PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 9 hlm. 28-hlm. 29 par. 1
  • Akhiré Nduwé Anak

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Akhiré Nduwé Anak
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dhèwèké Disebut ”Ibuké Para Raja”
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • ”Kowé Iku Wanita kang Éndah Ing Warna”
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Abraham lan Sara Manut Yéhuwah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Ngarep-arep ”Kutha sing Nduwé Pondhasi sing Kukuh”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 9 hlm. 28-hlm. 29 par. 1
Sara ngrungokké omong-omongané malaékat karo Abraham saka njero téndha

PELAJARAN 9

Akhiré Nduwé Anak

Abraham lan Sara wis suwé nikah. Wong loro kuwi wis ninggalké omahé sing nyaman ing kutha Ur. Saiki, wong loro kuwi manggon ing téndha. Tapi, Sara ora protès. Sara ngerti nèk manut karo Yéhuwah kuwi mesthi ana manfaaté.

Sara péngin banget nduwé anak. Sara ngomong karo Abraham, ’Nèk kowé nduwé anak karo Hagar pembantuku, anak kuwi bakal tak anggep dadi anakku dhéwé.’ Akhiré, Hagar nduwé anak lanang. Bocah kuwi dijenengi Ismaèl.

Sara hamil

Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, ana tamu sing teka. Tamuné kuwi ana telu. Wektu kuwi umuré Abraham 99 taun lan umuré Sara 89 taun. Tamuné kuwi dikon istirahat ing ngisor wit karo disuguhi panganan. Kowé ngerti ora sapa tamuné? Tamuné kuwi malaékat. Para malaékat kuwi ngomong, ’Taun ngarep kowé lan bojomu bakal nduwé anak lanang.’ Sara ngrungokké saka njero téndha. Dhèwèké ngguyu karo mikir, ’Aku kan wis tuwa, mosok isa nduwé anak?’

Kaya janjiné malaékaté Yéhuwah, taun ngarepé Sara nglairké anak lanang. Abraham njenengi bocah kuwi Ishak, sing artiné ”Ngguyu”.

Wektu umuré Ishak limang taun, Sara nggatèkké nèk Ishak terus-terusan diécé Ismaèl. Kanggo nglindhungi anaké, Sara njaluk Abraham ngusir Hagar lan Ismaèl. Awalé, Abraham ora gelem. Tapi, Yéhuwah ya péngin nglindhungi Ishak. Mula, Yéhuwah ngomong, ’Rungokna omongané Sara merga janjiku bakal kelakon liwat Ishak. Mengko Ismaèl ya bakal tetep tak opèni.’

Sara lan Ishak ndelok Hagar lan Ismaèl diusir

”Merga nduwé iman, Sara meteng . . . merga dhèwèké yakin nèk Gusti Allah sing mènèhi janji kuwi setya.”​—Ibrani 11:11

Pertanyaan: Sara krungu malaékat ngomong apa karo Abraham? Piyé carané Yéhuwah nglindhungi Ishak?

Purwaning Dumadi 16:1-4, 15, 16; 17:25-27; 18:1-15; 21:1-14; Ibrani 11:11

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim