PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g25 No. 1 hlm. 10-11
  • Ngrasa Puas

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngrasa Puas
  • Gatèkna!—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MANFAATÉ APA?
  • AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?
  • Apa Njenengan Péngin Ngerti Carané Bèn Isa Ngrasa Puas?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Carané Bèn Isa Ayem lan Bahagia
    Gatèkna!—2021
  • Terusa Bersyukur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • 2 Kudu Isa Ngatur Dhuwit
    Gatèkna!—2022
Delok Kabèh
Gatèkna!—2025
g25 No. 1 hlm. 10-11

PAS REGA-REGA PADHA MUNDHAK, AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?

Ngrasa Puas

Wong sing ngrasa puas bakal ngrasa cukup karo sing diduwèni. Terus nèk keadaané berubah, dhèwèké isa nggawé penyesuaian sesuai karo kemampuané.

MANFAATÉ APA?

Menurut psikolog sing jenengé Jessica Koehler, wong sing ngrasa puas kuwi biasané nduwé sifat-sifat sing apik. Wong sing kaya ngono ora gampang iri karo wong liya, mulané meréka isa luwih bahagia lan ora gampang strès. Biasané wong sing bahagia kuwi ora sugih, tapi meréka nduwé sesuatu sing luwih berharga sing ora isa dituku nganggo dhuwit, misalé rasa bahagia merga isa nduwé wektu bareng keluarga lan kanca-kanca.

”Awaké dhéwé bakal puas nèk wis nduwé panganan lan klambi.”—1 Timotius 6:8.

AWAKÉ DHÉWÉ KUDU PIYÉ?

Ora mbandhing-mbandhingké. Nèk mbandhing-mbandhingké uripé njenengan karo wong liya sing sugih, kuwi isa nggawé njenengan dadi ngrasa ora puas lan iri karo wong liya, padahal sing dibandhingké durung tentu tenanan sugih. Malah beberapa wong sing dianggep sugih, kenyataané nduwé akèh utang. Nicole sing manggon ing Senegal ngomong, ”Bèn isa bahagia, aku ora perlu dadi sugih. Tapi nèk aku ngrasa puas, aku luwih bahagia meskipun sing tak duwèni ora akèh kaya wong liya.”

Cobanen iki: Ora ndelok iklan utawa foto lan vidéo ing média sosial sing mamèrké barang-barang méwah utawa dhuwit akèh.

”Senajan wong nduwé harta sing akèh, ning harta kuwi ora isa nggawé dhèwèké tetep urip.”—Lukas 12:15.


Bersyukur. Wong sing bersyukur kuwi puas karo apa sing diduwèni lan ora mikir nèk dhèwèké kuduné isa nduwé luwih akèh. Roberton saka Haiti ngomong, ”Aku mikirké bantuan apa waé sing wis ditampa keluargaku saka wong liya. Aku ya ngomong maturnuwun karo meréka sing wis mbantu aku. Aku ya ngajari anakku lanang sing umuré wolung taun supaya ngomong maturnuwun nèk bar diwènèhi sesuatu karo wong liya.”

Cobanen iki: Saben dina, tulisen hal-hal apa waé sing isa njenengan syukuri, misalé isa tetep séhat, isa cedhak karo keluarga, nduwé kanca akrab, utawa isa ndelok matahari terbenam sing apik.

”Kanggoné wong sing atiné seneng, saben dina kuwi nyenengké.”—Wulang Bebasan 15:15.

Mémang, kadhang ora gampang kanggo ngrasa puas karo sing wis diduwèni. Tapi nèk awaké dhéwé ngrasa puas, awaké dhéwé isa luwih bahagia. Rasa bahagia kuwi sing ora isa dituku nganggo dhuwit.

”Aku karo keluargaku terus ngupaya bèn isa ngrasa puas lan kami ngrasakké manfaaté. Kami isa ngrasa luwih tenang, isa nduwé wektu kanggo wong liya, lan kami ya bersyukur karo apa sing diduwèni.”—Erik, Amerika Serikat.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim