PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g21 No. 1 hlm. 8-9
  • Carané Bèn Isa Ayem lan Bahagia

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Bèn Isa Ayem lan Bahagia
  • Gatèkna!—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sregep Nyambut Gawé
  • Jujur
  • Dhuwit Kuwi Dudu sing Paling Penting
  • Gelem Sinau saka Gusti Allah
  • Apa Dhuwit Nggawé Wong Dadi Jahat?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Carané Nggunakké lan Ngatur Dhuwit
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Pandhangan sing Bener soal Gawéan lan Dhuwit
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Carané Bèn Semangat Nyambut Gawé
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
Gatèkna!—2021
g21 No. 1 hlm. 8-9
Ibu-ibu karo anaké lanang lagi mlaku ing pertokoan sing ramé ing India, terus wong-wong ing sekitaré lagi ndelok-ndelok barang sing méwah.

Carané Bèn Isa Ayem lan Bahagia

Awaké dhéwé kabèh, ora soal wis nikah utawa durung, tuwa utawa enom, mesthi péngin uripé ayem lan bahagia. Sang Pencipta ya pénginé awaké dhéwé kaya ngono. Makané Dhèwèké mènèhi naséhat-naséhat sing apik.

Sregep Nyambut Gawé

”Dhèwèké kudu nyambut gawé sing tenanan lan nindakké apa sing apik bèn dhèwèké isa mbantu wong sing kekurangan.”—ÉFÉSUS 4:28.

Sang Pencipta péngin awaké dhéwé seneng nyambut gawé. Lha ngapa? Wong sing sregep nyambut gawé isa bahagia merga dhèwèké isa nyukupi kebutuhané dhéwé lan keluargané. Terus, dhèwèké mungkin ya isa mbantu wong liya. Wong-wong mesthi ya seneng karo wong sing nyambut gawéné sregep. Makané, wong sing sregep nyambut gawé biasané bakal betah karo gawéané lan dipercaya karo majikané. Menurut Kitab Suci, hasil kerja kerasé wong sing sregep kuwi ”hadiah saka Gusti Allah”.​—Pengkhotbah 3:13.

Jujur

”Aku yakin nèk aku nduwé hati nurani sing resik, lan aku péngin jujur wektu nindakké apa waé.”​—IBRANI 13:18.

Nèk jujur awaké dhéwé dadi nduwé harga diri, pikirané isa ayem, lan turuné angler. Terus, wong liya ya isa percaya lan ngajèni awaké dhéwé. Wong sing ora jujur bakal rugi dhéwé, terus pikirané ya ora tenang merga wedi konangan.

Dhuwit Kuwi Dudu sing Paling Penting

”Aja nresnani dhuwit. Kowé kudu ngrasa puas karo apa sing wis mbok duwèni.”​—IBRANI 13:5.

Awaké dhéwé mémang butuh dhuwit kanggo tuku panganan lan kebutuhan liyané. Tapi, aja nganti awaké dhéwé nresnani dhuwit. Wong sing nresnani dhuwit biasané wektu karo tenagané entèk mung dienggo golèk dhuwit, terus dadi ora nduwé wektu dienggo bojoné lan anak-anaké. Terus, dhèwèké dhéwé ya isa dadi lara. (1 Timotius 6:9, 10) Wong sing nresnani dhuwit biasané ya isa dadi ora jujur. Ana peribahasa sing kandha, ”Wong sing setya bakal nampa akèh berkah, ning wong sing péngin cepet sugih mesthi bakal nindakké kesalahan.”​—Wulang Bebasan 28:20.

Gelem Sinau saka Gusti Allah

”Terusa tumindak wicaksana lan gunakna kemampuan kanggo mikir.”​—WULANG BEBASAN 3:21.

Ing sekolah awaké dhéwé diajari bèn isa dadi wong sing apik lan isa dipercaya. Tapi nèk mung sinau ing sekolahan thok, durung mesthi awaké dhéwé isa bahagia lan ayem uripé. Nèk péngin uripé bener-bener suksès awaké dhéwé kudu sinau saka Gusti Allah. Kitab Suci ngomong nèk wong sing gelem ngrungokké Gusti Allah kuwi ”kabèh sing ditindakké mesthi bakal berhasil”.​—Mazmur 1:1-3.

Uripku Dadi Ayem lan Bahagia

”Ing kéné, akèh sing sekolah sak dhuwur-dhuwuré lan berupaya mati-matian bèn dadi sugih lan terkenal. Tapi, bar wis dadi sugih lan terkenal, wong-wong kuwi ora bahagia. Saka Alkitab aku dadi ngerti apa sing kuduné dianggep penting. Awaké dhéwé mémang butuh dhuwit, tapi ora berarti nèk wis nduwé dhuwit awaké dhéwé isa bahagia utawa éntuk kanca bener- bener apik. Uripku dadi ayem lan bahagia merga aku sinau Alkitab, terus isa nggawé keputusan-keputusan sing bener soal dhuwit lan gawéan.”​—Kishore.

Kishore.

Keterangan liyané:

Bèn isa ngerti naséhat-naséhaté Gusti Allah sing liyané soal gawéan, dhuwit, lan liya-liyané bukaken jw.org lan deloken bagian AJARANÉ ALKITAB > DAMAI & BAHAGIA.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim