Kiwa: Keluarga Bètel Brooklyn ngrayakké Natal sing pungkasan ing taun 1926; tengen: Wong-wong nggatèkké nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi béda
BAGÉAN 3
Hukum lan Pathokan—Ngutamakké sing Bener Miturut Allah
PANJENENGAN nyapa tanggané panjenengan pas liwat nèng ngarep omahé. Akir-akir iki, dhèwèké seneng nggatèkké panjenengan lan keluarga. Dhèwèké mbales nyapa terus ngongkon panjenengan mampir nèng omahé. Dhèwèké takon, ”Nèk tak gatèkké, kowé lan keluargamu kok béda ya?” Panjenengan takon, ”Maksudé apané sing béda?” Dhèwèké njawab, ”Aku ngerti kowé Seksi-Seksi Yéhuwah. Kowé béda karo wong liyané. Kowé ora ngrayakké riyaya apa-apa, ora mèlu-mèlu politik, lan perang. Kowé ya ora ngrokok, lan keluargamu mentingké banget bab moral. Ngapa kok kowé béda?”
Panjenengan ngerti jawabané lan kuwi cetha banget: Awaké dhéwé urip manut karo hukum lan pathokané Kratoné Allah. Yésus Sang Raja terus nggawé murni awaké dhéwé. Yésus mbantu awaké dhéwé niru contoné bèn isa béda karo wong-wong umumé. Ing bagéan iki, bakal dirembug piyé Kratoné Sang Mèsih nggawé murni pakumpulan lan umaté Allah ing bab rohani lan moral. Kabèh ditindakké kanggo kamulyané Yéhuwah.