Lagu 53
Rukun Nindakké Tugasé
1. Yah wis ngumpul’ké umaté.
Nyenengi pangandikané.
Rukun karo seduluré,
Kuwi nyenengaké.
Rukun sakabèhé,
Kuwi nentrem’ké.
Rukun nindak’ké tugasé,
Manut tuntunan putrané.
Muga setya sing nindak’ké,
Rukun sakterusé.
2. Ndonga bèn rukun uripé,
Apik siji lan sijiné.
Bèn saya gedhé tresnané,
Lan bungah atiné.
Rukun nyenengaké,
Uga nentrem’ké.
Nèk katresnan diduduh’ké,
Tentrem bakal diparing’ké.
Manut Yah lan tuntunané,
Ngabdi saklawasé.
(Delengen uga Mi. 2:12; Zf. 3:9; 1 Kr. 1:10.)