PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 46 hlm. 112-hlm. 113 par. 1
  • Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Bener

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Bener
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dhèwèké Mbéla Ibadah Sejati
    Tirunen Imané
  • Élia Waspada, lan Ngentèni
    Tirunen Imané
  • Dhèwèké Dilipur karo Gusti Allahé
    Tirunen Imané
  • Kowé Tau Ngrasakké Dhèwèkan lan Wedi?
    Wulangen Anakmu
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 46 hlm. 112-hlm. 113 par. 1
Geni saka Yéhuwah ngobong persembahané Èlia

PELAJARAN 46

Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Bener

Ing kerajaan Israèl sepuluh suku, ana akèh raja sing jahat. Tapi sing paling jahat jenengé Ahab. Ahab nduwé bojo sing jahat jenengé Izebèl. Izebèl kuwi nyembah Baal. Ahab lan Izebèl matèni nabi-nabiné Yéhuwah lan ngongkon wong Israèl nyembah Baal. Apa sing ditindakké Yéhuwah? Yéhuwah ngandhani Ahab liwat Nabi Èlia.

Èlia ngandhani Ahab nèk ora bakal ana udan ing Israèl merga Ahab jahat. Luwih saka telung taun, ora ana tanduran ing Israèl. Akibaté, Israèl ngalami kurang pangan. Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Èlia nemoni Ahab manèh. Ahab ngomong, ’Kabèh iki gara-gara kowé! Iki salahmu.’ Terus, Èlia njawab, ’Dudu merga aku. Iki merga kowé nyembah Baal. Ayo saiki dibuktèkké sapa Gusti Allah sing bener kuwi. Kongkonen wong Israèl lan nabi-nabi Baal ngumpul ing puncak Gunung Karmèl.’

Wong-wong kuwi ngumpul ing gunung. Èlia ngomong, ’Kowé kudu milih. Nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener, manuta Yéhuwah. Nèk Baal sing bener, nyembaha Baal. Saiki aku nantang 450 nabi Baal. Nabi-nabi kuwi kudu nggawé persembahan, terus ngundang allahé. Aku ya bakal nggawé persembahan, terus ngundang Yéhuwah. Sing njawab nganggo geni, ya kuwi Gusti Allah sing bener.’ Wong-wong kuwi setuju.

Nabi-nabi Baal kuwi nggawé persembahan. Nabi-nabi kuwi terus-terusan mbengok, ’Oh Baal, jawaben aku!’ Merga Baal ora njawab-njawab, Èlia ngécé nabi-nabi kuwi. Dhèwèké ngomong, ’Mbengoka sakbanter-banteré. Mungkin dhèwèké lagi turu, mula kudu digugah dhisik.’ Nabi-nabi kuwi terus ngundang Baal nganti bengi, tapi tetep ora ana jawaban.

Èlia ya mènèhké persembahan ing mézbah lan nyirami kuwi nganggo banyu. Bar kuwi, dhèwèké ndonga, ’Oh Yéhuwah, jawaben aku bèn kabèh wong iki ngerti nèk Njenengan Gusti Allah sing bener.’ Terus, Yéhuwah nggawé ana geni saka langit sing ngobong persembahan kuwi. Bangsa kuwi mbengok, ’Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.’ Bar kuwi, Èlia ngomong, ’Aja nganti nabi-nabiné Baal lolos!’ Dina kuwi, ana 450 nabi Baal sing dipatèni.

Wektu ana awan cilik sing kétok ing ndhuwuré laut, Èlia ngandhani Ahab, ’Ora suwé manèh ana udan deres. Muliha numpak krétamu.’ Bar kuwi, langité dadi peteng, ana angin, lan mulai udan deres. Akhiré, Israèl wis ora kekeringan manèh. Ahab numpak krétané sak banter-banteré. Merga dibantu Yéhuwah, Èlia isa mlayu banter banget nganti ndhisiki krétané Ahab. Tapi, apa Èlia wis bébas saka kabèh masalahé? Ayo dilanjutké critané.

”Muga-muga wong-wong ngerti nèk mung Njenengan sing Mahaluhur ing bumi, sing jenengé Yéhuwah.”​—Mazmur 83:18

Pertanyaan: Piyé carané Yéhuwah mbuktèkké nèk Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing bener? Piyé carané Yéhuwah njawab dongané Èlia?

1 Para Raja 16:29-33; 17:1; 18:1, 2, 17-46; Yakobus 5:16-18

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim