PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 11 hlm. 32-hlm. 33 par. 2
  • Apa Abraham Nduwé Iman sing Kuwat?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Abraham Nduwé Iman sing Kuwat?
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yéhuwah Ngundang Abraham ’Mitraku’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Abraham lan Sara Manut Yéhuwah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Ngarep-arep ”Kutha sing Nduwé Pondhasi sing Kukuh”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 11 hlm. 32-hlm. 33 par. 2
Abraham lan Ishak lunga ing Moria

PELAJARAN 11

Apa Abraham Nduwé Iman sing Kuwat?

Abraham mulang Ishak bèn sayang karo Yéhuwah lan percaya kabèh janjiné. Wektu umuré Ishak kira-kira 25 taun, Yéhuwah mènèhi Abraham préntah sing ora gampang dilakoni. Apa préntahé?

Yéhuwah ngongkon Abraham, ’Ajaken anakmu munggah gunung ing Moria, terus korbanké anakmu ing kana.’ Abraham ora ngerti kenapa Yéhuwah ngongkon dhèwèké ngorbanké Ishak. Tapi, Abraham tetep manut Yéhuwah.

Sésuké, Abraham ngejak Ishak lan pembantuné loro lunga ing Moria wektu isih ésuk. Sakwisé telung dina, gunungé wis mulai kétok saka kadohan. Abraham ngongkon pembantuné ngentèni ing kono. Terus, Abraham lan Ishak lunga kanggo mènèhké korban ing gunung. Abraham nggawa pisau, lan Ishak dikon nggawa kayu bakar. Ishak takon, ’Endi domba sing arep dikorbanké, Pak?’ Abraham njawab, ’Mengko bakal diwènèhi Yéhuwah, Lé.’

Wektu wis tekan gunung, Abraham lan Ishak nggawé mézbah. Bar kuwi, Abraham nalèni tangan lan sikilé Ishak. Terus, Ishak didèlèhké ing dhuwuré mézbah.

Ishak ditalèni ing ndhuwur mézbah, lan Abraham nyekel pisau

Abraham njupuk pisauné. Wektu kuwi, malaékaté Yéhuwah ngomong saka swarga, ’Abraham, anakmu aja mbok apak-apakké. Saiki aku ngerti nèk kowé nduwé iman karo Yéhuwah. Buktiné kowé gelem ngorbanké anakmu.’ Bar kuwi, Abraham ndelok ana domba sing sunguné nyangkut ing semak-semak. Abraham langsung nguculi tali ing tangan lan sikilé Ishak. Terus, dhèwèké ngorbanké domba kuwi.

Mulai dina kuwi, Yéhuwah nyebut Abraham sahabaté. Kowé ngerti ora kenapa? Abraham tetep manut senajan ora mudheng kenapa Yéhuwah ngongkon dhèwèké kaya ngono.

Abraham nguculi tali ing tangané Ishak

Yéhuwah mbalèni janjiné karo Abraham manèh, ’Aku bakal mberkahi kowé. Aku ya bakal nggawé keturunanmu dadi akèh banget.’ Yéhuwah ya janji nèk liwat keturunané Abraham, kabèh wong sing manut bakal éntuk berkah.

”Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki, Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Anaké ora mati, ning isa urip saklawasé.”​—Yohanes 3:16

Pertanyaan: Apa buktiné Abraham nduwé iman karo Yéhuwah? Yéhuwah janji apa karo Abraham?

Purwaning Dumadi 22:1-18; Ibrani 11:17-19; Yakobus 2:21-23

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim