PAS REGA-REGA PADHA MUNDHAK, AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?
Percaya Nèk Sukmbèn Keadaané Bakal Luwih Apik
Apa ing panggonané njenengan rega-rega padha mundhak, tapi penghasilané njenengan tetep? Terus, apa njenengan kuwatir nèk ora isa nyukupi kebutuhané njenengan lan keluarga? Nèk iya, mungkin njenengan dadi kuwatir piyé uripé njenengan sukmbèn. Mémang saiki keadaané susah lan nggawé kuwatir, tapi nèk njenengan percaya sukmbèn keadaané bakal luwih apik, njenengan isa ngadhepi kuwi.
MANFAATÉ APA?
Wong sing percaya nèk sukmbèn keadaané bakal luwih apik kuwi ora mung percaya thok, tapi dhèwèké ya ngerti kudu piyé. Dhèwèké bakal ngupaya sak isa-isané kanggo ngatasi masalah sing lagi diadhepi. Menurut penelitian, wong sing kaya ngono kuwi isa . . .
tetep kuwat lan ora gampang nyerah
nggawé penyesuaian
luwih wicaksana wektu arep nggawé keputusan, termasuk mastèkké manèh apa kebiasaané saben dina isa nggawé luwih séhat lan bahagia
AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?
Pertama, mikirké apa manfaaté nèk ngetrapké saran-saran sing ana ing Alkitab. Ing Alkitab ana saran-saran sing isa mbantu njenengan wektu ngalami masalah ékonomi merga rega-rega padha mundhak. Nèk ngetrapké saran-saran kuwi njenengan ora bakal putus asa, tapi malah isa ngerti saiki kudu piyé. Terus nèk mengko keadaané tambah susah, njenengan ya isa ngadhepi keadaan kuwi.
Keloro, mikirké keterangan sing ana ing Alkitab soal masa depan. Sakwisé ngerti nèk saran-saran sing ana ing Alkitab kuwi bermanfaat, njenengan mungkin dadi péngin ngerti luwih akèh keterangan sing ana ing Alkitab soal masa depan. Misalé, saka Alkitab njenengan isa ngerti nèk Gusti Allah mènèhi ”masa depan lan harapan” sing nyenengké kanggo manungsa. (Yérémia 29:11) Saka Alkitab, njenengan ya isa ngerti nèk janjiné Gusti Allah kuwi bakal kelakon liwat Kerajaané Gusti Allah.
KERAJAANÉ GUSTI ALLAH KUWI APA? LIWAT KERAJAANÉ GUSTI ALLAH, APA SING BAKAL KELAKON?
Kerajaané Gusti Allah kuwi pamréntahan sing ana ing swarga sing bakal mréntah bumi. (Danièl 2:44; Matius 6:10) Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, ing bumi ora bakal ana manèh kesusahan lan kemiskinan. Wong-wong ya bakal urip damai lan bahagia merga kebutuhané tercukupi. Janji-janji kuwi dicathet ing ayat-ayat iki:
Jutaan wong percaya nèk janji-janjiné Gusti Allah kuwi mesthi bakal kelakon soalé Gusti Allah ”ora isa ngapusi”. (Titus 1:2) Apa njenengan péngin ngerti janji liyané sing dicathet ing Alkitab? Janji-janji kuwi isa nggawé njenengan bèn ora nyerah wektu ngalami masalah ékonomi. Njenengan ya isa tambah yakin nèk sukmbèn keadaané bakal dadi luwih apik.