PELAJARAN 45
Kerajaané Kebagi
Wektu Salomo manut Yéhuwah, keadaan ing Israèl damai. Tapi, Salomo nikah karo wong-wong wédok saka negri liya. Wong-wong wédok kuwi padha nyembah brahala. Suwé-suwé Salomo ya mèlu nyembah brahala. Yéhuwah dadi nesu. Yéhuwah ngomong karo Salomo, ’Aku bakal njupuk kerajaan iki saka keluargamu, terus Tak bagi dadi loro. Bagian sing paling gedhé saka kerajaanmu bakal Tak wènèhké salah siji pelayanmu. Terus, keluargamu mung bakal mréntah bagian sing cilik.’
Yéhuwah ya ngumumké keputusané nganggo cara liya. Ing perjalanan, salah siji pelayané Salomo sing jenengé Yéroboam ketemu karo Nabi Ahiya. Ahiya nyuwèk klambiné dadi 12 bagian. Ahiya ngomong, ’Yéhuwah bakal njupuk kerajaan Israèl saka keluargané Salomo, terus mbagi kerajaan kuwi dadi loro. Jupuken sepuluh suwèkan klambi iki merga kowé bakal dadi raja saka sepuluh suku Israèl.’ Sakwisé krungu kuwi, Raja Salomo dadi nesu lan péngin matèni Yéroboam. Mula, Yéroboam lunga ing Mesir. Salomo akhiré mati lan digantèni karo anaké sing jenengé Réhoboam. Akhiré, Yéroboam mutuské bali ing Israèl.
Para penaséhat Israèl ngomong karo Réhoboam, ’Nèk kowé apikan, rakyatmu ya bakal manut karo kowé.’ Tapi, kanca-kancané Réhoboam sing isih enom ngomong, ’Kowé ora perlu apikan karo wong-wong kuwi! Kongkonen waé nyambut gawé terus!’ Réhoboam manut karo kanca-kancané. Dhèwèké dadi kejem. Akibaté, wong-wong padha mbrontak. Wong-wong saka sepuluh suku milih Yéroboam dadi raja. Kerajaané akhiré disebut kerajaan Israèl. Rong suku liyané disebut kerajaan Yéhuda. Rakyat saka kerajaan Yéhuda tetep manut karo Réhoboam. Dadi, 12 suku Israèl akhiré kebagi.
Yéroboam ora gelem rakyaté ngibadah ing bait sing ana ing Yérusalèm. Kowé ngerti ora kenapa? Yérusalèm kuwi wilayahé Réhoboam. Yéroboam wedi nèk rakyaté dadi ora manut dhèwèké lan ndhukung Réhoboam. Mula, Yéroboam nggawé patung anak sapi emas loro. Yéroboam ngomong, ’Yérusalem kuwi kadohan. Ngibadaha ing kéné waé.’ Akhiré, wong-wong kuwi mulai nyembah patung anak sapi emas lan ora manut Yéhuwah.
”Aja bersatu karo wong-wong sing ora seiman. Apa sing bener lan sing jahat kuwi padha? . . . Apa wong sing nduwé iman lan sing ora nduwé iman kuwi padha?”—2 Korintus 6:14, 15