PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bhs bab 8 hlm. 83-93
  • Kratoné Gusti Allah Kuwi Apa?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kratoné Gusti Allah Kuwi Apa?
  • Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KRATONÉ GUSTI ALLAH KUWI APA?
  • APA SING BAKAL DITINDAKKÉ KRATONÉ GUSTI ALLAH?
  • KAPAN YÉSUS DADI RAJA?
  • Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Apa Kratoné Gusti Allah Iku?
    Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • Keterangan sing Bener soal Kerajaané Gusti Allah
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Apa sing Bakal Ditindakké Kratoné Allah?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
Delok Kabèh
Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
bhs bab 8 hlm. 83-93

BAB WOLU

Kratoné Gusti Allah Kuwi Apa?

1. Donga terkenal apa sing bakal awaké dhéwé rembug?

AKÈH wong ngerti donga terkenal sing disebut Donga Rama Kawula. Yésus nggunakké donga iki kanggo mulang para muridé carané ndonga. Apa sing didongakké Yésus, lan apa sebabé donga kuwi penting kanggo awaké dhéwé saiki?

2. Telung bab apa sing diwulangké Yésus kanggo didongakké?

2 Yésus ngendika, ”Marga saka iku ndedongaa mangkéné: Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucèkaken. Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.” (Wacanen Matéus 6:9-13.) Apa sebabé Yésus mulang awaké dhéwé kanggo ndongakké telung bab kuwi?​—Deloken Cathetan 20.

3. Apa waé sing bakal disinaoni bab Kratoné Gusti Allah?

3 Awaké dhéwé wis sinau bab asmané Gusti Allah yaiku Yéhuwah, lan bab kersané Gusti Allah kanggo bumi lan manungsa. Ning, apa sing dimaksud wektu Yésus ngendika, ”Kraton Paduka mugi rawuh?” Saiki, awaké dhéwé bakal sinau apa Kratoné Gusti Allah kuwi, apa sing arep ditindakké, lan piyé carané Kraton kuwi nggawé asmané Gusti Allah dadi suci.

KRATONÉ GUSTI ALLAH KUWI APA?

4. Kratoné Gusti Allah kuwi apa, lan sapa sing dadi Rajané?

4 Yéhuwah ngedegké pamréntahan ing swarga, Alkitab nyebut pamréntahan iki Kratoné Gusti Allah. Yéhuwah milih Yésus dadi Rajané. Yésus kuwi ”Ratuné para ratu sarta Gustiné para gusti”. (1 Timotéus 6:15) Sing ditindakké Yésus kuwi ngluwihi kabèh pamréntahané manungsa, lan kuwasané ngungkuli kabèh raja manungsa.

5. Kratoné Gusti Allah bakal mréntah saka endi? Lan bakal mréntah ngendi?

5 Patang puluh dina sakwisé diuripké manèh, Yésus munggah ing swarga. Yéhuwah milih Yésus dadi Raja ing Kratoné. (Lelakoné Para Rasul 2:33) Kratoné Gusti Allah bakal mréntah bumi saka swarga. (Wahyu 11:15) Mula, kuwi disebut ”Kratoné ing Swarga”.​—2 Timotéus 4:18, BJP.

6, 7. Apa sebabé Yésus kuwi raja sing paling ampuh ketimbang raja liyané?

6 Alkitab kandha nèk Yésus kuwi raja sing paling ampuh ketimbang raja liyané, merga ”ora kena ing pati”. (1 Timotéus 6:16) Kabèh raja manungsa bakal mati, ning Yésus ora bakal mati. Mula, Yésus isa dadi raja sing apik nganti sakterusé.

7 Alkitab ngramal nèk Yésus bakal dadi raja sing adil, apikan, lan gatèkan, ”Iku bakal katedhakan Rohé Sang Yéhuwah, rohing kawicaksanan lan pambudi, rohing pitutur lan kasantosan, rohing kawruh lan wedi-asih marang Sang Yéhuwah; malah wedi-asih marang Sang Yéhuwah iku kang dadi karemenané. Panjenengané ora bakal ngadili mung waton pamirsané satléraman baé utawa ndhawahaké putusan manut paturaning wong. Nanging bakal ngakimi para wong sèkèng [utawa, mlarat] kalawan kaadilan.” (Yésaya 11:2-4) Apa panjenengan péngin nduwé raja kaya ngono?

8. Apa buktiné nèk ana sing mréntah bareng karo Yésus?

8 Gusti Allah milih manungsa kanggo mbantu Yésus mréntah ing swarga. Contoné, rasul Paulus kandha marang Timotéus, ”Manawa kita nahanaké iya bakal ndhèrèk Panjenengané ngerèh [utawa, mréntah].” (2 Timotéus 2:12) Pira cacahé sing bakal dadi raja bareng karo Yésus?

9. Sing mréntah bareng karo Yésus cacahé pira? Wiwit kapan wong-wong kuwi dipilih?

9 Kaya sing disinaoni ing bab 7, Rasul Yokanan weruh Yésus dadi raja bareng karo 144.000 raja liyané. Raja sing cacahé 144.000 kuwi sapa? Yokanan nerangké nèk wong-wong kuwi ”padha kacirènan asmané piyambak [Yésus] lan asmané Kang Rama ana ing bathuké . . .  Iku kang padha ndhèrèkaké Sang Cempé [yaiku, Yésus] ing satindak-tindaké. Yaiku kang padha katebus saka ing antarané manungsa”. (Wacanen Wahyu 14:1, 4.) 144.000 mau para abdiné Gusti Allah sing wis dipilih ”dados ratu wonten ing bumi” bareng karo Yésus. Nèk mati, wong-wong kuwi bakal diuripké manèh ing swarga. (Wahyu 5:10) Wiwit jamané para rasul, Yéhuwah milih para abdiné sing dadi anggotané 144.000.

10. Apa sebabé Yéhuwah milih Yésus lan 144.000 dadi raja kuwi bukti katresnané Yéhuwah?

10 Yéhuwah nresnani manungsa, mula sing dipilih kanggo mréntah bareng karo Yésus ya manungsa. Yésus bakal dadi raja sing apik, merga Yésus wis tau dadi manungsa. Paulus kandha nèk Yésus ”bisa ngrasakké kangèlané lan karingkihané awaké déwé”, lan Yésus ”wus sinau mbangun-miturut saka anggoné nandhang sangsara”. (Ibrani 4:15, BJS; 5:8) 144.000 kuwi wis tau dadi manungsa sing ora sampurna, uga wis tau ngalami susah lan lara. Dadi, awaké dhéwé yakin nèk Yésus lan wong 144.000 kuwi ora mung ngerti apa sing awaké dhéwé rasakké, ning ya bakal ngrampungi masalahé awaké dhéwé.

APA SING BAKAL DITINDAKKÉ KRATONÉ GUSTI ALLAH?

11. Apa sebabé Yésus mulang para muridé ndonga bèn kersané Gusti Allah kelakon ing swarga?

11 Yésus mulang para muridé ndonga bèn kersané Gusti Allah kelakon ing swarga. Apa sebabé? Kaya sing wis disinaoni ing bab 3 buku iki, Iblis mbrontak nglawan Yéhuwah. Sakwisé mbrontak, Iblis lan para malaékat jahaté yaiku para dhemit, isih éntuk manggon ing swarga, ning ora suwé. Mula, ora kabèh sing ana ing swarga nindakké kersané Gusti Allah. Mengko ing bab 10 buku iki, awaké dhéwé bakal sinau bab Iblis lan para dhemité.

12. Ana rong kedadéan apa sing disebutké ing Wahyu 12:10?

12 Alkitab nyritakké nèk bar dadi raja ing Kratoné Gusti Allah, Yésus perang nglawan Iblis. (Wacanen Wahyu 12:7-10.) Ana rong kedadéan sing kudu digatèkké ing ayat 10. Sing nomer siji, Kratoné Gusti Allah mulai mréntah, lan Yésus dadi raja. Sing nomer loro, Iblis diuncalké ing bumi. Kaya sing bakal disinaoni, kabèh kedadéan kuwi wis kelakon.

13. Piyé kahanané swarga sakwisé Iblis diuncalké saka swarga?

13 Bar Iblis lan para dhemité diuncalké saka swarga, Alkitab kandha nèk para malaékat sing setya seneng banget, terus ngomong, ”Mulané padha sukarenaa, hé, swarga lan hé, sira kabèh kang padha ngenggoni.” (Wahyu 12:12) Swarga dadi tentrem, merga kabèh sing ing kono nindakké kersané Gusti Allah.

Gambar wong lagi susah, perang, tumindak jahat lan udara sing reged

Sakwisé Iblis lan para dhemité diuncalké saka swarga, ana luwih akèh kasusahan ing bumi. Ora suwé manèh, kasusahan bakal ora ana

14. Piyé kahanané bumi sakwisé Iblis diuncalké ing bumi?

14 Merga Iblis wis mudhun ing bumi ”kalawan nepsu banget, merga weruh, yèn wektuné mung kari sathithik”, mula akèh kasusahan ing bumi. (Wahyu 12:12) Iblis nesu banget merga bar diuncalké saka swarga, lan ngerti nèk ora suwé manèh bakal disirnakké. Mula, dhèwèké terus ngupaya bèn uripé manungsa sengsara.

15. Apa kersané Gusti Allah kanggo bumi?

15 Kersané Yéhuwah kanggo bumi isih tetep padha. Yéhuwah péngin pirdus ing bumi dienggoni manungsa sing sampurna kanggo saklawasé. (Jabur 37:29) Piyé Kratoné Gusti Allah bakal mujudké kuwi kabèh?

16, 17. Apa sing isa disinaoni saka katrangan ing Dhanièl 2:44 bab Kratoné Gusti Allah?

16 Dhanièl 2:44 ngramal, ”Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhé ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhé risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhé pindhah dhateng bangsa sanès: karajan punika badhé nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhé madeg ing salami-laminipun.” Apa sing isa disinaoni saka ramalan iki bab Kratoné Gusti Allah?

17 Sing sepisanan, ramalan kuwi kandha nèk Kratoné Gusti Allah mulai mréntah pas ’jamané para ratu’, utawa pas pamréntahané manungsa isih ana. Sing kepindho, Kratoné Gusti Allah bakal ana saklawasé, lan ora bakal diganti karo pamréntahan liyané. Sing ketelu, bakal ana perang antarané Kratoné Gusti Allah nglawan kabèh pamréntahan ing bumi. Terus, Kratoné Gusti Allah bakal menang lan dadi siji-sijiné pamréntahan sing mréntah bumi. Dadi, bakal ana pamréntahan sing paling apik kanggo manungsa.

18. Apa jenengé perang antarané Kratoné Gusti Allah nglawan pamréntahané manungsa?

18 Piyé carané Kratoné Gusti Allah nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa? Sakdurungé perang sing jenengé Harmagédhon, para dhemit bakal mblasukké ”ratu-ratu saindenging jagad” lan ”diajak perang ing dina kang wingit, yaiku dinané Gusti Allah kang Mahakuwaos”. Dadi, pamréntahané manungsa bakal perang nglawan Kratoné Gusti Allah.​—Wahyu 16:14, 16; deloken Cathetan 10.

19, 20. Apa sebabé manungsa mbutuhké Kratoné Gusti Allah kanggo mréntah bumi?

19 Ana telung alesan apa sebabé manungsa mbutuhké Kratoné Gusti Allah. Sing nomer siji, merga manungsa kuwi nduwé dosa, isa lara, terus akhiré mati. Ning, Alkitab kandha nèk Kratoné Gusti Allah nggawé manungsa isa urip saklawasé. Kuwi kaya sing dikandhakké Yokanan 3:16, ”Gusti Allah anggoné ngasihi marang jagad iku nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng.”

20 Alesan sing nomer loro, merga donya iki kebak wong jahat sing seneng ngapusi, ora jujur, lan tumindaké bejat. Awaké dhéwé ora isa nyingkirké kuwi kabèh, ning Yéhuwah isa. Wong-wong jahat kuwi bakal disingkirké ing Harmagédhon. (Wacanen Jabur 37:10.) Alesan sing nomer telu, merga pamréntahané manungsa saiki ora tegas, kejem, lan akèh korupsi. Pamréntahan manungsa uga ora isa nggawé wong-wong manut karo Gusti Allah. Alkitab kandha, ”Wong kang siji ngwasani sijiné ndadèkaké cilakané.”​—Kohèlèt 8:9.

21. Piyé carané Kratoné Gusti Allah nggawé kersané Yéhuwah kelakon ing bumi?

21 Bar Harmagédhon, Kratoné Gusti Allah bakal nggawé kersané Yéhuwah kelakon ing bumi. Salah siji kersané yaiku, nyingkirké Iblis lan para dhemité. (Wahyu 20:1-3) Akhiré, manungsa ora bakal lara utawa mati. Merga ana tebusan, kabèh manungsa sing setya bakal isa urip saklawasé ing Pirdus ing bumi. (Wahyu 22:1-3) Kraton kuwi bakal ngluhurké asmané Gusti Allah. Maksudé, wektu Kraton kuwi mréntah ing bumi, kabèh manungsa bakal ngluhurké asmané Yéhuwah.​—Deloken Cathetan 21.

KAPAN YÉSUS DADI RAJA?

22. Apa buktiné Yésus ora dadi Raja wektu ing bumi utawa pas bali ing swarga?

22 Yésus ngajari para muridé kanggo ndonga, ”Kraton Paduka mugi rawuh.” Dadi, Kratoné Gusti Allah lagi arep teka sukmbèn. Yéhuwah bakal ngedegké dhisik Kratoné, sakwisé kuwi Yésus lagi didadèkké Raja. Ning, apa Yésus langsung dadi Raja pas bali ing swarga? Ora. Yésus kudu ngentèni wektuné dadi Raja. Sakwisé Yésus diuripké manèh, rasul Petrus lan Paulus njelaské ramalan bab Yésus ing Jabur 110:1. Ing ramalan kuwi Yéhuwah ngendika, ”Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadèkaké ancik-anciking tlapakanira.” (Lelakoné Para Rasul 2:32-35; Ibrani 10:12, 13) Sepira suwéné Yésus kudu ngentèni sakdurungé didadèkké Raja karo Yéhuwah?

Kratoné Gusti Allah bakal nggawé kersané Yéhuwah kelakon ing bumi

23. (a) Kapan Yésus mulai dadi Raja? (b) Apa sing bakal dirembug ing bab 9?

23 Sakdurungé taun 1914, ana wong-wong Kristen sing tulus ngerti nèk taun 1914 kuwi penting miturut ramalané Alkitab. Kedadéan-kedadéan ing donya wiwit taun 1914 mbuktèkké nèk ramalan kuwi bener. Kuwi tegesé, Yésus dadi Raja taun 1914. (Jabur 110:2) Ora let suwé, Iblis diuncalké ing bumi, lan saiki ”wektuné mung kari sathithik”. (Wahyu 12:12) Ing bab 9, ana bukti nèk awaké dhéwé urip ing jaman sing diramalké kuwi. Awaké dhéwé uga bakal sinau nèk ora suwé manèh Kratoné Gusti Allah bakal nggawé kersané Gusti Allah kelakon ing bumi.​—Deloken Cathetan 22.

RINGKESAN

WULANGAN 1: KRATONÉ GUSTI ALLAH KUWI PAMRÉNTAHAN SING NYATA

”Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi.”​—Matéus 6:9-13

Kratoné Gusti Allah kuwi apa?

  • Wahyu 11:15

    Kratoné Gusti Allah, utawa pamréntahané, bakal mréntah bumi saka swarga.

  • 1 Timotéus 6:15

    Yésus kuwi Raja ing Kratoné Gusti Allah.

  • Wahyu 14:1, 4

    144.000 wong bakal mréntah karo Yésus saka swarga.

  • Ibrani 4:15; 5:8

    Yésus lan wong 144.000 kuwi ngerti apa sing awaké dhéwé rasakké, lan masalahé awaké dhéwé.

WULANGAN 2: YÉSUS BAKAL DADI RAJA SING PALING APIK

”Nanging bakal ngakimi para wong sèkèng [utawa, mlarat] kalawan kaadilan.”​—Yésaya 11:4

Apa sebabé mung Yésus sing pantes mréntah ing Kratoné Gusti Allah?

  • 1 Timotéus 6:16

    Kabèh manungsa sing dadi panguwasa mesthi bakal mati, ning Yésus ora bakal isa mati. Mula, Yésus isa dadi raja sing apik nganti sakterusé.

  • Yésaya 11:2-4

    Sing ditindakké Yésus ngluwihi kabèh pamrentahané manungsa lan kuwasané ngungkuli kabèh raja manungsa. Yésus bakal dadi Raja sing adil, apikan lan gatèkan.

WULANGAN 3: KRATONÉ GUSTI ALLAH BAKAL MUJUDKÉ KERSANÉ GUSTI ALLAH

”Allahipun saindenging langit badhé ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhé risak ing salami-laminipun.”​—Dhanièl 2:44

Apa sing wis ditindakké Kratoné Gusti Allah? Apa sing bakal ditindakké Kratoné Gusti Allah mbésuk?

  • Wahyu 12:7-12

    Sakwisé Yésus dadi Raja taun 1914, Iblis diuncalké saka swarga ing bumi. Kuwi sebabé ana akèh masalah, lan kasusahan ing bumi.

  • Kohèlèt 8:9; Wahyu 16:16

    Ing Harmagédhon, Kratoné Gusti Allah bakal nyingkirké pamréntahané manungsa sing kejem lan akèh korupsi.

  • Jabur 37:10

    Wong-wong sing terus tumindak jahat bakal disingkirké.

  • Wahyu 22:1-3

    Wektu Kratoné Gusti Allah mréntah bumi, kabèh manungsa ora bakal lara utawa mati, lan bakal ngluhurké asmané Gusti Allah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim