PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 4 hlm. 16-hlm. 17 par. 3
  • Maria—Mbobot Nanging Durung Nikah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Maria—Mbobot Nanging Durung Nikah
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Aku Iki Peladèné Gusti”
    Tirunen Imané
  • Dhèwèké ’Nyathet Ing Sajroning Atiné’
    Tirunen Imané
  • Dhèwèké Nglindhungi, Ngopèni, lan Ora Gampang Nyerah
    Tirunen Imané
  • Gabrièl Nemoni Maria
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Delok Kabèh
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 4 hlm. 16-hlm. 17 par. 3
Maria ngandhani Yusuf nèk dhèwèké mbobot

BAB 4

Maria—Mbobot Nanging Durung Nikah

MATIUS 1:18-25 LUKAS 1:56

  • YUSUF NGERTI NÈK MARIA MBOBOT

  • MARIA DADI BOJONÉ YUSUF

Maria saiki wis mbobot patang sasi. Kita ngerti nèk pas mulai mbobot, Maria manggon karo Élisabèt ing perbukitan Yudéa sisih kidul. Nanging saiki Maria wis mulih menyang omahé ing Nazarèt. Sedhéla manèh wong-wong bakal padha ngerti nèk Maria mbobot. Kahanan iki mesthi nggawé Maria strès banget.

Apa manèh, Maria wis tunangan karo tukang kayu sing jenengé Yusuf. Maria ya ngerti nèk miturut Hukumé Gusti Allah kanggo Israèl, wong wadon sing wis tunangan nanging nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya kudu dibandhemi watu nganti mati. (Pangandharing Torèt 22:23, 24) Senajan Maria ora nindakké kuwi, nanging dhèwèké mungkin ora ngerti carané njelaské marang Yusuf nèk dhèwèké lagi mbobot, lan Maria mesthi ya kuwatir karo apa sing bakal kelakon.

Maria wis lunga telung sasi, mula Yusuf mesthi kangen banget karo dhèwèké. Wektu wong loro kuwi ketemu, Maria kayané crita lan ngupaya ngyakinké Yusuf nèk dhèwèké mbobot merga roh suciné Gusti Allah. Nanging, kaya sing panjenengan bayangké, Yusuf mesthi ora gampang kanggo isa paham lan percaya bab kuwi.

Yusuf ngerti nèk Maria kuwi wong wadon sing dikenal apik. Yusuf uga tresna banget karo Maria. Senajan wis dijelaské Maria, Yusuf tetep mikir nèk ora mungkin Maria isa mbobot tanpa hubungan sèks karo wong lanang liya. Nanging, Yusuf ya ora péngin Maria dihukum mati utawa diisin-isinké ing ngarepé wong akèh. Mula, Yusuf péngin megat Maria meneng-meneng. Ing jaman kuwi, wong sing wis tunangan dianggep kaya wis nikah, lan kudu ana pegatan kanggo medhot hubungan tunangan.

Malaékaté Yéhuwah nemoni Yusuf liwat mimpi

Banjur, wektu Yusuf isih mikir-mikir bab kuwi, dhèwèké turu. Malaékaté Yéhuwah nemoni dhèwèké liwat mimpi lan kandha, ”Aja wedi ndadèkké Maria bojomu, sebab Maria mbobot merga roh suci. Maria bakal nglairké anak lanang lan jenengana Yésus, merga dhèwèké bakal nylametké bangsané saka dosa-dosané.”​—Matius 1:20, 21.

Wektu tangi, Yusuf ngrasa lega banget merga masalah kuwi saiki wis jelas. Mula, Yusuf langsung manut tuntunané malaékat lan nggawa Maria mulih. Tumindak iki padha kaya upacara pernikahan sing nduduhké marang wong akèh nèk Yusuf lan Maria wis resmi nikah. Nanging, Yusuf ora hubungan sèks karo Maria saksuwéné Maria mbobot Yésus.

Maria lungguh ing ndhuwur keledai lan Yusuf ndèlèhké barang ing keledai kuwi

Pirang-pirang sasi sakbanjuré, Yusuf lan Maria kudu lunga saka omahé ing Nazarèt. Wong loro kuwi kudu lunga menyang ngendi wektu Maria wis arep nglairké?

  • Wektu ngerti Maria mbobot, apa sing Yusuf pikirké, lan apa sebabé?

  • Apa sebabé Yusuf isa megat Maria padahal durung nikah?

  • Apa sing ditindakké Yusuf kanggo nduduhké nèk dhèwèké lan Maria wis resmi nikah?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim