PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • yc pelajaran 10 hlm. 22-23
  • Yésus Mesthi Manut

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yésus Mesthi Manut
  • Wulangen Anakmu
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dhèwèké ’Nyathet Ing Sajroning Atiné’
    Tirunen Imané
  • Wektu Yésus Umur 12 Taun
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Maria—Mbobot Nanging Durung Nikah
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Dhèwèké Nglindhungi, Ngopèni, lan Ora Gampang Nyerah
    Tirunen Imané
Delok Kabèh
Wulangen Anakmu
yc pelajaran 10 hlm. 22-23
Yusuf lan Maryam nemokké Yésus sing isih cilik nèng bait

BAB 10

Yésus Mesthi Manut

Kowé kerep manut ora karo wong tuwamu?— Sok-sok, manut karo wong tuwa kuwi ora gampang. Kowé ngerti ora nèk Yésus kuwi bocah sing manut karo wong tuwané lan Yéhuwah?— Nèk kowé maca critané Yésus, kowé mesthi luwih manut karo wong tuwamu senajan kuwi angèl. Ayo, gatèkna critané.

Sakdurungé Yésus urip nèng bumi, Yésus urip nèng swarga karo Bapaké, Yéhuwah. Pas nèng bumi, Yésus ya nduwé wong tuwa sing jenengé Yusuf karo Maryam. Piyé critané kok Maryam karo Yusuf isa dadi wong tuwané Yésus?—

Yéhuwah nggunakké roh suci nggo mindhah Yésus seka swarga nèng wetengé Maryam. Mula Yésus isa lair nèng bumi. Mung Yéhuwah thok sing isa ngono kuwi. Yésus sangang sasi nèng wetengé Maryam, padha kaya kowé mbiyèn pas nèng wetengé ibumu. Bar sangang sasi nèng wetengé Maryam, Yésus lair. Nah, saka crita kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Yusuf karo Maryam dadi wong tuwané Yésus.

Yésus sayang banget karo Yéhuwah. Pas umuré 12 taun, Yésus dijak wong tuwané nèng Yérusalèm nggo ngrayakké paskah. Yérusalèm kuwi adoh banget. Pas wong tuwané Yésus mulih, Yésus ora mèlu mulih. Lha terus Yésus nèng ngendi?—

Yésus ngapa nèng bait?

Yusuf karo Maryam bali menèh nèng Yérusalèm nggolèki Yésus. Wong tuwané bingung nggolèki Yésus nganti telung dina. Pas digolèki nèng bait Allah, jebulé Yésus ana nèng kono. Nèng kono Yésus ngapa?— Dhèwèké sinau bab Yéhuwah. Yésus sayang banget karo Yéhuwah, mula dhèwèké péngin nyenengké Yéhuwah. Yésus tetep manut karo Yéhuwah nganti dhèwèké mati. Manut karo Yéhuwah kuwi ora gampang, ning merga sayang, Yésus gelem manut karo Yéhuwah. Apa Yésus ya manut karo Yusuf lan Maryam?— Alkitab kandha ya, Yésus manut karo wong tuwané.

Apa sing isa ditiru saka Yésus?— Kowé kudu manut karo wong tuwamu lan Yéhuwah. Dadi, kowé gelem manut ora karo wong tuwamu?—

WACANEN ALKITABMU

  • Lukas 1:30-35; 2:45-52

  • Éfesus 6:1

  • Ibrani 5:8

PITAKONAN:

  • Kok isa Yésus dadi anaké Yusuf karo Maryam?

  • Pas Yusuf karo Maryam nggolèki Yésus nèng Yérusalèm, wong tuwané nemokké Yésus nèng endi?

  • Kowé isa niru apa saka Yésus?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim