PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bt bab 4 hlm. 28-35
  • ”Wong Biasa lan Sekolahé Ora Dhuwur”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Wong Biasa lan Sekolahé Ora Dhuwur”
  • ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ora ”Merga Kuwasaku Dhéwé” (Kis. 3:11-26)
  • ’Aku Ora Isa Mandheg Ngomong’ (Kis. 4:1-22)
  • ”Kabèh Murid Ndonga Bareng marang Gusti Allah” (Kis. 4:23-31)
  • Sing Diapusi ”Dudu Manungsa, Ning Gusti Allah” (Kis. 4:32–5:11)
  • Dhèwèké Sinau Pangapura saka Gustiné
    Tirunen Imané
  • Dhèwèké Ngupaya Nglawan Rasa Wedi lan Ragu
    Tirunen Imané
  • Dhèwèké Setya Ngadhepi Akèh Ujian
    Tirunen Imané
  • Berjuang Bèn Isa Terus Nglayani Yéhuwah, Kaya Pétrus
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
bt bab 4 hlm. 28-35

BAB 4

”Wong Biasa lan Sekolahé Ora Dhuwur”

Para rasul tetep kendel lan diberkahi Yéhuwah

Kisah 3:1–5:11

1, 2. Pas ing cedhak lawang bait, Pétrus karo Yohanes nggawé mukjijat apa?

PAS kuwi soré-soré, wong-wong Yahudi karo murid-muridé Yésus ana ing bait. Kuwi wektuné ”wong-wong kanggo ndonga”.a (Kis. 2:46; 3:1) Wektu kuwi Pétrus karo Yohanes mèh mlebu lawang bait sing disebut Gerbang Indah. Meskipun ing kono ramé banget, tapi pas Pétrus karo Yohanes mèh mlebu meréka krungu swarané wong sing lumpuh kèt lair lagi njaluk-njaluk sedhekah.​—Kis. 3:2; 4:22.

2 Wong lumpuh kuwi langsung njaluk-njaluk sedhekah karo Pétrus lan Yohanes, terus meréka mandheg lan ngomong ngéné, ”Aku ora nduwé emas utawa pérak. Tapi, apa sing tak duwèni bakal tak wènèhké kowé. Nganggo jenengé Yésus Kristus wong Nazarèt, mlakua.” Wong akèh sing ana ing kono mesthi kagèt banget ndelok Pétrus nyekel tangané wong sing lumpuh kèt lair kuwi, terus wong kuwi isa ngadeg. (Kis. 3:6, 7) Bayangna, wong sing lumpuh mau ndelok sikilé sing wis mari terus dhèwèké nyoba mlaku. Dhèwèké mesthi seneng banget nganti mlumpat-mlumpat karo muji Gusti Allah.

3. Wong lumpuh sing wis mari lan akèh wong sing ngrungokké Pétrus nduwé kesempatan apa?

3 Wong-wong langsung marani Pétrus karo Yohanes ing Serambi Salomo, terus Pétrus mulai ceramah ing kono. Mbiyèn Yésus mulang murid-muridé ing Serambi Salomo iki. (Yoh. 10:23) Pétrus ngandhani wong-wong kuwi, termasuk wong lumpuh sing mari mau, nèk meréka nduwé kesempatan kanggo mertobat, dosané diapura, lan dadi muridé Yésus, ”pemimpin sing wis dipilih kanggo mènèhi urip”. Kesempatan kuwi luwih berharga timbang emas lan pérak. Kuwi ya luwih berharga timbang mari saka kabèh penyakit.​—Kis. 3:15.

4. (a) Sakwisé Pétrus lan Yohanes marèkké wong sing lumpuh, ana masalah apa? (b) Loro pertanyaan apa sing bakal dibahas ing bab iki?

4 Wektu kuwi keadaané nyenengké banget. Wong sing lumpuh isa mari lan isa mlaku manèh. Wong akèh ya nduwé kesempatan kanggo mertobat lan nglayani Gusti Allah. (Kol. 1:9, 10) Tapi bar kuwi ana masalah. Ana para penguasa lan pemimpin sing péngin bèn meréka mandheg nginjil. (Kis. 1:8) Apa sing isa dipelajari saka Pétrus lan Yohanes, ”wong biasa lan sekolahé ora dhuwur”, wektu meréka ngomong karo wong akèh?b (Kis. 4:13) Terus pas ana tentangan, apa sing isa ditiru saka Pétrus, Yohanes, lan murid-murid liyané?

Ora ”Merga Kuwasaku Dhéwé” (Kis. 3:11-26)

5. Apa sing isa dipelajari saka contoné Pétrus?

5 Pétrus karo Yohanes dikelilingi karo wong akèh. Beberapa mungkin ana sing tau ngongkon bèn Yésus dipatèni. (Mrk. 15:8-15; Kis. 3:13-15) Pétrus kendel ngomong nèk wong sing lumpuh kuwi dimarèkké nganggo jenengé Yésus. Pétrus ngomong terus terang nèk meréka sing matèni Yésus. Pétrus ora nesu karo meréka, soalé Pétrus ngerti nèk tumindaké meréka kuwi merga meréka ”ora ngerti” sing bener. (Kis. 3:17) Pétrus menghargai wong-wong kuwi lan nganggep meréka sedulur. Terus sing paling penting, dhèwèké isa nyampèkké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. Nèk meréka mertobat lan nduwé iman karo Yésus, Yéhuwah bakal mènèhi meréka ”musim sing nyegerké”. (Kis. 3:19, cathetan ngisor) Pelajarané, awaké dhéwé ya kudu kendel wektu nginjil lan nyritakké nèk sedhéla manèh Yéhuwah bakal nyingkirké wong jahat, tapi awaké dhéwé ya kudu tetep menghargai lan ora kasar. Terus, saiki pas nginjil awaké dhéwé ya nganggep nèk sing dikabari kuwi bakal dadi seduluré awaké dhéwé lan sing paling penting awaké dhéwé isa nyampèkké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah.

6. Apa buktiné nèk Pétrus karo Yohanes rendah hati?

6 Pétrus karo Yohanes rendah hati. Meréka ora nganggep nèk mukjijat kuwi saka meréka dhéwé. Pétrus ngomong, ”Ngapa kok kowé ndeloki aku kaya ngono, apa mbok kira wong iki isa mlaku merga kuwasaku dhéwé utawa merga aku ngabdi marang Gusti Allah?” (Kis. 3:12) Pétrus lan rasul-rasul liyané ngerti nèk kabèh kemampuan lan mukjijat kuwi saka Gusti Allah. Dadi meréka nganggep nèk mung Yéhuwah lan Yésus sing pantes diluhurké.

7, 8. (a) Awaké dhéwé isa mbantu wong-wong bèn apa? (b) Piyé omongané Pétrus soal ”wektuné kabèh dipulihké” kelakon saiki?

7 Awaké dhéwé ya kudu rendah hati pas nginjil. Mémang, awaké dhéwé saiki ora isa nggawé mukjijat kaya para rasul mbiyèn. Tapi awaké dhéwé isa mbantu wong-wong bèn isa nduwé iman karo Gusti Allah lan Yésus. Kaya Pétrus awaké dhéwé ya isa mbantu wong-wong bèn mertobat, dosané diapura, lan diberkahi karo Yéhuwah. Saben taun ana akèh banget sing gelem dibaptis lan dadi muridé Yésus.

8 Kaya sing disebutké Pétrus, saiki kuwi ”wektuné kabèh dipulihké, kaya sing wis Gusti Allah omongké liwat para nabiné sing suci ing jaman mbiyèn”. Kuwi kelakon pas Kerajaané Gusti Allah mulai mréntah taun 1914. (Kis. 3:21; Mzm. 110:1-3; Dan. 4:16, 17) Sakwisé Kerajaané Gusti Allah mréntah, ibadah sing bener dipulihké karo Yésus. Hasilé ana jutaan wong sing dadi rakyaté Kerajaané Gusti Allah. Meréka wis ”nyingkirké kepribadian sing lawas . . . [lan] nganggo kepribadian sing anyar sing digawé sesuai karo karepé Gusti Allah”. (Éf. 4:22-24) Pétrus karo Yohanes isa marèkké wong sing lumpuh merga diwènèhi roh suci saka Gusti Allah. Saiki, awaké dhéwé ya isa kendel nginjil, mulang wong liya soal Alkitab, lan mbantu wong liya dadi muridé Yésus merga bantuan roh suciné Yéhuwah, dudu merga kemampuané awaké dhéwé.

’Aku Ora Isa Mandheg Ngomong’ (Kis. 4:1-22)

9-11. (a) Sakwisé krungu ceramahé Pétrus lan Yohanes, kepala penjaga bait, para imam, lan anggota Mahkamah Agung Yahudi piyé? (b) Meskipun dikongkon mandheg nginjil, apa tékadé para rasul?

9 Akèh wong padha kagum pas ndelok wong sing lumpuh mari lan ngrungokké ceramahé Pétrus. Bar kuwi, kepala penjaga bait lan para imam marani Pétrus karo Yohanes. Kemungkinan wong-wong iki wong Saduki. Wong Saduki kuwi kelompok sing sugih, pengaruhé gedhé ing politik, lan ndhukung pamréntahan Roma. Meréka ora gelem mèlu tradhisiné wong Farisi lan ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh.c Dadi, meréka jèngkèl ndelok Pétrus lan Yohanes mulang soal Yésus sing wis diuripké manèh.

10 Wong-wong mau nyekel Pétrus lan Yohanes terus dilebokké penjara. Sésuké Pétrus lan Yohanes diadili ing ngarepé Mahkamah Agung Yahudi. Wong-wong ing Mahkamah Agung Yahudi ngerti nèk Pétrus lan Yohanes kuwi ”wong biasa lan sekolahé ora dhuwur”. Dadi, meréka nganggep nèk Pétrus lan Yohanes ora nduwé hak kanggo mulang ing bait. Meréka nggumun ngapa kok Pétrus lan Yohanes isa kendel banget wektu ngomong padahal ora sekolah ing sekolahé guru-guru agama Yahudi. Tapi, sakjané Pétrus karo Yohanes isa kaya ngono merga meréka ”mbiyèn bareng karo Yésus”. (Kis. 4:13) Terus sing diwulangké Yésus kuwi asalé saka Gusti Allah, ora kaya para ahli Taurat.​—Mat. 7:28, 29.

11 Mahkamah Agung Yahudi ngongkon meréka mandheg nginjil. Keputusané Mahkamah Agung Yahudi kuwi penting banget. Malah sakdurungé, meréka sing mutuské nèk Yésus ”pantes mati”. (Mat. 26:59-66) Tapi Pétrus karo Yohanes ora wedi. Ing ngarepé wong-wong sugih, pinter, lan terkenal, meréka tetep sopan lan ngomong ngéné, ”Nèk nurut njenengan, Gusti Allah kuwi péngin awaké dhéwé manut karo Gusti Allah utawa manut karo njenengan? Mangga njenengan putuské dhéwé. Ning kanggoku, aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.”​—Kis. 4:19, 20.

IMAM AGUNG LAN PARA IMAM KEPALA

Imam agung kuwi tugasé dadi wakilé Gusti Allah. Pas jamané para rasul, imam agung kuwi ya dadi pemimpin Sanhèdrin. Ing ngisoré imam agung ana para imam kepala. Hanas kuwi salah siji conto imam kepala, mauné dhèwèké imam agung. Imam agung ya isa milih wong-wong lanang dadi imam kepala, jumlahé isa papat utawa lima. Ahli sejarah Yahudi sing jenengé Emil Schürer ngomong, ”Nèk dadi anggota keluargané imam agung lan imam kepala, kuwi mesthi diajèni karo imam-imam liyané.”

Kaya keterangan ing Alkitab, kuduné imam agung terus nglayani nganti dhèwèké mati. (Wi. 35:25) Tapi pas jamané para rasul, gubernur utawa raja-raja sing diwènèhi kuwasa karo Romawi sak karepé dhéwé nggonta-ngganti imam agung. Meskipun imam agungé digonta-ganti, tapi para penguasa sing ora nyembah Yéhuwah kuwi tetep milih imam agung saka keturunané Harun.

12. Apa sing nggawé awaké dhéwé kendel nginjil?

12 Apa njenengan isa kendel kaya Pétrus lan Yohanes? Piyé perasaané njenengan nèk nginjil karo wong sing sugih, pinter, utawa terkenal? Piyé nèk ana keluarga, kanca sekolah, utawa kanca kerja sing ngèlèk-èlèk kepercayaané njenengan? Apa njenengan wedi? Nèk iya, njenengan isa sinau carané bèn tetep kendel. Pas ing bumi, Yésus ngajari para rasul bèn kendel wektu nginjil. (Mat. 10:11-18) Sakwisé diuripké manèh, Yésus ya janji nèk dhèwèké bakal ’ngancani murid-muridé nganti akhir jaman’. (Mat. 28:20) Terus, Yésus ya wis nglantik ”budhak sing setya lan wicaksana” bèn mbantu awaké dhéwé isa kendel lan trampil nginjil. (Mat. 24:45-47; 1 Ptr. 3:15) Meréka mènèhi arahan liwat pertemuan ibadah, kaya ing bagéan Urip lan Nginjilé Wong Kristen. Terus ya liwat wacan-wacan sing dhasaré Alkitab, kaya ”Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab” sing ana ing jw.org. Nèk arahan-arahan kuwi ditrapké, njenengan isa tambah kendel nginjil. Kaya para rasul, aja nganti njenengan mandheg nyritakké sing njenengan wis pelajari saka Alkitab.

Sedulur wédok nginjil karo kanca kerjané pas istirahat.

Aja nganti mandheg nyritakké apa sing wis njenengan pelajari saka Alkitab

”Kabèh Murid Ndonga Bareng marang Gusti Allah” (Kis. 4:23-31)

13, 14. Njenengan kudu piyé nèk ana sing ora seneng njenengan nginjil, lan kenapa?

13 Sakwisé dibébaské saka penjara, Pétrus karo Yohanes ketemu karo sedulur-sedulur. Terus, ”kabèh murid ndonga bareng marang Gusti Allah” bèn isa kendel nginjil. (Kis. 4:24) Pétrus wis ngrasakké nèk karepé Yéhuwah ora isa kelakon nèk mung ngendelké kemampuané dhéwé. Sakdurungé, Pétrus ngendelké kemampuané dhéwé lan ngomong karo Yésus, ”Senajan kabèh kesandhung merga apa sing arep njenengan alami, aku ora bakal kesandhung.” Tapi kaya sing diomongké Yésus, Pétrus malah wedi lan ngomong nèk ora kenal karo Yésus. Dadi saiki Pétrus ora ngendelké kemampuané dhéwé.​—Mat. 26:33, 34, 69-75.

14 Nduwé kemampuan thok ora cukup bèn isa terus nginjil lan dadi muridé Yésus. Pas ana sing ora seneng njenengan nginjil, tirunen Pétrus lan Yohanes sing ndonga karo Yéhuwah bèn tetep kendel. Terus, njaluka bantuané para pinituwa lan sedulur-sedulur sing wis berpengalaman. Nèk sedulur-sedulur ndongakké njenengan, njenengan mesthi isa dadi luwih kendel.—Éf. 6:18; Yak. 5:16.

15. Nèk njenengan ngalami masalah terus mandheg nginjil, njenengan kudu piyé bèn isa semangat manèh?

15 Nèk njenengan ngalami masalah terus mandheg nginjil, élinga nèk mbiyèn para rasul sempet mandheg nginjil sakwisé Yésus dipatèni. Tapi bar kuwi, meréka nginjil manèh. (Mat. 26:56; 28:10, 16-20) Daripada mikir sing ora-ora utawa sing nggawé njenengan ora semangat, njenengan isa sinau saka pengalamané njenengan dhéwé. Terus nèk wis berhasil ngrampungké masalahé, kuwi isa dicritakké ing wong liya. Ceritané njenengan mesthi nyemangati wong liya.

16, 17. Apa sing isa dipelajari saka dongané murid-muridé Yésus?

16 Nèk misalé pamréntah nglarang awaké dhéwé nginjil, awaké dhéwé kudu piyé? Mbiyèn murid-muridé Yésus ora njaluk bèn ora ditentang manèh, soalé meréka mikirké omongané Yésus, ”Nèk wong-wong nganiaya aku, wong-wong kuwi ya bakal nganiaya kowé.” (Yoh. 15:20) Dadi murid-murid njaluk bèn Yéhuwah ’nggatèkké’ ancamané wong-wong sing nentang. (Kis. 4:29) Murid-murid ngerti nèk meréka dianiaya merga kuwi sesuai karo ramalané Yésus. Terus meskipun ditentang pamréntah, murid-murid ya ngerti nèk sing dikarepké Yéhuwah mesthi ”kelakon ing bumi”, kuwi kaya dongané Yésus.​—Mat. 6:9, 10.

17 Murid-murid donga, ”Tulung bantu budhak-budhak-Mu iki, yaiku aku lan para sedulur, bèn isa terus kendel ngumumké omongan-Mu.” Dongané murid-murid kuwi sesuai karo karepé Yéhuwah. Bar kuwi, Yéhuwah njawab dongané meréka, terus ”panggonan sing dienggo ngumpul kuwi dadi goncang, lan wong-wong kuwi dituntun roh suci. Bar kuwi, kabèh wong kuwi kendel ngumumké omongané Gusti Allah”. (Kis. 4:29-31) Karepé Yéhuwah mesthi kelakon. (Yés. 55:11) Awaké dhéwé ya isa niru contoné murid-murid mbiyèn. Meskipun ana tantangan utawa masalah, tapi nèk awaké dhéwé ndonga lan njaluk bantuané Yéhuwah, Yéhuwah mesthi bakal mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa kendel nginjil.

Sing Diapusi ”Dudu Manungsa, Ning Gusti Allah” (Kis. 4:32–5:11)

18. Piyé murid-murid ing Yérusalèm mbantu murid-murid liyané?

18 Anggota jemaat ing Yérusalèm tambah akèh nganti luwih saka 5.000.d Meskipun saka dhaérah sing béda-béda tapi murid-murid isa rukun merga ”nduwé cara mikir lan perasaan sing padha”. (Kis. 4:32; 1 Kor. 1:10) Murid-murid ing Yérusalèm ora mung ndonga njaluk berkahé Yéhuwah, tapi meréka ya ngupaya mbantu bèn sedulur-sedulur liyané nduwé iman sing kuwat lan mènèhké sing dibutuhké sedulur-sedulur kuwi. (1 Yoh. 3:16-18) Contoné, pas ana sedulur-sedulur saka dhaérah sing adoh sing manggon ing Yérusalèm luwih suwé, Yusuf sing kerep disebut Barnabas ngedol tanahé, terus dhuwité dikèkké sedulur-sedulur kuwi.

19. Ngapa kok Yéhuwah matèni Ananias lan Safira?

19 Ananias lan Safira ya ngedol tanahé terus dhuwité disumbangké kanggo sedulur-sedulur liyané. Meréka ngomong nèk wis mènèhké kabèh hasil saka tanah kuwi. Padahal ”meneng-meneng Ananias nyimpen sebagéan dhuwit hasil saka ngedol tanah mau”. (Kis. 5:2) Yéhuwah matèni Ananias lan Safira dudu merga nyumbangé mung sithik tapi merga niaté jahat, terus meréka ya ngapusi. Pétrus ngomong karo Ananias, ”Sing mbok apusi kuwi dudu manungsa, ning Gusti Allah.” (Kis. 5:4) Yésus ya ora seneng karo wong-wong sing munafik. Wong-wong sing kaya ngono ora péngin nyenengké Gusti Allah tapi mung péngin dipuji-puji manungsa.​—Mat. 6:1-3.

20. Pas nglayani Yéhuwah utawa pas nyumbang, awaké dhéwé kudu piyé?

20 Kaya murid-murid jaman mbiyèn ing Yérusalèm, saiki Seksi-Seksi Yéhuwah ya seneng ngekèki sumbangan sukaréla kanggo ndhukung gawéan nginjil. Yéhuwah ora meksa umaté kanggo mènèhi sumbangan, Yéhuwah ya péngin umaté bahagia wektu mènèhi. (2 Kor. 9:7) Yéhuwah ora nggatèkké jumlahé sumbangané awaké dhéwé, sing digatèkké Yéhuwah kuwi niaté. (Mrk. 12:41-44) Aja nganti awaké dhéwé kaya Ananias lan Safira sing kepéngin dipuji-puji pas nglayani Yéhuwah. Awaké dhéwé isa niru Pétrus, Yohanes, lan Barnabas sing nglayani Yéhuwah merga sayang karo Yéhuwah lan karo sedulur-sedulur.​—Mat. 22:37-40.

PÉTRUS KUWI MAUNÉ NELAYAN, SAIKI RASUL SING SEMANGAT

Ing Alkitab disebutké nèk jenengé Pétrus ana lima. Ing basa Ibrani jenengé Siméon. Ing basa Yunani jenengé Simon utawa Pétrus. Ing basa Aram jenengé Kéfas. Dhèwèké ya tau disebut Simon Pétrus.​—Mat. 10:2; Yoh. 1:42; Kis. 15:14.

Rasul Pétrus nggawa iwak sak kranjang.

Pétrus nduwé bojo, dhèwèké manggon karo ibu maratuwané lan adhiné lanang. (Mrk. 1:29-31) Dhèwèké kuwi nelayan saka Bètsaida, kutha sing ana ing sisih lor Laut Galiléa. (Yoh. 1:44) Bar kuwi dhèwèké manggon ing Kapernaum. (Luk. 4:31, 38) Yésus nggunakké prauné Pétrus wektu ceramah ing pinggir laut Galiléa. Pétrus manut omongané Yésus kanggo nebarké jala, lan dhèwèké éntuk iwak sing akèh banget. Bar kuwi, Pétrus dadi wedi lan sujud ing ngarepé Yésus. Terus Yésus ngomong, ”Aja wedi. Mulai saiki, kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.” (Luk. 5:1-11) Sakwisé kuwi, Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes ora kerja dadi nelayan manèh lan mulai dadi muridé Yésus. (Mat. 4:18-22; Mrk. 1:16-18) Kira-kira setaun bar kuwi, Yésus milih Pétrus dadi salah siji saka ”rasul” 12. Para rasul kuwi ”diutus kanggo martakké kabar apik”.​—Mrk. 3:13-16.

Pas ana beberapa peristiwa penting, Yésus dikancani karo Pétrus, Yakobus, lan Yohanes. Meréka ndelok pas wajahé Yésus bersinar, pas Yésus nguripké anaké Yairus, lan meréka ya ngancani Yésus pas ing taman Gètsemani. (Mat. 17:1, 2; 26:36-46; Mrk. 5:22-24, 35-42; Luk. 22:39-46) Terus Pétrus, Yohanes, Yakobus, lan Andréas ya tau takon apa waé tandhané pas Yésus teka manèh ing bumi.​—Mrk. 13:1-4.

Pétrus kuwi wongé blak-blakan, semangat banget, kadhang nèk ngomong ora dipikir sik. Pétrus luwih kerep ngomong lan takon daripada murid-murid liyané. Buktiné ing Kitab Injil, omongané Pétrus kuwi luwih akèh timbang 11 rasul liyané. (Mat. 15:15; 18:21; 19:27-29; Luk. 12:41; Yoh. 13:36-38) Pétrus ya ora gelem diwijiki sikilé, tapi bar dikandhani Yésus, Pétrus malah njaluk bèn Yésus ngwijiki tangan karo sirahé.​—Yoh. 13:5-10.

Merga sayang karo Yésus, Pétrus tau ngomong karo Yésus nèk Yésus ora bakal dianiaya lan dipatèni. Omongané Pétrus kuwi ora dipikir sik. Bar kuwi Pétrus dinaséhati karo Yésus. (Mat. 16:21-23) Terus mbengi sakdurungé Yésus mati, Pétrus ngomong nèk meskipun rasul-rasul liyané ninggalké Yésus, Pétrus ora bakal ninggalké Yésus. Pas Yésus ditangkep, Pétrus ya kendel nyabet kupingé salah siji budhaké imam agung. Bar kuwi, dhèwèké ngetutké Yésus nganti tekan halamané imam agung, tapi ing kono Pétrus ngomong nganti ping telu nèk ora kenal karo Yésus. Akhiré, dhèwèké nangis sesenggukan.​—Mat. 26:31-35, 51, 52, 69-75.

Sakdurungé Yésus nemoni para rasulé ing Galiléa, Pétrus ngomong nèk dhèwèké arep nggolèk iwak. Terus rasul-rasul liyané mèlu nggolèk iwak karo dhèwèké. Pas ngerti Yésus ing pinggir pantai, Pétrus langsung njegur lan renang marani Yésus. Terus, Yésus masak iwak kanggo para rasul. Bar kuwi Yésus takon karo Pétrus, ”Apa kowé luwih nresnani aku timbang kabèh iki?” Sing dimaksud ”kabèh iki”, yaiku gawéané Pétrus dadi nelayan. Yésus péngin Pétrus luwih ngutamakké gawéan nginjil.​—Yoh. 21:1-22.

Kira-kira taun 62-64 M, Pétrus nginjil karo wong Yahudi ing Babilon. Saiki kuwi dhaérah Irak. (1 Ptr. 5:13) Surat sing saiki disebut 1 Pétrus kuwi ditulis ing Babilon, lan kemungkinan surat sing keloro sing disebut 2 Pétrus ya ditulis ing kono. Yésus nggawé Pétrus ”sanggup” nampa tugas ”dadi rasul kanggo wong Yahudi”. (Gal. 2:8, 9) Pétrus isa ngrampungké tugasé merga dhèwèké wong sing semangat lan sayang karo wong liya.

YOHANES KUWI MURID SING DITRESNANI KARO YÉSUS

Rasul Yohanes kuwi anaké Zébédéus, kemungkinan dhèwèké kuwi adhiné Yakobus. Ibuké Yohanes kuwi Salomé. Kétoké Salomé kuwi adhiné Maria, Ibuné Yésus. (Mat. 10:2; 27:55, 56; Mrk. 15:40; Luk. 5:9, 10) Dadi, isa waé Yohanes kuwi sepupuné Yésus. Kétoké keluargané Yohanes sugih, soalé Zébédéus nduwé buruh sing dadi nelayan. (Mrk. 1:20) Salomé ngancani Yésus nginjil ing Galiléa. Dhèwèké ya sing tuku rempah-rempah wangi kanggo diolèské ing mayaté Yésus. (Mrk. 16:1; Yoh. 19:40) Kemungkinan Yohanes nduwé omah dhéwé.​—Yoh. 19:26, 27.

Rasul Yohanes nggawa gulungan.

Kemungkinan Yohanes kuwi muridé Yohanes Pembaptis. Yohanes karo Andréas ngerti pas Yohanes Pembaptis kandha, ”Deloken, kuwi Anak Dombané Gusti Allah.” (Yoh. 1:35, 36, 40) Terus bar kuwi, Yohanes anaké Zébédéus mèlu ing Kana lan ndelok mukjijaté Yésus. (Yoh. 2:1-11) Yohanes rinci banget njelaské kegiatané Yésus ing Yérusalèm, Samaria, lan Galiléa. Kuwi nduduhké nèk dhèwèké bareng karo Yésus. Kaya Yakobus, Pétrus, lan Andréas, wektu Yésus ngongkon Yohanes dadi muridé, Yohanes langsung ninggalké gawéané. Kuwi nduduhké nèk dhèwèké nduwé iman karo Yésus.​—Mat. 4:18-22.

Mémang, Yohanes ora kaya Pétrus sing disebutké bola-bali ing Kitab Injil. Tapi sakjané Yohanes kuwi ya rasul sing semangat. Buktiné, Yésus nyebut Yohanes karo Yakobus kuwi Boanèrgès, sing artiné ”Anak-Anak Bledhèg”. (Mrk. 3:17) Yohanes karo Yakobus tau njaluk ibuké ngomong karo Yésus bèn meréka éntuk kedudukan sing luwih istiméwa ing Kerajaané Gusti Allah. Kuwi nduduhké nèk Yohanes lan Yakobus péngin dianggep luwih penting timbang rasul liyané, tapi kuwi ya nduduhké nèk meréka beriman karo Kerajaané Gusti Allah. Merga ngerti Yohanes karo Yakobus péngin dianggep luwih penting, Yésus isa ngandhani kabèh rasulé bèn tetep rendah hati.​—Mat. 20:20-28.

Yohanes kétok tegas banget pas dhèwèké ngalang-alangi wong sing ngusir roh-roh jahat nganggo jenengé Yésus padahal wong kuwi dudu muridé Yésus. Terus, pas ana wong-wong Samaria sing ora gelem nampa Yésus, Yohanes péngin nggawé geni mudhun saka langit bèn matèni wong-wong kuwi, tapi bar kuwi Yésus nyenèni Yohanes. Suwé-suwé sipaté Yohanes dadi luwih apik, dhèwèké dadi luwih gampang mesakké karo wong liya. (Luk. 9:49-56) Meskipun Yohanes nduwé kelemahan, tapi dhèwèké kuwi ”murid sing ditresnani Yésus”. Terus sakdurungé Yésus mati, Yésus njaluk tulung bèn Yohanes ngopèni Maria.​—Yoh. 19:26, 27; 21:7, 20, 24.

Kaya sing diramalké Yésus, Yohanes umuré luwih dawa daripada rasul liyané. (Yoh. 21:20-22) Yohanes wis nglayani Yéhuwah 70 taun suwéné. Pas pamréntahané Kaisar Domitianus, Yohanes sing wis tuwa dipenjara ing Pulau Patmos. Dhèwèké dipenjara merga ”ngomongké soal Gusti Allah lan mènèhi kesaksian soal Yésus”. Kira-kira taun 96 M, Yohanes nampa wahyu saka Gusti Allah, terus kuwi ditulis ing buku Wahyu. (Why. 1:1, 2, 9) Jaréné wong-wong wektu kuwi, bar dibébaské, Yohanes lunga ing Éfésus. Ing kono dhèwèké nulis surat sing saiki disebut 1, 2, lan 3 Yohanes. Bar kuwi dhèwèké mati ing Éfésus kira-kira taun 100 M.

a Wektuné wong-wong kanggo ndonga kuwi ya barengan karo wektuné mènèhké korban pas ésuk lan soré. Pas soré korbané diwènèhké ”jam kesanga” utawa kira-kira jam telu soré.

b Deloken kothak ”Pétrus Kuwi Mauné Nelayan, Saiki Rasul sing Semangat” lan ”Yohanes Kuwi Murid sing Ditresnani karo Yésus”.

c Deloken kothak ”Imam Agung lan Para Imam Kepala”.

d Taun 33 M, ing Yérusalèm jumlahé wong Saduki kuwi mung ana sithik lan wong Farisi mung ana kira-kira 6.000. Mungkin merga jumlahé sithik, meréka wedi nèk wong-wong sing dadi muridé Yésus tambah akèh.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim