PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 3 hlm. 4-5
  • Nggolèki Faktané

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nggolèki Faktané
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Faktané
  • Kandhané Alkitab
  • Manfaat Nèk Ngerti Faktané
  • Sing Isa Njenengan Tindakké
  • Apa Njenengan Nduwé Prasangka?
    Gatèkna!—2020
  • Terus Rukun Kaya Yésus lan Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Nduduhké Katresnan
    Gatèkna!—2020
  • Wong-Wong sing Isa Nyingkirké Prasangka
    Gatèkna!—2020
Delok Kabèh
Gatèkna!—2020
g20 No. 3 hlm. 4-5
Wong wédok sing kétok tegang wektu diwawancara kerja karo wong lanang loro ing pabrik mobil.

Nggolèki Faktané

Faktané

Prasangka isa ana merga informasi sing salah. Gatèkna conto-conto iki:

  • Ana bos sing nganggep nèk wong wédok ora isa nindakké gawéan sing angèl lan abot.

  • Ngrèmèhké wong-wong saka agama lan suku liya sing dianggep luwih rendah kuwi ora masalah.

  • Akèh wong mikir nèk wong sing cacad kuwi ora guna lan ora isa nindakké apa-apa.

Wong-wong sing nduwé pandangan kaya ngono nganggep nèk dhèwèké bener lan wong liya sing pandangané béda kuwi salah.

Kandhané Alkitab

”Tanpa kawruh kasregepan uga ora maédahi.”​—WULANG BEBASAN 19:2.

Apa artiné? Nèk ora ngerti faktané, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing salah. Terus, nèk awaké dhéwé luwih percaya karo apa sing dipercaya wong-wong ketimbang faktané, awaké dhéwé bakal nduwé pandangan sing salah karo wong liya.

Apa Alkitab Ndhukung Prasangka?

Ana sing nganggep nèk Alkitab ndhukung prasangka. Ning, apa kandhané Alkitab?

  • Kabèh manungsa kuwi sedulur: ’Saka wong siji, Gusti Allah nggawé kabèh bangsa.’​—Kisah 17:26.

  • Gusti Allah kuwi adil: ”Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong, nanging kabèh wong saka bangsa ngendi waé sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener ditampa Panjenengané.”​—Kisah 10:34, 35.

  • Gusti Allah ndelok wong saka atiné: ”Manungsa mung nyawang marang kasat-mripat, nanging Sang Yéhuwah mirsani isiné atiné.”​—1 Samuèl 16:7.a

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ana ing Alkitab.

Manfaat Nèk Ngerti Faktané

Nèk awaké dhéwé ngerti faktané, awaké dhéwé ora bakal langsung percaya karo informasi sing sakjané salah. Awaké dhéwé ya ora bakal langsung percaya wektu ana sing ngèlèk-èlèk wong liya.

Pengalaman: Jovica (Eropa)

Kèt cilik Jovica wis ora seneng karo wong-wong saka salah siji suku ing kuthané. Dhèwèké dadi kaya ngono merga éntuk pengaruh saka omongané wong-wong ing sekitaré, berita, lan acara TV. Jovica kandha, ”Kèt cilik aku wis nduwé prasangka. Malah, aku sengit karo wong-wong saka suku kuwi lan ngrasa nèk apa sing tak pikirké kuwi bener.”

”Ning, wektu aku dadi tentara, aku kudu manggon bareng karo tentara liyané sing asalé saka suku kuwi. Aku sinau basané, ngrungokké lagu-laguné, lan akhiré isa nduwé pandangan sing apik karo wong-wong kuwi. Ning, prasangka isa waé muncul manèh. Dadi, aku ora gelem ngrungokké berita sing ngèlèk-èlèk suku kuwi. Aku ya ora gelem nonton film utawa ngrungokké guyonan sing ngrendhahké wong-wong saka suku kuwi. Aku ngerti nèk aku terus-terusan nduwé prasangka, suwé-suwé aku isa dadi wong sing nesunan lan jahat.”

Sing Isa Njenengan Tindakké

  • Aja nganggep nèk kabèh wong saka kelompok sing dianggep èlèk kuwi nduwé sipat sing padha.

  • Aja ngrasa nèk njenengan ngerti kabèh faktané.

  • Ngupaya nggolèk informasi saka sumber sing isa dipercaya.

Wong-wong sing ngalahké rasa sengit

Kumpulan gambar: 1. Wong lanang loro lagi mlaku lan ngobrol. 2. Wong lanang sing lagi senyum karo kanca-kancané.

Apa sing mbantu wong Arab lan wong Yahudi iki isa nyingkirké prasangka?

Deloken vidéo Kapan Kasih yang Loyal Akan Mengalahkan Kebencian? Njenengan isa nggolèki vidéoné ing jw.org/id.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim