PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g24 No. 1 hlm. 13-15
  • Menghargai Diri Sendiri

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Menghargai Diri Sendiri
  • Gatèkna!—2024
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KENAPA KUWI PENTING?
  • SING ISA DIUPAYAKKÉ
  • SING DILAKUKAN SEKSI-SEKSI YÉHUWAH
  • Bantuan kanggo Njenengan
    Gatèkna!—2020
  • Menghargai Anggota Keluarga
    Gatèkna!—2024
  • Apa Manfaaté Teka ing Pertemuan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Naséhat saka Alkitab ing JW.ORG
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2022
Delok Kabèh
Gatèkna!—2024
g24 No. 1 hlm. 13-15
Wong wédok lagi ngaca lan kétok sedhih.

Menghargai Diri Sendiri

KENAPA KUWI PENTING?

Wong sing menghargai diri sendiri bakal luwih percaya diri wektu ngadhepi masalah lan ora gampang nyerah.

  • Penelitian nduduhké, wong sing ora menghargai diri sendiri isa ngalami déprèsi, gangguan kecemasan, lan gangguan pola makan. Sakliyané kuwi, meréka isa kecanduan ngombé alkohol utawa nganggo narkoba.

  • Wong sing menghargai diri sendiri ora seneng mbandhing-mbandhingké karo wong liya. Kuwi marakké dhèwèké dadi gampang nggolèk kanca. Tapi, wong sing ora menghargai diri sendiri biasané seneng ngritik lan akhiré ora isa akrab karo wong liya.

  • Meskipun ana masalah utawa tantangan, wong sing menghargai diri sendiri ora gampang nyerah lan malah berusaha kanggo ngadhepi kuwi. Tapi, wong sing kurang menghargai diri sendiri isa waé nganggep masalah sing sakjané sepélé dadi masalah sing gedhé banget. Kuwi sing marakké meréka dadi gampang nyerah.

SING ISA DIUPAYAKKÉ

Golèka kanca sing isa nyemangati. Njenengan isa bergaul karo kanca sing menghargai wong liya. Dhèwèké mesthi perduli lan péngin njenengan isa menghargai diri sendiri.

”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”—Wulang Bebasan 17:17.

Mbantu wong liya. Nèk apikan lan seneng mbantu wong liya, njenengan isa bener-bener bahagia meskipun wong liya ora isa mbales kebaikané njenengan. Ora masalah wong liya ngerti perbuatan apiké njenengan apa ora, njenengan isa tetep ngrasa bahagia.

”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”—Kisah 20:35.

Ajari anaké njenengan bèn isa menghargai diri sendiri. Salah siji carané, njenengan isa ngekèki kesempatan bèn anak-anak isa ngrampungi masalahé dhéwé sesuai karo kemampuané. Anak-anak bakal ngerti kudu piyé pas ana masalah. Hasilé, nganti meréka déwasa, meréka isa luwih menghargai diri sendiri.

”Cah enom kudu mbok ajari bèn isa nindakké sing bener. Nganti tuwa dhèwèké ora bakal nindakké sing ora bener.”—Wulang Bebasan 22:6.

Salah siji Seksi Yéhuwah lagi mandhu sinau Alkitab ing kafé.
Salah siji Seksi Yéhuwah lagi mandhu sinau Alkitab ing kafé.

SING DILAKUKAN SEKSI-SEKSI YÉHUWAH

Pertemuan ibadah lan pelajaran Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi bermanfaat kanggo wong-wong. Meréka bakal ngerti carané dadi wong sing luwih apik lan isa menghargai diri sendiri.

PERTEMUAN IBADAHÉ SEKSI-SEKSI YÉHUWAH

Pertemuané gratis lan kabèh wong éntuk teka. Saben minggu, ana ceramah sing dhasaré Alkitab sing sering mbahas soal piyé carané bèn isa menghargai diri sendiri. Misalé, ana ceramah soal . . .

  • ngapa kok Gusti Allah nganggep njenengan berharga

  • carané bèn urip isa luwih bermakna

  • carané bèn isa nduwé sahabat nganti saklawasé

Njenengan ya bakal éntuk kanca sing ”isa padha-padha nggatèkké”.—1 Korintus 12:​25, 26.

Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh, njenengan isa nggolèki vidéo sing judhulé Ana Acara Apa Waé ing Balai Ibadah? ing jw.org/jv.

PELAJARAN ALKITAB KARO SEKSI YÉHUWAH

Kami seneng nawakké pelajaran Alkitab nganggo buku Bahagia Saklawasé. Pas sinau Alkitab nganggo buku kuwi, bakal dibahas pathokan-pathokan ing Alkitab lan ngrembug pertanyaan-pertanyaan sing ana ing bukuné. Terus, ya ana vidéo lan gambar sing menarik. Sakwisé sinau Alkitab, wong-wong isa luwih menghargai diri sendiri lan dadi wong sing luwih apik.

Bèn ngerti manfaaté sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah, golèka vidéo sing judhulé Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab? ing jw.org/jv.

Israel Martínez.

KETERANGAN LIYANÉ

Israel Martínez ngrasa ora percaya diri merga dhèwèké miskin lan ora isa nglanjutké sekolahé. Tapi sakwisé teka ing pertemuan ibadah lan sinau Alkitab, dhèwèké dadi luwih percaya diri. Wacanen pengalamané ing artikel sing judhulé ”Saya Tidak Lagi Malu dengan Diri Saya” ing jw.org/id.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim