PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 32 hlm. 80-hlm. 81 par. 2
  • Pemimpin Anyar lan Wong Wédok Loro sing Kendel

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pemimpin Anyar lan Wong Wédok Loro sing Kendel
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ngabdi kanthi Lila kuwi Isa Ngluhurké Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 32 hlm. 80-hlm. 81 par. 2
Barak mbujuk Débora bèn gelem mèlu

PELAJARAN 32

Pemimpin Anyar lan Wong Wédok Loro sing Kendel

Yosua wis suwé dadi pemimpiné bangsa Israèl. Akhiré, Yosua mati wektu umuré 110 taun. Pas Yosua isih urip, bangsa Israèl nyembah Yéhuwah. Tapi, bar Yosua mati, bangsa Israèl nyembah brahala kaya wong Kanaan. Bangsa Israèl ora manut Yéhuwah. Mula, Yéhuwah ngejarké raja Kanaan sing jenengé Yabin nggawé bangsa Israèl susah. Bangsa Israèl njaluk tulung karo Yéhuwah. Mula, Yéhuwah mènèhi bangsa Israèl pemimpin anyar sing jenengé Barak. Barak bakal mbantu bangsa Israèl nyembah Yéhuwah manèh.

Ana nabi wédok sing jenengé Débora. Débora nyampèkké omongané Yéhuwah kanggo Barak, ʼLungaa karo 10.000 wong. Terus, lawanen pasukané Yabin ing Kali Kisyon. Kowé mesthi bakal ngalahké pasukané Yabin sing dipimpin Siséra.’ Barak ngomong karo Débora, ’Aku gelem, tapi kowé kudu mèlu aku.’ Débora njawab, ’Ya, aku gelem. Tapi, kowé ora bakal matèni Siséra. Yéhuwah ngomong nèk Siséra bakal dipatèni karo wong wédok.’

Débora lunga karo Barak lan pasukané ing Gunung Tabor. Wong-wong kuwi siap-siap kanggo perang. Pas krungu soal kuwi, Siséra ngumpulké kréta perang lan pasukané ing lembah gunung kuwi. Débora ngomong karo Barak, ’Dina iki, Yéhuwah bakal nggawé kowé menang.’ Barak lan 10.000 prajurité mudhun saka gunung kanggo nyerang pasukané Siséra.

Yéhuwah nggawé Kali Kisyon lubèr. Kuwi nggawé kréta-kréta perangé Siséra kejebak ing lumpur. Siséra ninggalké krétané, terus mlayu. Akhiré, Barak lan pengikuté ngalahké pasukané Siséra. Tapi, Siséra lolos. Dhèwèké ndhelik ing kémahé wong wédok sing jenengé Yaèl. Yaèl mènèhi Siséra susu lan ngemuli dhèwèké. Siséra keturon merga kekeselen. Yaèl alon-alon nyedhaki Siséra, terus nancepké pathok ing sirahé. Akhiré, Siséra mati.

Barak lan Débora nyanyi muji Yéhuwah

Barak teka nggolèki Siséra. Yaèl metu, terus ngomong, ’Mlebua. Tak duduhi wong sing mbok golèki.’ Barak mlebu téndha. Dhèwèké ndelok Siséra wis mati. Barak lan Débora nyanyi muji Yéhuwah merga wis nggawé bangsa Israèl menang. Israèl isa damai nganti 40 taun sakwisé kuwi.

”Wong-wong wédok sing martakké kabar apik kuwi kaya pasukan sing gedhé.”​—Mazmur 68:11

Pertanyaan: Piyé carané Débora nulungi bangsa Israèl? Apa buktiné nèk Yaèl kendel?

Para Hakim 4:1–5:31

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim