PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ypq pitakonan 6 hlm. 18-20
  • Piyé Carané Aku Isa Nolak Nèk Digodha?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Carané Aku Isa Nolak Nèk Digodha?
  • Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Piyé Bèn Aku Isa Nolak Godhaan?
    Pitakonané Cah Enom
  • Piyé Nèk Kanca-Kancaku Ora Seneng karo Aku?
    Pitakonané Cah Enom
Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom
ypq pitakonan 6 hlm. 18-20
Cah lanang sing nawari rokok kanca sekolahé

PITAKONAN 6

Piyé Carané Aku Isa Nolak Nèk Digodha?

NGAPA PENTING?

Nèk kowé nduwé pendhirian, kowé ngerti kudu tumindak apa, ketimbang ngejarké wong liya sing ngatur kowé.

KOWÉ KUDU PIYÉ?

Bayangna cerita iki: Brian ngrasa dheg-dhegan lan kuwatir pas ana loro kanca sekolahé nyedhaki dhèwèké. Wis ping pindho ing minggu iki, kanca-kancané ngejak dhèwèké ngrokok. Iki kedadéan sing katelu.

Cah lanang sing kapisan ngomong:

”Dhèwèkan manèh? Iki lho aku nduwé kanca.”

Pas ngomong ”kanca”, dhèwèké ngedhèpi Brian lan ngetokké barang saka kanthongé. Barang kuwi terus dikèkké Brian.

Brian ndelok rokok ing tangané cah lanang kuwi. Brian dadi saya dheg-dhegan.

Brian kandha, ”Sorry, aku kan wis ngomong nèk aku emoh . . . ”

Cah lanang sing kepindho nyaut, ”Ah, banci kowé.”

Senajan dheg-dhegan, ning Brian njawab, ”Ora.”

Cah lanang sing kepindho ngrangkul Brian. Terus ngomong lirih, ”Coba sik.”

Cah lanang sing kapisan nyedhakké rokok kuwi ing ngarep wajahé Brian, karo mbisiki, ”Ora bakal tak kandhakké sapa-sapa. Ora bakal ana sing ngerti.”

Nèk kowé dadi Brian, piyé tanggepanmu?

PIKIREN DHISIK!

Apa kanca-kancané Brian ngerti tenan karo apa sing ditindakké? Apa kuwi keputusané dhéwé? Isa waé ora. Biyasané, tumindaké kuwi merga dipengaruhi wong liya. Kanca-kancané Brian péngin ditampa, mula dhèwèké mèlu-mèlu sing ditindakké wong liya.

Nèk kowé ngadhepi kahanan sing padha, piyé kowé isa nggawé keputusan sing béda lan nolak godha saka kanca-kancamu?

  1. JAGA-JAGA

    Alkitab kandha, ”Wong wicaksana manawa nyumurupi anané bilai, banjur ndhelik, balik wong ora duwé pangalaman terus baé lakuné, temah ngalami kasangsaran.”​—Wulang Bebasan 22:3.

    Biyasané, masalah sing bakal kedadéan isa mbok ngertèni sakdurungé. Contoné, kowé ndelok sakelompok kanca sekolahmu lagi ngrokok. Nèk kowé jaga-jaga dhisik, kowé bakal siyap ngadhepi iku.

  2. MIKIR

    Alkitab kandha, ”Terus jaganen hati nurani sing apik.”​—1 Pétrus 3:16, NW.

    Pikirna tenanan, ’Piyé perasaanku sukmbèn nèk aku mèlu-mèlu?’ Pancèn, kowé bakal disenengi kanca-kancamu, ning piyé perasaanmu bar kuwi? Apa kowé lila ngurbanké pendhirianmu mung merga péngin disenengi kanca-kancamu?​—Pangentasan 23:2.

  3. TUMINDAK

    Alkitab kandha, ”Wong wicaksana iku ngati-ati.”​—Wulang Bebasan 14:16.

    Saiki apa sukmbèn, awaké dhéwé kudu nggawé pilihan lan nampa akibaté. Alkitab nyritakké wong-wong kaya Yusuf, Ayub, lan Yésus, sing nggawé pilihan bener. Ning uga nyritakké bab Kain, Ésau, lan Yudas, sing nggawé pilihan salah. Nèk kowé piyé?

Alkitab kandha, ”Tumindaka kang setya.” (Jabur 37:3) Nèk kowé wis mikirké akibaté lan nggawé keputusan sing bener, mesthi gampang nduduhké pendhirianmu lan hasilé mesthi apik.

Ora usah kuwatir, kowé ora perlu nyeramahi kancamu. Ngomong ORA sing tegas, isa waé cukup. Utawa kanggo nduduhké pendhirianmu sing tegas, kowé isa kandha:

  • ”Aku ora mèlu!”

  • ”Aku emoh!”

  • ”Aku ora bakal kaya ngono!”

Dadi kunciné, omonganmu kudu cetha lan yakin. Nèk nindakké kuwi, mbokmenawa kowé kagèt merga kanca-kancamu ora nggodha kowé manèh.

NÈK DIÉCÉ

Cah lanang sing diatur kancané kaya robot

Nèk kowé nyerah wektu digodha kancamu, kowé kaya robot sing diatur kancamu

Piyé nèk kancamu ngécé kowé? Piyé nèk ana sing ngomong, ”Ngapa, kowé wedi ya?” Anggepen kuwi biyasa waé. kowé mung lagi digodha kancamu. Piyé tanggepanmu? Kowé nduwé rong pilihan.

  • Kowé ora usah nesu. Isa mbok jawab. (”Bener, aku pancèn wedi.” Terus jelasna alesanmu.)

  • Kowé isa mbales godhané kuwi. Terangna alesanmu nolak lan ajaken dhèwèké mikir. (”Wong pinter kayané ora bakal ngrokok.”)

Nèk kanca-kancamu terus nggodha kowé, ngaliha saka kono! Élinga, saya suwé kowé nèng kono, kowé bakal saya digodha. Nèk kowé ngalih saka kono, kuwi nduduhké nèk kowé ora gelem mèlu-mèlu tumindaké kancamu.

Sakjané, kowé mesthi bakal digodha kanca-kancamu. Ning, kowé isa nggawé keputusan sing bener, nduduhké pendhirianmu, lan ora diatur-atur kancamu. Akiré, kowé dhéwé sing kudu nggawé pilihan.​—Yusak 24:15.

RENCANAKU

  • Piyé carané aku jaga-jaga sakdurungé digodha kancaku?

  • Nèk kancaku meksa aku nglakoni tumindak salah, apa sing bakal tak tindakké?

GOLÈKANA LUWIH AKÈH!

Aja Gelem Dijak Nakal

Deloken vidhéo animasi papan tulis Tolaklah Tekanan Teman! ing www.jw.org/id. (Deloken ing Bagéan AJARAN ALKITAB > ANAK MUDA; Pilih Basa Jawa)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim