Pengantar Bagian 11
Bagian iki nyritakké kisah-kisah sing ana ing buku-buku pertama saka Kitab-Kitab Yunani Kristen. Yésus dilairké ing keluarga sederhana sing manggon ing kutha cilik. Dhèwèké kerja karo bapaké sing dadi tukang kayu. Yéhuwah milih Yésus kanggo nylametké manungsa lan dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti nèk Yéhuwah ngatur bèn Yésus digedhèkké karo keluarga sing rukun lan manut Yéhuwah. Jelasna carané Yéhuwah nglindhungi Yésus bèn ora dipatèni Hérodès, lan duduhna nèk ora ana sing isa ngalangi karepé Yéhuwah. Jelasna carané Yéhuwah nyiapké dalan kanggo Yésus liwat Yohanes. Duduhna nèk kèt cilik Yésus manut Yéhuwah.