PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 3 hlm. 3
  • Apa Njenengan Nduwé Prasangka?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Njenengan Nduwé Prasangka?
  • Gatèkna!—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Terus Rukun Kaya Yésus lan Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Nduduhké Katresnan
    Gatèkna!—2020
  • Pendhidhikan saka Gusti Allah Isa Ngalahké Prasangka
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
  • Nggolèki Faktané
    Gatèkna!—2020
Delok Kabèh
Gatèkna!—2020
g20 No. 3 hlm. 3
Wong lanang loro sing lagi papasan. Wong sing siji kaya-kayané ndelok bayangan gedhé sing medèni.

Apa Njenengan Nduwé Prasangka?

Prasangka utawa nduwé pandangan sing salah soal wong liya kuwi kaya virus. Njenengan isa waé ora sadhar nèk wis nduwé prasangka.

Wong-wong ora mung isa nduwé prasangka karo wong sing béda ras, basa, lan bangsa. Wong-wong ya isa nduwé prasangka karo wong sing béda agama, drajat, lan jenis kelamin. Sing liyané, nduwé prasangka merga umur, pendidikan, penampilan, lan karo wong-wong sing cacad. Ning, senajan wis nduwé pandangan sing salah, wong-wong kuwi tetep ngrasa nèk ora nduwé prasangka.

Apa njenengan ya isa nduwé prasangka? Biasané awaké dhéwé isa ngerti nèk wong liya nduwé prasangka. Ning, mungkin awaké dhéwé ora sadhar nèk wis nduwé prasangka. Kabèh wong isa nduwé prasangka karo wong liya. Profésor sosiologi sing jenengé David Williams kandha, ”Wektu ana wong sing mikir èlèk soal salah siji kelompok, mesthi dhèwèké ora isa apikan karo wong-wong saka kelompok kuwi. Ning, dhèwèké ora ngrasa nèk wis nduwé prasangka.”

Contoné, ana pengalaman saka Jovica sing manggon ing Eropa. Ing kono ana suku sing ora disenengi karo wong-wong. Jovica kandha, ”Aku mikir nèk kabèh wong saka suku kuwi jahat. Merga aku nganggep apa sing tak pikirké soal wong-wong kuwi bener, aku ora sadhar nèk wis nduwé prasangka.”

Akèh pamréntah nggawé hukum kanggo nglawan rasisme lan prasangka. Ning, kuwi ora berhasil. Apa sebabé? Merga hukum kuwi mung isa mbatesi tumindaké wong-wong. Hukum kuwi ora isa ngatur soal pikiran lan perasaan. Padahal prasangka kuwi asalé saka pikiran lan perasaan. Dadi, apa awaké dhéwé isa nyingkirké prasangka?

Artikel-artikel ing majalah iki bakal ngrembug limang cara sing isa mbantu wong-wong nyingkirké prasangka.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim