PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g25 No. 1 hlm. 14-15
  • Percaya Nèk Sukmbèn Keadaané Bakal Luwih Apik

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Percaya Nèk Sukmbèn Keadaané Bakal Luwih Apik
  • Gatèkna!—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MANFAATÉ APA?
  • AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?
  • KERAJAANÉ GUSTI ALLAH KUWI APA? LIWAT KERAJAANÉ GUSTI ALLAH, APA SING BAKAL KELAKON?
  • Pas Ana Masalah, Apa Ana Harapan?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Janji ing Alkitab
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
  • Harapan ing Masa Depan
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Gatèkna!—2025
g25 No. 1 hlm. 14-15

PAS REGA-REGA PADHA MUNDHAK, AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?

Percaya Nèk Sukmbèn Keadaané Bakal Luwih Apik

Apa ing panggonané njenengan rega-rega padha mundhak, tapi penghasilané njenengan tetep? Terus, apa njenengan kuwatir nèk ora isa nyukupi kebutuhané njenengan lan keluarga? Nèk iya, mungkin njenengan dadi kuwatir piyé uripé njenengan sukmbèn. Mémang saiki keadaané susah lan nggawé kuwatir, tapi nèk njenengan percaya sukmbèn keadaané bakal luwih apik, njenengan isa ngadhepi kuwi.

MANFAATÉ APA?

Wong sing percaya nèk sukmbèn keadaané bakal luwih apik kuwi ora mung percaya thok, tapi dhèwèké ya ngerti kudu piyé. Dhèwèké bakal ngupaya sak isa-isané kanggo ngatasi masalah sing lagi diadhepi. Menurut penelitian, wong sing kaya ngono kuwi isa . . .

  • tetep kuwat lan ora gampang nyerah

  • nggawé penyesuaian

  • luwih wicaksana wektu arep nggawé keputusan, termasuk mastèkké manèh apa kebiasaané saben dina isa nggawé luwih séhat lan bahagia

AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?

Pertama, mikirké apa manfaaté nèk ngetrapké saran-saran sing ana ing Alkitab. Ing Alkitab ana saran-saran sing isa mbantu njenengan wektu ngalami masalah ékonomi merga rega-rega padha mundhak. Nèk ngetrapké saran-saran kuwi njenengan ora bakal putus asa, tapi malah isa ngerti saiki kudu piyé. Terus nèk mengko keadaané tambah susah, njenengan ya isa ngadhepi keadaan kuwi.

”Kowé bakal isa mikir, lan pertimbangan sing apik bakal nglindhungi kowé.”—Wulang Bebasan 2:11.


Keloro, mikirké keterangan sing ana ing Alkitab soal masa depan. Sakwisé ngerti nèk saran-saran sing ana ing Alkitab kuwi bermanfaat, njenengan mungkin dadi péngin ngerti luwih akèh keterangan sing ana ing Alkitab soal masa depan. Misalé, saka Alkitab njenengan isa ngerti nèk Gusti Allah mènèhi ”masa depan lan harapan” sing nyenengké kanggo manungsa. (Yérémia 29:11) Saka Alkitab, njenengan ya isa ngerti nèk janjiné Gusti Allah kuwi bakal kelakon liwat Kerajaané Gusti Allah.

KERAJAANÉ GUSTI ALLAH KUWI APA? LIWAT KERAJAANÉ GUSTI ALLAH, APA SING BAKAL KELAKON?

Kerajaané Gusti Allah kuwi pamréntahan sing ana ing swarga sing bakal mréntah bumi. (Danièl 2:44; Matius 6:10) Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, ing bumi ora bakal ana manèh kesusahan lan kemiskinan. Wong-wong ya bakal urip damai lan bahagia merga kebutuhané tercukupi. Janji-janji kuwi dicathet ing ayat-ayat iki:

”Kowé bakal bahagia lan makmur.”—Mazmur 128:2.

”Kerja kerasé [wong-wong ing bumi] mesthi bakal ana hasilé.”—Yésaya 65:23.

”Bakal ana akèh pangan ing bumi.”—Mazmur 72:16.

Jutaan wong percaya nèk janji-janjiné Gusti Allah kuwi mesthi bakal kelakon soalé Gusti Allah ”ora isa ngapusi”. (Titus 1:2) Apa njenengan péngin ngerti janji liyané sing dicathet ing Alkitab? Janji-janji kuwi isa nggawé njenengan bèn ora nyerah wektu ngalami masalah ékonomi. Njenengan ya isa tambah yakin nèk sukmbèn keadaané bakal dadi luwih apik.

”Merga sinau janji-janjiné Gusti Allah sing ana ing Alkitab, aku dadi ngerti nèk masalah sing tak adhepi saiki mung sementara. Aku ya dadi ora gampang nyerah lan ora terlalu kuwatir wektu ngadhepi masalah ékonomi sing tambah parah.”—Ramaz, Georgia.

KETERANGAN LIYANÉ

Apa janji-janjiné Gusti Allah soal masa depan sing dicathet ing Alkitab tenanan isa dipercaya? Ing situs wèb jw.org, deloken vidéo Apa Buktiné Nèk Isiné Alkitab Kuwi Bener? lan Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim