PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g21 No. 3 hlm. 14-15
  • Manfaaté Ngerti soal Kuwi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Manfaaté Ngerti soal Kuwi
  • Gatèkna!—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Urip luwih bermakna
  • Éntuk naséhat sing bermanfaat
  • Ngerti keterangan sing penting
  • Nduwé harapan
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
  • Gusti Allah Kuwi Sapa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Gatèkna!—2021
g21 No. 3 hlm. 14-15
Cah-cah enom lagi ndeloki kéwan ing wit.

Manfaaté Ngerti soal Kuwi

Bar ngerti fakta-fakta mau, mungkin njenengan dadi percaya nèk Gusti Allah ana. Terus, mungkin njenengan ya dadi péngin ngerti apa Alkitab asalé saka Gusti Allah. Nèk njenengan percaya isiné Alkitab, manfaaté apa?

Urip luwih bermakna

MENURUT ALKITAB: ”[Gusti Allah] nindakké apa sing apik, misalé mènèhi kowé udan lan musim panèn. Gusti Allah ya wis mènèhi kowé panganan sing akèh lan nggawé atimu seneng.”​—Kisah 14:17.

ARTINÉ: Kabèh sing ana ing alam kuwi anugrah saka Gusti Allah. Kuwi bukti nèk Dhèwèké perduli. Nèk ngerti soal kuwi, njenengan bakal luwih menghargai anugrah saka Gusti Allah.

Éntuk naséhat sing bermanfaat

MENURUT ALKITAB: ”Kowé bakal ngerti apa sing bener lan adil lan kabèh tumindak sing bener.”​—Wulang Bebasan 2:9.

ARTINÉ: Gusti Allah sing paling ngerti piyé bèn njenengan bahagia soalé Dhèwèké sing nyiptakké njenengan. Nèk sinau naséhaté ing Alkitab, njenengan isa éntuk manfaat.

Ngerti keterangan sing penting

MENURUT ALKITAB: ”Kowé bakal éntuk pengetahuan soal Gusti Allah.”​—Wulang Bebasan 2:5.

ARTINÉ: Nèk percaya Gusti Allah ana, njenengan dadi isa ngerti piyé carané bèn bahagia, ngapa kok akèh wong susah, lan nèk mati kuwi piyé. Njenengan isa nggolèki keterangan soal kuwi ing Alkitab.

Nduwé harapan

MENURUT ALKITAB: ”Yéhuwaha kandha, ’Aku ngerti tenan apa sing péngin Tak tindakké marang kowé. Aku péngin mènèhi kowé kedamaian, dudu bencana, bèn kowé isa nduwé masa depan lan harapan.’”​—Yérémia 29:11.

Deloken vidéo Apa Buktiné Nèk Isiné Alkitab Kuwi Bener? lan Sapa Sing Ngarang Alkitab? ing jw.org/jv. Carané, ketiken ”Alkitab kuwi bener” utawa ”sing ngarang Alkitab” ing kothak pencarian.

ARTINÉ: Gusti Allah janji nèk sukmbèn ora bakal ana manèh wong jahat, wong susah, lan wong mati. Nèk percaya karo janji kuwi, njenengan isa nduwé harapan lan saiki isa tetep semangat meskipun ngadhepi masalah.

Manfaat sing wis dirasakké wong-wong

Cyndi.

”Aku wis ngrasakké dhéwé Gusti Allah mbantu aku. Misalé, aku dadi ngerti endi sing kudu tak utamakké, piyé bèn rukun karo wong liya, lan carané bèn akrab karo Gusti Allah.”​—Cyndi, Amerika Serikat.

Elise.

”Sejak aku percaya nèk Gusti Allah ana, uripku dadi ora mboseni. Soalé mesthi ana sing isa tak pelajari soal Gusti Allah, ciptaané, lan omongané sing ana ing Alkitab.”​—Elise, Prancis.

Peter.

”Bar naséhaté Gusti Allah ing Alkitab tak praktèkké, aku dadi ora seneng protès, luwih perhatian karo wong liya, lan seneng bersyukur. Anak bojoku ya seneng merga sipatku dadi luwih apik.”​—Peter, Belanda.

Liz.

”Mbiyèn, aku strès banget merga saben dina gawéanku mung mangan, turu, lan kerja. Tapi saiki aku ngerti nèk urip kuwi anugrah saka Gusti Allah, dadi kudu dinikmati.”​—Liz, Estonia.

Adrien.

”Aku kerep kuwatir. Tapi aku isa tenang merga ngerti nèk sukmbèn ora bakal ana manèh wong jahat lan wong susah.”​—Adrien, Prancis.

Ing Alkitab ana keterangan soal uripé manungsa. Deloken vidéo Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab? —Versi Dawa.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ditulis ing Alkitab.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim