PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g23 No. 1 hlm. 12-14
  • Udara

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Udara
  • Gatèkna!—2023
  • Subjudhul
  • Keadaan Udara Saiki
  • Bukti-Bukti Nèk Bumi Ora Bakal Rusak
  • Sing Wis Diupayakké Manungsa
  • Ing Alkitab Ana Harapan Apa?
Gatèkna!—2023
g23 No. 1 hlm. 12-14
Suami istri mlaku-mlaku ing bukit sing ketutup salju karo ndeloki danau, hutan-hutan, lan langit.

BUMI IKI TAMBAH RUSAK

UDARA

KABÈH makhluk hidup butuh udara bèn isa ambegan. Lapisan udara sing disebut atmosfér ya isa nglindhungi bumi saka radiasi matahari lan nggawé bumi ora membeku.

Keadaan Udara Saiki

Polusi udara saiki berbahaya banget kanggo makhluk hidup. Menurut Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) saiki udarané wis tercemar, 99 persèn wong sak donya menghirup polusi.

Polusi udara isa marakké gangguan pernapasan, kanker paru-paru, lan penyakit jantung. Polusi udara wis nyebabké luwih saka pitung juta wong mati saben taun.

Bukti-Bukti Nèk Bumi Ora Bakal Rusak

Sakjané bumi wis dirancang bèn isa terus nyedhiakké udara sing resik kanggo kabèh makhluk hidup. Tapi kuwi isa kelakon nèk manungsa ora terus-terusan mencemari udara. Buktiné:

  • Awaké dhéwé ngerti nèk hutan isa nyerep karbon dioksida ing udara. Tapi ternyata hutan bakau sing ana ing pinggir pantai, isa nyerep karbon dioksida ping lima luwih akèh timbang hutan tropis.

  • Durung suwé iki ana penelitian soal salah siji jenis rumput laut sing jenengé kèlp. Ternyata kèlp isa nyerep karbon dioksida, malah isa ngilangi kuwi saka udara. Ing godhongé ana kanthong-kanthong sing isiné udara, fungsiné bèn kèlp isa terus ngambang. Merga kena ombak, suwé-suwé kèlp isa tekan tengah laut. Terus wektu kanthong-kanthongé pecah, kèlp lan karbon dioksida sing ana ing njeroné kleleb ing dhasar laut lan tetep ana ing kono nganti atusan taun.

  • Atmosfér ya dirancang bèn isa nggawé udara resik dhéwé. Kuwi terbukti pas lockdown selama wabah COVID-19. Misalé, taun 2020 pas akèh pabrik sing mandheg lan mung sithik sing nganggo kendaraan, udarané dadi semakin resik. Menurut ”2020 World Air Quality Report”, ana luwih saka 80 persèn negara-negara nglaporké nèk udara ing negarané dadi semakin resik pas lockdown.

    FAKTA MENARIK

    Udara sing Mauné Reged Isa Resik Dhéwé

    Diagram sing nduduhké tingkat partikel halus (PM2,5) ing New Delhi, India. Sasi Januari 2020 kualitas udarané ora séhat, tingkaté 128,1. Tapi sasi Agustus 2020 kualitas udarané luwih resik, tingkaté mudhun dadi 35,5.

    Selama lockdown pas pandemi COVID-19, polusi udara sing disebabké pabrik-pabrik lan kendaraan wis berkurang akèh banget ing New Delhi, India. Tingkat partikel halus (PM2,5) dadi rendah banget. Partikel udara sing cilik iki (sing ukurané 0,0025 mm utawa luwih cilik manèh) isa nyebabké gangguan pernapasan lan penyakit liyané sing parah. Mémang ora suwé bar kuwi udarané reged manèh. Tapi conto kuwi bukti nèk atmosfér isa nggawé udara dadi resik dhéwé.

    Akhir taun 2019 ing New Delhi, India, polusiné parah banget.

    © Amit kg/Shutterstock

    Akhir Taun 2019

    Selama lockdown COVID-19 ing New Delhi, India, udarané luwih resik.

    © Volobotti/Shutterstock

    Selama lockdown COVID-19

Sing Wis Diupayakké Manungsa

Wong lanang lagi markirké sepédha.

Nèk lunga-lunga numpak sepédha, awaké dhéwé isa ngurangi polusi udara

Pamréntah ngongkon pabrik-pabrik bèn mèlu ngurangi polusi udara. Para ilmuwan ya terus nliti piyé carané bèn isa ngurangi polusi udara. Misalé, meréka nganggo baktèri bèn isa ngubah polusi dadi zat-zat sing ora berbahaya kanggo lingkungan. Para ahli ya nyaranké bèn wong-wong isa luwih kerep numpak sepédha utawa mlaku, timbang numpak kendaraan. Terus pas ing omah ya aja nganti boros banyu, listrik, utawa gas.

Wong wédok lagi masak nganggo kompor modèrn sing ora marakké polusi udara.

Ing beberapa negara ana pamréntah sing ngekèki rakyaté kompor modèrn sing tujuané kanggo ngurangi polusi udara. Tapi sayangé, ana akèh sing durung isa éntuk kuwi.

Tapi kabèh kuwi isih durung cukup. Buktiné, taun 2022 ana kesimpulan saka laporan sing digawé beberapa organisasi internasional termasuk WHO lan Bank Dunia.

Ing laporané disebutké nèk ing taun 2020, sepertelu saka jumlah penduduk sak donya isih nganggo bahan bakar sing marakké polusi udara pas masak. Ing beberapa dhaérah, mung sithik sing isa nduwé kompor sing luwih modèrn utawa nganggo bahan bakar sing ora mencemari udara.

Ing Alkitab Ana Harapan Apa?

”Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener, Gusti Allah . . . sing nyiptakké . . . langit, sing nggawé bumi sak isiné, sing mènèhi napas marang manungsa ing bumi.”—Yésaya 42:5.

Gusti Allah wis nyiptakké udara bèn awaké dhéwé isa ambegan. Terus Gusti Allah ya nggawé prosès-prosès alami bèn udarané isa resik dhéwé. Kuwi kabèh bukti nèk Gusti Allah mahakuwasa lan sayang karo kabèh makhluk hidup. Awaké dhéwé dadi yakin nèk Gusti Allah mesthi bakal nggawé udara sing tercemar dadi resik manèh. Deloken artikel ”Gusti Allah Janji Nèk Bumi Ora Bakal Tambah Rusak”.

KETERANGAN LIYANÉ

Bumi didelok saka luar angkasa.

Kok isa ana atmosfér? Deloken vidéo Apa Alam Semesta Diciptakké? ing jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim