PELAJARAN 99
Penjaga Penjara Dadi Wong Kristen
Ing Filipi, ana pembantu wédok sing kesurupan roh jahat. Dhèwèké dadi isa ngramal, lan para majikané dadi éntuk dhuwit akèh. Wektu teka ing Filipi, Paulus lan Silas dietutké karo pembantu wédok kuwi nganti pirang-pirang dina. Merga kesurupan, budhak kuwi mbengok, ”Wong-wong iki abdiné Gusti Allah sing Mahaluhur.” Paulus akhiré ngomong, ’Nganggo jenengé Yésus, metua saka wong iki!’ Akhiré, roh jahaté metu saka pembantu kuwi.
Pas ngerti nèk ora isa éntuk keuntungan manèh saka pembantu kuwi, para majikané dadi nesu banget. Mula, Paulus lan Silas digawa karo wong-wong kuwi lunga nemoni para pejabat pengadilan. Para majikan kuwi ngomong, ’Wong-wong iki wis nglanggar hukum lan nggawé gègèr kutha.’ Para pejabat kuwi ngongkon bèn Paulus lan Silas digebugi, terus dilebokké penjara. Penjaga penjara nglebokké Paulus lan Silas ing penjara sing paling jero lan paling peteng. Terus, sikilé Paulus lan Silas ya dipasung.
Paulus lan Silas nyanyi muji Yéhuwah, lan kuwi dirungokké karo para tahanan liyané. Pas tengah wengi, ngerti-ngerti ana gempa bumi ing penjara kuwi. Lawang-lawangé penjara padha kebukak. Ranté lan pasungé para tahanan ya padha ucul. Penjaga penjara cepet-cepet mlebu. Terus, dhèwèké ndelok nèk lawang-lawangé penjara wis kebukak. Penjaga penjara kuwi ngira nèk para tahanan wis padha mlayu. Mula, dhèwèké ngetokké pedhangé lan arep bunuh diri.
Paulus langsung mbengok, ’Aja bunuh diri! Aku kabèh ana ing kéné!’ Penjaga penjara kuwi cepet-cepet mlebu, terus sujud ing ngarepé Paulus lan Silas. Penjaga penjara kuwi takon, ”Aku kudu piyé bèn isa dislametké?” Paulus lan Silas ngomong, ’Kowé lan keluargamu kudu percaya karo Yésus.’ Terus, Paulus lan Silas mulang penjaga penjara kuwi soal Yéhuwah. Bar kuwi, penjaga penjara mau lan keluargané dibaptis.
”Kowé bakal ditangkep lan dianiaya. Kowé ya bakal diserahké ing sinagogé lan dilebokké penjara. Kowé bakal digawa ing ngarepé raja-raja lan gubernur-gubernur merga dadi muridku. Kuwi bakal dadi kesempatan kanggo kowé mènèhi kesaksian.”—Lukas 21:12, 13