PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g25 No. 1 hlm. 12-13
  • Murah Hati

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Murah Hati
  • Gatèkna!—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MANFAATÉ APA?
  • AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?
  • Loma Kuwi Nggawé Bungah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Carané Bèn Isa Rukun karo Wong Liya
    Gatèkna!—2021
  • Paédahé Seneng Mènèhi
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Isiné Majalah Iki
    Gatèkna!—2025
Delok Kabèh
Gatèkna!—2025
g25 No. 1 hlm. 12-13

PAS REGA-REGA PADHA MUNDHAK, AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?

Murah Hati

Merga rega-rega padha mundhak, njenengan mungkin ngrasa angèl kanggo nyukupi kebutuhan saben dina, apamanèh kanggo murah hati karo wong liya. Tapi nèk murah hati, kuwi sakjané isa mbantu njenengan berhasil ngadhepi masalah ékonomi. Njenengan isa murah hati karo wong liya, tapi ya isa tetep hémat.

MANFAATÉ APA?

Nèk murah hati, awaké dhéwé isa luwih bahagia lan luwih percaya diri meskipun sing diwènèhké kanggo wong liya kuwi ora akèh. Beberapa dokter ngomong nèk seneng mènèhi kuwi apik kanggo keséhatan fisik lan méntalé awaké dhéwé, misalé isa ngurangi rasa kuwatir, ngurangi strès, isa ngurangi rasa nyeri, lan isa ngurangi tekanan darah tinggi. Sakliyané kuwi, seneng mènèhi ya isa marahi turuné dadi luwih angler.

”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”—Kisah 20:35.

Nèk seneng mènèhi wong liya, ora soal bentuké dhuwit utawa liyané, awaké dhéwé ya dadi ora pekéwuh kanggo nampa bantuan saka wong liya. Howard sing manggon ing Inggris crita, ”Merga murah hati lan seneng mbantu wong liya, aku karo bojoku ya dadi ora pekéwuh pas nampa bantuan saka wong liya.” Mémang, wong sing bener-bener murah hati kuwi ora pamrih. Tapi merga murah hati, dhèwèké isa nduwé kanca akrab sing siap mbantu wektu dhèwèké lagi ngadhepi kesusahan.

”Kowé kudu seneng mènèhi, lan kowé ya bakal diwènèhi.”—Lukas 6:38.

AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?

Seneng mènèhi. Meskipun njenengan ora sugih, tapi tetep ana sing isa njenengan bagèkké, misalé panganan. Contoné Duncan karo keluargané sing manggon ing Uganda. Meskipun uripé susah, tapi meréka tetep murah hati. Duncan crita, ”Nèk dina Minggu, aku karo bojoku ngundang wong liya kanggo mangan bareng ing omahku. Nyenengké banget isa bergaul karo wong liya.”

Mémang nèk arep murah hati, awaké dhéwé kudu masuk akal. Aja nganti kebutuhan keluarga malah ora tercukupi.—Ayub 17:5.

Cobanen iki: Mènèhi panganan utawa minuman kanggo wong liya. Nèk njenengan nduwé barang sing wis ora dienggo tapi isih apik, njenengan isa ngekèkké kuwi karo kanca utawa tanggané njenengan sing mbutuhké lan gelem nganggo barang kuwi.


Seneng mbantu. Ana sing isa dikèkké wong liya tapi ora perlu ngetokké dhuwit, misalé awaké dhéwé isa nyisihké wektu lan luwih perduli karo wong liya bèn isa mbantu meréka. Bahkan omongané awaké dhéwé seolah-olah ya isa dadi hadiah kanggo wong liya, misalé awaké dhéwé isa ngomong nèk sayang lan nganggep meréka berharga.

Cobanen iki: Njenengan isa mbantu wong liya kanggo ngerjakké gawéan omahé, ndandani nèk ana sing rusak, utawa mbantu hal-hal liyané. Njenengan ya isa ngirimi kartu ucapan sing isiné nduduhké nèk njenengan menghargai meréka. Terus, njenengan ya isa ngirim pesan singkat meskipun mung takon kabaré.

Nèk murah hati, njenengan bakal luwih bahagia.

”Aja lali nindakké apa sing apik lan murah hati karo wong liya.”—Ibrani 13:16.

”Meskipun omah kami ora gedhé, tapi kami seneng ngundang kanca-kanca kanggo mangan bareng ing omah, kami ya masak kanggo meréka. Rasané seneng banget isa mbantu wong liya. Kadhang kami isa ngekèki dhuwit, tapi kerep-kerepé kami nyisihké wektu kanggo meréka. Kami bola-bali wis ngrasakké dhéwé nèk mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”—Trey, Israel.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim