PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ypq pitakonan 5 hlm. 15-17
  • Piyé Nèk Aku Dinakali nèng Sekolah?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Nèk Aku Dinakali nèng Sekolah?
  • Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ngendelké Yéhuwah Nèk Di-bully
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom
ypq pitakonan 5 hlm. 15-17
Cah lanang nakali kancané ing ngarepé kanca liyané

PITAKONAN 5

Piyé Nèk Aku Dinakali nèng Sekolah?

NGAPA PENTING?

Carané kowé nanggepi isa nggawé kahanan dadi luwih apik utawa malah luwih èlèk.

KOWÉ KUDU PIYÉ?

Bayangna cerita iki: Tomas ora gelem sekolah dina iki, sésuk, lan sakterusé. Kabèh kuwi merga telung sasi sakdurungé, ana kanca sekolahé sing nyebarké berita sing èlèk bab dhèwèké. Dhèwèké dadi nduwé julukan. Kadhang ana kancané sing nibakké bukuné, ning éthok-éthok ora sengaja. Utawa ana wong-wong sing lagi mlaku bareng nèng mburiné terus nyurung dhèwèké nganti tiba, pas Tomas nolèh, ora ana sing ngaku nèk wis nyurung dhèwèké. Wingi, wong sing nakal kuwi ngancem Tomas liwat internèt . . .

Nèk kowé dadi Tomas, piyé tanggepanmu?

PIKIREN DHISIK!

Sakjané kowé isa nglawan wektu dinakali, utawa di-bully. Ning carané ora perlu kasar. Terus piyé?

  • TETEP TENANG. Alkitab kandha, ”Wong tanpa pikir ngumbar nepsuné sakatogé, nanging wong wicaksana sabar lan ngendhalèni rasaning atiné [utawa, tetep tenang].” (Wulang Bebasan 29:11, BJP) Nèk kowé kétok tenang, kancamu sing nakali bakal kesel dhéwé.

  • AJA MBALES. Alkitab kandha, ”Aja males ala marang wong kang gawé piala.” (Rum 12:17) Ngupaya mbales mung bakal nggawé kahanan dadi luwih èlèk.

  • AJA NYEDHAKI MASALAH. Alkitab kandha, ”Wong wicaksana manawa nyumurupi anané bilai [utawa, cilaka], banjur ndhelik.” (Wulang Bebasan 22:3) Sak isa-isané, ngedohana wong sing marahi masalah, lan kahanan sing nggawé kowé dinakali.

  • NGEKÈKI TANGGEPAN SING ORA DIDUGA-DUGA. Alkitab kandha, ”Wangsulan kang sarèh nglejaraké nepsu.” (Wulang Bebasan 15:1) Kowé isa nanggepi nganggo guyonan. Contoné, nèk kowé diécé merga gendhut, kowé isa njawab karo guyon, ”Iya mengko awakku tak kurokké sithik”.

  • LUNGAA. Nora, umur 19 taun, ngomong, ”Meneng mbuktèkké kowé diwasa lan luwih kuwat timbang wong sing ngganggu kowé. Uga nduduhké kowé isa ngendhalèni dhiri, kuwi sipat sing ora diduwèni wong sing seneng nakali.”​—2 Timotéus 2:24.

  • TETEPA PERCAYA DHIRI. Wong sing seneng nakali isa ngerti sapa sing mindheran lan sing ora bakal nglawan nèk dinakali. Nèk kowé ora mènèhi kesempatan kanggo ngganggu, wong sing seneng nakali ora bakal ngganggu manèh.

  • KANDHA KARO WONG LIYA. Wong sing mbiyèn dadi guru ngomong, ”Kabèh wong sing tau dinakali, kudu cerita. Kuwi tumindak sing bener, lan isa nyegah wong sing seneng nakali bèn ora ngganggu wong liya manèh.”

Cah lanang tetep percaya dhiri senajan dinakali

Percaya dhiri bakal mènèhi kowé kekuwatan sing ora diduwèni wong sing seneng nakali

APA KOWÉ NGERTI?

Sakliyané tumindak kasar, dinakali kuwi uga isa wujudé:

  • Omongan kaya geni saka lambéné wong sing seneng nakali

    Omongan Kasar. ”Aku ora bakal lali julukan sing dikèkké kanca-kanca nggo aku, utawa omongané sing kasar. Kanca-kancaku nggawé aku ngrasa ora ana ajiné, ora dianggep, lan ora ana gunané. Mendhing aku dijotosi waé.”​—Celine, 20 taun.

  • Cah lanang lungguh dhèwèkan merga diadohi kancané

    Diadohi. ”Kanca-kancaku mulai ngedohi aku. Wektu arep mangan, kursiné sengaja digawé kétok kebak bèn aku ora isa lungguh nèng kono. Setaun suwéné, aku nangis lan mangan dhèwèkan.”​—Haley, 18 taun.

  • Cah wédok kagèt sakwisé ndelok ana sing nakali liwat internèt

    Dièlèk-èlèk nèng Internèt. ”Mung gara-gara tulisan nèng komputer waé, kowé isa ngrusak réputasiné wong, malah isa uga uripé. Kétoké ora mungkin, ning kaya ngono kuwi kenyataané.”​—Danièl, 14 taun.

JAWABEN KUIS IKI

BENER UTAWA SALAH

JAWABANÉ

1 Tumindak seneng nakali wis ana éwonan taun kepungkur.

1 Bener. Alkitab cerita bab wong Nefilim, yaiku sakkelompok wong sing arti jenengé ”Wong-Wong sing Nyebabké Wong Liya Tiba.”​—Purwaning Dumadi 6:4, NW.

2 Tumindak nakal kuwi mung écé-écénan sing ora mbebayani.

2 Salah. Akèh cah enom bunuh dhiri, salah siji sebabé yaiku merga terus dinakali.

3 Cara paling apik bèn ora dinakali yaiku mbales.

3 Salah. Wong sing seneng nakali biyasané luwih kuwat timbang wong sing dinakali, dadi nèk mbales ora ana gunané.

4 Nèk ndelok ana wong sing dinakali, menenga waé.

4 Salah. Sing jenengé seksi mesthi katut. Nèk kowé ndelok ana wong sing dinakali lan kowé ora crita, kowé malah ora ngrampungké masalahé ning dadi bagéan ing masalah kuwi.

5 Wong sing seneng nakali kétoké kendel, ning biyasané mindheran.

5 Bener. Senajan ana wong sing seneng nakali kétoké kendel, ning akèh sing mindher. Mula, dhèwèké nakali wong liya bèn kétok kuwat.

6 Wong sing seneng nakali isa berubah.

6 Bener. Nèk dibantu, wong sing seneng nakali isa ngrubah cara mikir lan tumindaké.

RENCANAKU

  • Nèk aku dinakali, aku bakal tumindak utawa kandha apa?

GOLÈKANA LUWIH AKÈH!

Ngadhepi Kanca sing Nakal lan Seneng Ngécé

Deloken vidhéo animasi papan tulis Kalahkan Pem-bully Tanpa Pakai Kekerasan ing www.jw.org/id. (Deloken bagéan AJARAN ALKITAB > ANAK MUDA; Pilih Basa Jawa)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim