PELAJARAN 8
Abraham lan Sara Manut Yéhuwah
Ing cedhaké kutha Babèl, ana kutha sing jenengé Ur. Akèh wong ing kono ora nyembah Yéhuwah. Tapi, ana wong sing nyembah Yéhuwah. Wong kuwi jenengé Abraham.
Yéhuwah ngomong karo Abraham, ’Tinggalen omah lan sedulurmu, terus lungaa ing dhaérah sing bakal Tak duduhké.’ Bar kuwi, Yéhuwah janji, ’Kowé bakal dadi bangsa sing gedhé. Akèh wong bakal éntuk berkah liwat kowé.’
Abraham ora ngerti dikon lunga ing endi. Tapi, Abraham percaya karo Yéhuwah. Mula, Abraham, Sara, Térah, lan Lot siap-siap lunga. Térah kuwi bapaké Abraham, lan Lot kuwi ponakané.
Pas tekan ing dhaérah sing diduduhké Yéhuwah, umuré Abraham 75 taun. Dhaérah kuwi jenengé Kanaan. Ing kono, Yéhuwah janji, ’Aku bakal mènèhké dhaérah sing mbok delok iki kanggo anak-anakmu.’ Tapi, Abraham lan Sara wis tuwa, terus ya ora nduwé anak. Dadi, piyé janjiné Yéhuwah isa kelakon?
”Merga nduwé iman, Abraham manut . . . [lan] mangkat ing panggonan sing bakal ditampa dadi warisan. Dhèwèké mangkat senajan ora ngerti arep lunga ing endi.”—Ibrani 11:8