Pengantar Bagian 12
Yésus mulang soal Kerajaané Allah. Yésus ya mulang wong-wong ndongakké bèn jenengé Gusti Allah disucèkké, Kerajaané Allah teka, lan karepé Gusti Allah kelakon ing bumi. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti nèk donga kuwi penting kanggo awaké dhéwé. Yésus nolak godhaané Sétan lan tetep setya. Yésus milih rasul-rasul sing akhiré bakal éntuk tugas penting ing Kerajaané Allah. Jelasna nèk Yésus semangat ndhukung ibadah sing bener. Yésus seneng mbantu wong liya. Mula, dhèwèké marèkké wong lara, mènèhi mangan wong akèh, lan nguripké wong mati. Liwat mukjijat-mukjijat kuwi, Yésus nduduhké apa sing bakal ditindakké Kerajaané Allah kanggo manungsa.