Pengantar
Apa njenengan kuwatir merga saiki rega-rega padha mundhak? Apa njenengan kudu kerja keras malah nganti lembur lan nganti ora nduwé wektu kanggo keluarga, bèn isa nyukupi kebutuhan saben dina? Nèk iya, ing artikel majalah Gatèkna! iki, ana saran-saran sing isa bermanfaat kanggo njenengan. Nèk ngetrapké saran-saran kuwi, uripé njenengan isa luwih bahagia lan ora terlalu kuwatir. Artikel terakhir ing majalah iki mbahas soal janji sing mesthi kelakon nèk uripé manungsa sukmbèn dadi luwih apik. Nèk ngerti janji kuwi, njenengan isa luwih ayem.