PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 73 hlm. 172-hlm. 173 par. 2
  • Yohanes Nyiapké Tekané Mésias

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yohanes Nyiapké Tekané Mésias
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yohanes Pembaptis Nyiapké Dalan
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Yésus Dadi Mésias
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Yohanes Pembaptis Kuwi Sapa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Yohanes Péngin Krungu Langsung saka Yésus
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 73 hlm. 172-hlm. 173 par. 2
Yohanes Pembaptis mulang wong-wong ing pinggiré Kali Yordan

PELAJARAN 73

Yohanes Nyiapké Tekané Mésias

Yohanes kuwi anaké Zakharia lan Èlisabèt. Wektu wis gedhé, Yohanes dadi nabi. Yéhuwah ngongkon Yohanes ngandhani wong-wong nèk Mésias bakal teka. Yohanes ora mulang ing sinagogé utawa ing kutha, tapi ing padhang belantara. Akèh wong teka saka Yérusalèm lan Yudéa kanggo sinau saka Yohanes. Dhèwèké mulang nèk wong-wong kuwi kudu bertobat bèn isa nyenengké Gusti Allah. Sakwisé sinau saka Yohanes, akèh wong sing bertobat. Yohanes akhiré mbaptis wong-wong kuwi ing Kali Yordan.

Uripé Yohanes sederhana. Klambiné saka wulu unta. Panganané yaiku walang lan madu hutan. Wong-wong péngin ngerti soal Yohanes. Malah, wong Farisi lan Saduki sing sombong ya teka nemoni Yohanes. Yohanes ngomong, ’Kowé kudu berubah lan bertobat. Aja sombong. Senajan kowé keturunané Abraham, kuwi ora berarti kowé anak-anaké Gusti Allah.’

Akèh wong teka nemoni Yohanes, terus takon, ’Aku kudu piyé bèn isa nyenengké Gusti Allah?’ Yohanes njawab, ’Nèk kowé nduwé klambi loro, sijiné kudu mbok wènèhké wong sing mbutuhké.’ Apa kowé ngerti kenapa Yohanes ngomong ngono? Yohanes péngin wong-wong kuwi ngerti nèk kudu sayang karo wong liya bèn isa nyenengké Gusti Allah.

Yohanes ngandhani para petugas pajeg, ’Kowé kudu jujur. Aja ngapusi wong liya.’ Yohanes ya ngandhani para prajurit, ’Aja meksa wong liya mènèhi kowé dhuwit, lan aja nggawé tudhuhan palsu.’

Para imam lan wong Lèwi ya teka nemoni Yohanes. Wong-wong kuwi takon, ’Sakjané kowé sapa, ta? Wong-wong péngin ngerti soal kowé.’ Yohanes njawab, ’Aku iki wong sing mbengok ing padhang belantara, sing nuntun wong-wong bèn cedhak karo Yéhuwah, kaya omongané Nabi Yésaya.’

Wong-wong seneng karo apa sing diwulangké Yohanes. Akèh wong ngira nèk Yohanes kuwi Mésias. Tapi, Yohanes ngomong, ’Sakwisé aku, bakal teka wong sing luwih kuwasa timbang aku. Nyopot sandhalé waé aku ora pantes. Aku mbaptis nganggo banyu, tapi wong kuwi bakal mbaptis nganggo roh suci.’

”Wong iki teka kanggo mènèhi kesaksian soal cahaya kuwi, supaya kabèh wong isa percaya liwat dhèwèké.”​—Yohanes 1:7

Pertanyaan: Yéhuwah mènèhi Yohanes tugas apa? Piyé tanggepané wong-wong sing ngrungokké Yohanes?

Matius 3:1-11; Markus 1:1-8; Lukas 3:1-18; Yohanes 1:19-28; Yésaya 40:3

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim