Ngabdi kanthi Lila Kuwi Isa Ngluhurké Yéhuwah
”Marga bangsa iku padha nyadhangaké badané kalawan sukarila, Sang Yéhuwah pinujia!”—PH. 5:2.
1, 2. (a) Apa kandhané Élifas lan Bildad bab pandhangané Yéhuwah marang upaya kita kanggo ngabdi? (b) Piyé tanggepané Yéhuwah bab kuwi?
MBIYÈN, ana wong lanang telu sing omong-omongan karo Ayub, abdiné Yéhuwah sing setya. Salah sijiné yaiku Élifas, wong Téman. Élifas takon marang Ayub, ”Manungsa iku apa maédahi tumrap Gusti Allah? Ora, wong kang nduwèni akal-budi iku mung migunani tumrap awaké dhéwé. Manawa kowé bener apa ana paédahé tumrap Kang Mahakuwasa, utawa manawa uripmu iku utama, apa Panjenengané angsal kauntungan?” (Ay. 22:1-3) Wong sing kapindho, yaiku Bildad, wong Suah, kandha nèk manungsa ora mungkin isa dianggep bener karo Gusti Allah.—Wacanen Ayub 25:4.
2 Élifas lan Bildad nggawé Ayub rumangsa nèk upayané kanggo ngabdi marang Yéhuwah kuwi ora ana gunané lan kanggoné Yéhuwah manungsa kuwi ora luwih aji timbang renget, sèt, utawa cacing. (Ay. 4:19; 25:6) Wong loro kuwi kandha ngono, dudu merga andhap asor. (Ay. 22:29) Pancèn, awaké dhéwé iki ora ana apa-apané nèk dibandhingké karo Yéhuwah sing mahakuwasa. Nèk lagi ana ing ndhuwur gunung utawa ndelok saka jendhéla pesawat, kita isa ngrumangsani nèk manungsa iki pancèn cilik banget lan kétoké ora penting. Apa perasaané Yéhuwah pancèn kaya ngono? Ora. Yéhuwah ngandhani Élifas, Bildad, lan Zofar, wong sing katelu, nèk omongané wong-wong kuwi ora bener. Banjur, Yéhuwah ngendika nèk Ayub kuwi ’abdiné’ sing ditresnani. (Ay. 42:7, 8) Dadi, kita isa yakin nèk manungsa sing ora sampurna kuwi isa ”maédahi tumrap Gusti Allah”.
”KOWÉ NGOLÈHAKÉ PANJENENGANÉ APA?”
3. Apa kandhané Élihu bab upaya kita kanggo ngabdi marang Yéhuwah? Apa sing dimaksud Élihu?
3 Élihu, wong lanang sing luwih enom, ngrungokké omong-omongané Ayub lan wong telu mau. Bareng wis rampung, Élihu nakoni Ayub bab Yéhuwah, ”Manawa kowé tumindak bener, iku kowé ngolèhaké Panjenengané apa, utawa Panjenengané tampi apa saka kowé?” (Ay. 35:7) Apa Élihu uga kandha nèk upaya kita kanggo ngabdi kuwi ora ana gunané? Ora ngono. Yéhuwah ora kandha nèk cara mikiré Élihu klèru kaya wong telu mau. Maksudé Élihu, Yéhuwah kuwi ora butuh disembah karo manungsa. Yéhuwah kuwi pribadi sing paling kuwat lan sugih. Mula, Yéhuwah wis ora butuh apa-apa saka kita. Malah, kabèh sipat apik lan kesanggupan kita kuwi asalé saka Yéhuwah lan Yéhuwah nggatèkké carané kita nggunakké kuwi kabèh.
4. Piyé tanggepané Yéhuwah nèk awaké dhéwé apikan marang wong liya?
4 Nèk kita nduduhké katresnan marang para abdiné Yéhuwah, Yéhuwah nggatèkké lan nganggep kuwi bukti katresnan marang Yéhuwah dhéwé. Wulang Bebasan 19:17 kandha, ”Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangaké marang Pangéran Yéhuwah, Panjenengané kang bakal males panggawéné iku.” Yéhuwah kuwi sing nggawé jagat sak isiné kabèh. Senajan ngono, nèk awaké dhéwé apikan marang wong liya, kuwi dianggep ngutangi Yéhuwah lan Yéhuwah bakal mbales kuwi. Yésus, Putrané Yéhuwah dhéwé, uga kandha kaya ngono.—Wacanen Lukas 14:13, 14.
5. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?
5 Jaman mbiyèn, Yéhuwah ngundang nabi Yésaya kanggo dadi wakilé lan maringi tugas kusus. (Yé. 6:8-10) Yésaya gelem nampa tugas kuwi lan kandha, ”Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!” Saiki, Yéhuwah uga maringi kesempatan marang umaté kanggo ndhukung gawéané. Éwonan abdiné Yéhuwah saiki nduwé sikap sing padha karo Yésaya. Akèh sing gelem nampa tugas werna-werna lan ing panggonan sing béda-béda, sarta kudu ngadhepi tantangan lan kahanan sing angèl. Ning, ana sing mbokmenawa mikir, ’Aku pancèn ngajèni kesempatan kanggo ndhukung gawéané Yéhuwah. Ning, apa aku ora olèh nindakké kepentinganku dhéwé? Yéhuwah mesthi isa ngrampungi gawéané senajan tanpa aku.’ Apa panjenengan tau rumangsa kaya ngono? Kanggo njawab pitakonan-pitakonan kuwi, ayo dirembug pengalamané abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn, yaiku Dhébora lan Barak.
YÉHUWAH MBANTU BÈN KENDEL
6. Apa sebabé bangsa Israèl kétoké ora mungkin menang nglawan tentarané Yabin?
6 Barak kuwi prajurit Israèl lan Dhébora kuwi nabi wadon. Wis 20 taun, Yabin, rajané wong Kanaan, ”nindhes wong Israèl klawan keras”. Tentarané Yabin kuwi kejem banget nganti wong Israèl ora wani metu saka panggonané kanggo ndhelik. Tentarané Yabin nduwé 900 kréta perang. Ning, wong Israèl ora nduwé senjata lan piranti perang sing isa digunakké kanggo nglawan.—PH. 4:1-3, 13; 5:6-8.a (Deloken katrangan ing ngisor.)
7, 8. (a) Apa dhawuhé Yéhuwah sing sepisanan marang Barak? (b) Piyé critané bangsa Israèl isa ngalahké tentarané Yabin? (Deloken gambar ing kaca 27.)
7 Nèk dibandhingké karo tentarané Yabin, wong Israèl kétok ora nduwé daya lan gampang dikalahké. Ning, Yéhuwah ndhawuhi Barak liwat Dhébora, ’Lungaa nglurug menyang ing gunung Tabor nggawa bala sepuluh èwu panunggalané wong bani Naftali lan wong bani Zébulon. Ingsun bakal ngosikaké atiné Siséra, sénapatiné Yabin, supaya methukna marang sira karo kerétané perang lan sabalané kabèh ana ing lebaké kali Kison, nuli bakal Sunulungaké ing tanganira.’—PH. 4:4-7.
8 Ana 10.000 wong sing gelem nampa tugas kanggo perang kuwi lan ngumpul ing Gunung Tabor. Banjur, Barak lan wong-wong kuwi nyerang prajurité mungsuh ing dhaérah sing disebut Taanakh. (Wacanen Para Hakim 4:14-16.) Ujug-ujug ana udan bledhèg lan dhaérah kuwi dadi kebak lumpur. Barak dadi isa ngoyak tentarané Siséra nganti 24 kilomèter menyang panggonan sing disebut Harosèt. Ngerti-ngerti kréta perangé Siséra kejebak ing lumpur. Siséra mlayu menyang Zaananim, kétoké dhaérah ing cedhaké Kèdès. Ing kono, Siséra ndhelik ing kémahé wong wédok sing jenengé Yaèl. Siséra kesel banget lan langsung turu angler. Pas Siséra lagi turu, Yaèl kanthi kendel matèni Siséra. (PH. 4:17-21) Yéhuwah mbantu wong Israèl menang nglawan para mungsuhé.b (Deloken katrangan ing ngisor.)
SIKAP SING BÉDA-BÉDA BAB NINDAKKÉ KERSANÉ YÉHUWAH
9. Apa sing isa disinaoni saka Para Hakim 5:20, 21 bab peperangan nglawan Siséra?
9 Kita isa luwih ngerti bab crita kuwi nèk maca buku Para Hakim bab 5. Para Hakim 5:20, 21 kandha, ”Lintang-lintang ing langit padha nempuh perang, padha nglawan Siséra saka ing dalaning kalangané. Kali Kison ngéntiraké mungsuh.” Apa kuwi tegesé ana udan météor utawa para malaékat sing mbantu wong Israèl wektu perang? Alkitab ora njelaské bab kuwi. Ning, mesthi Yéhuwah sing nggawé udan deres wektu kuwi, bèn 900 kréta perangé mungsuh ora isa mlaku lan wong Israèl isa menang. Ing Para Hakim 4:14, 15, ping telu disebutké nèk wong Israèl menang merga pitulungané Yéhuwah, dudu merga 10.000 wong Israèl sing wis gelem mèlu perang kuwi.
10, 11. Apa sebabé Méros dikutuk?
10 Sakwisé Israèl menang, Dhébora lan Barak nyanyi muji Yéhuwah, ”’Kutha Méros kaipat-ipatana!’, mangkono pangandikané Sang Malaékaté Yéhuwah, ’para wong kang manggon ing kono kenaa ing laknat saentèké, amarga padha ora teka mbiyantu Pangéran Yéhuwah, mbiyantu Pangéran Yéhuwah pindha prawira.’”—PH. 5:23.
11 Wektu ana 10.000 wong sing gelem mèlu perang, wong-wong saka kutha Méros mesthi wis krungu undangan kanggo mèlu perang nglawan wong Kanaan. Ning, wong-wong ing kutha kuwi ora gelem ndhukung Barak. Mula, kutha kuwi dikutuk nganti bekasé saiki wis ora ana manèh. Utawa, isa waé Méros kuwi salah siji kutha sing diliwati Siséra wektu mlayu saka Barak. Wong-wong ing kutha kuwi isa waé nduwé kesempatan kanggo nyekel Siséra, prajurit mungsuh sing kejem. Kuwi isa dadi kesempatan kanggo ndhukung kersané Yéhuwah lan bakal éntuk berkah saka Yéhuwah. Senajan ana kesempatan, wong-wong kuwi ora tumindak apa-apa. Kuwi béda banget karo Yaèl sing ndhukung Yéhuwah kanthi kendel.—PH. 5:24-27.
Kita perlu mriksa sikap kita ing bab ndhukung gawéané Yéhuwah
12. Apa bédané sikapé wong-wong sing disebutké ing Para Hakim 5:9, 10? Apa pengaruhé kanggo kita?
12 Para Hakim 5:9, 10 mbandhingké sikapé 10.000 wong sing gelem ndhukung Barak karo sikapé wong-wong sing ora gelem mèlu ndhukung. Dhébora lan Barak ngalem ’para sénapatiné Israèl kang padha cumadhang klawan sukarila’, sing padha gelem mèlu perang ing bukit Tabor sing akèh watuné lan ing rawa Kison. Wong-wong sing gelem ndhukung kuwi béda banget karo ”kang padha nunggang kuldi wadon”, sing rumangsa penting lan ora gelem mèlu ndhukung. Wong-wong sing ora gelem ndhukung kuwi luwih seneng urip nyaman lan digambarké kaya wong sing ”lungguh ana ing babud [permadani]” lan ”padha lumaku ana ing dedalan”. Wong-wong kuwi dikon nggatèkké lan mikirké kesempatan sing wis ilang, merga ora gelem ndhukung kersané Yéhuwah. Saiki, kita uga perlu mriksa sikap kita ing bab ndhukung gawéané Yéhuwah.
13. Piyé sikapé suku Rubèn, Dhan, lan Asyèr béda karo suku Zébulon lan Naftali?
13 Wong-wong sing gelem ndhukung Barak kuwi nduwé kesempatan kanggo ndelok dhéwé tumindaké Yéhuwah sing mbuktèkké nèk Yéhuwah kuwi Panguwasané jagat iki. Wong-wong kuwi isa nyritakké bab Yéhuwah lan ’pakaryané kang adil’ marang wong liya. (PH. 5:11) Kuwi béda banget karo suku Rubèn, Dhan, lan Asyèr, sing ora ngutamakké kersané Yéhuwah, ning malah luwih mentingké bandhané, yaiku ternak, kapal, lan pelabuhan. (PH. 5:15-17) Ning, suku Zébulon lan Naftali ”wani ngetohaké nyawané” kanggo ndhukung Dhébora lan Barak. (PH. 5:18) Ana piwulang penting sing isa disinaoni saka sikapé wong-wong mau bab lila ngabdi marang Yéhuwah.
”SANG YEHUWAH PINUJIA!”
14. Apa buktiné nèk kita ndhukung pamréntahané Yéhuwah?
14 Kita saiki ndhukung pamréntahané Yéhuwah dudu nganggo perang, ning nganggo cara nginjil kanthi kendel lan semangat. Saiki, dibutuhké luwih akèh wong sing gelem ndhukung gawéané Yéhuwah. Jutaan sedulur lanang, wédok, lan cah-cah enom lila ngabdi dadi perintis, kerja ing Bètel, mbangun Balé Ibadah, lan dadi rélawan ing kebaktian. Ana pinituwa sing kerja mempeng dadi Panitia Penghubung Rumah Sakit sarta ngatur lan ngurusi kebaktian. Yéhuwah mesthi ngajèni lan ora bakal nglalèkké upayané awaké dhéwé sing wis lila ngabdi kanggo Yéhuwah.—Ib. 6:10.
Sakdurungé nggawé keputusan, pikirna pengaruhé kanggo keluarga lan jemaat (Deloken paragraf 15)
15. Piyé carané mriksa apa awaké dhéwé isih lila lan semangat ndhukung gawéané Yéhuwah?
15 Kita perlu mriksa apa awaké dhéwé lila ndhukung gawéané Yéhuwah. Kita isa takon ngéné, ’Apa aku nggolèk-nggolèk alesan bèn wong liya waé sing nindakké luwih akèh gawéan? Apa aku nganggep nèk nggolèk bandha kuwi luwih penting timbang ngabdi marang Yéhuwah? Utawa, apa aku niru Barak, Dhébora, Yaèl, lan 10.000 wong mau sing nduwé iman lan kendel sarta nggunakké kabèh sing tak duwèni kanggo ngabdi? Apa aku péngin pindhah menyang kutha utawa negara liya kanggo nggolèk dhuwit luwih akèh lan urip luwih kepénak? Nèk iya, apa aku ndonga dhisik lan mikirké pengaruhé keputusan kuwi kanggo keluargaku lan jemaat?’c (Deloken katrangan ing ngisor.)
16. Senajan Yéhuwah wis ora butuh apa-apa, apa sing isa nggawé Yéhuwah seneng?
16 Wiwit jamané Adam lan Kawa, Sétan péngin manungsa mèlu-mèlu nglawan Yéhuwah. Ning, Yéhuwah wis maringi kaurmatan sing gedhé banget kanggo ndhukung pamréntahané. Nèk nindakké kuwi, kita isa mbuktèkké nèk kita ora gelem mèlu-mèlu Sétan. Merga setya lan nduwé iman, kita dadi semangat lan lila ngabdi marang Yéhuwah. (WB. 23:15, 16) Nèk kita manut lan setya ndhukung Yéhuwah, kuwi isa dadi jawaban kanggo tudhuhané Sétan. (WB. 27:11) Yéhuwah mesthi seneng banget lan ngajèni kuwi kabèh.
17. Apa sing isa disinaoni saka Para Hakim 5:31 bab sing bakal kelakon sukmbèn?
17 Ora suwé manèh, kabèh wong bakal ndhukung pamréntahané Yéhuwah. Kita mesthi nduwé perasaan sing padha karo Dhébora lan Barak, sing nyanyi, ”Sakathahing mengsah Paduka, badhé sirna, dhuh Yéhuwah! Nanging wong kang nresnani Panjenengané iku pindha surya kang mlethèk kalawan kamulyané.” (PH. 5:31) Wektu perang Armagédhon dimulai, Yéhuwah ora perlu dibantu karo manungsa kanggo nyirnakké donyané Sétan sing jahat iki. Wektu kuwi, kita bakal ’padha ngadeg’ lan ndelok ”Yéhuwah paring kaunggulan”. (2 Bb. 20:17) Karo ngentèni kuwi kelakon, kita nduwé kesempatan kanggo ndhukung pamréntahané Yéhuwah kanthi kendel lan semangat.
18. Apa pengaruhé kanggo wong liya nèk awaké dhéwé lila ngabdi marang Yéhuwah?
18 Ing wiwitané kidung kemenangané, Dhébora lan Barak nyanyèkké pujian kanggo Yéhuwah, dudu kanggo manungsa. Wong loro kuwi nyanyi, ”Marga bangsa iku padha nyadhangaké badané kalawan sukarila, Sang Yéhuwah pinujia!” (PH. 5:1, 2) Semono uga, nèk kita wis lila ngabdi marang Yéhuwah, wong liya isa waé dadi mèlu muji Yéhuwah.
a Ing kréta kuwi, ana wesi sing kaya clurit sing gagangé ditancepké ing tengah-tengahé rodha. Dadi, nèk krétané mlaku, clurité isa mobat-mabit lan ngenani kiwa-tengené.
b Panjenengan isa maca crita kuwi ing artikel ”Aku Bangkit Sebagai Ibu di Israel” ing Menara Pengawal 1 Agustus 2015.
c Deloken artikel ”Khawatir Soal Uang” ing Menara Pengawal 1 Juli 2015.