PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 37
  • Pandhangan sing Bener soal Gawéan lan Dhuwit

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pandhangan sing Bener soal Gawéan lan Dhuwit
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Apa Dhuwit Nggawé Wong Dadi Jahat?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Manfaaté Alkitab kanggo Njenengan
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
  • Carané Nggunakké lan Ngatur Dhuwit
    Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 37
Pelajaran 37. Wong lagi maku kayu nganggo palu.

PELAJARAN 37

Pandhangan sing Bener soal Gawéan lan Dhuwit

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Apa njenengan tau strès merga gawéan utawa dhuwit? Mungkin bingung merga kudu nyukupi kebutuhan, tapi ya tetep kudu ngibadah. Ing Alkitab ana saran-saran sing apik soal kuwi.

1. Ana keterangan apa ing Alkitab soal nyambut gawé?

Gusti Allah péngin awaké dhéwé seneng wektu nyambut gawé. Menurut Alkitab, ”Sing paling apik kanggo manungsa yaiku . . . ngrasakké hasil kerja kerasé.” (Pengkhotbah 2:​24) Yéhuwah seneng nyambut gawé. Nèk sregep pas nyambut gawé, awaké dhéwé isa ngrasa puas lan nggawé Yéhuwah seneng.

Mémang kerja kuwi penting, tapi ibadah luwih penting. (Yohanes 6:​27) Yéhuwah janji kebutuhané awaké dhéwé bakal dicukupi nèk ngutamakké Dhèwèké.

2. Apa pandhangan sing bener soal dhuwit?

Menurut Alkitab, ’dhuwit isa nglindhungi’ tapi ora isa nggawé wong bahagia. (Pengkhotbah 7:​12) Mulané aja ngutamakké dhuwit, tapi ’kudu ngrasa puas karo sing wis diduwèni’. (Wacanen Ibrani 13:5.) Nèk ora puas, awaké dhéwé isa strès merga ora tau ngrasa cukup utawa malah dadi kakèhan utang. (Wulang Bebasan 22:7) Terus, isa waé malah péngin judhi utawa mèlu bisnis sing jaréné marahi cepet sugih.

3. Apa buktiné nèk ora pelit?

Yéhuwah kuwi ora pelit. Mulané, awaké dhéwé ya kudu ”murah hati, seneng mènèhi”. (1 Timotius 6:​18) Nèk nduwé dhuwit, isa disumbangké ing jemaat lan dienggo mbantu wong liya, terutama sedulur seiman. Ora soal sepira akèhé sing dikèkké, sing digatèkké Yéhuwah kuwi niaté. Nèk tulus, awaké dhéwé isa bahagia lan nggawé Yéhuwah seneng.​—Wacanen Kisah 20:35.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug apa manfaaté nduwé pandhangan sing bener soal nyambut gawé lan ngrasa puas karo sing wis diduwèni.

4. Ngluhurké Yéhuwah liwat tingkah lakuné awaké dhéwé pas kerja

Nèk akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi sregep lan jujur wektu nyambut gawé. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Tindakna kanthi Sakwutuhé Jiwamu kanggo Yéhuwah (4:​39)

  • Tingkah lakuné Jason sing endi sing njenengan senengi?

  • Apa sing diupayakké Jason bèn isa nyambut gawé lan ya tetep isa ngibadah?

Wacanen Kolose 3:​23, 24, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Ngapa kok kudu sregep lan jujur wektu nyambut gawé?

Gambar: Bapak sing kerja terus. 1. Kerja pas awan. 2. Kerja nganti bengi. 3. Tetep kerja meskipun kancané wis padha mulih. 4. Mangan dhèwèkan ing omahé.

Mémang kerja kuwi penting, tapi ibadah luwih penting

Gambar: Bapak sing ngupayakké bèn nduwé wektu kanggo sing luwih penting. 1. Kerja pas awan. 2. Rampung kerja pas soré. 3. Njawab pas pertemuan ibadah. 4. Mangan bareng karo keluargané.

5. Manfaaté nèk ngrasa puas

Akèh wong berusaha nggolèk dhuwit sak akèh-akèhé. Tapi menurut Alkitab piyé? Wacanen 1 Timotius 6:​6-8, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut Alkitab, awaké dhéwé kuduné piyé?

Meskipun dhuwité mung sithik, isa tetep bahagia. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: ’Ngrasa Puas karo Apa sing Wis Diduwèni’ (3:​20)

  • Meskipun ora sugih, apa sing nggawé keluarga-keluarga kuwi bahagia?

Tapi, piyé nèk terus ngrasa ora cukup padahal wis nduwé akèh? Yésus ngandhani bahayané. Wacanen Lukas 12:​15-​21, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Saka perumpamaané Yésus, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?​—Deloken ayat 15.

Wacanen Wulang Bebasan 10:22 lan bandhingna karo 1 Timotius 6:​10. Terus, rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Endi sing luwih penting, akrab karo Yéhuwah utawa nduwé dhuwit akèh? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

  • Apa akibaté nèk nggolèk dhuwit terus?

6. Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé

Pas kudu nggawé keputusan soal gawéan lan dhuwit, awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk percaya karo Yéhuwah. Bèn ngerti contoné setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Yéhuwah Nyukupi Kebutuhanku (6:​21)

  • Masalah apa sing lagi diadhepi sedulur kuwi?

  • Piyé dhèwèké ngatasi masalah kuwi?

Wacanen Matius 6:​25-​34, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Yéhuwah janji apa nèk awaké dhéwé ngutamakké Dhèwèké?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Sok-sok aku ora teka ngibadah, soalé aku kan kudu kerja.”

  • Ayat endi sing isa nggawé njenengan yakin nèk ngutamakké Yéhuwah kuwi sing paling apik?

KESIMPULAN

Mémang awaké dhéwé kudu nyambut gawé lan nggolèk dhuwit, tapi ngibadah kuwi tetep sing paling penting.

Jawaben

  • Piyé bèn nduwé pandhangan sing bener soal gawéan?

  • Apa manfaaté nèk ngrasa puas?

  • Apa buktiné nèk njenengan yakin Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhané umaté?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Menurut Alkitab, apa nduwé dhuwit kuwi salah?

”Apa Dhuwit Nggawé Wong Dadi Jahat?” (Artikel ing jw.org)

Pas ngekèki wong liya, awaké dhéwé kudu piyé bèn Gusti Allah seneng?

”Awaké Dhéwé Kudu Piyé Wektu Ngekèki Wong Liya?” (Artikel ing jw.org)

Apa judhi mung kanggo seneng-seneng kuwi ora apa-apa?

”Menurut Alkitab—Judhi” (Gatèkna! Maret 2015)

Deloken pengalamané wong sing ora seneng judhi lan ora ngrampok manèh merga sinau Alkitab.

”Aku Seneng Banget Balapan Kuda” (Warta Penting 1 November 2011)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim