PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ypq pitakonan 7 hlm. 21-23
  • Piyé Aku Isa Nolak Nèk Digodha kanggo Hubungan Sèks?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Piyé Aku Isa Nolak Nèk Digodha kanggo Hubungan Sèks?
  • Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Piyé Nèk Kanca-Kancaku Nggawé Aku Péngin Nindakké Hubungan Sèks?
    Pitakonané Cah Enom
  • Apa Sèks Oral Kuwi Salah?
    Pitakonané Cah Enom
  • Piyé Carané Bèn Aku Ora Mikirké sing Saru-Saru?
    Pitakonané Cah Enom
Jawaban saka 10 Pitakonané Cah Enom
ypq pitakonan 7 hlm. 21-23
Cah wédok sing wani nolak pas digodha cah lanang

PITAKONAN 7

Piyé Aku Isa Nolak Nèk Digodha kanggo Hubungan Sèks?

NGAPA PENTING?

Keputusanmu bab sèks pengaruhé gedhé ing uripmu sukmbèn.

KOWÉ KUDU PIYÉ?

Bayangna cerita iki: Hèlen kenal Martin lagi rong sasi, ning Hèlen ngrasa wis suwé banget kenal Martin. Wong loro kuwi SMS-an terus, télpon-télponan pirang-pirang jam, lan ngrasa wis cocog banget. Ning, saiki Martin péngin sing luwih, ora mung omong-omongan.

Saksuwéné rong sasi iki, Hèlen lan Martin mung gandhèngan tangan lan ambung-ambungan pipi waé. Hèlen ora péngin luwih saka kuwi, ning Hèlen ya ora péngin kélangan Martin. Mung Martin sing isa nggawé Hèlen ngrasa paling ayu lan istiméwa. ’Apa manèh aku karo Martin padha senengé . . . ’, Hèlen mbatin.

Nèk kowé wis cukup umur kanggo pacaran, lan ngadhepi kahanan kaya Hèlen, terus kowé kudu piyé?

PIKIREN DHISIK!

Klambi sing didadèkké lap kaca

Hubungan sèks kuwi hadiah saka Gusti Allah mung kanggo wong sing wis nikah. Hubungan sèks sakdurungé nikah ngrusak hadiah kuwi. Kuwi kaya ndadèkké klambi apik sing dikèki wong, dadi lap

Nèk kowé nglawan hukum alam, contoné hukum gravitasi, kowé bakal cilaka. Semono uga, kowé ya bakal cilaka nèk nglawan pathokan bab moral, sing kandha, ”Nyingkira saka tumindak cabul.”​—1 Tésalonika 4:3, NW.

Apa akibaté nèk nglawan pathokan kuwi? Alkitab kandha, ”Wong sing tumindak cabul kuwi nggawé dosa marang badané dhéwé.” (1 Korinta 6:18, NW) Kok isa?

Ana hasil penelitian sing kandha nèk akèh cah enom sing hubungan sèks sakdurungé nikah ngalami siji utawa luwih akibat sing èlèk kaya ing ngisor iki.

  • ATINÉ SUSAH. Akèh-akèhé cah enom sing hubungan sèks sakdurungé nikah kandha nèk dhèwèké gela banget sakwisé nglakoni kuwi.

  • ORA GAMPANG PERCAYA. Sakwisé hubungan sèks, wong-wong kuwi mulai mikir, ’Karo sapa manèh ya dhèwèké wis hubungan sèks?’

  • GELA. Sakjané, akèh cah wédok luwih seneng karo wong sing gelem nglindhungi dhèwèké, dudu wong sing mung nggolèk kepénaké dhéwé. Akèh cah lanang uga ora seneng karo cah wédok sing gampangan.

  • Intiné: Nèk nyerah kanggo hubungan sèks sakdurungé nikah, kowé ngekèkké perkara aji sing kok duwèni lan nggawé awakmu ora aji manèh. (Rum 1:24) Badanmu aji banget, aja nganti kok kèkké ngono waé.

Duduhna nèk kowé nduwé kekuwatan kanggo ’nyingkir saka tumindak cabul’. (1 Tésalonika 4:3, NW) Sukmbèn nèk wis nikah, kowé éntuk hubungan sèks. Kowé isa seneng nindakké kuwi tanpa ngrasa kuwatir, gela, lan was-was sing kerep dialami wong sing hubungan sèks sakdurungé nikah.​—Wulang Bebasan 7:22, 23; 1 Korinta 7:3.

MENURUTMU

  • Apa wong sing bener-bener sayang karo kowé bakal mbebayani fisikmu lan nyusahké atimu?

  • Apa wong sing bener-bener sayang karo kowé bakal ngrusak hubunganmu karo Gusti Allah?​—Ibrani 13:4.

KANGGO CAH WÉDOK

Cah wédok sing lungguh lan mikir

Ana cah lanang kandha nèk dhèwèké ora bakal nikah karo cah wédok sing wis dijak hubungan sèks. Apa sebabé? Merga dhèwèké luwih seneng cah wédok sing isih prawan.

Apa kowé dadi kagèt utawa malah nesu? Élinga iki, film lan acara TV nggawé hubungan sèks ing antarané cah enom kétok nyenengké, ora mbebayani, utawa malah dianggep cinta sejati.

Ning aja gelem diapusi. Wong sing ngrayu kowé kanggo hubungan sèks, kuwi mung mikirké kepentingané dhéwé. —1 Korinta 13:4, 5.

KANGGO CAH LANANG

Cah lanang sing lungguh lan mikir

Nèk kowé lagi pacaran, coba pikiren, ’Apa aku sayang tenan karo pacarku?’ Nèk iya, piyé caramu nduduhké? Nduwéa kekuwatan kanggo manut hukumé Gusti Allah, kawicaksanan kanggo ngedohi kahanan sing marahi kowé kegodha, lan katresnan kanggo nggatèkké kepentingané pacarmu.

Nèk kowé nduwé sipat-sipat kuwi, pacarmu isa nduwé perasaan sing padha kaya prawan Syulam, sing kandha, ”Kekasihku iku darbèkku [utawa, duwèkku] lan aku iki kagungané.” (Mustikaning Kidung 2:16) Singkaté, dhèwèké dadi luwih sayang karo kowé.

SARAN

Nèk ana sing ngrayu kowé kanggo hubungan sèks, misalé dhèwèké kandha, ”Nèk kowé sayang aku, kowé mesthi gelem.” Jawaben, ”Nèk kowé sayang aku, kowé mesthi ora bakal njaluk ngono.”

Bab tumindak sing hubungané karo lawan jenis, ana aturan apik sing isa mbok turuti: Nèk kowé ora péngin wong tuwamu ngerti sing mbok tindakké, kowé aja nindakké kuwi.

RENCANAKU

  • Kowé bakal piyé nèk ana sing ngrayu kanggo hubungan sèks?

  • Kahanan kaya apa sing nggawé kowé luwih angèl ngomong ora?

  • Piyé carané kowé ngedohi kahanan sing kaya ngono?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim