kapal bareng kowé.’ 25 Mula, tetepa tabah, kanca-kancaku. Aku percaya nèk Gusti Allah bakal tumindak persis kaya sing diomongké malaékat kuwi marang aku. 26 Nanging, awaké dhéwé bakal kandhas ing sawijiné pulau.”

27 Ing wengi kaping 14, aku kabèh isih diobat-abitké angin ing Laut Adria. Lan ing tengah wengi, para petugas kapal mulai ngira nèk kapalé wis cedhak karo daratan. 28 Para petugas kuwi ngukur jeroné banyu, lan jebulé jeroné kira-kira 36 mèter,* mula kapalé maju sithik lan diukur manèh, lan jeroné kira-kira 27 mèter.* 29 Merga wedi nèk kapalé kandhas ing watu karang, wong-wong kuwi mbuwang jangkar papat saka bagéan mburi kapal lan ngarep-arep supaya ndang ésuk. 30 Nanging, para petugas kapal mulai ngupaya kanggo ninggalké kapal lan ngedhunké sekoci ing laut, nganggo cara éthok-éthok ngedhunké jangkar saka kapal bagéan ngarep. 31 Merga kuwi Paulus kandha marang perwira lan prajurit, ”Nèk wong-wong kuwi ora tetep ana ing kapal iki, kowé kabèh ora bakal slamet.” 32 Mula para prajurit ngethok tali-taliné sekoci lan ngejarké sekoci kuwi kejegur ing laut.

33 Wektu mèh ésuk, Paulus ngejak kabèh wong kanggo mangan. Dhèwèké kandha, ”Wis 14 dina kowé kabèh ngentèni kanthi rasa kuwatir, tanpa mangan apa-apa. 34 Mula, apiké kowé kabèh padha mangan dhisik. Iki kanggo keslametanmu dhéwé, merga ora ana siji-sijia ing antaramu sing bakal mati.”* 35 Sakwisé ngomongké kuwi, Paulus njupuk roti, ngucap sokur marang Gusti Allah ing ngarepé kabèh wong kuwi, banjur nyuwil-nyuwil roti kuwi, lan mulai mangan. 36 Mula, wong-wong kuwi dadi tabah lan mulai mangan. 37 Cacahé kabèh sing ana ing kapal kuwi 276 wong.* 38 Sakwisé mangan nganti wareg, wong-wong padha mbuwang gandum ing laut supaya kapalé dadi saya ènthèng.

39 Wektu wis mulai padhang, wong-wong kuwi ndelok ana teluk sing ana pantainé, nanging ora ngerti kuwi pulau ngendi. Wong-wong kuwi mutuské nèk isa arep ngendhegké kapalé ing kono. 40 Mula wong-wong kuwi ngethok tali jangkar-jangkaré lan ngejarké kuwi kleleb ing laut. Ing wektu sing padha, tali-tali kemudhiné padha diuculi. Banjur layar bagéan ngarep dipasang supaya kapalé kesurung angin menyang pantai. 41 Nanging kapal kuwi nabrak bukit pasir sing ana ing ngisor laut, lan kandhas ing kono. Kapal bagéan ngarep nyangkut lan ora isa obah, lan sing bagéan mburiné remuk merga diterjang ombak. 42 Wektu weruh kuwi, para prajurit mutuské kanggo matèni kabèh tahanan supaya ora ana siji-sijia sing mlumpat njegur laut kanggo renang lan mlayu. 43 Nanging perwira kuwi menging para prajurit nindakké kuwi merga péngin nylametké Paulus. Dhèwèké mréntahké wong-wong sing isa renang kanggo mlumpat ing laut lan renang dhisik menyang daratan. 44 Banjur sing liyané nyusul nganggo papan utawa pecahané kapal. Akiré kabèh wong kuwi slamet tekan ing daratan.

28 Sakwisé tekan kono kanthi slamet, aku kabèh lagi ngerti nèk pulau kuwi jenengé Malta. 2 Penduduk* ing pulau kuwi apikan banget* marang aku kabèh. Wong-wong kuwi nyumed geni lan nampa aku kabèh kanthi apik, merga wektu kuwi udan lan hawané adhem banget. 3 Nanging wektu Paulus lagi nglumpukké kayu lan ndèlèhké kayu kuwi ing ndhuwur geni, ana ula sing ana racuné, sing metu merga saka panasé geni mau banjur nyokot tangané Paulus. 4 Wektu para penduduk mau ndelok ula sing ana racuné kuwi nggantung ing tanganè Paulus, wong-wong kuwi mulai kandha marang siji lan sijiné, ”Wong iki mesthi tukang matèni. Senajan dhèwèké slamet saka laut, nanging Kaadilan* ora ngijinké dhèwèké tetep urip.” 5 Nanging Paulus ngipatké ula kuwi ing geni, lan dhèwèké blas ora cilaka. 6 Wong-wong kuwi ngira nèk tangané Paulus bakal abuh, utawa dhèwèké ujug-ujug mati. Nanging sakwisé ngentèni rada suwé lan ndelok nèk Paulus ora apa-apa, pikirané wong-wong kuwi malih lan wong-wong kuwi mulai kandha nèk Paulus kuwi déwa.

7 Tanah ing sekitar kono kuwi duwèké Publius, yaiku pemimpin ing pulau kuwi. Dhèwèké nampa aku kabèh kanthi ramah lan nampa aku kabèh dadi tamuné saksuwéné telung dina. 8 Wektu kuwi, bapaké Publius lagi turon ing ambèn merga demam lan disèntri. Mula Paulus banjur nemoni bapaké Publius lan ndonga, numpangké tangané ing ndhuwuré, lan marèkké dhèwèké. 9 Sakwisé kedadéan kuwi, wong-wong lara sing ana ing pulau kuwi banjur padha marani Paulus lan dimarèkké. 10 Wong-wong kuwi mènèhi hadiah kanggo nduduhké nèk ngajèni aku kabèh. Banjur wektu arep mangkat, aku kabèh disangoni barang-barang sing tak butuhké.

11 Sakwisé manggon telung sasi ing Pulau Malta, aku kabèh numpak kapal sing lambangé ”Putra-Putra Zéus”. Kapal kuwi teka saka Alèksandria lan mandheg ing pulau kuwi saksuwéné musim dingin. 12 Sakwisé kuwi kapalé mandheg ing Sirakuse, lan aku kabèh ana ing kana suwéné telung dina. 13 Banjur kapalé mangkat lan tekan ing Régium. Ing dina sakbanjuré, ana angin saka kidul, lan ing dina kapindho, aku kabèh tekan ing Putéoli. 14 Ing kono, aku kabèh ketemu karo sedulur-sedulur, lan para sedulur kuwi ngongkon aku kabèh manggon ing kana suwéné pitung dina. Sakwisé kuwi, aku kabèh mangkat menyang Roma. 15 Wektu krungu bab aku kabèh, para sedulur saka Roma padha lunga nganti tekan Pasar Apius lan Telung Penginepan kanggo nemoni aku kabèh. Wektu ndelok sedulur-sedulur kuwi, Paulus ngucap sokur marang Gusti Allah lan ngrasa dikuwatké. 16 Wektu akiré aku kabèh mlebu ing Roma, Paulus diijinké kanggo manggon dhèwèkan lan dijaga karo salah siji prajurit.

17 Telung dina sakbanjuré, Paulus ngundang para panggedhéné wong-wong Yahudi ing kana. Wektu wong-wong kuwi wis padha ngumpul, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, senajan aku ora nglawan bangsa kita utawa kebiasaané para leluhur kita, aku diserahké menyang tangané wong-wong Romawi dadi tahanan saka Yérusalèm. 18 Sakwisé aku dipriksa, jebulé ora ana dhasar kanggo ngukum mati aku, lan wong-wong kuwi péngin mbébaské aku. 19 Nanging merga wong-wong Yahudi ora setuju, aku kepeksa njaluk bandhing marang Kaisar, ora merga aku arep nudhuh bangsaku. 20 Kuwi sebabé aku njaluk kanggo ketemu lan ngomong karo panjenengan kabèh. Aku diranté kaya ngéné iki merga pangarep-arepé Israèl.” 21 Wong-wong kuwi kandha, ”Aku kabèh ora nampa surat bab panjenengan saka Yudéa, lan sedulur-sedulur sing teka saka kana uga ora tau nyritakké utawa ngomongké sing èlèk bab panjenengan. 22 Nanging aku kabèh péngin krungu pendapatmu, merga aku kabèh ngerti nèk sèkte iki ditentang ing ngendi-endi.”

23 Wong-wong kuwi banjur nemtokké dina kanggo ketemu karo Paulus, lan wong-wong kuwi teka ing panggonané Paulus karo luwih akèh wong. Banjur wiwit ésuk nganti wengi, Paulus njelaské lan mènèhi kesaksian kanthi tliti bab Kratoné Allah nggunakké Hukum Musa lan Tulisan Para Nabi, kanggo ngyakinké wong-wong kuwi bab Yésus. 24 Ana wong-wong sing mulai percaya marang omongané Paulus, nanging ana uga sing ora percaya. 25 Merga pendapaté wong-wong kuwi béda-béda, wong-wong kuwi mulai lunga saka kono, lan Paulus kandha iki,

”Apa sing diomongké roh suci liwat Nabi Yésaya marang para leluhurmu kuwi pancèn bener, 26 yaiku, ’Lungaa marang bangsa iki lan kandhaa, ”Kowé pancèn bakal krungu nanging babar blas ora paham artiné, lan kowé pancèn bakal ndeleng nanging babar blas ora weruh. 27 Merga, atiné wong-wong kuwi ora tanggap. Wong-wong kuwi wis ngrungokké nganggo kupingé nanging ora nanggepi. Wong-wong kuwi wis nutupi mripaté, mula ora bakal isa ndeleng nganggo mripaté, ora bakal isa ngrungokké nganggo kupingé, lan atiné ora bakal paham. Wong-wong kuwi ora bali marang Aku, lan Aku ora marèkké wong-wong kuwi.”’ 28 Supaya kowé ngerti nèk warta bab keslametan saka Gusti Allah iki wis diwartakké marang bangsa-bangsa liya. Wong-wong kuwi mesthi ngrungokké.” 29 *——

30 Mula Paulus manggon ing kana rong taun suwéné ing omah sing diséwa dhéwé, lan dhèwèké nampa kanthi apik kabèh wong sing teka marani dhèwèké. 31 Paulus martakké bab Kratoné Allah marang wong-wong kuwi lan mulang bab Gusti Yésus Kristus kanthi kendel banget lan tanpa alangan.

Utawa ”nganti tekan pucuké bumi”.

Lit.: ”teka”.

Lit.: ”adohé perjalanan pas dina Sabat”. Jarak sing éntuk dilakoni wong Yahudi pas dina Sabat.

Lit.: ”mlebu lan metu”.

Maksudé, dianggep padha kaya 11 rasul liyané.

Péntakosta tegesé ”Kaping Sèket”. Riyaya iki dianakké 50 dina sakwisé tanggal 16 Nisan.

Utawa ”ilat-ilatan geni”.

Lit.: ”saben bangsa ing ngisor langit”.

Utawa ”basa ibuné; basa sing wiwit lair digunakké”.

Maksudé, wong dudu Yahudi sing pindhah agama dadi agama Yahudi.

Lit.: ”jam katelu”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”tandha”.

Lit.: ”saka entupé pati”. Utawa mungkin ”saka tali-taliné pati”.

Utawa ”ing ngarep mripatku”.

Utawa ”ing tangan tengenku”.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ora dadi bosok”.

Utawa ”padha seneng mbagi apa sing diduwèni”.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”mulai wedi”.

Lit.: ”jam kasanga”.

Lit.: ”liwat tutuké para nabi”.

Lit.: ”dibusak”.

Utawa ”musim sing nyegerké”.

Lit.: ”liwat tutuké para nabiné”.

Lit.: ”winihmu”.

Utawa ”para tuwa-tuwa”.

Maksudé, ora sekolah ing sekolahé para rabi; dudu tegesé ora isa maca lan nulis.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”tandha”.

Utawa ”lan nglawan Kristusé”.

Lit.: ”tangan Panjenengan”.

Lit.: ”terus ngulungké tangané Panjenengan”.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”nggawé panyuwunan”.

Utawa ”sak ati lan sak jiwa”.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”sèkte”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”manut marang Gusti Allah sing dadi panguwasa”.

Lit.: ”nggantung”.

Utawa ”wit”.

Utawa ”wong-wong mau ngrasa ketujeb”.

Utawa ”digebugi”.

Utawa ”Gusti Allah ora bakal seneng”.

Utawa ”dilaporké apik”.

Maksudé, wong dudu Yahudi sing pindhah agama dadi agama Yahudi.

Lit.: ”tandha”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”sak tapak sikil”.

Lit.: ”winihé”.

Lit.: ”winihé”.

Utawa mungkin ”nindakké bab sing padha marang”.

Utawa ”patriark”.

Utawa ”gandum”.

Utawa ”jiwa”.

Utawa ”bagus ing ngarsané Gusti Allah”.

Utawa ”digedhèkké”.

Lit.: ”nampa kabèh kawicaksanané Mesir”.

Utawa ”nduwé pepénginan ing atiné”.

Lit.: ”tandha-tandha”.

Lit.: ”kémah kesaksian”.

Lit.: ”ora disunat”.

Maksudé, anggota Sanhèdrin.

Utawa ”ketujeb atiné”.

Lit.: ”rohku”.

Lit.: ”turu ing pati”.

Utawa mungkin ”salah siji kutha ing”.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”empedu”.

Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.

Utawa ”mbanda”.

Lit.: ”mbanda”.

Lit.: ”nyebut”.

Lit.: ”sing nyebut jeneng kuwi”.

Lit.: ”nggawa wong-wong kuwi kanthi dibanda”.

Ing basa Yunani jenengé Dorkas, lan ing basa Aram jenengé Tabita, loro-loroné tegesé ”Kidang”.

Utawa ”klambi njaba”.

Utawa ”tukang nyamak kulit”.

Utawa ”sènturion”, yaiku kepala saka 100 tentara.

Utawa ”kohor”, yaiku pasukan Romawi sing anggotané 600 tentara.

Utawa ”nyuwun”.

Lit.: ”jam kasanga”.

Akèh-akèhé omah ing kana ndhuwuré datar lan digunakké kanggo akèh kegiyatan.

Lit.: ”jam kaenem”.

Utawa ”rèptil”.

Lit.: ”jam kasanga”.

Lit.: ”digantung”.

Utawa ”wit”.

Lit.: ”Wong-wong percaya sing disunat”.

Utawa ”bebantahan karo”.

Utawa ”rèptil”.

Lit.: ”dadi padha meneng”.

Utawa ”nglayani nganggo cara ngirim bantuan”.

Utawa ”Talènana pinggangmu”.

Lit.: ”pengawas kamaré raja”.

Utawa ”nglayani ing ngarepé wong akèh kanggo”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”Prokonsul”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”winihé”.

Utawa ”wit”.

Utawa ”nindakké kersané Gusti Allah”.

Lit.: ”turu ing pati”.

Maksudé, wong dudu Yahudi sing pindhah agama dadi agama Yahudi.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Lit.: ”tandha”.

Utawa ”karangan kembang sing bentuké bunder”.

Utawa ”generasi-generasi”.

Lit.: ”lawang”.

Utawa ”Sakwisé akèh bebantahan”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandha”.

Maksudé, Pétrus.

Utawa ”pondhoké; omahé”.

Utawa ”pendapatku”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing dipatèni tanpa diecurké getihé”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”sing dipatèni tanpa diecurké getihé”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, roh suci sing ditampa Yésus saka Gusti Allah.

Utawa ”lunga liwat”.

Sawijiné kutha ing njabané Italia, sing penduduké éntuk hak-hak kusus.

Utawa ”distrik”.

Utawa ”bahan pewarna”.

Lit.: ”mbukak atiné kanthi amba kanggo”.

Utawa ”dibelok”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”tukar pikiran karo; ngupaya ngyakinké”.

Utawa ”nggawé masalah ing”.

Utawa ”luwih jembar pikirané”.

Lit.: ”rohé Paulus”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing teka mrana”.

Utawa ”keturunané”.

Utawa ”keturunané”.

Utawa ”tukar pikiran karo wong-wong”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Lit.: ”Getihmu ana ing ndhuwur sirahmu dhéwé”.

Maksudé, saka sinagogé.

Utawa ”prokonsul”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”tukar pikiran”.

Utawa ”diwulang nganggo cara lisan”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”tukar pikiran kanggo ngyakinké”.

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”celemèk”.

Tembung Yunaniné isa uga tegesé ”mung nganggo klambi njero”; ora mesthi wuda blejed.

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.

Utawa ”prokonsul”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”dhaérah-dhaérah kuwi”.

Utawa ”jiwané ana ing dhèwèké”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing nguntungké”.

Lit.: ”kebanda”.

Utawa ”jiwaku”.

Utawa ”aji”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”aku ora salah tumrap patiné wong-wong”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ngekep guluné Paulus”.

Filipus kuwi salah siji saka antarané wong pitu sing dipilih para rasul ing Yérusalèm. Deloken Kisah 6:3.

Utawa ”nggawé atiku semplah”.

Utawa ”sing dipatèni tanpa diecurké getihé”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ditalèni tangané”.

Utawa ”wong sing nggawa belati”.

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.

Utawa ”nalèni tangané”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”warga negara Romawi”.

Utawa ”durung diputuské nèk salah”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing munafik”.

Utawa ”martakké kuwi kabèh marang wong-wong”.

Lit.: ”jam katelu”.

Lit.: ”wong iki wabah”.

Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.

Utawa ”manthuk”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”tetep ora salah”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, ajaran lan cara uripé wong Kristen.

Utawa ”bab agamané”.

Lit.: ”marang Ndara”.

Utawa ”nganggep”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Lit.: ”nendhang tongkat wesi”. Maksudé, tongkat dawa sing pucuké wesi landhep sing digunakké kanggo nggiring kéwan.

Utawa ”tumindak nganggo katresnan kanggo sak pepadha”.

Utawa ”jiwané”.

Utawa ”madhep timur laut lan tenggara”.

Maksudé, angin timur laut.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”20 depa”.

Utawa ”15 depa”.

Utawa ”sing bakal kélangan sak ler rambut saka sirahmu”.

Utawa ”jiwa”.

Utawa ”Wong-wong sing ora nganggo basa Yunani”.

Utawa ”nduduhké katresnan sing gedhé kanggo sak pepadha”.

Yunani: Dike, isa waé tegesé dèwi sing nduduhké kaadilan.

Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim