PELAJARAN 69
Gabrièl Nemoni Maria
Èlisabèt nduwé sedulur sing jenengé Maria. Maria kuwi isih enom lan manggon ing kutha Nazarèt ing Galiléa. Maria wis tunangan karo Yusuf. Yusuf kuwi tukang kayu. Wektu Èlisabèt hamil enem sasi, malaékat Gabrièl nemoni Maria. Malaékat kuwi ngomong, ’Maria, Yéhuwah sayang banget karo kowé.’ Maria ora ngerti maksudé Gabrièl. Gabrièl ngomong, ’Kowé bakal hamil, terus nglairké anak lanang. Anak kuwi kudu mbok jenengi Yésus. Dhèwèké bakal dadi Raja, lan Kerajaané bakal ana sakterusé.’
Maria ngomong, ’Tapi, aku kan isih prawan. Ora mungkin aku nglairké anak.’ Gabrièl ngomong, ’Yéhuwah isa nindakké apa waé. Kowé bakal éntuk roh suci. Terus, kowé bakal nduwé anak lanang. Sedulurmu Èlisabèt ya lagi hamil, padahal dhèwèké wis tuwa.’ Maria njawab, ’Aku iki budhak wédoké Yéhuwah. Muga-muga kuwi kabèh kelakon.’
Maria lunga ing kutha ing dhaérah pegunungan kanggo nemoni Èlisabèt. Wektu Maria ngucapké salam, Èlisabèt ngrasa nèk bayi ing njero wetengé obah-obah. Merga dituntun roh suci, Èlisabèt ngomong, ’Yéhuwah mberkahi kowé, Maria. Sapa ta aku iki kok nganti ibuné Gustiku marani aku?’ Maria njawab, ’Aku ngluhurké Yéhuwah saka atiku.’ Maria ing omahé Èlisabèt nganti telung sasi. Bar kuwi, Maria mulih ing Nazarèt.
Wektu ngerti Maria hamil, Yusuf mutuské ora sida nikah karo Maria. Yusuf ngira nèk Maria wis nindakké hubungan sèks karo wong lanang liya. Tapi, ana malaékat sing ngomong karo Yusuf liwat mimpi. Malaékat kuwi ngomong, ’Aja wedi ngepèk Maria dadi bojomu. Dhèwèké ora salah apa-apa.’ Akhiré, Yusuf tetep nikah karo Maria.
”Yéhuwah nindakké apa waé sing disenengi ing langit, ing bumi.”—Mazmur 135:6